Anda di halaman 1dari 5

Tresna Kepati Kudu Mati

Dening : Sasrini Nurhayati

Jam setengah loro esuk, sayup-sayup aku krungu swara-swara sing ra umum
dirungakna yah munu , Iki swara wong muring nanging ra jelas, dilit-dilit muring gek
ngguyu trus ngguyune saya seru.. saya seru.. njuk nangis meneh, njuk muring meneh,
terus kaya ngunu. Maune aku ra nggagas swara kuwi paling kuwi mung impen merga
awakku kesel banget bar pindhahan, nanging swarane saya suwe saya medeni saiki swara
tangisane saya histeris samar-samar ketutup swara udan.

Aku ki wonge jirih gampang keweden arepo kemaki ki, sak kendel-kendele aku nek
ngene terus ya ngewel tenan. Aku blas rawani mudun saka amben, ndekem krukupan
kemul, mung kuwi sing isa tak pikir ben gek ndang isa turu maneh

Kayane aku “diganggu”, kuwi pikirku. Mosok iya lagi sedina manggon kene wis
diganggu sing ora-ora. Allahuma bariklana fima.. wis mbuh kabeh donga sing tak reti
metu kabeh.

Brakkkk! Aku jingkat Lawang kamarku dibukak. Mak tratap aku wes mikir sing ora-ora
jebul gur si Ucup.

“Sat, aku melu turu ya!?”

rung ngasi tak sauri si Ucup wes mlebu njuk langsung mapan turu

“Asu ok we ki Cup! Tak kira kowe mau setan.”


“ Kowe krungu swara-swara ra cup?” takonku,

“Nek sing mbok maksud swara wong nangis mau , ho o aku ya krungu makane aku
nyusul kowe”

“kae mau uwong po udu ya?”


“Wis ta Sat! sing penting swarane wes ilang, aja gawe aku saya wedi”

Pancen susah urip karo uwong sing pada wedene,


Saiki wes sepi swarane wis ilang, banjur aku isa tenang nerusake turuku. Ora let suwe leh
ku merem, ujug-ujug lawang ngarep omahku digedhor-gedhor. Aku karo Ucup gragapan
tangi, swara gedhoran mau disusul swara tangisan wong wedok, swarane ngrintih jaluk
tulung. Gedhoran lawang saya seru, saktemene aku ki iseh keweden si Ucup malah wis
krukupan kemul. Aku yakin cah jirih iki mesthi lagi keweden banget kaya aku, wedi nek
aja-aja awakdhewe bener-bener lagi “diganggu”. Apa penghuni kene ora seneng aku
omah neng kene.
Tulung…tulung..tuluuung, tulungi bojoku., swarane melas terus njaluk tulung
ngunu kuwi. Saya lirih,saya lirih swarane saya lemes, yen tak rungok-rungokke swarane
marakke mesakke. Apa aja-aja iki swara uwong? pikirku, nanging yen tak parani jebul
udu uwong kepiye? ning nek iki uwong tenan gek aku malah ra nulungi apa aku iseh isa
diarani uwong? Pancen yen kakean dipikir ra bakal nemu temune. Kudu diendangi
langsung ben ngerti saktenane. Aku mlangkah metu kamar, si Ucup nginthil neng
mburiku aku yakin de e ngetutke aku tekne wedi ditinggal dhewe. Banjur wis ketuk
ngarep lawang awakku nggregeli, swarane iseh ana, saiki gur gari swara tangis. Saiki aku
wis siap karo narik napas dawa aku gage bukak lawang.
Astagfirullah hal adzim!!! Ucup kaget, aku gur isa namati ilatku gaguk weruh apa
sing saiki neng ngarepku, wong wedok ayu nganggo daster endhek jambon polos, awake
teles kebes. Ra sempet takon apa-apa, tanganku langsung digeret dhewekke mlayu
“tulungi bojoku”, dheweke mlayu karo iseh nangis. “eneng apa mbak?” takonku, nanging
ra disauri, banjur wis ketok ngomahe jebul omahe kuwi wetanku caket halamane amba
lan omahe gedhe nanging suram maune tak pikir iki omah kosong. Nalika mlebu omahe
membres ra karuan kaya bar kelebon macan.
Lemes awakku , neng ngarepku ana wong lanang semaput mengkurep kebak
getih, ngerti kuwi aku langsung telpon ambulan nanging durung ngasi telponku tak tutup
hp ku disaut wong wedok kuwi mau.
“ ngapa telpon ambulan ?!” aku dibentak
Mak dheg aku, apa sing salah? Batinku
“ bojomu sekarat mbak, aku mahasiswa kedokteran kewan dudu dokter menungsa!”
Dhewekke mung meneng, aku banjur nyoba menehi pitulungan dasar, luka-lukane aneh,
aku nyoba nggoleki asal getihe
“ kok isa ngene ta mbak?” takonku
“ mbuh aku ra reti moro-moro wis kaya ngene” saure
Iki pancen neng ngisor tangga pas,apa tiba saka lante loro nanging kok aku tetep ngrasa
eneng sing aneh, sumber getihe udu kaya mung saka benturan.
Ra let suwe ambulan teka petugas langsung gawa korban nang rumah sakit. Banjur aku
ditinggal dhewe neng omah iki si Ucup mau ora melu rene malah mlayu mlebu omah
meneh pancen kurangajar cah kae. Mungkin saking panike mbake mau ngasi ra kepikiran
nggo ngunci omahe. Nanging yen tak sawang-sawang aku kaya ngrasa sering ngerti
mbake mau tapi mbuh nangdi.
“Wis mbuh lah tak bali wae iki udu omahku”
Nalika aku mlangkah meh metu lan bali nang omahku.
Pyarrr! Swara piring pecah, pikiranku langsung ngandi-ngandi. Aja-aja eneng uwong
nang omah iki? Apa malah kuwi anakke sing duwe omah, aja-aja ana wong liya sing
nyilakani bojone mbak kae mau? Aku mandeg ra sida bali.
Ngilangke wediku aku nggawa pentungan sing tak temokke neng anding tangga
kae mau banjur aku munggah alon-alon tumuju asaling swara, swarane saka lante loro.
Aku mlaku alon-alon karo waspada, aku yakin wong kuwi ndelik nang sekitar kene.
Brakk! Swara apa maneh kae? Swarane saka salah sijining ruang nang kene, aku banjur
mlayu nuju ruang kuwi langsung tak bukak. Nanging ruang kuwi kosong mlompong ra
ana sapa-sapa.
Mripatku nyawang ngandi-ngandi nggoleki asaling swara, jendhela kamar iki kebukak
terangane swara mau ki suara wong bukak jendhela saking kesusune ngasi keseron lr
mbukak jendhela, aku yakin wong kae mlumpat metu saka kene. Tak inguk saka jendhela
ra ana sapa-sapa, “cepet men mlayune “ gumunku. Iki genah ana sing nyilakani bojone
mbake aku kudu lapor polisi
Kamar iki wangi melati pewangine wangi tenan ambune enak marakke betah
neng kene iki kayane pewangi larang merga aku ra tau ngambu wangi melati sing kaya
ngene enake. Kamar iki swasanane suram ana akeh poto neng kamar iki salah sijine poto
nikahan sing dipajang nang tembok, aku ngerasa tau weruh wong kuwi tapi mbuh nang
ngendi, saking penasarane aku nyedhaki poto kuwi, ujug-ujug tipi nyala, terangane aku ra
sengaja midak remot. Aku nonton tontonan sing kudune ra tak tonton kuwi bojone mbak
kae mau lagi tumindak sedheng karo wong wedok liya. Aku ngerti saiki iki ra bener
mesthi iki ana hubungane karo kejadian wengi iki, aku banjur telpon polisi tak kandakake
kabeh sing tak alami wengi iki. Kudune dilit ngkas polisi teka aku kudu ngenteni, aku
ngenteni karo lungguh neng kasur. Ra nyangka temenan lagi sedina ngontrak omah aku
wes ngalami kejadian kaya ngene, aku lemes tur kesel, wedi tur bingung. Iki jute ana
apa? “mbuh lah aku bingung!” ngembrukke awak karo ngusuk-usuk rai. Ana ambu-ambu
anyir getih aku langsung gregah tangi, tak goleki ambune basan tak bukak ana lading
kebak getih. Iki mesthi seng dingo nyilakani bojone mbake.
Aku kelingan saiki mbak kae ki artis sing sok dadi presenter acara gosip nek ra
salah jenenge Kartika Dewi Sukma berati bojone kuwi Ahmad Asrof atlet kasti nasional
sing bar menang medali perak Asean games.

“ngopo kowe iseh nang kene?! Iki dudu omahmu! Lancang men kowe!” Sukma ujug-
ujug wes nang kene, dewekke mesthi age-age bali merga wedi kengerten.

“aku wes ngerti tumindak ala mu ngongkon uwong nggo mateni bojomu dhewe njuk
pura-pura njaluk tulung ben kowe ra dituduh, kowe ra isa selak maneh!. Dilit engkas
polisi teka kowe wes raisa ngopo-ngopo”

“ aku ra ngerti kowe ngomong apa, aku ratau ngongkon uwong nggo mateni bojoku. Aku
pengen mati karo bojoku nanging kowe malah teka njuk nelpon ambulan. Atur kowe ki
sapa?!” Sukma malah saya bentak dhewekke katon muring

“aku tresna kepati karo bojoku nanging dhewekke malah tumindak sedeng nang mburiku,
karo kancaku dhewe! Melati wes mati nanging sing dipikirke bojoku namung Melati
terus. mbok pikir aku ra loro ati? Aku mung arep mbuktekake marang dhewekke nek aku
ya tresna mati, tresnaku ngasi mati. Nek aku mati bareng dhewekke mesthi aku isa karo
dhewekke saklawase ra ana maneh sing bakal misah aku ro dheweke.” Sukma wiwit
gendheng

“Ha?” Aku wes raisa ngomong apa- apa aku bingung sak bingung-bingunge.
“ Apa kowe yo arep mati nyusul Melati?” Sukma nyedhak gawa lading liyane nang
tangane
Aku panik ra isa mikir apa-apa aku wes kepojok aku ya ra nggawa senjata apa-apa. Apa
mung ketok semene uripku? Dipateni karo tanggaku dhewe.
Nanging aku ra percaya karo apa sing tak delok saiki Sukma dadi edan dewekke ngayun-
ngayunke lading nang panggonan kosong kaya lagi nusuk-nusuk uwong tapi ra ana sapa-
sapa. Mbuh piye ceritane Sukma malah nusuk awake dhewe, dheweke langsung ambruk
kebak getih aku ra ngerti apa-apa kejadiane cepet banget. Sing tak delok saiki saya raisa
tak nalar meneh, neng samping awake sukma muncul tulisan “ Tresna kepati lak kudu
ngasi mati ta?”. Sukma rung mati awake ngrintih kelaran getihe ngucur terus aku ra wani
nyedakki apa maneh nulungi dhewekke. Aku ijik bingung karo kejadian iki.
Ra let suwe polisi teka, polisi langsung mlebu merga lawang ngarep iseh kebukak
ngablak lan ana getih akeh neng lante siji. Aku mung isa meneng ngelamun, aku bener-
bener bingung. Aku digawa nang kantor polisi ditakoni werna-werna, maune aku
ditudhuh mateni Sukma lan bojone tapi aku dibebaske sementara merga polisi kurang
bukti. Ucup marani aku nang kantor polisi

“Celeng kowe ki Cup! atek kowe ra melu aku pas aku digeret Sukma digawa menyang
omahe” aku muring

“ Pangapurane Sat, aku keweden banget. Jute aku mau weruh sing ndodhok omah mau
udu Sukma”

“njuk sapa?”

“Pangapurane Sat, sing nggeret kowe mau saktenane Sundel Bolong. Merga kuwi aku
mlayu mlebu omah maneh”. Ucup cerita karo keweden

‘He?!” aku lemes, dadi mambengi aku tenanan lagi “diganggu”. Ujug-ujug awaku lemes
njur kabeh dadi peteng.

Anda mungkin juga menyukai