Anda di halaman 1dari 3

Nama : Sasrini Nurhayati

NIM : 18205241053
Kelas : PBD B 2018 (LHK B)

1. Menapa menika tipologi morfologis!

Tipologi morfologi inggih menika klasifikasi basa miturut struktur morfologi nipun,
Soeparno (1993) ngandharaken bilih miturut tipe struktur morfologi nipun basa saged
dipunperang dados sekawan kelompok inggih menika a) tipe agluinitif, b) tipe fleksi, c)
tipe flekso-agluinitif, dan d) tipe isolative

2. Menapa ingkang dipunwastani tipe basa: a. aglutinatif, b. fleksi, c. flekso-


aglotinatif, lan d. isolatif! 

 Basa tipe agluinitif inggih menika basa ingkang struktur tembungipun dipunbentuk
ngginakaken
a. penggabungan unsur pokok kaliyan unsur tambahan ( kanthi proses afiksasi)
b. unsur pokok kaliyan unsur pokok (pemajemukan)
c. pengulangan unsur pokok

 Basa tipe fleksi inggih menika basa ingkang struktur tembungipun kabentuk kanthi
ngewahi wujud tembung
 Basa tipe flekso-Aglutinatif inggih menika basa basa ingkang gadhah karakter
gabungan kalih tipe inggih menika tipe fleksi kaliyan tipe aglutinatif.
 Basa tipe Isolasi inggih menika basa ingkang boten wonten ewahipun saha
pembentukan tembung secara segmental utawi boten wonten prosede morfologi.

3. Kasebutna tuladha basa ingkang kalebet:a. aglutinatif, b. fleksi, c. flekso-aglotinatif,


lan d. isolatif!
a. Basa-basa wonten ing rumpun austronesia kalebet wonten ing tipe aglutinatif
kadosta basa Jawa, basa Sunda, Dayak, Makasar, Malagasi, Tagalok. Lan Basa
Bisaya
b. Tuladha basa ingkang kalebet tipe bahasa fleksi inggih menika basa Arab, basa
Sansekerta, saha Basa Latin
c. Tuladha basa ingkang kalebet tipe flekso-aglutiinatif inggih menika basa Inggris
d. Basa ingkang kalebet tipe isolasi inggih menika basa Vietnam, basa Mandarin,
basa Kiangsi, Basa Ningpo, saha basa Kantong
4. Kaandharna bukti-buktinipun bilih basa-basa kasebut kalebet golongan:a.
aglutinatif, b. fleksi, c. flekso-aglotinatif, lan d. isolatif! 

a. Aglutinatif : tuladha ingkang kaandharaken inggih menika wonten ing basa Jawi kados
ing ngandhap menika

 Afiksasi
Tembung lingga uncal ingkang pikantuk konfiks N-/-ake dados nguncalake.
 Pemajemukan (Cambor)
Semar mendem, inggih menika salah satunggaling jinis jajanan tradisional.
 Reduplikasi
Tembung isuk-isuk, bapak-bapak, cecenges, saha bola-bali.

b. Fleksi : tuladhanipun ingkang kaandharaken inggih menika wonten ing basa Sanskerta
“deva” ingkang tegesipun dewa.Tembung “deva” menika saged ewah adhedhasar kasus
saha jumlah. Tuladha ingkang adhedhasar kasus inggih menika akusatif kaliyan
instrumentalis. Menawi akusatif dados “devam”, lajeng menawi instrumentalis dados
“devena”. Adhedhasar cacahipun ugi saged ewah malih dados “devau” tegesipun
cacahipun kalih dewa.

c. Fleksi-aglutinatif : tuladha ingkang kaandharaken inggih menika wonten ing basa


Inggris kados ing ngandhap menika.

 Tembung jamak kaliyan lampau ingkang wonten insur Aglutinatif

Tembung book dados books kanthi rumus N+s ingkang tegesipun buku dados kathah
buku (plural).

Tembung watch dados watchs kanthi rumus N+s ingkang tegesipun jam dados kathah
jam (plural).

 Tembung lampau

Tembung drink (minum) dados drank (telah meminum).

Tembung see (melihat) dados saw (telah melihat).

d. Isolatif : tuladha ingkang kaandharaken inggih menika wonten ing ukara mawi basa
Mandarin 生日快乐 (shēngrì kuàilè) tegesipun selamat ulang tahun. Saben tembung
wonten ing ukara shēngrì kuàilè menika karantam mawi satunggal morfem
5. Kaandharna menapa a.tipologi morfosintaksis, b. manut tipologi morfosintaksi basa
kaperang dados menapa kemawon titikanipun menapa lan kasebutna tuladhanipun!

Tipologi morfosintaksis inggih menika gabungan saking morfologi kaliyan sintaksis


ingkang kajian-ipun bab ewah-ewahing fungsi, peran, saha kategori wonten salebeting
ukara amargi ewahipun morfem saha tembung ingkang beda adhedhasar proses sintaksis.

b. Tipologi morfosintaksis kaperang dados tiga inggih menika :

 Analitik, inggih menika basa ingkang saben-saben tembung ngemu satunggal konsep
saha boten kadados saking gabungan konsep. Tegesipun basa ingkang analitik inggih
menika basa ingkang strukturipun arupi unsur-unsur lepas. Struktur basa kadados
saking unsur-unsur lepas limrahipun frasa. Tuladha saking basa analitik inggih
menika basa china kaliyan basa Jawi
 Sintetik, inggih menika basa ingkang gabungan saking satunggal unsur utawi konsep
kaliyan konsep sanesipun, ananging cacah unsur/konsep ingkang dipungabungaken
menika winates. Satunggal tembung ngemu makna sintaksis saha ngandharaken
gegayutan sintaksis. Tuladha basa sintetik inggih menika basa sanskerta.
 Polisintetik, inggih menika basa ingkang ukaranipun boten kadados saking
tetembungan utawi kelompok tembung nanging wujudipun satunggal klausa utawi
satunggal ukara. Tuladhanipun inggih menika basa Eskimo.

Anda mungkin juga menyukai