Anda di halaman 1dari 1

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS III SEMESTER I

1. Pandhawa cacahe ana lima


2. Pandhawa putrane Prabu Pandudewanata
3. Prabu Pandudewanata kagungan garwa loro yaiku Dewi kunthi lan Dewi Madrim
4. Putrane Dewi kunthi yaiku Yudistira, Werkudara/ Bima lan Harjuna
5. Putrane Dewi madrim yaiku Nakula lan Sadewa
6. Yudistira ratu ing Ngamarta
7. Watake Yudistira wicaksana lan seneng ngalah
8. Werkudara satriya ing Jodipati
9. Asma liyane Werkudara yaiku Bima
10. Pusakane Werkudara arane Kuku Pancanaka lan Gada Rujakpolo
11. Gatotkaca putrane Werkudara
12. Watake Werkudara becik, setya tuhu , demen tetulung
13. Wong sing nglakokake wayang arane dalang
14. Wong sing nabuh gamelan arane niyaga
15. Werkudara dhemen tetulung,tegese tembung demen yaiku seneng
16. Gurune Werkudara asmane Dewaruci
17. Pandhawa sing pinter manah yaiku Raden Harjuna
18. Puntadewa iku putra pambarepe Pandhawa, tegese tembung pambarep yaiku anak
nomor siji
19. Anak sing lahire keri dewe diarani wuragil
20. Nalika durung merdeka Indonesian dijajah negara Walanda,tegese tembung dijajah
yaiku dikuasani negara liya
21. Asma timure Pangeran Diponegoro yaiku Raden Mas Antawiryo
22. Perang tanah Jawa uga diarani perang Diponegoro
23. Sing tembang mocopat yaiku pocung,gambuh,dhandang gula
24. Warga Desa Tegalreja gugur gunung gresiki lingkungan, tegese tembung gugur
gunung yaiku gotong royong
25. Sing klebu tembang dolanan yaiku jamuran,padang bulan,cublak – cublak
suweng,jaranan
26. Jamus Kalimasada pusakane Yudistira
27. Perang Diponegoro diwiwiti tahun 1825 nganti 1830
28. Bapak pendidikan Indonesia yaiku Ki Hajar Dewantara
29. Simbah lara untu basa kramane simbah gerah waja
Bude lara weteng wis telung dina basa kramane Bude gerah padaran sampun tigang
dinten
Bapak nggaweke dolanan Bayu basa kramane Bapak ndamelaken adik dolanan
30. Jendral Soedirman mandhegani perang gerilya saka Alas Roban

Anda mungkin juga menyukai