Bajawa Kelompok
Bajawa Kelompok
(Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur gokek sajadah. Kebeneran aku sangu
sajadah saka omah)
(Mas Satrio banjur miwiti anggone sholat Subuh. Katon wis khusyuk anggone sholat
Subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak jendhela.
Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padhang
sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening mas Satrio mligi
kanggo aku biyen. Puisi kui isih tak simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang Lintang
Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crita-crita lawas kang endah lan
romantis antarane aku lan mas Satrio. Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas
Satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedhaki
mas Satrio.)
(Tangisku pecah sanalika bareng aku ngerti yen pranyata Mas Satrio wis ninggalake
ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan tumuju. Marang gusti kang
tansah disuyudi sak suwene iki.)
(Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki.
Lintang Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-
bang wetan. Lintang kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate diucapke marang
aku. Aku isih kelingan banget ujare biyen, yen ta mati sukemben pengen mati ing
kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak paling cedhak antarane
kawula lan Gustine.)
Rastri : "YaAllah Mas. Ra ngertio lek sliramu bakal nyembadani kabeh janji-janji kui"