Anda di halaman 1dari 8

Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Semester : V (Lima ) / I ( Satu )
PITUDUH:
Donga dhisik sadurunge kowe nggarap soal!
Tulisen jenengmu ing sisih ngisor iki
Wacanen pitakon – pitakon ing ngisor kanthi patitis!
Garapen luwih dhisik pitakon – pitakon sing kok anggep luwih gampang!
Titinen maneh garapanmu sadurunge kok aturake marang Bapak/Ibu gurumu!

Wenehana thanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!

Ngrungokake pacelathon sing diwaca kanca!


Santi : “Hallo, assalamu’alaikum, iki Restu?”
Restu : “Wa’alaikum salam. Iya, bener, iki sapa ya?”
Santi : “Iki, Santi, kancamu sekelas.”
Restu : “O, Santi, ana apa ta, San?Njanur gunung, kadingaren sore – sore ngebel.”
Santi : “Iki Lho restu! Babagan nggarap tugas kelompok. Piye yen digarap dina Minggu awan
wae? Cepet digarap mengko bisa cepet rampung tinggal nggarap liyane. Piye Res? Sarujuk
ra?”
Restu : “Wah, aku sarujuk, San. Terus nggarape ana ngendi, San?”
Santi : “Yen sarujuk, mengko kanca – kanca saklompok dikabari kabeh, babagan manggone
ana omahku wae”
Restu : “Ya, mengko dikabari bareng.”
Santi : “Wis, samene dhisik, ya Restu.”
Restu : “Ya wis maturnuwun.”

Sapa sing nelpon Restu?

A. Restu
B. Santi
C. kancane Restu
D. kancane Santi
Restu diajak ngapa karo Santi?

A. nelpon
B. ngabari kanca
C. menyang omahe kanc
D. nggarap tugas kelompok
Ana ngendi anggone arep nggarap tugas ketrampilan?

A. Omahe Santi
B. Omahe Restu
C. Omahe kanca
D. Sekolahan
“O, Santi, ana apa ta, San? Njanur gunung, kadinagren sore –sore ngebel!”
“Njanur gunung, kadingaren sore –sore ngebel!” Tembung iki kalebu. …

A. paribasan
B. bebasan
C. wangsalan
D. parikan
Sapa ibune Raden Janaka?

A. Madrim
B. Gendari
C. Dewi Shinta
D. Dewi Kunthi
Nalika Ramayana mburu Kidang Kencana, Dewi Shinta dikancani dening. …

A. Raden Janaka
B. Raden Laksmana
C. Raden Punthadewa
D. Raden Nakula
Maca pacelathon iku di katindakake dening wong. …

A. loro utawa luwih


B. akeh
C. satus
D. siji
Pak Sudiro iku piyayi sing jembar segarane. Jembar segarane tegese ….

A. pinter
B. sugih
C. sabar
D. seneng tetulung
Godhong kacang lanjaran diarani. …

A. lembayung
B. rendheng
C. ujungan
D. dliring
Pucung, Megatruh, Kinanthi, iku kalebu tembang….

A. gedhe
B. tengahan
C. dolanan
D. macapat
Bocah – bocah kelas lima padha mulih. Tembung mulih kosok baline. …

A. lunga
B. bali
C. teka
D. dumugi
Wedhang jeruk yen ditulis jawa. …

A. [wd=[kopi
B. [wd=[ron[d
C. [wd=jeruk
D. wd= auwuh
Asmane Ki Hajar Dewantara nalika isih timur yaiku. …

A. Raden Mas Suwardi Kertanegara


B. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
C. Raden Mas Kertanegara
D. Raden Mas Mansyur
Sesantine Ki Hajar Dewantara yaiku. …

A. ing ngarso sung thuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
B. rawe – rawe rantas malang – malang putung
C. sapa nandur ngundhuh
D. sapa salah seleh
Maling mau mbengi ditangkep pak polisi. Dasanamane maling yaiku. …

A. marga
B. kartika
C. raseksa
D. durjana
Mardi turu ora bisa angler amarga wotak- watuk terus. Wotak- watuk kalebu tembung. …

A. dwilingga padha swara


B. dwilingga salin swara
C. dwiwasana
D. dwipurwa
Dhahar, nedha, boga, bekti, madhang iku dasaname. …

A. Manungsa
B. Manuk
C. Mangan
D. Mata
Kencur, jahe, lempuyang, lan kunir diarani. …

A. pala kapendhem
B. pala kasempar
C. pala gumanhung
D. warung hidup
Celengan tumraping siswa lan pramuka diarani. …

A. Simpedes
B. Tabanas
C. Tapelram
D. Simaskot
Bank sing duweke pemerintah yaiku. …

A. BCA
B. BRI
C. NHS Bank
D. Lippobank
Wong dodol iku sing dipengini yaiku enthuk. …

A. rugi
B. bathi
C. sanak
D. anakan
Ngisor iki sing kalebu purwakanthi sastra yaiku. …

A. tata titi tentrem


B. ana dina ana upa
C. ora cepet ora ngliwet
D. bareng wis makmur lali sedulur
Muga – muga ( ganjar ) seger waras. Tembung njero kurung panulisane sing bener diwenehi
seselan. …

A. em
B. um
C. in
D. er
Tujune montore bisa mandheg … umpama ora embuh dadine.

A. pet
B. plas
C. blas
D. greg
Wong sing antri ana ngarep kasir nganti jejel … tanpa sela.

A. jejel
B. riyel
C. rewel
D. muntel
Sing diarani pedagang kaki lima iku umpamane pedagang. …

A. mas- masan
B. bumbon
C. kanganan
D. Kewan
Narti kandha marang Nani yen arep menyang Solo, kandhane. …

A. Narti,”Wi, dheweke arep menyang Solo?”


B. Narti,”Wi, kancanana aku arep menyang Solo!”
C. Narti,”Wi, kapan kowe menyang Solo?”
D. Narti,”Wi, aku arep menyang Solo?”
an [boch w[don

Tulisan jawa ing sisih kiwa diwaca. ….

A. ana anak wadhon


B. ana bocah wadhon
C. ana wadon bocah
D. ana ing bocah wadhon
Panggonan kanggo mbayar barang – barang sing dituku ana swalayan diarani. …

A. took
B. loket
C. kasir
D. peron
Tetukon sing arep didol maneh diarani. …

A. kulakan
B. pesenan
C. setoran
D. Langganan
Siasat kang digunakaken dening Pangeran Diponegoro yaiku. …

A. baris pendhem
B. perang tandhing
C. perang jurit
D. gerilya
Pangeran Diponegoro seda kasarekaken wonten ing. …

A. Sumatra
B. Bengkulu
C. Minahasa
D. Makasar
Bapak lagi wae sare. Ukara ing sisih kiwa yen digawe basa karma inggil yaiku. …

A. Bapak nembe kemawon sare.


B. Bapak nembe kemawon tilem.
C. Bapak lagi kemawon tilem.
D. Bapak lagi kemawon sare.
Tumindhak becik apa dene ala bakal dimangerteni wong liya diparibasakake. …

A. dahwen open
B. becik ketitik ala ketara
C. tuna sanak bathi sanak
D. timur wungkuk jaga imbuh
Raden Janaka iku satriya ing. …

A. Jodhipati
B. Ngawangga
C. Madukara
D. Ngalengka

Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki ngganggo tembung kang mathuk!

Anak kang laire dhisik dhewe yaiku . …


Rawe – rawe … malang – malang … .
Utange arang wulu kucing.
Tembung arang wulu kucing ing dhuwur tegese. ….
Pak Joko saweg mriksakaken untunipun dhateng Puskesmas.
Tembung untunipun kramane. …
Degan iku klapa sing isih . …
Murid – murid padha ngangsu kawruh ing sekolahan. Kawruh tegese. …
Sekolahanku saiki kathon edi … sawangane.
Reregan ing koprasi luwih murah, tinimbang reregan ing. …
Wong sing gawe keris diarani. ….
Bocah sing dawa tangane ora duwe kanca, dawa tangane tegese. …
Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

Awake Rukmini pancen kuru semangka.


Apa tetegse tembung kuru semangka?
Tulisen nganggo aksara jawa! Kebo nusu gudel.
Aranana tembang macapat 5 bae!
Tulisen jawa iki salinana nganggo aksara latin!
?fufu snkuFfu kf= [y nMti [mlu[klzn.

?afig= afigu= afigun.

Ukara – ukara iki kramakna!


Pak Darno dodolan bakso lan mie ayam.
Ibu menyang pasar tuku iwak.
Pak Sugi dodol sega pecel ana njero pasar.

Kunci Jawaban UAS I Bahasa Jawa Kelas V


Tahun Pelajaran 2016/2017

Pilihan Ganda

1. B 11. A 21. B 31. D


2. D 12. C 22. A 32. D
3. B 13. B 23. C 33. A
4. C 14. A 24. D 34. B
5. D 15. D 25. B 35. C
6. B 16. B 26. C
7. A 17. C 27. D
8. C 18. A 28. B
9. A 19. C 29. C
10. D 20. B 30. A

II. Isian

36. pembarep 41. ngelmu


37. rantas, putung 42. peni
38. akeh banget 43. pasar/njaba
39. Wajanipun 44. Empu
40. Enom 45. gelem njupuk barange wong liya

III. Uraian

46. lemu banget


47. ke[bonusugu[fl
48. Asmaradana, dhandang gula, durna, gambuh, kinanthi, mijil, megatruh, pangkur,
pucung, sinom
49. a. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan.
b. Adigang adigung adiguna.
50. a. Pak Darno sadeyan bakso kaliyan mie ayam.
b. Ibu thindhak peken mundhut ulam.
c. Pak Sugi sadeyan sekul pecel wonten lebet peken.

Teknik Penskoran
Betul x 1 = 35 x 1 = 35
Betul x 2 = 10 x 2 = 20
Betul x 3 = 5 x 3 = 15 +
Jumlah scor = 70

Anda mungkin juga menyukai