Anda di halaman 1dari 5

Diunduh dari www.mariyadi.

com Download Bank Soal Lengkap SD SMP SMA di


www.mariyadi.com
RAHASI
A
ULANGAN TENGAH SEMESTER
GUGUS 03 DINAS PENDIDIKAN KECAMATAN WIDODAREN
TAHUN PELAJARAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/smt: III (tiga) / 2
Hari, tanggal...................................... Nama……………….............
Waktu....................................... No. Abs/SDN : ……………….............
Wacanen kang teliti!

Pandhawa Lima

Pandhawa iku ana lima, yaiku : Puntadewa utawa Yudhistira, Bima utawa
Werkudara, Arjuna utawa Janaka, Nakula lan Sadewa.

Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi kagungan putra telu, yaiku : Puntadewa,
Bima lan Arjuna. Dene karo Dewi Madrim kagungan putra loro kembar, yaiku
Nakula lan Sadewa.

Para Pandhawa iku sekti mandraguna, ora duwe watak gumedhe lan
sombong. Watake tansah andhap asor, sopan santun, ngajeni marang sapa wae.
Luwih – luwih marang rama lan ibu, sedulur tuwa lan ibu guru.

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d sing kok anggep
bener!
1. Raden Janaka satriya ing ….
a. mandura b. madukara c. maduraka d. maospati
2. Pandhawa iku ana pira?
a. lima b. loro c. limalas d. pitu
3. Pandhawa iku putrane sapa?
a. Prabu Pandhu Dewanata c. Bima
b. Pandhu d. Dewi Madrim
4. Kepriye watake para Pandhawa?
a. asor b. andhap c. andhap asor, sopan santun d. santun
5. Wayang mau bengi … laire Raden Gathotkaca. Ukara kasebut benere ….
a. critane b. lakone c. dongenge d. judule
6. Ibu tindak Puskesmas arep ….
a. blonjo b. dolan c. mbayar listrik d. priksa
7. Wong sing ora duwe pegaweyan diarani ….
a. tuna netra b. tuna karya c. tuna wisma d. tuna wicara
8. Omah dara arane ….
a. pagupon b. kurungan c. tala d. krangkeng
9. Aja rame simbah lagi turu. Turu krama inggile ….
a. gerah b.maos c. duka d. sare
Diunduh dari www.mariyadi.com Download Bank Soal Lengkap SD SMP SMA di
www.mariyadi.com

10.Adikku sambat … mules.


a. tangane b. dhadhane c. wetenge d. sirahe
11.Wong sing penggaweyane nglakokake sepur diarani ….
a. masinis b. sopir c. pilot d. kusir
12.Anak asu arane kirik. Yen anak bebek arane ….
a. meri b. minthi c. kuthuk d. piyik
13.Bagong iku mangane akeh, mula awake lemu ….
a. gembluk b. ginuk – ginuk c. gepeng d. aking
14.Kembang lombok arane ….
a. besengut b. dlongop c. menik d. karuk
15.Mendhunge kandel tandhane arep ….
a. panas b. gluduk c. terang d. udan
16.Apa PR basa Jawamu wis …. ? Tembung pitakon kang bener yaiku ….
a. garapen b. dak garap c. dipek d. kok garap
17.Mesthi wae nangis, adikmu mbok jambak ….
a. rambute b. kupinge c. sirahe d. irunge
18.Ing ngisor iki kalebu pirantine bocah sekolah, kejaba ….
a. petelot b. buku c. garisan d. klambi
19.Anak lima lanang kabeh diarani ….
a. pandhu b. pandhawi c. kembar d. pandhawa
20.Ida bocahe seneng … mula ora dipercaya karo kancane.
a. jujur b. goroh c. sinau d. sregep
21.Nalika lara awake kuru. Bareng wis mari awake ….
a. lemu b. gedhe c. dhuwur d. subur
22.Miturut ngendikane ibu guru, resika iku bisa ngadohake ….
a. bebaya b. kekancan c. lelara d. leledrang
23.Dikethok kok malah dhuwur. Iku batangane ….
a. sabuk b. klambi c. celana d. sarung
24.Pentil mlinjo arane kroto, yen pentil nangka arane ….
a. babal b. bluruk c. uceng d. sinom
25.Pitik babon petok – petok sajake arep ….
a. ngendog b. ndekem c. angrem d. merem

II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang bener!
26. Arit sing kethul iku asahen kareben ….
27. Wit gedhang arane ….
28. Yen disrimpung sikile, lha yen dijewer ….
29. Sing krasa mumet iku ….
30. Kobis, sledri, wortel becik ditandur ing papan ….
31. Udin (utus) ibune tuku gula. Tembung utus benere ….
Diunduh dari www.mariyadi.com Download Bank Soal Lengkap SD SMP SMA di
www.mariyadi.com
32. Ayu lagi nyapu latar. Nyapu tembung linggane ….
33. Gada rujakpolo iku gamane Raden ….
34. Yen abang banget diarani abang branang. Yen putih banget ….
35. Bapak tuku buku siji. Basa kramane tuku yaiku ….

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


36. Tulisna arane woh – wohan papat wae!
37.Tembung ing ngisor iki dadekna krama inggil!
Budhe Marni lagi maca.
38. Aranana sapa wae pandhawa lima iku!
39.Ukara ing ngisor iki urutna!
Esuk – Surati – saben – mbantu – ibuke
40.Tulisen nganggo aksara jawa!
Ayo metu
Diunduh dari www.mariyadi.com Download Bank Soal Lengkap SD SMP SMA di
www.mariyadi.com

KUNCI JAWABAN

BAHASA JAWA KELAS III

I. PILIHAN GANDA
1. B 6. D 11. A 16. D 21. A
2. A 7. B 12. A 17. A 22. C
3. A 8. A 13. B 18. D 23. C
4. C 9. D 14. C 19. D 24. A
5. B 10. C 15. D 20. B 25. A

II. ISIAN
26. Landhep 31. diutus
27. Debog 32. sapu
28. Kupinge 33. werkudara
29. Sirahe 34. memplak
30. Pegunungan 35. mundhut

III. URAIAN
36. Duren, jambu, pelem, kates, lsp.
37. Budhe Marni nembe maos.
38. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa
39. Saben esuk Surati mbantu ibune
40.

Pedoman Penskoran :

Pilihan Ganda : betul = 1, salah = 0, Skor maksimal = 25

Isian : betul = 2, salah = 0, Skor maksimal = 20

Uraian : betul = 3, mendekati betul = 2, ada unsur betul = 1, salah = 0, Skor maksimal = 15
+

= 60

Nilai = X 100
Diunduh dari www.mariyadi.com Download Bank Soal Lengkap SD SMP SMA di
www.mariyadi.com

Anda mungkin juga menyukai