Anda di halaman 1dari 4

SDK SANTO YUSUP II MALANG T.

Tangan
Penilaian Harian Bahasa Jawa Orang Tua
Wulangan 3 KD 3.2
Kelas / No : 5 …… / ..…
Hari / Tgl : Senin, 25 Oktober 2021
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d kang bener!

Bung Tomo

Bung Tomo utawa Sutomo miyos ing dhaerah kampung Blauran, Surabaya 3 Oktober 1920. Miyos
saking rama kang paring asma Kartawan Tjiptowidjoyo, kang makarya dadi abdi pegawai pemerentah. Bung
Tomo seda ing Padang Arafah (Arab Saudi) 7 Oktober 1981 nalika yuswane 61 taun. Sutomo utawa Bung
Tomo yaiku pahlawan kang kondhang amerga kabisane nalika mandegani (mimpin) masarakat Surabaya
mungsuh panjajah Walanda lumantar bala tentara NICA, paprangan kasebut kedadean 10 November 1945,
kang dipengeti minangka dina Pahlawan.
Sutomo utawa Bung Tomo yaiku pahlawan nasional Indonesia kang kondhang amerga pandhapuke
sajrone paprangan ing 10 November 1945. Bung Tomo kanthi kabisane pidhato bisa mbombong semangate
masarakat mligine warga Surabaya. Nalika revolusi fisik Bung Tomo njabat dadi ketua Umum Barisan
Pemberontak Rakyat Indonesia (BPRI). Ing taun 1968 Bung Tomo ngrampungake pasinaon ekonomi ing
Universitas Indonesia. Nanging, banjur dicepeng dening rezim Soeharto kanthi tuduhan subversi. Nalika isih
enom, Bung Tomo nate kerja ing donyaning wartawan. Wiwit saka dadi jurnalis harian kanggo harian Souara
Oemoem, haria berbahasa Jawa Ekspers, mingguan Pembela Rakyat, dan majalah Poestaka Timoer.
Bung Tomo nduweni sipat kang religius, sipat religius kasebut wis digulawenthahne ing kulawarga
Bung Tomo nalika isih cilik. Amalan ibadah wajib sajrone syareat islam kayata salat, pasa, ngaji, lan zakat
wis dadi pondasi kuwat ing panguripan sabendinane. Minangka titahing Gusti, Bung Tomo minangka
sawijine pawongan sing pantes dadi tuladha. 
1. Miturut wacan ing dhuwur Bung Tomo dilairake ana ing ….
a. Padang Arafah (Arab Saudi)
b. Kampung Blauran Surabaya
c. Surabaya
d. Jakarta
2. Miturut wacan ing dhuwur, dina Pahlawan dipengeti pendak tanggal ….
a. 10 November 1945
b. 7 Oktober 1981
c. 10 November
d. 7 Oktober
3. Bung Tomo yaiku pahlawan kang kondhang amerga ….
a. kabisane nalika mandegani (mimpin) masarakat Surabaya mungsuh panjajah Walanda lumantar bala
tentara NICA
b. Bung Tomo duweni sipat religious
c. Bung Tomo bisa dadi tuladha
d. Bung Tomo dadi jurnalis
4. Bung Tomo ngarmpungake pasinaon ekonomi ana ing Universitas Indonesia tahun ….
a. 1920
b. 1945
c. 1968
d. 1981
5. Bung Tomo nate kerja ing donyaning wartawan. Bung Tomo dadi jurnalis harian, mingguan lan majalah.
Jenenge majalahe yaiku ….
a. Jawa Ekspers
b. Souara Oemoem
c. Pembela Rakyat
d. Poestaka Timoer

Lelara Corona virus

          Corona virus minangka sawijine virus sing mbebayani sanget tumrap masarakat ing donya iki. Menawa
ing Jawa bab sing kaya ngene iki diarani pageblug. Virus Corana ditemokaké kapisan ing negara Cina,
mligine ing kutha Wuhan. Virus iki bisa nular lumantar droplet, yaiku partikel cilik banget lan lumrahe
kewetu saka watuk lan wahing. Menawa droplet kasebut kasesep irung utawa kena kornea mripat, pawongan
nduwèni resiko kanggo ketularan penyakit Covid iki.
Pawongan sing kena infèksi Corona virus bisa ndadekake kangelan ambegan, kayata pneumonia , awake
panas/meriang, lan ambêgane sesek. Menawa ana pawongan sing nduwé penyakit gawan utawa biasané
diarani komorbit kayata gagal jantung, diabet, darah tinggi bab kasebut bisa ndadekake pawongan kasebut
nemen anggone nandang lelara.
Ananging bab nulare virus Corona iki bisa dibrantas kanthi njaga reresik dhiri, kayata nganggo masker,
njaga jarak marang wong liyan saora-orane sameter, sregep wijik tangane, lan nggunakake hand sanitaser
kanggo mateni partikel virus sing nemplek ing tangan. Saliyané iku akèh akeh negara wis ngupaya kanggo
nemokaké obat utawa vaksin kanggo virus iki, yaiku ana vaksin Sinovac lan Astra Zaneka. Vaksin iki
digadhang bisa nambah imun utawa daya tahan tubuh manungsa kanggo kebal saka virus korona. Nyatane
saiki wong-wong wis padha vaksin kabeh lan muga pageblug Corona virus iki enggal sirna.
6. Virus Corana ditemokaké kapisan ing kutha ….
a. Cina
b. Jawa
c. Jakarta
d. Wuhan
7. Virus Corona bisa nular lumantar droplet. Droplet yaiku ….
a. partikel cilik banget lan lumrahe kewetu saka watuk lan wahing
b. partikel cilik banget lan lumrahe kewetu saka mripat lan wahing
c. partikel gedhe banget lan lumrahe kewetu saka watuk lan wahing
d. partikel gedhe banget lan lumrahe kewetu saka mripat lan wahing
8. Pawongan utawa wong sing kena virus Corona isoh dadi nemen anggone nandhang lelara yen nduweni
penyakit gawan utawa komorbit. Ing ngisor iki contone penyakit komorbit, kajaba ….
a. diabetes
b. darah tinggi
c. darah rendah
d. gagal jantung
9. Akeh negara wis ngupayake nemokake obat utawa vaksin kanggo virus. Tujuane pawongan utawa wong
divaksin yaiku ….
a. supaya dadi sehat
b. supaya ora gampang lara
c. supaya ora kena penyakit komorbit
d. supaya nduweni daya tahan tubuh kanggo kebal saka virus Corona
10. Nulare virus corona bisa dibrantas kanthi njaga reresik dhiri. Miturut wacan ing dhuwur, tindakan sing
ora isoh kanggo njaga reresik dhiri yaiku ….
a. nganggo masker
b. sregep wijik sikile
c. nggunakake hand sanitaser
d. njaga jarak marang wong liyan saora-orane sameter
11. Miturut wacan ing dhuwur, pawongan utawa wong isoh ketularan virus Corona menawa droplet kasebut
….
a. reged tangan lan sikile
b. kena irung utawa korne mripat
c. kasesep korne mripat utawa lambene
d. kasesep irung utawa kena kornea mripat

Ternak Tawon
Ternak tawon iku sing dipurih madu lan talane. Madu asale saka sarine kembang, dene tala kuwi
anak-anak tawon sing awujud gana. Madu iku akeh kasiyate, yen diombe saben dina bisa nambah
kesehatan lan kekuatan awak, uga ora gampang kesel.
Dene talane bisa digawe masakan arupa bothok rasane enak lan ngandhut gizi dhuwur. Menawa
ternak tawon iku kudu dijaga kelestariane alam ing kono, aja nganti rusak awit mbutuhake hawa kang
seger lan resik, apa maneh tetanduran kembang kudu tansah ana kanggo panguripane tawon. Carane
ternak tawon yaiku nganggo glodhogan sing digawe saka kayu randhu, utawa kayu klapa, pamrihe
bisa ngasilake madu kang akeh.
12. Miturut wacan ing dhuwur, sing dudu kasiyate madu yen diombe saben dina yaiku ….
a. nambah kesehatane awak
b. nambah kekuatane awak
c. awak ora gampang kesel
d. awak gampang kena lara
13. Menawa ternak tawon iku kudu tansah ana tetanduran kembang amarga ….
a. kanggo panguripane tawon
b. tawon mbutuhake hawa kang apik
c. tawon seneng ndeleng tanduran kembang
d. isoh dinggo campuran gawe bothok tawon
14. Ternak tawon iku sing dipurih madu lan talane. Tala kuwi yaiku ….
a. anak-anak tawon sing awujud glodhogan
b. mbokne tawon sing awujud glodhogan
c. anak-anak tawon sing awujud gana
d. mbokne tawon sing awujud gana
15. Ana masakan jenenge bothok tawon. Bagian tawon sing digawe bothok yaiku ….
a. Talane
b. madune
c. mbokne
d. glodhogane

Anda mungkin juga menyukai