Anda di halaman 1dari 1

Ingkang kawula hormati :

Kordikcam Widang Bapak Mu’in, M.Pd


Kepala SDN Widang 1, Ibu Riyani, S.Pd
Bapak / Ibu Komite SDN Widang 1`
Bapak / Ibu Dwidja SDN Widang 1
Para tamu undangan ingkang mboten saged kula sebataken setunggal mbaka setunggal
Lan ingkang kula tresnani, kakak – kakakku kelas enem SDN Widang 1

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan
dumateng kula lan Panjenengan sedaya sahingga kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing
adicara pelepasan siswa kelas 6 SDN Widang 1 ing kalodangan wekdal siang punika.

Sholawat saha salam mugia tetep katur dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW,
kanthi pangajab mugia kula lan panjenegan sedaya pikantuk syafaat wonten ing yaumul kiamat.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,


Keparenga kula jumeneng ing ruwangan menika minangka sesulih saking kanca – kanca kelas 1-5
SDN Widang 1 bade ngaturaken sesorah dhumateng siswa kelas 6 ingkang sampun lulus ujian saengga
enggal nilaraken pawiyatan menika.

Kakak – kakak kula ingkang sanget kula tresnani

Terus terang kula rumaos bombong manah kula gadah sedulur ingkang disiplin, andhap asor lan sregep
sinau, lan insya Allah bakal kawula tiru..

Mboten kita nyana nyana wekdal sesrawungan cepet banget. Rasane mung sawetara dina kepungkur,
awake dhewe kenal karo sedulur kabeh, rasane kaya wingi uni isih lungguh bebarengan ing kelas
kanthi tingkah lucu. Nanging, dina iki, nasib wis mutusake yen kita kudu pisah. Kakak – kakakku arep
ninggalake aku, adik – adik kelasmu, Bapak / Ibu guru saha pawiyatan menika. Ana rasa aneh sing
ngganjel jroning ati.

Kula sak kanca krasa sedhih amarga kakak - kakakku sing biasa sesrawungan karo gegojegan sedelok
maneh arep ninggalake SDN Widang 1. Dina – dina sing biasane dilakoni karo kakak - kakakku, sesuk
bakal beda. Nanging, kula ngerti yen iki minangka proses alami ing urip iki. Kakak – kakakku kudu
nglajengaken pendhidhikan dhateng jenjang ingkang langkung inggil.

Mboten kathah anggen kula matur, mung bade njaluk ngapura sakabehimg kesalahan sing nate tak
tindakake sak kanca nalika srawung lan sesambungan karo kakak – kakak kabeh. Semanten ugi
sampun kawulo ngapunten kalepatan ingkang sampun kakak – kakak lampahi.

Mugi-mugi sasampunipun kakak – kakak ninggalake pawiyatan punika, kakak – kakak saged njagi
nami sae almamater SD Negeri ingkang kita tresnani. Amargi pawiyatan menika minangka salah
satunggalipun jalaran kangge nglampahi pawiyatan ingkang langkung inggil.

Pesen saking adik – adikmu tetepo sinau ingkang sregep, awit Bapak Ibu guru sampun ngendika,
sregep sinau minangka syarat utama kangge nggayuh cita-cita.

Kakak - kakakku ingkang kawula tresnani, matur nuwun sanget awit saking kebersamaan kita ing
wekdal menika.
Makaten ingkang saged kawula aturaken minangka sulih salira saking adik – adik kelas, lan nuwun
gunging pangapura mbok bilih anggen kula matur wonten kludak kladuke atur, kirang trapsila nggen
kula matur

Wabilahi taufik walhidayah Wassalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai