Anda di halaman 1dari 3

30/12/22 06.

52 Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng Nabi | NU Online Jatim

KHUTBAH

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng


Nabi
Ahmad Karomi

Kamis, 18 Agustus 2022 | 09:30 WIB

Khutbah Jumat meniko mertelaaken pentinge nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi ingkang dipun utus
ndandani, nyempurnaaken akhlake menungso.

Sedoyo tindak lampah kados dene ngafiraken, nggelakno sesami sederek Islam kedah dipun tebihi, keranten
mboten nate dipun contohaken Kanjeng Nabi,

Monggo ingkang ngersaaken teks khutbah saget dipun sebaraken kagem sinten kimawon.
 
Khutbah I
‫ َوَأ ْشَهُد‬.‫ َأ ْشَهُد َأ ْن لَا ِإ لَه ِإ لَّا اللُه َوْحَدُه لَا َشِرْيَك َلُه َشَهاَدًة َاْرُجو ِبَها َرِفيَع الَّد َرَجات‬. ‫اْل َحْمُد ِللِه اَّلِذى َوَّف َق ِعَباَدُه اْلُمْؤِمِنْيَن ِلَاَداِء اْلَاْعَماِل الَّص اِل َحاِت‬
‫ الّلُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َسِّيِد َنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى آِلِه َوَأ ْص َحاِبِه ُأ وِلى اْلَفَضاِئل َواْل َكَراَماِت‬. ‫ َصاِحُب اْلُمْعِج َزاِت‬ ‫َاّن َسِّيَد َنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه‬

‫ َواَّت ُقوا َيْوًما‬.‫ْوُت ِالَّا َوَاْنُتْم ُمْس ِلُمْوَن‬


‫ َواَّت ُقوا اللَه َحَّق ُتَقاِتِه َولَا َتُم َّن‬. ‫ ِاَّت ُقوا اللَه ِباْمِتَثاِل اْل ْأَم ُمْوَراِت َواْج ِتَناِب اْلَمْنِهَّي اِت‬.‫ َفَيا َأ ُّي َها اْلُمْس ِلُمْوَن َرِحَمُكُم اللُه‬،‫َأ َّم ا َبْعُد‬

‫ُتْرَجُعْوَن ِفْيِه ِإ َلى اللِه ُثَّم ُتَوَّفى ُكُّل َنْف ٍس َما َكَسَبْت َوُهْم لَا ُيْظ َلُمْوَن‬

Hadirin Jamaah Jumat RahimakumulLah

https://jatim.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-nderek-tindak-lampahe-kanjeng-nabi-Y1lAB 1/3
30/12/22 06.52 Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng Nabi | NU Online Jatim

Monggo kito sareng-sareng sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken
sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun wonten ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang,
rame utawi sepi. Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, dipun
kempalaken kaliyan tiyang-tiyang ingkang nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi lan ngabekti dumateng
perintahe Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

‫ُقْل ِإ ن ُكنُتْم ُت ِحُّب وَن ٱلَّل َه َفٱَّت ِبُعوِنى ُيْحِبْبُكُم ٱلَّل ُه َو َيْغِفْر َلُكْم ُذُنو َبُكْمۗ َوٱلَّل ُه َغُفوٌر َّر ِحيٌم‬

Artosipun: Ngucapo siro Muhammad, lamun siro kabeh demen Allah, podo ngenuto (nderek) siro kabeh marang
ingsun, mongko Allah bakal demen marang siro kabeh lan bakal ngapuro duso siro kabeh, saktemene Allah Dzat
kang akeh ngapuro tur welas asih. (Ali Imran:31)

Wonten tafsir Thabari dipun jelasake bilih ayat meniko tumurun nyifati kaum ingkang ngaku demen marang
Pengerane. Lajeng Gusti Allah dawuh dumateng Kanjeng Nabi: lamun siro kabeh bener ingatase ucapan siro,
mongko ngenuto siro kabeh marang ingsun, amergi niku pertondo benere ucapan siro.

Ayat meniko ugi negesaken pentinge nderek tindak lampahe Kanjeng Nabi, keranten dalane ngabekti dumateng
Gusti Allah kedah dipun wiwiti saking nderek Kanjeng Nabi, nggih meniko ngelampahi pituduh ingkang sampun
dipun serat wonten kitab hadits lan sak pitunggalane lajeng dipertelaaken kaliyan poro ulama.

Hadirin Ingkang Minulyo


Kedah kito mangertosi bilih Kanjeng Nabi dipun utus kaliyan Gusti Allah supados paring tupo tulodo sae, ndandani,
nyempurnaaken akhlak menungso supados mboten kejlumprung ing dalan pepeteng. Gusti Allah dawuh:

‫َوَما آَتاُكُم الَّر ُسوُل َفُخُذوُه َوَما َنَهاُكْم َعْنُه َفاْنَتُهوا‬ 

Artosipun: Lan nopo kimawon ingkang dipun perintahaken Rasulullah, mongko lampahono. Lan nopo kimawon
ingkang dipun cegah, mongko adohono, tinggalno (Al-Hasyr: 7).

Tafsir Ibn Katsir mertelaaken kapan Kanjeng Nabi perintah nindaaken kebecikan, mongko inggal dipun laksanaaken.
Lan kapan Kanjeng Nabi ngelarang saking perkawis awon, mongko inggal dipun tebihi.

Dawuh meniko estu penting sanget tumrap tiyang ingkang ngaku nderek, manut dumateng Kanjeng Nabi. Keranten
jaman sakmangke katah tiyang ingkang nulayani dawuh lan remen nindaaken kemaksiatan, munkar, ngafiraken
sedereke sesami muslim piyambak. Padahal lelampahan meniko mboten nate dipun contohaken Kanjeng Nabi babar
pisan.

Setunggale hadits saking Jarir, saking Kanjeng Nabi:

‫َقاَل َرُسوُل الَّل ِه َص َّلى الَّل ُه َعَلْيِه َوَس َّل َم َلا َيْرَحُم الَّل ُه َمْن َلا َيْرَحُم الَّن اَس‬

Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge ora welas marang menungso, mongko ora bakal dipun welasi Gusti
Allah (HR. Bukhari).

Hadits niki ngimutaken dumateng kito sedoyo supados mboten nganiyoyo tiyang lintu, mboten gampil nyatru,
musuhan. Keranten sifat welas asih niku setunggale tupo tulodo ingkang dipun lampahi Kanjeng Nabi. Pramilo,
Kanjeng Nabi mboten nate nggelakno, ngelarani tiyang lintu sinaoso benten akidahe lan penemune.

Jamaah Ingkang dipun Welasi Gusti Allah


Wonten setunggal hadits ingkang saget dipun pundut maknone supados kito sedoyo mboten gampil ngelarani tiyang
lintu, nggih meniko :

https://jatim.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-nderek-tindak-lampahe-kanjeng-nabi-Y1lAB 2/3
‫‪30/12/22 06.52‬‬ ‫‪Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Tindak Lampahe Kanjeng Nabi | NU Online Jatim‬‬

‫َقاَل الَّن ِبُّي َص َّلى الَّل ُه َعَلْيِه َوَس َّل َم اْلُمْسِلُم َمْن َسِلَم اْلُمْس ِلُموَن ِمْن ِلَساِنِه َوَيِدِه َواْلُمَهاِجُر َمْن َه َجَر َما َنَه ى الَّل ُه َعْنُه‬

‫‪Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, tiyang muslim niku tiyang ingkang nyelametaken umat Islam saking jembere lisan,‬‬
‫)‪lan tangane. Tiyang hijrah niku tiyang ingkang ninggal perkawis ingkang dilarang Gusti Allah. (HR. Bukhari‬‬

‫‪Menopo lisan ingkang dipun serat rumiyen wonten hadits meniko? Mundut saking keterangan Fathul Bari dipun‬‬
‫‪jelasaken, lumrahe lisan meniko dados kawitane sedoyo kejemberan kados dene rasan-rasan, ngapusi, gunem olo,‬‬
‫‪fitnah. Pramilo dipun tegesake saking awal supados estu njagi ucapan, guneman kalih sinten kimawon.‬‬

‫‪Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan kekiatan saking Gusti Allah supados saget ngelampahi kesaenan ingkang sampun‬‬
‫‪dipun tuduhaken Kanjeng Nabi lan nebihi sedoyo kejemberan, keawonan ingkang saget nyiderani, nganiyoyo tiyang‬‬
‫‪lintu. Amiin.‬‬

‫َباَرَك اللُه ِلْي َوَلُكْم ِفْي اْلُقْرَأ ِن اْل َكِرْيِم‪َ ،‬وَنَفَعِنْي ِإَو َّي اُكْم ِبَما ِفْيِه ِمَن اْلَأ َياِت َوالِّذْكِر اْل َحِكْيِم‪َ ،‬وَتَقَّب َل اللُه ِمِّنْي َوِمْنُكْم ِتلَاَوَتُه ِإ َّن ُه ُهَو الَّس ِمْيُع اْلَعِلْيِم‪،‬‬
‫َواْس َتْغِفُرْوُه ِإ َّن ُه ُهَو اْلَغُفْوُر الَّر ِحْيُم‬

‫‪Khutbah II:‬‬

‫َالَحْمُد للِه َحْمًدا َك َما َاَمَر‪َ .‬وَأ ْشَهُد َاْن َّل ا ِإ َلَه ِإ َّل ا اللُه َوْحَدُه لَا َشِرْيَك َلُه ِإ رَغاًما ِلَمْن َج َحَد ِبِه َوَكَفَر َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه َسِّيُد ال لَخَاِئِق‬
‫‪َ ,‬والَبَشِر‪ .‬لَاَّل ُهُّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َسِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى َاِلِه َوَص ْحِبِه َما اَّت َص َلْت َعْيٌن ِبَنَظٍر َوُاُذٌن ِب َخَبٍر‬

‫َأ َّم ا َبْعُد‪َ :‬فَياِعباَد الله ِإ َّت ُقْوا اللَه َتَعاَلى َوَذُرْوا الَفَواِخَش َما َظَهَر ِمْنَها َوَما بَطَن َوَحاِفُظْوا َعَلى الَّط اَعِة َوُخُضْوِر الُجُمَعِة َوالَجَماَعِة َواْعَلُموا َأ َّن اللَه َأ َمَرُكْم ِبَأ ْمٍر‬

‫َوَث ى ِبَملَاِئَكِة الُمَسِّبَحِة ُقْدِسِه‪َ ،‬فَقاَل َتَعالَى َوَلْم َيَزْل َقاِئلًا َعِلْيًما ِإ َّن اللَه َوَملَاِئَكَتُه ُيَص ُّل ْوَن َعَلى الَّن ِبِّي َيا َّيَا َها اَّلِذْيَن َأ َمُنْوا َص ُّل ْوا َعَلْيِه ِوَس ِّلُمْوا‬
‫َبَدَأ ‪ِ  ‬فْيِه ِبَنْفِسِه َّن‬

‫َتْس ِلْيًما‪ .‬لَاَّل ُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َسِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى َأ ِلِه َوَص ْحِبِه َأ جَمِعْيَن‪ ,‬لَاَّل ُهَّم َواْرَض َعِن الُخَلَفاِء الَّر اِشِدْيَن اَّلِذْيَن َقَضْوا ِبالَحِّق َوَكاُنْوا ِبِه َيْعِدُلْوَن َساَداِتَنا َأ ِبى‬

‫َبْكٍر َوُعَمَر َوُعْثَماَن َوَعِلٍّي َوَعْن َساِئِر َأ ْص َحاِب َنِبِّيَك َأ ْج َمِعْيَن َوَعِن الَّت اِبِعْيَن َوَمْن َتِبَعُهْم ِإِب ْح َساِن ِإ َلى َيْوِم الِّدْيِن‬

‫الَلُهَّم اْغِفْر ِلْلُمْس ِلِمْيَن َوالُمسِلَماِت َوالُمْؤِمِنيَن َوالُمْؤِمَناِت َالَأ ْح َياِء ِمْنُهْم َوالَأ ْمَواِت ‪ .‬لَاَّل ُهَّم َأ ِعَّز الِإ ْس لَاَم َوالُمْس ِلِمْيَن َوَأ ْعِل َكِلَمَتَك ِإ َلى َيْوِم الِّدْيِن‪ ,‬لَاَّل ُهَّم اْنُصْر‬
‫َّن‬ ‫َّل َّم‬ ‫َّت‬ ‫َّل َّم‬ ‫ُأ‬ ‫َّل َّم َّن‬
‫َمْن َنَصَر الِّدْيَن َواْخُذْل َمْن َخَذَل الُمْس ِلِمْيَن‪ .‬لَا ُه َاِم ا ِفى ُدْوِرَنا َوَأ ْص ِلْح ُولَاَة َمْوِرَنا َواْج َعِل ال ُه ِولَاَيَتَنا ِفَمْن َخاَفَك َوا َقاَك‪ .‬لَا ُه اْدَفْع َع ا الَغلَاَء‬
‫َوالَوَباَء والِّرَبا َوالِّزَنا َوالَّز لَاِزَل َواْلِمَحَن َوُسْوَء الِفَتِن َما َظَهَر ِمْنَها َوَما َبَطَن َعْن ِبَلِدَنا َهَذا َخاَّص ًة َوَعْن َساِئِر ِبلَاِد الُمسِلِميَن الَعاَّم ًة َياَرَّب الَعاَلِميَن‪َ  ‬رَّب َنا َآِتَنا‬

‫ِفي الُّد ْنَيا َحَسَنًة َوِفي اْلَآِخَرِة َحَسَنًة َوِقَنا َعَذاَب الَّن اِر‬

‫ِعباَد الله ! ِإ َّن اللَه َيأُمُر ِبالَعْدِل َواْلِإ ْح َساِن ِإَو ْيَتاِء ِذى الُقرَبى َوَيْنَه ى َعِن الَفْخ َشاِء َوالُمْنَكِر َوالَبْغِي َيِعُظُكم َلَعَّل ُكم َتَذَّك ُرْوَن‪َ ,‬فاْذُكُرْوا اللَه الَعِظْيَم َيْذُكْرُكْم‬
‫اْش ُكُرْوُه َعَلى ِنَعِمِه َيِزْدُكْم َواْس َأ ُلْوُه ِمْن َفْض ِلِه ُيْعِطُكْم َوَلِذْكُر اللِه َأ كَبُر‬

‫‪Editor: Syaifullah‬‬

‫‪https://jatim.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-nderek-tindak-lampahe-kanjeng-nabi-Y1lAB‬‬ ‫‪3/3‬‬

Anda mungkin juga menyukai