Anda di halaman 1dari 5

UJIAN PRAKTIK BAHASA JAWA KELAS XII

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

A. PILIHAN MATERI
1. Panatacara tema bebas.
2. Sesorah tema dinten ageng nasional.
3. Pambagyaharja tema bebas.

B. PELAKSANAAN
1. Setiap peserta didik kelas XII wajib memilih salah satu dari materi pilihan.
2. Pelaksanaan ujian praktik secara tatap muka pada jam pelajaran bahasa Jawa atau
waktu yang telah disepakati dimulai hari Senin, 20 Februari 2023.
3. Peserta ujian dilarang membaca atau membawa contekan baik di buku, kertas,
tangan, dan sebagainya pada saat ujian praktik.
4. Bagi peserta ujian yang terlalu lama karena tidak hafal maka dinyatan tidak tuntas.

C. PENILAIAN
Penilaian ujian praktik bahasa Jawa SMKN 1 Pabelan Tahun Pelajaran 2022/2023
meliputi empat aspek sebagai berikut.
1. Kelancaran
Pada aspek ini peserta ujian diharapkan lancar melafalkan naskah yang disiapkan.
Peserta ujian juga diwajibkan hafal naskah yang telah disipakan sebelumnya.
2. Isi
Pada aspek ini yang dinilai adalah pemilihan kata, unggah-ungguh basa, dan
kesesuaian kalimat saat ujian praktik.
3. Intonasi
Pada aspek ini yang dinilai adalah intonasi atau tinggi rendahnya nada kalimat saat
ujian praktik.
4. Penampilan
Pada aspek ini yang dinilai adalah kerapihan pakaian, sikap, dan segala gerak pada
saat ujian praktik.

D. INSTRUMEN PENILAIAN

No Nama Nilai Aspek Penilaian


Kelancaran Isi Intonasi Penampilan
1 A KKM 75 0-30 0-30 0-20 0-20
TULADHA
PANATACARA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan, saha kamulyan mugi kajiwa kasasira wonten
ngarsa kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun,
Ingkang kinurmatan pangarsa SMKN 1 Pabelan Ibu Tutik Mardining Lestari, S.Pd., M.Pd.
Ingkang kula kurmati Bapak Ibu Guru saha Karyawan SMKN 1 Pabelan. Para kadang kelas
XII ingkang kula tresnani.
Puji syukur wonten ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanikmatan
sahingga kita saged makempal wonten ing adicara Wasana Warsa SMKN 1 Pabelan kanthi
wilujeng nir ing sambekala.
Para rawuh ingkang minulya. Keparengga kula wonten ing ngriki minangka panatacara badhe
nglantaraken rantaman adicara ingkang badhe kalampah wonten ing dinten menika.
Adicara sepisan pambuka.
Adicara kaping kalih nun inggih beksan gambyong.
Sambutan-sambutan minangka adicara kaping tiga.
Adicara kaping sekawan pelepasan Kelas XII.
Adicara kaping gangsal nun inggih donga.
Adicara kaping nenem penutup.
Adicara ingkang kapisan nun inggih pambuka. Sumangga kita bikak adicara menika kanthi
waosan baslamah sesarengan. Bismillahirrohmanirrohim.
Adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Kula minangka panatacara ngaturaken santen
peresan klapa, nyuwun pangapunten lepat kula. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
TULADHA
SESORAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan, saha kamulyan mugi kajiwa kasasira wonten
ngarsa kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun,
Ingkang kinurmatan pangarsa SMKN 1 Pabelan Ibu Tutik Mardining Lestari, S.Pd., M.Pd.
Ingkang kula kurmati Bapak Ibu Guru saha Karyawan SMKN 1 Pabelan. Para kadang siswa
SMKN 1 Pabelan ingkang kula tresnani.
Puji syukur wonten ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanikmatan
sahingga kita saged makempal wonten ing adicara Pengetan Kamardikan Indonesia ing SMKN
1 Pabelan kanthi wilujeng nir ing sambekala. Kula ngaturaken agunging panuwun kagem
sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi acara dinten kamardikan punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Sakderengipun tanggal 17 Agustus 1945 Bangsa Indonesia
dipunjajah dening Bangsa Walando lan bangsa Jepang. Nanging kanthi semangat para
kusumaning bangsa ingkang ngurbanaken jiwa lan bandha saengga bangsa Indonesia saged
ngumandangaken kamardikanipun. Tanggal 17 Agustus 1945 inggih punika tanggal
mardikaning bangsa Indonesia. Pramila saben tanggal 17 Agustus, bangsa Indonesia mengeti
minangka dinten kamardikan. Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumateng para
kusumaning bangsa awit saking pangurbanipun saengga ngantos wekdal punika kita saged
ngraosaken mardika, tentrem, lan rukun tanpa raos ajrih kejajah dening bangsa sanesipun.

Para rawuh sedaya ingkang kula urmati.


Sumangga sareng-sareng nyengkuyung program pemerintah kangge mbangun nagari, supados
dados nagari ingkang makmur adil lan rukun. Cekap semanten saking kula, kathah kalepatan
nyuwun pangapunte. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
TULADHA
PAMBAGYAHARJA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan, saha kamulyan mugi kajiwa kasasira wonten
ngarsa kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun,
Ingkang kinurmatan pangarsa SMKN 1 Pabelan Ibu Tutik Mardining Lestari, S.Pd., M.Pd.
Ingkang kula kurmati Bapak Ibu Guru saha Karyawan SMKN 1 Pabelan. Para kadang siswa
SMKN 1 Pabelan ingkang kula tresnani.
Puji syukur wonten ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanikmatan
sahingga kita saged makempal wonten ing adicara Wasana Warsa SMKN 1 Pabelan kanthi
wilujeng nir ing sambekala.

Bapak Ibu ingkang Kinurmatan. Tepangaken kula ....................... minangka wakil saking kelas
XII nyuwun agungin panuwun kagem Bapak lan Ibu guru sedaya. Katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula lan kanca-kanca saengga kula lan kanca-kanca saged
ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika. Kula kaliyan kanca-kanca namung
saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu guru pikantuk piwales saking
Gusti Allah Ingkang Maha Kuasa. Saha mugi Bapak Ibu guru tansah pinaringan kasarasan
kawilujengan, lan ketentreman sahingga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.
Mboten kasupen kula saha kanca-kanca nyuwun pangapunten sedaya lepat ingkang sampun
kalampah.

Cekap semanten saking kula. Kathah kalepatan nyuwun agunging pangaksama. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai