Anda di halaman 1dari 32

BAHASA DAERAH 2021/2022

DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 1
GUNUNG BROMO

Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing
banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca
negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur
kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan,
Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe
segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging
donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.
Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe
pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan
segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing
saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah
sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter
yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah
wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani
tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo
Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan
saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa
prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure
bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa
jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan
ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura
Luhur Poten
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

1. Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran….


a. Gunung kang paling dhuwur
b. Nduweni pemandhangan kang ora tinemu ing panggon liyane
c. Nduwei segara wedhi kang paling amba
d. Nduweni kawah lan uga akeh wisatawane

2. Pertanyaan : Jawaban (meter)

Dhuwure gunung Bromo ⃝ 1.000


Ambane segara wedhi ing gunung bromo ⃝ 2.392
Diameter kawah saka lor neng kidul ⃝800
Diamater kawah saka etan neng kulon ⃝10.000
⃝600

STIMULUS 2
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

3. Tema saka geguritan kasebut yaiku …


a. Pendhidhikan
b. Alam
c. Kabudayan
d. Agama
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

4. Kena sunare Hyang Bagaskara. Tembung Bagaskara tegese


a. Segara
b. Srengenge
c. Lemah
d. Langit

Cocogna gambar wayang lan jenenge wayang kanthi bener !


5. a. Semar

b. Gareng

c. Petruk

d. Bagong

e. Togog

STIMULUS 3
Jubriya
Dias kari dhewe ing njero angdes (angkutan pedesaan) nalika dheweke bali sekolah. Ora
let suwe ana sawijining ibu kang mudhun karo nyangking tas. Panase awan iku nyebabake Dias
sumuk. Kringet kang nelesi bathuke asring dilap. Nalika tekan ing ngarep regol gang, Dias mudhun
karo njingglengi dhompet sing dicekel.
"Takgawa bali, apa dakterne nyang sing duwe ya? " pikire. "Apa takserahne Polisi wae? "
Dias ora age-age jumangkah bali. Dheweke bener-bener bingung ing antarane pilihan loro
kuwi. Ing njero dhompet kandel mau ora mung isi KTP lan SIM, nanging uga isi dhuwit atusan
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

ewu rupiyah kang bisa ngganggu pikirane bocah saumure Dias. Wong diwasa kang jujur wae bisa
dadi ora jujur yen nemu dhompet isi dhuwit akeh ngono kuwi.
Dhompet sing ditemu Dias ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane.
Ing ngarepe Dias lungguh mau ana sawijining ibu kang dheweke isih eling lan apal banget karo
rupane.
"Dhompet iki takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahake marang sing
duwe? " Dias mikir dawa. "Dhompet iki rak isine dhuwit akeh? "
Dias dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Sikap iku kang tansah
diwulangake wong tuwane wiwit dheweke isih cilik. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake.
Wong dianggep luhur derajate yen jujur tumindake.
6. Dias nemu dhompet kang isi dhuwit atusan ewu ana ing …
a. Sekolahan
b. Kursi omah
c. Angdes (angkutan desa)
d. Kantor polisi

7. Pranyatan iki bener utawa salah adhedhasar cerita cekak “Jubriya” ing dhuwur

PRANYATAN BENER SALAH


Dias bocah sekolah
Dias nemu dhompet ana ing Sekolahan
Dias kepingin njupuk dhuwit kang ana ing dhompet
Dias numpak angdes nalika mulih sekolah

STIMULUS 4

Kagiyatan Karang Taruna Kanggo Mbrantas Kacingkrangan

Risa, salah siji bocah wadon kang kalebu anggota Karang Taruna ana ing Desa
Sumber Aji. Karang Taruna ana ing desane kasebut bakal menehi sembako marang warga-
warga kang kekurangan ana ing patang RT, yaiku RT 1,4,6,lan 8. Akehe warga kang
kekurangan saben RT mesthi wae beda-beda. Tabel dhata ngenani jumlahe warga kang
mbutuhake sembako kaya ana ing ngisor iki.

RT Jumlah KK Jumlah KK kang kekurangan


RT 1 40 12
RT 4 32 16
RT 6 35 10
RT 8 42 14

Risa sakanca arep bagekake sembako 52 paket. Saben KK kang kekurangan bakal
diwenehi sapaket sembako. Nalika mbagekake paket sembako, Karang Taruna dibagi dadi
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

rong kelompok, yaiku kelompok abang lan kelompok putih. Kelompok abang nduweni
tugas mbagi sembako ana ing RT 1 lan Rt 4, dene kelompok putih mbagi sembako ana ing
RT 6 lan RT 8.

8. Akehe KK RT 1 kang ora nampa paket sembako yaiku ….


a. 12 KK
b. 18 KK
c. 28 KK
d. 16 KK

9. Pranyatan iki bener utawa salah adhedhasar cerita “Kagiyatan Karang Taruna Kanggo
Mbrantas Kacingkrangan” yaiku ..
PRANYATAN BENER SALAH
KK kang oleh sembako ing RT 1 luwih akeh saka KK ing RT 6
Risa lan kancane arep mbagekake paket sembako
KK ing RT 8 kang ora nampa sembako yaiku 20 KK
Cara mbagekake sembako kanthi cara dibagi kelompok

10. Sing bakal nampa sembako yaiku RT ….


⃝ RT 4
⃝ RT 5
⃝ RT 6
⃝ RT 7

11. Sandangan swara kuwi ana wulu kanggo i, suku kanggo u, pepet kanggo ê, taling kanggo

è/é, taling tarung kanggo o. aksara iki supaya bisa diwaca sega kuning, panulise
sing bener yaiku…..

a. segkuni=
b. [sgkini
c. [sgkuni=
d. segkini=

12. Sandangan ana ing aksara jawa iku maneka warna. Tuladhane sandhangan
swara,sandhangan panyigeg wanda, sandhangan wyanjana. \ (pengkal), ] (cakra) lan }
(cakra keret) aksara kasebut kalebu sandhangan….
a. Sandhangan swara
b. Sandhangan panyigeg wanda
c. Sandhangan wyanjana
d. Sandhangan panyigeg
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 5

Sidoarjo, 20 Oktober 2015


Katur dhumateng
Eyang Prawirodimeja
Wonten ing Madiun.
Nuwun,
Kanthi serat punika keng wayah ngaturaken sembah sungkem dhumateng ngarsanipun Eyang
sekaliyan wonten ing Madiun. Boten kesupen keng wayah ugi ngaturaken kabar bilih keng
wayah wonten ing Sidoarjo tansah ginanjar wilujeng, nir ing sambekala pikantuk berkahing
Gusti Kang Maha Asih. Mugi-mugi Eyang sekaliyan saha sedaya keluarga wonten ing Madiun
makatena ugi, Amin.
Kajawi saking punika keng wayah atur kabar bilih sapunika keng wayah kanthi
pandonganipun Eyang kekalih sampun kasil minggah kelas 8 SMP wonten ing Sidoarjo.
Sakedhap malih ”pembelajaran” semester ganjil ndungkap purna. Keng wayah nyuwun
pandonganipun Eyang kekalih, mugimugi rapor kula samangke pikantuk biji ingkang sae.
Eyang Kakung saha Eyang Putri ingkang kula pundi, ngendikanipun Bapak saha Ibu, kula
mangke manawi biji rapor kula sae oleh dolen ing Omahe Eyang numpak sepur “Sancaka”
jurusan Surabaya-Yogyakarta. Wekdal kula liburan udakara wulan Desember tanggal 24
ngantos minggu sepindhah ing wulan Januari, mugi Eyang kekalih saged nampi keng wayah
kanthi renaning penggalih.Kula kinten cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten
keladuking atur saha kirang duga, keng wayah nyuwun agunging samodra pangaksami..
Nuwun.
Keng Wayah

Nanang Wijaya

13. Isi saka layang kasebut yaiku …


a. Nyritakake yen wis munggah kelas 9
b. Nyritakake yen dolan neng Madiun
c. Nyritakake yen bijine apik bakal dolan ing Madiun
d. Nyritakake yen arep ujian ing kelas 8
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

14. Saka isine layang, coba jodhona pranyatan kang ana ing ngisor iki!

PITAKONAN JAWABAN

1. kang ngirim layang a. Eyang Prawirodimeja

b. Surabaya-Yogyakarta
2. Kang dikirimi layang
c. Nanang Wijaya
3. Kreta kang bakale
digunakake d. Sancaka
4. Daleme eyang kekalih
e. Madiun

15. “oleh dolen ing Omahe Eyang numpak sepur “Sancaka” jurusan Surabaya-Yogyakarta..
Ukara kasebut yen dadi karma alus sing bener yaiku….

a. Angsal sowan dhateng griyane Eyang nitih sepur “sancaka” jurusan Surabaya-Yogyakarta.
b. Angsal sowan dhateng omahe Eyang nitih sepur “sancaka” jurusan Surabaya-Yogyakarta.
c. Angsal sowan dhateng dalemipun Eyang numpak sepur “sancaka” jurusan Surabaya-
Yogyakarta.
d. Oleh sowan dhateng griyanipun Eyang numpak sepur “sancaka” jurusan Surabaya-
Yogyakarta.

STIMULUS 6
Bapak Polah Anak Kepradhah Dening : Anjrah Lelono Broto

"Pak, Njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun
mungsuh duren! Meh sewulan kepungkur, Ali manek-manekake ngudhari apa kang bruwet
ing sirahe menyang bapake. ….
Kelincipen. Meh wae ukara iku mlumpat saka lambene Ali. Ning nyawang raine
bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah sing dikojahake
bapake mau pancen wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang hektar, sapine kang
diparon-paronke mblasah neng ngendi-endi. Malah mantan lurah kidul kali kuwi duwe
anak-duwe mantu pegawe bank. Nyendhal dhuwit satus rong atus yuta paribasane suwe
mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehem sethithik akeh caire.
Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sak ilat ,
nanging mbok iyaa bapake iki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki mawa bea
jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku dhisik sadurunge
diduweni. Pengin dadi PNS wae kudu tuku. Pengin dadi artis ya kudu tuku. Pengin dadi
prangkat desa saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah ? Apa maneh dadi caleg ? Ali
asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudu sangu rekomendhasi saka partai.
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

Kamangka rekomendhasi kuwi isane mudhun yen disinggek dhisik nganggo dhuwit kang
ora sethithik.
"Saiki bapake takon, Al. Sejatine kowe iki ndhukung karepa bapak tah ora ?
Amarga kawit wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati, melu-melu melekan,
ngrukuni tim sukses-e bapak, uga ngrewangi ibumu lan wong-wong ing pawon…" Ali ora
gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja. Lamat-lamat swara adzan Isya’ saka
masjid wiwit mampir ing kuping. " Yen bapak kepenak uripe, ibumu, kowe, lan sedulur-
sedulur liyane rak ya melu ngrasakake ta, Al ? "
"Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit kraos yen kantun pelajaran
sekolah, gara-gara asring melekan, " saute Ali meh ora keprungu. ….
"Kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik. Yen bapak polah kuwi anake ya
kudu melu kepradhah. Hahahaha……." guyune bapake Ali keprungu kaya gludhug ing
mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe Mas Hadi, rivale bapake Ali
kang mung dipisahake dalan. …
Pindha layangan tanpa tali kang kagawa angin menyang ngendi-endi, awake Ali
krasa entheng. Ngleyang. Pindha rante sepedha kurang oli, balungane awake Ali nyuwara
pating kriyet nuduhake nemene kesele. Ali kang nduweni awak ngiyeyet kuwi kaya-kaya
kari balung lan kulit, amarga karamean ing omahe saben wengi. Ali nyelehake bokonge
sing tepos ing bangku kelas. Kelas isih sepi, iki mau dheweke gage budhal sekolah
sakdurunge keri kaya wingi gara-gara ngrewangi ibune nyepakake suguhan kanggo
dhayohe bapake sing rina wengi ngleset ing teras omahe.
Ali pancen jan kesel sapol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke kurang turu
amarga karepe bapake. Bapake kang wis mataun-taun pinercaya pendhudhuk kampunge
jejer bayan iku nduweni karep kang luwih. Karepe bapake Ali iki ora kena sinangga
entheng kanggone Ali sagotrah. Bapake pengin macung lurah jroning pilkades taun iki.
Keneng apa ora kena sinangga entheng ? Amarga kang dadi mungsuhe kuwi lurah
dhongkol kang kena diarani isih trahing kusuma rembesing madu…

16. "Pak, Njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh
duren. Tegese Timun mungsuh duren yaiku ….
a. Barang cilik mungsung barang gedhe
b. Lelakon kang bakale nuwuhake lelara
c. Wong cilik mungsuh wong gedhe
d. Bakal nuwuhake samubarang kang apik
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

17. Adhedhasar wacan ing ndhuwur, Jodhokna basa rinengga ing isor iki!

Paribasan
Pindha layangan tanpa tali
Bebasan
Kusuma rembesing madu
Saloka
Timun mungsuh duren
pepindhan

18. Kanggo nulis aksara kang gedhe, ing aksara jawa nulise nganggo aksara murda. Cacah
saka aksara murda iku ana 8, yaiku !,(na), @ (ka), # (ta), $ (sa), % (pa), ^ (nya), & (ga),
lan * (ba). Yen dinggo nulis tembung “Surabaya”, panulisan sing bener yaiku…
a. $ur*y
b. surby
c. $urby
d. sur*y

19. @nJe=$usuaunn\, pranyatan ing ngisor iki kalebu Ya /Ora


Aksara murda kang digawe ana ing tembung
a. Ya b.Ora
kasebut yaiku Na dan Sa

20. Pranyatan ing ngisor iki jodhokna!


1. Prawiradirja a. %]wirfi/j
2. Dipaprawira b. fi%p]wir
3. Burhantara c. @/tini
4. Subekti d. *u/anTr
e. $ubekTi

21. Aksara vokal yen ditulis gedhe, nggunakake aksara swara. Aksara swara kasusun saka
limang aksara,yaiku A (A), I (I),U (U), E (E), O (O).Yen jenenge wong “Ajeng Indari”
ditulis nganggo aksara swara yaiku ….

a. Aje=ainFri
b. Aje=Infri
c. aje=InFri
d. Aje=InFri

22. OpikLai/ai=Ap]il\, pranyatan sing bener yaiku….


Aksara jawa kasebut yen diwaca dadi a. Bener b.Salah
Opik lair ing bulan April
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

23. Pranyatan ing ngisor iki jodhokna!


1. Agustus a. I[nFo[nsiy
2. Indonesia b. E[roph
3. Amerika c. Aguss\
4. Eropa d. Ap]ik
e. A[mrikh

Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara
kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung
manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung saka basa Arab. Cacahe aksara rekan iku
ana lima, dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki :

k+ f+ p+ j+ g+
Kha dza Fa/va za gh

24. j+ktP+it]h , yen ditulis latin dadi …


a. Jakat pitrah
b. Zakat pitrah
c. Zakat fitrah
d. Jakat fitrah

25. j+ki/[g+oj+li, yen ditulis latin dadi …


a. Jakir Ghozhali
b. Zakir Gojali
c. Zakir Ghozali
d. Jakir Ghozali

26. Jodhohna pranyatan ing ngisor iki!


Aksara jawa Cacahing sandhangan swara
1. akufu[wpitikTelu a. 4
2. segkuwe/nkuni= b. 5
3. k]tegKemb/pitu c. 6
d. 7

27. Jodhohna pranyatan ing ngisor iki!


Aksara jawa Cacahing aksara
1. ajllik[roaku a. 7
2. mugmugffimulY b. 8
3. ke[bobu[lai=swh c. 9
d. 10
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 7
Nuwun,
Assalamualaikum wr wb,
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu Guru
ingkang satuhu kula bekteni, mitra kula kakung punapa dene putri ingkang kula tresnani. Puji
syukur tansah katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan,
rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika saged kempal
manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa.
Wonten ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab upaya ngembangaken
kewirausahaan. Saderenge matur kathah, kita kedah mangertosi punapa ikngkang kawastan
wirausaha.
............................................................................................................................................................
.........
28. Nitik saka strukture, prathelan ing dhuwur iku kalebu . . .
a. Sesorah/pidato
b. Pewara/pambyawara
c. Geguritan
d. Laporan kegiatan
Assalamualaikum wr wb,
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu Guru
ingkang satuhu kula bekteni, mitra kula kakung punapa dene putri ingkang kula tresnani. Puji
syukur tansah katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan,
rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika saged kempal
manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang bagya mulya, saderengipun adicara kawiwitan keparenga kula
hangaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampahan, inggih punika
:................................................................
29. Prathelan ing dhuwur iku kalebu . . .
a. Sesorah/pidato
b. Pewara/pambyawara
c. Geguritan
d. Laporan kegiatan

30. Sesorah utawa pidhato tegese ngomong, maksude yaiku ngandharake gagasan, panemu, utawa
informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan lan teknik tartamtu. Diarani uga
medharsabda. Sesorah/pidhato iki lumrah ditindakake ing acara-acara tartamtu. Teks
pidhato/sesorah iku kedadeyan saka telung bageyan, yaiku . . .
a. Pambuka, panutup, pandonga
b. Pangajeng-ajeng, pakurmatan, salam.
c. Isi, piweling, pangajeng-ajeng.
d. Pambuka, isi/surasa, panutup
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

Para rawuh ingkang bagya mulya, ing kalodhangan punika kita angestreni jengkaripun
Bapak Bagiyo sakulawarga manggeni griya enggal dados tanggi tepalih kita sedaya. Mugi-mugi
Bapak Bagiyo tansah krasan wonten ngriki. Panjenenganipun ugi nyuwun pangapunten menawi
sawanci-wanci kepireng swanten rame gumerah awit ingkang manggen ing griya niki kathah,
wonten kalih jodho lan saben jodho sami kagungan putra tiga.
...................................................................................................................
31. Manut prathelan ing dhuwur, gunggunge batihe Bapak Bagiyo ana . . .
a. 6 /enem
b. 8 / wolu
c. 10 / sedasa
d. 12 / kalihwelas
Para rawuh ingkang bagya mulya, ing kalodhangan punika kita ndherek angestreni
anggenipun Eyang Suro mangayubagya putra wayahipun ingkang nembe tigang (3) lapan.
Kanthi paring donga pangestu mugi-mugi ingkang putra wayah dadosa putra ingkang sholeh
sholehah, mbangun turut dhateng tiyang sepuh, migunani tumrap agami, bangsa lan negari,
aamiin. ........................................................ .
32. Manut prathelan ing dhuwur, yen se-lapan iku gunggunge ana 36 dina berarti umur anak
putune Eyang Suro ana . . . dina
a. 100
b. 108
c. 116
d. 120

33. Tigang (3) lapan iku pirang wulan/sasi, yen sawulan/sesasi iku duweni 30 dina ? Rewangana
ngitung ya Bro! Sing bener umure putune Eyang Suro ana . . .wulan, punjul/luwih/lebih . . .
dina
a. 3, 6
b. 3, 8
c. 3, 10
d. 3, 12

Setitekna wacana ngisor iki!


Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung
dilaksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa kelompok manut kabutuhan.
Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen
dilaksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang wong utawa lembaga sing
menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dingerteni sapa wae.
34. Laporan kegiyatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiyatan wis dileksanakake.
Kajaba kuwi laporan kegiyatan katulis kanggo . . .
a. Dokumen pribadi para siswa
b. Dokumen kanggo sekolah
c. Pertanggungjawaban
d. Latihan nulis laporan
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

35. SMP Bhawidya Cantrika saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku sinau wisata.
Sinau wisata iki mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala
Sekolah, para siswa ora mung sinau ning njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare
wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing
laboratorium alam.
Pethikan teks laporan kegiyatan ing dhuwur klebu perangane . . .
a. Pambuka
b. Andharan
c. Surasa/isi
d. Panutup

36. Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah?

// . . .Wondene adicara salajengipun inggih punika, A. Bener B. Salah


lapuran saking ketua panitia pengetan Isro’ Miroj’,
dhumateng Bapak . . .ingkang kajibah ketua panitia,
kula sumanggakaken //
Perangan dhuwur iku kalebu ada-ada.

Para rawuh ingkang minulya, para kadang siswa ingkang bagya mulya
Mekaten reroncening tatacara ing siyang menika. Wiwitan ngantos wekasan, mugi
lumampah kanthi rancag tanpa pambegan, awit ridlaning Gusti Ingkang Maha Suci
Dhumateng sedaya kemawon, panitya ngajak sumangga kita dherekaken acara ing siyang
menika wiwitan ngantos wekasanipun. Nuwun.
Salajengipun ing siyang menika, sumangga kita buka sesarengan kanthi maos ummul
Qur’an, surat Al Fatihah.
Kasumanggakaken . . . Al Fatihah . . .

37. Kanggo nerusake pidato ing dhuwur, pranyataan iki, mathuk apa ora? Wangsulana!

“Matur nuwun, ndungkap acara salajengipun inggih A. Ya B. Ora


menika, bojana andrawina, angedhapi dhedhaharan
minangka pasugatan ingkang sampun cumawis ing
ngarsa Panjenengan sedaya, sumangga . . .”

Nyusun teks Laporan kegiatan kudu katindakake adhedhasar asil sawise nindakake
kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis teks laporan kegiatan, antarane yaiku :
ditulis sawise nindakake kegiatan, nggatekna struktur teks lan unsur basane, panulise nganggo
paugeran ora kena nyimpang, runtut miturut cengkorongan sing wis dirantam.
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

38. Pranyatan ing ngisor iki mathuk apa ora, wangsulana!


“Laporan kegiatan bisa katulis sakepenake, gumantung A. Ya B. Ora
marang sing gawe laporan, sing penting ditindakake
sawise nindakake kegiatan”

SMP Bhawidya Cantrika saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku sinau
wisata. Sinau wisata iki mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala
Sekolah, para siswa ora mung sinau ning njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan
tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam.
Laboratorium alam sawijining panggonan kang cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau
disinaoni dening para siswa. Kanthi mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae,
nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut, sekolah ngajak marang para
siswa sinau wisata menyang Yogyakarta.
39. Miturut laporan ing dhuwur, sinau wisata iku gunane kanggo . . .
o Seneng-seneng, plesir
o Nambahi wawasan/kawruh
o Ngerteni tuladha sing nyata
o Golek kanca sing akeh

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang
kula bekteni,
Bapak/Ibu Tiyang sepuh-wali siswa kelas IX ingkang ambeg berbudi darma,
Para priyagung tamu undhangan kakung miwah putri ingkang luhuring budi,
Para kadang siswa kelas IX, adhik-adhik kelas VII-VIII ingkang bagya mulya.
Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur konjuk ing ngarsa Gusti Allah SWT, ingkang tansah
asih ing sedaya titah, kacihna enjing menika kita saged pepanggihan ing acara perpisahan siswa
kelas IX, kanthi kahanan bagya mulya boten kirang setunggal punapa.
Ing dinten menika, kula minangka wakil siswa kl IX, mugi kepareng nyuwun pangapunten, awit
sedaya kalepatan kula.
Tigang taun dangunipun kula Panjenengan pimpin, Panjenengan gladhi, kaparingan maneka
werna ilmu. Boten wonten ingkang kula aturaken dhateng Panjenengan, namung atur panuwun
saha sak tindak-tanduk kula sakanca, atur wicara kula ingkang boten mranani ing penggalih
paduka . .

40. Ing teks wacana dhuwur sing kalebu perangane pambagyaharja yaiku . . .
o Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni
o Dhumateng Gusti Allah SWT ingkang tansah asih ing sedaya titah
o Para priyagung tamu undhangan kakung miwah putri ingkang luhuring budi,
o Para nayakaning praja ingkang ambeg darma
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

Laporan kegiatan ditulis sawise kegiatan ditindakake. Laporan kegiatan sing apik yaiku
laporan sing isine ngandharake utawa nyritakake kanthi cetha, gamblang lan gampang
dingerteni dening sapa wae kang maca. Kanggo nulis laporan kegiatan sing apik kudu gawe
cengkorongan luwih dhisik.

41. Gunane cengkorongan yaiku . . .


o Kanggo nambah wawasan nulis
o Kanggo ngetrapake tulisan sing apik lan alus
o Kanggo paugeran, supaya ora nyimpang saka data
o Kanggo nggampangake lan runtute panulisan laporan

STIMULUS 8
Semaken pearangan teks laporan ngisor iki!
Kanggo mahargya asil kelulusan 100% taun 2015, SMP Nusa Indah nganakake acara
wisudha siswa kelas IX. Ing dina Sabtu tanggal 26 Juni 2018 Wisudha kelas IX iku
katindakake. Manggon ing Pendhapa Serba Guna Cantrika Mandala, 270 siswa-siswi kelas
IX SMP Nusa Indah wis diwisudha, lulus lan bisa nerusake cita-citane kanthi sekolah ing
SMA utawa SMK pilihan atine.
Acara Wisudha kang binuka jam 08.00 iku kawiwitan kanthi waosan ayat suci Al-
Qur’an dening Zuhrotus Ilmiyah kelas VIIIA. Acara wisudha iku dadi luwih regeng maneh
bareng anane tari pambuka, tari Rema kang ditindakake dening Anissa lan Indriyana saka
asil kegiatan eskul tari.
Bapak Drs. Hadi Subagiyo minangka Ketua Panitia ngaturake panuwun awit saka
kabeh panyengkuyung, lan nyuwun pangapura yen ing tata laksana kegiatan ana
kekurangane. Sabanjure Bayubajra Pratama minangka Ketua OSIS lan wakil saka kelas VII
lan VIII menehi semangat marang kabeh Mbakyu lan Kangmase. Muga-muga bisa nggayuh
cita-citane.
Jam 09.00 maju Paduan suara saka kelas IX. Kanthi klambi lan sragam kang
kembang-kembang lan sing lanang nganggo dhasi lan hem biru polos, wah apik banget.
Apamaneh lagu lan swarane uga ora nguciwani. Malah akeh Wali Siswa lan Bapak Ibu Guru
uga para siswa sing padha mewek alias nangis.
..............................................................................................................................
42. Sing kalebu perangan Pambukane teks laporan ing dhuwur yaiku . . .
o SMP Nusa Indah nganakake acara wisudha siswa kelas 9
o Kanggo mahargya asil kelulusan kelas 9 sing 100%
o Acara wisudha binuka jam 08.00 ing Pendhapa Serba Guna
o 270 siswa-siswi kelas 9 SMP Nusa Indah wis kelakon diwisudha
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 9
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabau ing maespati
Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama
43. Yen deleng saka titikane,tembang kasebut diarani ….
a. Pocung
b. Kinanthi
c. Maskumambang
d. Dhandhanggula

44. Guru wilangan lan guru lagu saka gatra kaping papat yaiku 8e
a. bener
b. salah

45. Jodhona guru wilangan lan guru lagu tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
Nomer gatra Guru wilangan lan guru lagu
10i
Gatra ke-1
9i
Gatra ke-4 7u
6u
Gatra ke-7
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 10
Pangkur
Mingkar-mingkur ing angkara
Akarana karenan mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
46. Tembang ing dhuwur kedadeyan saka pirang gatra ….
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9

47. Tembang kasebut nduweni guru wilangan 8,11,8,7,12,7,lan 8


a.Ya
b. Ora/tidak

48. Jodhona pranyatan ing ngisor iki!


TEMBANG CACHING GATRA
Pangkur 6
Dhandanggula 7
Kinanthi 9

10
BAHASA DAERAH 2021/2022
DOKUMEN RAHASIA

STIMULUS 11

Kunthi : Aku iki ngimpi apa kanyatan, Karna.


Karna :Dhuh kanjeng ibu jimat gesang kula. Nyuwun pangapunten dene salamining
gesang kula, nembe menika kula wantun anyebat ibu dhateng paduka.
Kunthi :Kowe kuwi guneman apa, aja kandha kaya mangkono mundhak rusak atiku wong
bagus.
Karna : Ibu, yektosipun sedaya titah menika kawengku ing kodratipun piyambak-
piyambak. Mila saking menika, nadyan rina kaliyan wengi ingkang misahaken kula lan paduka
kanjeng ibu, bandha brana picis ingkang misahaken kula lan paduka kanjeng ibu, menapa dene
kawibawan kamulyan lan ajining dhiri ingkang kuwawi misah kula lan jengandika kanjeng ibu,
nanging idhep sarta mantebing tekad kula pun Karna inggih namung paduka Dewi Kunthi
Talibrata ibu ingkang kula bekteni.
Kunthi :Karna, nadyan durung tumekaning pati pangrasaku kaya wus mapan ing
kaswargan jati. Ibarate wong nyupena kang endah, aku wedi yen iki mengko kudu pogog jalaran
nglilir. Karna, kowe anakku. Apuranen pun ibu ya ngger! Merga kleruning patrabku nalika iku aku
tega karo kowe. Karna...Karna aku apuranen ya ngger.
Karna :Ibu, sampun ngendika ingkang kados mekaten. Raos kula jinem wonten ing
pepangkon jengandika kanjeng ibu.
Kunthi :Hayo tak gandheng tanganmu. Kowe aja mateni adhimu. Nadyan aku weruh yen
Duryudana puguh atine kaya gunung waja kowe didadekake senopati. Kowe aja mateni Pandhawa.
Kowe meluwa Pandhawa Karna.
Karna :Ibu, paduka sampun ngendika kados mekaten. Nadyan mboten kirang ing reh
pangabekti kula dhateng jengandika kanjeng ibu, miwah katresnan kula dhateng kadang-kadang
kula Pandhawa, nanging paduka sampun ngendika menawi kula kedah makempal kaliyan kadang
kadang kula Pandhawa. Nadyan bumi langit tangkeb kula mboten badhe saged kempal kaliyan
Pandhawa.

49. Punapa ingkang disuwun Dewi Kunthi marang Karna …..


a. Dewi Kunthi nyuwun supados Karna maju wonten perang
b. Dewi Kunthi nyuwun Karna dados panglima perangipun Pandhawa
c. Dewi Kunthi nyuwun supados Karna makempal kalih Pandhawa
d. Dewi Kunthi nyuwun Karna padha nyedani Pandhawa

50. Cobi dipunpirsani andharan wonten ing ngandhap punika!

Ing wacan menika, konflikipun inggih menika Dewi Kunthi ingkang A. ya B.Ora
nggadahi pepinginan Pandhawa menang perang.
Pilihen salah siji wangsulan a, b, c, d, utawa e sing koanggep paling bener!

Wacanen teks artikel iki kanggo mangsuli pitakon angka nomor 1 –3 !

1. Bab kang dirembug ana sajroning artikel kasebut yaiku….


A. Dampak saking ngobong uwuh kangge masyarakat
B. Guna lan mupangate uwuh kangge masyarakat
C. Kapitunan kang diakibatake tumpukan uwuh ing dhasar kali
D. Penyakit lan bencana akibat lingkungan kang reged amargauwuh
E. Cara kang pener kanggo ngolah uwuh kang sumebar ing masyarakat
2. Wektu kang dibutuhake supaya uwuh plastik bisa diurai dening mikroorganisme yaiku
….
A. Uwuh plastik paling sithik bisa diurai sewelas taun
B. Uwuh plastik paling akeh sewelas taun
C. Sterofoam mbutuhake 5000 taun supaya bisa diurai
D. Uwuh plastik mbutuhake paling akeh rolas taun supaya bisa diurai
E. Uwuh plastik bisa diurai dening mikroorganisme paling sithik rolastaun

Wacanen pilihan iki kanthi nastiti!

3. Ukara sing trep manut wacan “Lingkungan Reged Agawe Susah” yaiku….
A. (1), (2), lan (3) bener D. mung (4) sing bener
B. (1) lan (3) sing bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sinbener

Wacanen kanthi premati teks cerita wayang iki, banjur wangsulana pitakone
nomer 4 lan 5!

4. Pitutur luhur kang kamot ing pratelan crita “Pandhu Jumeneng Nata Ing
Hastinapura” yaiku….
A. Aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa.
B. Tumindak adil kanthi pirembugan kanggo nemtokake bab kang wigati.
C. becik ketitik alaketara.
D. Ngalenggana apa kang wis kang ginaris dening Gusti.
E. tebu tuwuhsocane.

Gatekna ukara ing ngisor iki!


5. Kang ora jumbuh karo crita “Pandhu Jumeneng Nata Ing Hastinapura” yaiku….
A. (1), (2), lan (3) ora jumbuh
B. (1) lan (3) sing ora jumbuh
C. (2) lan (4) sin ora jumbuh
D. mung (4) sing ora jumbuh
E. kabeh wangsulan ora jumbuh

Gatekna ukara ing ngisor iki!

6. Adhedhasar karakteristik kasebut jumbuhne Paraga Arjuna karo karakter


pewayangane!

Arjuna A.

B.

C.

D.

E.
7. Panulisan “Raden Ajeng Kartini” mawa aksara Murda yaiku....

A. D.

B. E.

C.

8. Menawa ditulis menyang aksara Latin, yaiku....


A. Wis wancine bayar zakat mal. D. Wis wancine bayar zakat fitrah.
B. Wis wayahe bayar zakat fitrah. E. Wis wektune bayar zakat fitrah.
C. Wis wayahe bayar zakat mal.

Semaken pethilan cerkak ing ngisor iki!

9. Tembung saroja kang tinemu ing pethilan cerkak kasebut yaiku…


A. kewan wengi,sepi ning wengi D. lencir kuning, kewanwengi
B. sepi mamring,satokewan E. riwis-riwis, kidung kaendahan
C. atine kasaput mendhung
Gatekne ukara ing ngisor iki!

10. Ukara sing kadunungan tembung entar, yaiku….


A. (1), (2), lan (3)bener D. mung (4) sing bener
B. (1) lan (4) sing bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sing bener

Wacanen tembang gambuh iki kanthi nastiti kanggo mangsuli pitakon nomor 11-14!

11. Guru wilangan lan guru lagu saka tembang gambuh kasebut yaiku....
A. 7u, 8o,12i,6u,8o D. 7u, 10u, 12i, 8u, 60
B. 7u, 10u,12i,6u,8o E. 12u, 8u, 8i,8u,80
C. 7u, 10u, 12i, 8u,8o

12. Tembung catur, cinatur, kalantur, tutur ing tembang gambuh nduwenipurwakanthi
....
A. guru swara D. gurugatra
B. guru basa E. guru lumaksita
C. guru sastra
13. Isi tembang gambuh gatra ketelu (Tanpa tutur katula-tula katali) yaiku...
A. ngomongne tingkah lakune bocah singkebablasan
B. aja nganti kebablasan saben tingkah laku sing orajujur
C. tingkah laku sing kebablasan bakal dadi kebiasaan singala
D. tingkah laku sing ora nate dikandani mengko bakal tambah nggladrah
E. yen wis kadung nggladrah bakal kasep dibalekake ning kahananwiwit

Wacanen tembang Kinanthi iki!

14. Pesen moral tembang Kinanthi kasebut....


A. senajan dadi wong pinter yen ngelmune ora dilakoni ora anagunane
B. supaya uripe bisa diarani sampurna kudu dikantheni ngelmu singdhuwur
C. senajan uripe sampurna lan duwe drajat pangkat, nanging kudu tetepsinau
D. wong sing duweni ngelmu sing luhur kuwi mesthi bakal digoleki wongliya
E. yen kepengin dadi wong pinter kudu sregep sinau lan ngudi kanthi
temenan

Wacanen geguritan iki!

Isi geguritan Abad 21


(1) Manungsa tumindak sakarepe dhewe
(2) Indonesia isih during Makmur
(3) Manungsa padha ora syukur
(4) Yen bumine wis tuwa
(5) Bumine kudu didandani
15. Isi geguritan Abad 21 yaiku ….
A. (1), (2), lan(3)bener D. mung (4) singbener
B. (1) lan (3)singbener E. kabeh wangsulanbener
C. (2) lan (4) sinbener

Gatekne gambar reroncen adicara panggih temanten ing ngisor iki!

Ijol-ijolan kembang Gantalan Ngidag Antiga


mayang
16. Adhedhasar gambar kasebut urutane panggih manten sawise ngidag antiga yaiku
….

A. D

B. E

C.

Gatekne gambar ing ngisor iki!

18. Gambar kasebut nuduhake tata urutan temu


manten adat Jawa sing diarani upacara
kacar-kucur, upacara kasebut nduweni
makna filosofis yaiku….
A. wong lanang nduweni tanggung jawab
nyukupi sandhang pangan lan
wongwadon kudu ngati-ngati nalika
nampa kayane.
B. wong tuwa pinanganten ora bakalemban
cindhe anggone ngrengkuh putra mantu
kaya putrane dhewe
C. nyuwun pandunga supaya urip kacukupan lan dadi keluwarga kangkinasihi.
D. pratandha yen sebarang tumindak muna-munine bakal dipikir kanthi weningi
ati
E. pinanganten kekarone bakal nemu kabegjan lan kamulyan saka Gusti
Kang Maha WelasAsih

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati!


Karakteristik teks
(1) Nduweni sifatnyata/objektif
(2) Migunakake basapadinan/ilmu
(3) Pilihan tembung, ukara, lan gaya
basa sing winates
(4) Nduweni makna denotatif
(makna satemene)
(5) Nuwuhake kesan logis ing
batin sing maca

19. Adhedhasar wacan kasebut, Teks kanthi irah-irahan “Guwa Wisata” duweni
karakteristik….
A. (1), (2), lan(3)bener D. mung (4) singbener
B. (1) lan (3)sing bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sinbener
Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati!

Karakteristik teks
(1) Migunakake aturan basa gumantung jinis karya singdigawe
(2) Nduweni sifat nyata/objektif
(3) Nyentuh ingrasa/ati
(4) Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine singmaca
(5) Nduweni sifat fakta utawa bisa dijlentrehna miturutilmu/indra
20. Adhedhasar wacan kasebut, Teks kasebut duweni karakteristik....
A. (1), (2), lan (3)bener D. mung (4) singbener
B. (1) ,(3), lan(4)bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sing bener

Wacanen pethilan teks pidhato ing ngisor iki!

21. Ukara kasebut kalebu perangan....


A. pambuka D.isi
B. salam pambuka E.wasana/panutup
C. pangarep-arep

Wacanen teks drama iki kanthi premati!


Kiki bisa kasil mlebu SMA negeri ing kuthae, nanging ora sekolah kang favorit. Atine
mangu-mangu banjur sowan ing daleme Bu Gita minangka Guru BK SMP-ne.
Kiki : “Kulanuwun.”
Bu Gita : “O, Kiki, kadingaren sore-sore. Kene-kene lungguh!”
Kiki : “Inggih, Bu. Nyuwun pangapunten saderengipun.”
Bu Gita : “Ora apa-apa kok. O iya, aku krungu kabar jare Kiki ketampa SMA
negeri?”
Kiki : “Inggih Bu. Nanging mboten SMA ingkang favorit. Raosipun kirang
mantep.
Bu Gita : “Padha wae. Lha, ngapa ta?”
Kiki : “Wonten ingkang ngendika bilih saking SMA mboten favorit rekaos
ketampi dhateng PTN Bu.”
Kanggo nomer 22-23 wacanen pethilan drama kasebut, banjur wangsulana
pitakone! pilihan A kango ukara sing Bener lan B kanggo ukara sing Luput!
B L
22. Tataran Basa kang digunakake paraga Kiki yaiku krama alus A
23. Tataran Basa kang digunakake paraga Ibu yaiku ngoko lugu A

24. Pakdhe mau bengi ora sida nginep ing kene, pungkasane aku ngeterne mulih.
Tembung sing kacetak miring diowahi menyang basa sing trep dadi tembung....
A. nyipeng,wangsul D. nyare, wangsul
B. nyipeng, kondur E. nyare,kondur
C. nyare,mulih

Wacanen pratelan pacelathon iki kanthi premati!

25. Ukara kang trep miturut undha usuk basa kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut
yaiku ….
A. sampun awit kalawingi padharan kula gerah
B. awit wau dalu mripat kula sakit
C. lha iki njenengan delok dhewe sikil kula abuh
D. sakit amargi wingi mantun mangan mie setan
E. badhe mlebet sekolah isih derengkuat

Gatekna ukara lamba ing ngisor iki!


i Ani tetep budhal sekolah numpak sepedhah.
Ii Esuk kuwi udane deres banget.
26. Ukara kasebut yen digandheng dadi siji owah dadi....
A. Esuk kuwi udane deres banget lan Ani tetep budhal sekolah numpak sepedhah.
B. Ani tetep budhal sekolah numpak sepedhah, banjur esuk kuwi udane deres
banget.
C. Nalika Ani tetep budhal sekolah numpak sepedhah, esuk kuwi udane deres
banget.
D. Ani tetep budhal sekolah numpak sepedhah amarga esuk kuwi udane deres
banget.
E. Sanajan esuk kuwi udane deres banget, Ani tetep budhal sekolah
numpak sepedhah.

Gatekna ukara-ukara iki!

27. Ukara kang nganggo tembung panggandheng nyatakake wayah ana ing ukara….
A. (1), (2), lan(3)bener D. mung (4) sing bener
B. (1) lan (3)sing bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sing bener

Wacan kanggo pitakonan ing ngisor iki!


28. Watak paraga Deni saka wacan kasebut yaiku…
A. Seneng tinulung D. seneng maca
B. Pantang nyerah E. gampangngersula
C. Sregep sinau

Gatekna ukara-ukara iki!

29. Amanat kang kinandhut saka pratelan crita kasebut yaiku …


A. (1), (2), lan (3)bener D. (3) lan (4) sing bener
B. (1) lan (3)singbener E. kabeh wangs ulan bener
C. (2) lan (4) sinbener

Gatekne ilustrasi gambar ing ngisor iki!

Gambar 1 Caturan babagan woh

Miturut gambar kasebut, gatukna paraga karo watak wantune/pralambang


ing sisih tengene kanggo mangsuli pitakon nomer 29-31!!
29. Gareng A. Pralambang wong liya sing mung isa nyawang padunan
babagan jeneng woh.
30. Cepot B. Pralambang wong Sunda sing duweni panemu yen woh iku
diarani gedang.
31. Sarpo C. Pralambang wong Jawa sing duweni panemu yen woh iku
diarani kates.
D. Pralambang wong sunda sing nyengkuyung panemuane wong
Jawa.
E. Pralambang wong Jawa sing duweni ati gelem ngalah yen
padu.
32. Gambar kasebut nuduhake cecaturan babagan woh, nanging ana amanat sing isa
dipethik. amanat ing cecaturan kasebut, yaiku....
A. Saben dhaerah duweni panemu dhewe-dhewe sing beda, masiya
aranepadha. Kawajibane kita kudu rukun marangliyan.
B. Saben dhaerah duweni panemu dhewe-dhewe sing beda. Kita kajibahan
ngandani lan menehi piweling yen panemune dhewe singbener.
C. Kabeh dhaerah duweni panemu dhewe-dhewe sing beda.Panemu sing beda iki
kudu dibalikake nang panemu sing umum.
D. Saben dhaerah duweni panemu sing beda. Yen, ana sing beda kudu diteliti
maneh, sapa sing bener.
E. Saben dhaerah duweni panemu dhewe-dhewe sing beda, masiya arane padha.
Yen, ana sing padu babagan iki kudu mung diguyu.

Ngertenana panjlentrehan iki banjur wangsulane pitakone!


(1) Ana papat lakon ing gambar kasebut lan duweni asal dhaerah sing
beda-beda.
(2) Pepaduan (konflik) lakon diwiwiti saka ukara, “Atos nyokot gedang?” yen
dimangerteni miturut basa Jawa, nanging jarwane saka basa Sunda, yaiku
“Wis njupuk kates?”
(3) Yen ditulis mawa naskah drama, gambar iki kasebut lengkap, mergane ana
orientasi, komplikasi, lan resolusi.
(4) Paraga Gareng lan cepot bengkerengan amarga ukara kates lan gedhang.
(5) Paraga Sarpo misah paraga gareng lan cepot sing lagi bengkerengan.

33. Adhedhasar wacan kasebut, panjlentrehan sing trep miturut gambar yaiku....
A. (1), (2), lan(3)bener D. mung (4) sing bener
B. (1) ,(3), lan(4)bener E. kabeh wangsulan bener
C. (2) lan (4) sing bener

Kanggo mangsuli pitakon angka nomer 34-35!


Ana loro basa dhaerah sing ditulis ing gambar kasebut. Pilihan A kanggo ukara
sing Bener lan B kanggo ukara sing Luput! Basa sing diomongne Gareng sing
bener lan luput yaiku …
B L
34. “Atos nyokot gedang?”C
35. “Iki kates. Empuk!” B
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

36. Bapak mirsani liga Arab ing gardhu mau isuk.


Salinen ukara kasebut nganggo AksaraJawa!
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………..

Gatekne gambar kaendahan alam ing ngisor iki!

37. Gaweya geguritan kang endah saka gambar kasebut!


…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………..

38. Sebutne lan andharne macem-macem upacara adat ing Jawa Timur sing mbok
mangerteni! (minimal 3 upacara adat)
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………

Gatekne tembang Sinom ing ngisor iki!

39. Kepriye isine ing tembang sinom kasebut?


…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………..

40. Yen menehi mangan simbah aja nganti telat.


Owahana ukara kasebut menyang basa krama alus supaya trep miturut unggah-
ungguhe!
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………..
KUNCI JAWABAN UJIAN SATUAN PENDIDIKAN
TAHUN PELAJARAN 2020-2021

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah


Kelas : XII MIPA, IPS,BHs
Jumlah Soal : 40 soal
Alokasi Waktu : 90 menit
Penyusun : Evi Lia Suryaningsih,S.Pd
Kode :-

NO JAWABAN NO JAWABAN

1 D 27 C
2 E 28 B
3 A 29 D
4 D 30 C
5 D 31 B
 
6 D 32 A
7 E 33 A
8 B 34 C
9 B 35 B
10 B
11 C
12 A
13 D
14 A
15 A
16 E
18 A
19 E  

20 B
21 E
22 A
23 A
24 E
25 B
26 E
36.

Anda mungkin juga menyukai