Anda di halaman 1dari 5

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dewan Yuri ingkang kulo hormati, Bapak Ibu Guru lan Kanca-kanca sing tak
tresnani.

Ing papan panggonan iki aku arep cerita karo kanca-kanca yaiku “Arya
Penangsang” utawa dikenal “Rebutan Tahta Kasultanan Demak.”

Kanca-kanca kudu reti cerita iki, sebab iki nyritaake babagan Kesultanan Demak
sing kita tresnani. Rungona ya…

Ing masa pemerintahan Kesultanan Demak, kasebut kisah Raden Kikin sing
sedho ning tangane Raden Mu’min utawa Sunan Prawoto ing peperangan ngrebutake
kerajaan Demak nggantike Sultan Trenggana sing wis sedho. Sak lanjute Sunan
Prawoto dinobatke dadi Sultan Demak.

Ing tlatah Kadipaten Jipang Panolan Jawa Tengah, salah sawijining tlatah
kasultanan Demak, kasebut satunggale adipati yaiku Arya Penangsang, putrane Raden
Kikin utawa pangeran Sekar Sedo Lepen.

Adipati Aryo Penangsang duweni dendam amarga sedhane ramane. Wayah bengi,
Arya Penangsang mrintahke prajurit khusus, Jipang Panola kanggo mateni Sunan
Prawoto kang dipimpin Rangkud. Rangkud iso nylinap mlebu ing kamare Sunan Prawoto
Ewodene anak buahe jaga ing jabane kamar Sunan Prawoto.

Sunan Prawoto lagi nandhang gerah isone mung pasrah lan ngaku yen salah
amarga tahu merjaya Raden Kikin.

Sunan Prawoto banjur ancang-ancang karo sambat, “Hai Kisanak, pungkasane


nyawaku, aku kang tanggung jawab patine Raden Kikin. Tapi aja kok pateni bojoku.”
Sambate Sunan Prawoto.

Dumadakan.. keris sing arep ditusuke Sunan Prawoto tembus ning dadane
garwane Sunan Prawoto. Keris dijipuk Sunan Prawoto banjur diuncalke ning awake
Rangkud.

Arya Penangsang iso nguasai Demak tambah kejem. Dewek e isih duwe niat
mateni mantune Sultan Trenggana yaiku Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir ing
daerah Pajang.

Adipati Arya Penangsang ngutus 4 anak buahe ning Pajang, nanging ketangkep
Sultan Sultan Hadiwijaya prajurit 4 ora diukum malah dikei hadiah dikongkon ning
Jipang.

Arya Penangsang tersinggung lan tambah nesu deweke pingin mateni Sultan
Hadiwijaya ning tanganne dewe. Sultan Hadiwijaya krungu kabar lan nganggep Arya
Penangsang wis berontak Pajang.

Tinapi Sultan Hadiwijaya ora merangi Arya Penangsang amarga isih kerabat
Kesultanan Demak, uga isih sak perguruan Sunan Kudus. Sultan Hadiwijaya ngadakake
sayembara sapa sing iso mateni Arya Penangsang dikei hadiah lemah ning daerah Pati
lan lemah ning alas Mataram.
Ki Ageng Pamanahan lan Ki Juru Mertani gawa tombak pusaka Kyai Pleret
agemane Sultan Hadiwijaya ing medan perang amarga mung tombak iku kang bisa
mateni Arya Penangsang.

Ing dina sing wis kapitung naas Arya Penangsang iku Ki Ageng Pamanahan bareng
Sultan Hadiwijaya pinuju ning daerah Jipang dipimpin Ki Juru Mertani,

Sakwise ning Jipang ngongkon tukang ngurus jaran kon nyerahke surat marang
Patih Matahun kanggo diwaca ning ngarepe Arya Penangsang.

“Hai Penangsang, yen siro nyoto lanang sejati, ayo thanding lawan ingsun. Dak
anti sapinggire bengawan tapel wates, yen ora wani nekani, nyata siro wandhu kang
mibarupo! Budhala tanpa ruang! Ingsun wong selo wus tanpo tan bisa suwe nahan
setdyaning tyas kapeling jonggomu!”

Saknalika kui Arya Penangsang langsung nggebrak meja langsung tukar busana
perang lan gawa keris pusaka kang asma Kyai Setan Kober.

“Prajurit! Siapno Kyai Gagak Rimang!” jawab Arya Penangsang karo suca abang
lan nesu Arya Penangsang nunggangi jaran kesayangane Kyai Gagak Rimang pinuju kali
Tatal Batas.

Tekane kana Arya Penangsang pirso bocah cilik sing nunggang jaran putih ning
sabrang kali. Bocah cilik iku Sultan Hadiwijaya sing siap karo tombak pusakane. Ngerti
tekane Arya Penangsang, Sultan Wijaya langsung ngucap banter.

“Hai Penangsang! Lawana aku yen wani ditantang Sutowijaya.”

Dada Arya Penangsang kaya dibakar krungu suara bocah kang nantang, deweke
ora iso nahan hawa nafsune banjur narik jaran Kyai Gagak Rimang langsung ngringkilo
lan mlayu naplak ning dasar kali sak duwure dengkul. Nyawang Arya Penangsang wis
mudhun ning pinggir kali Bengawan luwih dhisik, Sutawijaya rumangsa bombong atine
sebab ana unen-unen yen sapa wae sing mudhun lan mlebu sajero banyu luwih dhisik
deweke bakal kalah perang.

Tanpa sumelang maneh, Sutawijaya enggal narik jaran putih mudhun kali
Bengawan. Arya Penangsang lan Sutawijaya wis adep arep muter arah jaran dadi
mungkuri jaran Arya Penangsang. Jaran Gagak Rimang langsung ngringkik weruh jaran
sing ditunggangi Sutawijaya. Jaran wadhon, Gagak Rimang tambah ganas sahingga Arya
Penangsang kerepoten ngendalike tali jaran. Kesempatan kui digunake Sutawijaya
langsung nusukake pusaka Kyai Pleret ning wethenge Arya Penangsang nganti suwek
ususe metu kabeh.

Amarga sekti mandraguna, Arya Penangsang isih iso urip dheweke kalungan usus
sing dicengteli warongko keris lan terus ngejar Sutawijaya.

Katon cedhak Arya Penangsang langsung ngranggih Sutawijaya sing cilik lan
banting ning lemah nganti ora duwe Donya. Arya Penangsang mudhun lan ngidhak
dadane Sutawijaya.

Mangerteni putrane tambah ora dhuwe daya, Ki Ageng Pamanahan nggunakna


siasat kanti ethok-ethok mihak Arya Penangsang.
“Hai Arya Penangsang, pungkasi nyawane putra Sultan Hadiwijaya!”, jawab Ki
Ageng Pamanahan.

Arya Penangsang lagi sadar yen bocah cilik iku anake musuhe. Kanthi greget
langsung nyabut keris setan kober saka lempeng. Dheweke lali yen sebagian ususe
disampirake ing warongko keris Kyai Setan Kober. Ora suwe awake Aryo Penangsang
langsung ambruk ning lemah lan lemes nganti pungkasane nyawa.

Trep karo janjine Sultan Hadiwijaya maringi hadiah Ki Ageng Pamanahan arupa
lemah ing Pati lan alas Mataram. Ning kono kuwi cikal bakal ngadheke kerajaan
Mataram.

Khanti mangkono cerito Arya Penangsang saka Kasultanan Demak Jawa Tengah.
Saka kuwi kanca-kanca iso pethik yen wong duweni sifat kejem lan duwe rasa dendam
kaya Arya Penangsang. Akhire entuk upah saka sifate dhewe.’

Pungkasane cerita iki saka aku. Mugo-mugo cerita iki ana hikmahe lan ana
manfaate kanggo kita. Aamiin. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Lomba Dongeng Basa Jawa

Rebutan Tahta Kasultanan Demak

Dijarwakake dening: Sri Rahayu, S.Pd.SD. (SD Negeri Betokan 3


Demak)

SD NEGERI BETOKAN 3 DEMAK


KORWIL BIDANG PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
KECAMATAN DEMAK

Anda mungkin juga menyukai