Anda di halaman 1dari 2

Kirab Wisuda

Assalamulaikum Wr…Wb

Bapak ibu hadirin yang kami hormati untuk mengawali kegiatan purnawiyata SMP
Negeri 17 Tahun 2023 akan diawali dengan prosesi kirab Bapak ibu guru dan siswa
siswa kelas 9 Hadirin di mohon berdiri…..

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin Wus tinarbuka wiwaraning sasana ,


kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi,
sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata
tejane keluarga gung pawiyatan SMP 17 Kito malang
Tindakira kadherekaken Sang Manggala Suba kang wus piniji. Sanadyan ta maksih mudha,
nanging wus katingal mrabawa, ngagem busana sarwa prasaja, sembada ing driya tan mingkuh
saliring kewuh bangkit angentasi karya. Dhasar lebda ing budaya, mumpuni ing kawruh putus
ing ngelmu, bebasan agal alit wus karempit salebeting sanubari, mila pantes kinarya dadya
panuntuning lampah..
Sinten to engkang lumaksono sawingkinge juru lampah enggih punika bapa saiful minongko
kepala SMP N 17 Malang Kaderek,aken Bapak Pengawas bapak……..engkang tansah mangayu
bagyo.
Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya
mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya
atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri
Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana,
mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.

Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang Hamengku karya .
Para dwija SMPN 17 Malang engkang tansah gulo wentah para siswa murih murakabi mara nusa
lan bangsa Jroning cipta tansah meminta mring Gusti, mugi tansah manggih bagya mulya
ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju..
Para lenggah kakung miwah putri engkang kinurmatan mekaten kala wau minangka kulo
minangka juru lampah kirab kluarga gung SMP N 17 Malang
Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang
kaesthi.
Wonten Kirang langkung anggen kulo matur kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.

Anda mungkin juga menyukai