Anda di halaman 1dari 10

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT CONDRORINI
PUPUH I
SINOM

1. // Kang agnya gita sri nata / ing Surakarta nagari / Pakubuwana ping
sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati
tanggal ping pitu / Jumadilakir wulan / kanem Be sangkaleng warsi /
piyarsakna trusing kang sabda narendra //
2. // Liring kang wiyata arja / ujar ugering pawestri / kang winayuh
dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / majrenih mardiweni /
wiwida gônda rum-arum / rumarah ngadi warna / winoring naya
memanis / mangesthia ing reh cumondhonging karsa //
3. // Awit jenenging wanodya / pegat dennya palakrami / nistha nir
kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangunteki / kang
badhar subratanipun / punggel kaselan cipta / marma sagunging
pawestri / marsudia widadaning palakrama //
4. // Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang
kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang
kalih atmajeng wiku / pantes dadya tuladha / estri kang kanggeping
krami / winursita dyah lima candraning warna //
5. //Kang sepuh Wara Sumbadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri
Basudewa / ing warna ngresepken ati / sumeh kang netra lindri /
pasaja ing driya tangguh / semu kurang budaya / awijang dedeg
respati / kuning wenes labete amung kepama //
6. // Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jetmika
arang ngandika / tan regu semune manis / lirih tanduking angling /
lumuh ing wicara sendhu / amot mengku aksama / tuhune pribadi
pinrih / setyeng priya datan lenggana sakarsa //
7. // Mring maru kadi sudara / rumesep tan walang-ati / sanadyan
kurang budaya / legawa anrusing batin / winongwong widadari /
labet kadangira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamengkune
semu ering / marunira anggepe sami nyuwita //
8. //. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung
ing tresnanira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil /
kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau sang narendra
kalih / tanya warta mring Sang Retna Madubrônta //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
PUPUH II
DHANDHANGGULA

1. // Garwa ingkang panenggak winarni / apeparab Dewi Manohara /


saking pratapan wijile / putranira sang wiku / Manikhara ingkang
palinggih / wukir tirta kawama / ing warna pinunjul / kadi gambar
wewangunan / netra jait anteng pamulune manis / yen paes wimbuh
endah //
2. // Nadyan ngusut yekti maksih manis / wônda luruh kang bau
awijang / maya-maya sawangane / amardapa ngenguwung / kuning
wenes masemu wilis / lir Hyang pudhak sinurat / katon warnanipun /
tan pae pepindhanira / ôndakara kataweng ima manipis /
rumamyang amradipta //
3. // Anyunari ingkang sitaresmi / kuciwane pan namung samatra /
dene lugas gegelunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping
sranduning dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir
tawon gung kang gumana / lambungira satata amilangoni / kadya
sekar kintaka //
4. // Lathi dhamis anggula sathemplik / rekta kadya kang manggis
karengat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rentet rampak
ing pucuk kuning / kumilat wor wicara / weh kesar kang dulu /
sarwalus sasolahira / yen amesem iriban arang kaeksi / sinamun
pangandika //
5. // Tembung arum rumaket amanis / tandukira angengayuh driya /
bisa nuju ing karsane / priya myang marunipun / pinapangkat
dennya ngladeni / susila anoraga / sepi ing piyangkuh / enget
trahing dwijawara / betah nglapa kareming bôngsa ngastuti / asmara
mring sasmita //

PUPUH III
ASMARADANA

1. // Panengah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bagawan Kanwa


wastane / dhepok wukir Yasarata / endah respati warna / liringe
anunjung biru / sumorot kadi kartika //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
2. // Dhemes sedhep merak ati / kadi pratima rinengga / sarenteg
bang-bang awake / maweh brônta kang tumingal / liringe pindha
wulan / tan pegat maesmu guyu / kengis kang waja gumebyar //
3. // Antenge wekasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantes yen
amathet lambe / ngiras mintokaken waja / wangun tetesing toya /
kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana //
4. // Jaja welar weweg isi / gemuh ingkang payudara / parigel patrap
solahe / kewes wedaling wicara / tinut liringing nitya / tandang
tanduke rumengkuh / mring priya myang marunira //
5. // Bisa cawis angladeni / kang dadi kareming priya / myang putra
cethi sedene / marma wong sa-Madukara / ajrih asih sadaya / suyut
tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa //

PUPUH IV
MIJIL

1. // Garwanira Sang Partasumendhi / ingkang cinariyos / Retna


Gôndawati kekasihe / Sri Arjunayana kang sesiwi / nateng Sriwadari
/ ing warna pinunjul //
2. // Dedeg ngropoh sarira anglentrih / tur mardapa tinon / kuning
wenes wingit pasemone / anteng jatmika ruruh yen angling / ing
wiweka titi / kurang gujengipun //
3. // Rema memak ngendra wila wilis / ngrarompyoh kang sinom /
jôngga lumung welar pranajane / maya-maya lir cengkir piningit /
anggandhewa gadhing / wijang baunipun //
4. // Wiragane anenangi branti / yen lumampah alon / ngembat madya
alemes lambunge / anglir tunjung lumengganging warih / kasiliring
angin / wah gandanirarum //
5. // Susileng tyas sumawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan
maru sesikune / winaweka winoran memanis / yen rengat pinlimping
/ ing wicara arum //
6. // Wasis saliring karyaning estri / reratus kekonyoh / widadari sang
dyah pagurone / winulangken mring marune sami / mrih dadia
kanthi / ngladeni ing kakung //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
PUPUH V
KINANTHI

1. // Garwa kang pamekasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking


nagari Cempala / reja ingkang asesiwi / Sri Maha Prabu Drupada /
ing warna tuhu linuwih //
2. // Jenar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana
nuksmeng sasôngka / liringe galak amanis / budiman ingkang
umulat / sedhet dedege respati //
3. // Gandhang kang wicara tanduk / gandes kewes anglayoni / tulus
raharjaning driya / kalamun slanggatan angling / datan mawi
tiningalan / sinambi ngliring dariji //
4. // Amung lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis
saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh esmu guyunira /
gumebyar kang waja kengis //
5. // Narawung lir thathit barung / tumempuh sumyur ngenani / curna
prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang Sang Putri
Cempala / Sang Parta sande anangkil //
6. // Lawan sukane sang ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar
Wisatikandhah / swara arum tan brebegi / kenyut sanggyaning
miyarsa / yen sampun den wursitani //
7. // Bakit mantes lan memangun / jumbuh ingkang busanadi / tumrape
marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlenge tan mindho
karya / dadya tuladaning estri //
8. // Miwah marang para maru / rinasuk dipun slondhohi / nora keguh
rinengonan / gapyak-gapyuk den srowoli / dadya nora bisa duka /
lejar lumunturing kang sih //
9. // Puwara momong angugung / marang Sang Retna Srikandhi /
tuwin Risang Dananjaya / antuk babah denirasih / nanging Sang
Retna Cempala / tangeh yen ageng kang galih //
10. // Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira males sih / bekti
marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamunjunge saben
dina / sakarsane den turuti //
11. // Yeka ta cariteng dangu / estri kang kanggep ing laki / nalikane
jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pinirita /
pakolehe pinarsudi //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
12. // Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa
kongsi tanpa tuladan / buwang caraning dumadi / bokmenawa
tibeng nistha / ina lupute pribadi //
13. // Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / sang maha
prameng lukita / satetanggung ingastuti / waranta sri naranata /
winastan srat Côndrarini //

PUPUH VI
POCUNG

1. // Dyan pinucung mastuti rehing pitutur / esthining wardaya /


memudhar wedharing budi / braminteng tyas taman kendhat
analôngsa //
2. //Ruwiyanung amarna reh garwanipun / Arya Dananjaya / maksih
sakawan winarni / padmi kalih kekalih pangrembenira //
3. // Kang tinutur rumuhun dyah kang jejuluk / Dewi Manikarja /
putrane jawateng warih / ajejuluk Pukulun Sang Hyang Baruna //
4. // Tuhu punjul warnanta sang kusumayu / prasajeng lelewa / jenar
pasariran gilig / maya-maya tinon lir sarpakenaka //
5. // Dedeg ngrangkung yen lumampah lengkung-lengkung / amucang
kanginan / netra jait naya lindri / imba layu malengkung kadi
wangkawa //
6. // Pindha juruh eseme winor lan tanduk / arum ngarah-arah /
rumaket resep tarampil / liringira lir thathit barung lan kilat //
7. // Ambek sadu jatmika ing driya tangguh / bekti marang priya / susila
anut sakapti / kinawruhan rengune maru lan garwa //
8. // Lir sadulur rumengkuh atut aruntut / tan ana rinengat / mring maru
nir walang-ati / bisa karya gambuhing wardayanira //

PUPUH VII
GAMBUH

1. // Garwa ingkang kapitu / Dyah Maeswara panenggakipun / sang


sudewi putri saking Argadani / yoganing sang maha wiku / Sidhi
Wacana kinaot //
2. // Sama-samaning wiku / sang retna tuhu warna pinunjul / anyunari
tinon lir pratima gadhing / lekering wadana mancur / kuning
mawenes cumlorot //
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
3. // Wandanira sang ayu / dedeg pidegsa sarira pupuk / weweg
musup turut saranduning dhiri / amardapa sri ngenguwung / pindha
sasôngka mancorong //
4. // Balerah netra cancut / idep rampak rentet nengeng luhur / roning
imba alisnya ketel tur langking / kang athi-athi malengkung / mring
karna ngrompyoh kang sinom //
5. // Waja tetesing ranu / sumorot pindha kartika nawung / kengis
lamun wicara linuding liring / saengga kilat mrih dunung / weh
kesaring tyas kang tumon //
6. // Tanduk atuntung guyu / luwes wilet sasolahe patut / lelewane
satata amilangoni / beksanta susileng kakung / jatmika anut
sapakon //
7. // Miwah mring para maru / rumaket resep tan darbe rengu / sih-
sinihan wus kadi kadang pribadi / suka pirena sadarum / marang ing
dyah garwa anom //
8. // Sumungku mring marsepuh / marang garwa pangrembe sih
mengku / dadya runtut runtungan saeka kapti / padmi pangrembe
aguyub / tan pegat tyase agolong //

PUPUH VIII
MEGATRUH

1. // Sampating kang cariteng garwa pepitu / ingkang minôngka


pademi / garwa pangrembe winuwus / lire pangrembe pan selir /
kekasihe kang sawiyos //
2. // Retna Rarasati parabe sang ayu / niken sutane patinggi / Ki
Ôntagopa pepangul / bawahing Mandura nagri / Widarakandhang
ran dhukoh //
3. // Warna punjul kadi lepiyan winangun / dadya angebat-ebati / labet
tinggal bapa biyung / ambesat citranta luwih / kadi sasôngka duk
miyos //
4. // Dedeg sedheng pidegsa sarira lurus / wônda jenar anyunari /
anglir kancana ginangsur / wadana lancap aresmi / ujwalanira
sumorot //
5. // Netra jait baranyak sumeh pamulu / gandhang kang swararum
manis / sasolahe teka patut / dhemes pantes merak ati / gandes
luwes yen miraos //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
6. // Liringira lir siring ingkang kilat pyuh / sembada utameng budi /
susila anuting kakung / myang maru tan walang-ati / resep rumaket
sumlondhoh //
7. // Tepung rukun tan ana kang darbe rengu / karana waskitheng budi
/ tan kewran ing agal alus / sanadyan wijiling alit / tan pae atmajeng
katong //
8. // Amumpuni kretarta ing driya tangguh / pasanging graita lantip /
sang retna pakaryanipun / bawani sagung sesaji / dhadharaning
priya among //
9. // Sarwa wasis masalah pangolahipun / dhadharan kang adi-adi /
cara Suralaya patut / wulanganing widadari / mawarna-warna kinaot
//
10. // Sumawana sang retna rikaleng dangu / parekanira sang dewi /
Wara Sumbadra sih lulut / nyuwita saeka kapti / myang kadang
tunggil pasuson //
11. // Marma marunira sadaya tumutur / tresna lir sayayah bibi / Sang
Parta kasok sihipun / sira dyah sumungku bekti / tan kumambang
lair batos //

PUPUH IX
MASKUMAMBANG

1. // Pamekase garwa pangrembe winarni / putri beboyongan / saking


pulo Rajapethi / putri Sri Sasrakusuma //
2. // Apeparab Sang Retna Dewi Sulastri / tuhu yu utama / legawa
anrusing budi / susila solah pasaja //
3. // Wônda jenar semu wilis netra lindri / jatmika nuraga / tanggon
pamulune manis / wenes ijo amardapa //
4. // Dedeg ngronje awija kang buja gilig / turut lumung jôngga / madya
pambayunnya kadi / gadhing tinon maya-maya //
5. // Rema memak lemes ngendra wila wilis / imba lir wangkawa /
wiragane ngincang alis / binar myang esem nyarkara //
6. // Maweh brônta kang tumingal sang retnadi / kadi singa lupa /
lampahing pada tanduking / amembat lambung lir beksa //
7. // Pambuncanging asta anggandhewa gadhing / amanyura kontal /
satindak mangu manolih / kadi rebah kabaratan //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
8. // Ambeksanta setya tuhu marang gusti / dumulur saprentah /
sumala marmanta asih / sang arya myang para garwa //
9. // Dhasar nguni minôngka patiba sampir / sang dyah lan curiga /
wasiyat ran Pulanggeni / dadya srananing pangantyan //
10. // Tan pepeka pra maru sadaya asih / saben sinusupan / karsane
sawiji-wiji / wijahing budi raharja //
11. // Pakaryanta sang kusuma ambawani / busaneng sang arya / tuwin
Dyah Banoncinawi / myang Raja Putri Cempala //
12. // Katiganya Retna Dewi Gôndawati / marma dyah katiga / rumesep
sengseming asih / rahap-rumahap sadaya //
13. // Pangrengkuhe mring Retna Dewi Sulastri / rumaket lir kadang /
kang anunggal yayah bibi / tan kaba-kaba ing driya //
14. // Ing pamarah pamuruke kang kranaris / samatra tan môntra / yen
maru maroning laki / tangeh rengu rengating tyas //
15. // Mandar panyiptane pra garwa pangarsi / mring Sulastri Retna /
ingaken kadang wuragil / linaela pinilala //
16. // Nanging ciptanira putri Rajapethi / tanna pisan-pisan / ugungan
agunging galih / malah susila ngawula //
17. // Sungku sungkemira kamantyan jrih asih / mring maru kang
wredha / pan samya inganggep gusti / kinawruhan sowang-sowang
//
18. // Bisa mangkat ing parikrama basaris / rumeseping prana / nadyan
antenging patitis / netes rumanti ing driya //
19. // Tan kumendel kumandel kendeling budi / nyenyama utama / yen
sam atmajeng aji / malejeri ing prajarja //
20. // Ing sarambut aran nora anglabeti / cipta kang mangkana / mung
kumawula anggusti / cumadhong cadhanging karsa //
21. // Siyang dalu mung nedya rumagang kardi / sumurup rumahab /
sumusup rumesep ngati / atetes satiti tata //
22. // Dene marang samane garwa taruni / mring Ken Rarasatya /
rumemen dennya nglumuhi / atut runtut tan kena sah //
23. // Tan kemeron yen maron maru sinelir / pangrehing pangarah /
sakaroron nunggal kapti / lerem rehing pasudaran //
24. // Mong-ingemong tan semang-semang salami / sama parimarma /
narima kadarman kalih / amot memet ing utama //
25. // Dadya Sang Dyah Sulastri ing siyang ratri / katrem sinagotra /
pinitresna sang suputri / putrine Sang Pandhuputra //
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
26. // Ganti-ganti denira angrumanteni / mematah pakirtyan / sangkep
ikating pangrakit / tuhu tyas pasthika maya //
27. // Marma sagung cethi parekan ban sami / yam-yamen umiyat /
ambeking Retna Sulastri / setya legawa ing karsa //
28. // Maring dasih tansah mangangsungi ing sih / ing karsa arsaya /
marma pra dasih jrih asih / sumusup samya rumeksa //
29. // Amemudya karaharjaning dumadi / dumadining sedya / sedyaning
wong gurunadi / nadi sudiya rumabda //
30. // Para maru memeruha ing pangarih / nuruh manohara / aruma lir
sari-sari / rumaras rehing sarira //
31. // Kinaruha dera Sang Wara Apsari / memurih nyudara / rem-rema
rehing aurip / iswara kowaraningrat //
32. // Papas papal palupi kang rinarepi / panjurung wuwuhan / garwanta
Sang Pandhusiwi / sanggyaning para wanodya //
33. // Ngastutia tata-tataning pawestri / rehing palakrama / ngemu
malaku utami / telada kang kacarita //
34. // Den asabar sadu darana ing budi / ngawula ing priya / suprihen
waluya jati / aja ngegungken wanodya //
35. // Sayektine kudu surti ngati-ati / nastiti ing tata / ngawruhi ambeking
laki / lakonana tarak brata //
36. // Aja kurang samapta tataning kapti / rumanti ing patrap / pinataha
kang patitis / pantesen pangruktinira //
37. // Lawan kudu den bisa nuju ing laki / apa kang sinedya / lamun ora
bilaeni / iya kalaren kewala //
38. // Nadyan kina marua ing sanga sisih / aja pisan-pisan / nganti
sakseriking laki / terusna daleming driya //
39. // Aywa cipta panas mring marunireki / mandar surupana / supaya
lulus lestari / utama panemunira //
40. // Sawatara den bisa angirib-irib / nelad labuhannya / garwane Sang
Pandhusiwi / widadaning palakrama //
41. // Mongka iku putrane para narpati / myang suteng pandhita / tan
pae darahing luwih / tapa lan amengku praja //
42. // Suprandene tan môntra-môntra nglabeti / yen darahing tapa /
miwah darahing narpati / sungku sungkeming ngawula //
43. // Maring laki pangrengkuhing batharadi / ngudi kawidadan / jrih
teruse lair batin / cundhuk cumondhong ing karsa //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
44. // Marma para kenya eling den aeling / ngelingana nulad / laladaning
wanodyadi / sedya angudi widada //
45. // Yekti abot pratikele wong akrami / aywa anggegampang /
amiyagah ing pambudi / luput pisan kena pisan //
46. // Lamun gampang sayektine luwih gampil / yen angel kangelan /
tan kena tinambak warni / myang tinambak rajabrana //
47. // Titi tamat panitranireng ratyadi / kang môngka pralambang /
palupining pra kenyadi / raharjaning palakrama //
48. // Amarengi ing ari Anggara Kasih / candrama sutresna / pralikan
Rabingulakir / kayuman warsa Jimawal //
49. // Sayogyane kenya mangesthia jati / lambanging sangkala / rikala
manurat jari / mangayubagyeng wasita //@@@

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10

Anda mungkin juga menyukai