Anda di halaman 1dari 1

Bis PO Haryanto Mblandrang Énggal Nyemplung Kali, Jaré Gara-gara

Supiré Ngantuk
PEKALONGAN — Winginané ana Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh
baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén
Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021). Bis sing ngalami kecelakaan tunggal nyrudug adang-
adang brug kiyé dinyana merga supir sing huruf ngarepé NK (46) ngantuk.
“Kedadénan sekitar jam lima ésuk. Kiyé kecelakaan tunggal lan disebabna merga supiré
ngantuk,” jaré Kapolrés Pekalongan AKBP Darno metung Kasat Lantas AKP Harman
Rumenegge Sitorus.

Bis PO Haryanto kuwé méh baé nyemplung maring njero Kali Duwet, Kecamatan Bojong
Pekalongan, AKP Harman, negasna gara-gara supiré ngantuk dadi bisé mblandang.

Senajan kaya kuwé, AKP Harman mastikna laka korban jiwa seka kedadénan kuwé.
Kecelakaan kuwé mung mbodholna bodi bis PO Haryanto.

Dhéwéké ya ngandani maring kabéh masarakat nggo ngati-ati wayah njalakna kendaraan
nang gili gedhé. Patuh karo rambu-rabu lalu lintas lan marka dalan, perhatikna arus lalu lintas
nang sekitar lan perhatikna uga wates banteré kendaraan.

“Angger kesel, arip utawa malah lagi lara, lirén disit baé. Aja dipaksa ébén gagiyan cepet
anjog tujuan,” tuturé. (*)

Anda mungkin juga menyukai