Anda di halaman 1dari 10

PARIKAN

• Unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara utawa patang (4) ukara.
• Purwaka (sampiran) gunane kanggo narik kawigaten wong kang maca, isi
gunane kanggo njelasake maksud parikan.
• Kaya pantun 2 gatra (larik) utawa 4 gatra (larik).
• Migunaake purwakanthi swara.
• Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar
petungan wanda (suku kata).
PARIKAN KAPERANG DADOS 4, YAIKU :
WANDA = SUKU KATA

1. Mawa etungan 4 wanda - 4 wanda

Iki jambu, apa jeruk (4 wanda) , (4 wanda)


Aku melu, apa entuk (4 wanda) , (4 wanda)

Tegese : takon entuk melu apa ora, pamit


Manuk emprit, mencok pari

Dadi murid, sing taberi

TEGESE : DADI MURID KUDU SREGEP


TULADHA 4 WANDA – 4 WANDA

Gula jawa, rasa legi


Dadi siswa, kudu bekti

Kuning kuning, godhong waru


Tansah eling, marang ibu

Ana brambang, iris iris


mata abang, arep nangis
2. Mawa etungan 4 wanda - 8 wanda

Kembang anggrek, rurambat ing pinggir bethek


Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek

Ateges : ngelmu kuwi ora bakal entek


3. Mawa etungan 4 wanda – 8 wanda

Kembang menur, sumebar satengah kasur


Tindak jujur, rejeki mesthi sempulur

Tegese : wong jujur rejekine lancar, dadia wong jujur


MAWA ETUNGAN 8 WANDA – 8 WANDA

Sega punar lawuh empal,


Segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal,
Sudu duwe ati sabar

Tegese : dadi murid kang prasaja,sabar.


4. ORA ANA ATURAN SING GUMATHOK

Gula Jawa, dirubung laler


Dadi siswa, kudu pinter

Tegese : murid kuwi kudu sregep sinau ben pinter


Beda Parikan Karo Cangkriman

Parikan: Cangkriman :
✓ Uga diarani pantun ▪ Uga diarani bedekan
✓Parikan kuwi nganggo petungan ▪ Batangane utawa jawabane
wanda kudu digoleki
✓Migunakake purwakanthi swara ▪ Ora nganggo petungan wanda
▪ Ora nganggo purwakanthi swara,
bebas

Anda mungkin juga menyukai