Anda di halaman 1dari 2

KOMPASTV > PENDIDIKAN > EDUKASI

Contoh Teks Pembawa Acara atau MC Maulid Nabi SAW versi Bahasa Jawa, Sunda dan Indonesia

Edukasi | 16 September 2023, 08:21 WIB

Ilustrasi acara peringatan Maulid Nabi di Pasuruan. Berikut contoh teks MC Maulid Nabi Muhammad
SAW yang diperingati 28 September 2023 (Sumber: pasuruankota.go.id)

Dumateng pangarsanipun para 'alim, para kiyai, para Habaib, sesepuh pini sepuh aji sepuh,
kasepuhanipun agami ugi kasepuhanipun masyarakat, ingkat satuhu dahat kinabekten.

Wabil akhos dumateng panjenenganipun Romo Kyai ........ saking ......, ingkang tansah kito tenggo
punopo ingkang dados barokah do'anipun soho barokah ilmunipun.

Ingkang kawulo hurmati dumateng panjenenganipun Bapak kepala Desa ...... inggih Bapak ..... dalah
sedoyo perangkatatipun. Ingkang kawulo hurmati dumaateng panjenenganipun .... (Yang diberi
penghurmatan bisa disesuaikan..siapa beliau-beliau yang hadir)

Hadlirin wal hadhirot Rahimakumullah. Kepareng matur aminagkani Pranoto dicoro wonten adicoro
Pengetan Maulidun Nabi meniko sepindah monggo kulo lan panjenengan sami tansah muji syukur
wonten ngarso dalem Allah SWT, atas sedoyo keni'matan, taufiq, hidayah soho inayahi-Pun, sahinggo
kulo lan panjenengan sami saget hadhir wonten ing adicoro pengetan wiyosipun Nabi Muhammad
Rasulillah SAW kanti sahe, mugi-mugi hadhir kulo lan panjenengan sami wonten majlis
dalu/siang/sonten meniko tansah pikantuk ridhanipun Allah SWT, Amin Ya Rabbal 'Alamin.

Ingkang ongko kalih, Sholawat lan Salam saking Allah, mugiyo Kujuk autr dumateng junjungan kito,
Baginda Nabi Agung Muhammad SAW, kanti pangajab mugi-mugi kito sedoyo, keluargi kito sedoyo
tansah pikantuk Sayafa'atipun langkung-langkung Sayafa'at benjang dinten qiyamah. Amin Allahumma
Amin. Ingkang kaping tiga, kawulo ngadek wonten ngarso penjengan sami inggih aminangkani Pranoto
adicoro wonten ing Adicoro pengetan Maulid Nabi wonten ing dalu/siang/sonten meniko, lan sak
derengipin dipun milai, kawulo badhe mahosaken rantaman adicoro ingkang badhe kalampah.

1. Inkang ongko Sepindah inggih meniko : Pambuko

2. ingkang kalih : wahosan ayat-ayat suci Al Qur'an.

3. ingkang ongko tigo : Tahlil

4. Lan adicoro ingka ongko sekawan inggih puniko Sambutan-sambutan. Sambutan ingkang sepindah
inggih sambutan saking ketua panitia Sambutan kaping kalih : Sambutan saking sesepuh kaum Lan
sambutan ingkang kaping tigo : sambutan saking kepala Desa ....(jika ada)

5. Adicoro ingka ongko gangsal inggih puniko Istirohat.

6. Adicoro ingka ongko enem inggih Mau'idhotul Hasah

7. Lan adcicoro ingkang terakhir inggih puniko Panutup

Mekaten menggah rantaman adciro ingkang badhe kalampah wonten ing pengahosan dalu meniko.

Lan adciro ingkang kaping sepindah inggih puniko Pambuko Monggo Adicoro Pengahosan Umum dalam
rangka Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW wonten ing dalu/siang/sonten meniko kito Purwakani
sesarengan kanti wahosan Suratul Fatihah, mugi-mugi kanti wahosan kito sami adicor dalu meniko saget
kalampah kanti lancar kangti mboten wonten aral satunggal punopo, Monggo kawulo dereaken.. Al-
Fatihah .............. Maturnuwun, kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih nuwun inggih

"Wahosan ayat-ayat suci Al qur'an ingkan badhe kawahos deneng panjenenganipun Al Ust. ..........
(sebutkan namanya), Wekdal soho sasono dipun sumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai