Anda di halaman 1dari 11

(ceritane Farrel karo Putri nonton TV sek gek nyiarke berita klitih)

Farrel: Bapak
Putri: Ibu

(Take 1: dalam rumah)


Putri: “Walah bocah jaman saiki wes koyo pendekar wae, ra do ndue adab”
Farrel: “Iyo kan buk, nbiyen sak nakal nakale aku, tetep ra pernah ngebacok uwong”

(Take 2)
Septi meneng-meneng ngerungokke,
Septi: “Nopo to pak buk”
Putri: “Kie lo le bocah jaman saiki wes koyo pendekar”
*Septi ngangguk-angguk kepala

(Take 3)
Septi: “Pak buk aku pamit metu ndisik”
Putri: “Arep nandi to?”
Septi: “Kerja kelompok kerja kelompok”
Farrel: “Iyo le tapi langsung bali ya, karo ati-ati karo pendekar jaman saiki. Opo mau kae
jenenge”
Putri: ‘Klitih pak, klitih”
Farrel: “Nah pokokmen kui, ati-ati karo klitih ya le”
Septi: “Nggeh pak buk, kulo pamit rumiyen”

(Take 4)
Ternyata Septian ngapusi, ora kerjo kelompok malah nge-klitih uwong

Septi: “Nah sipp, ndang gass”


Septi munggah nang motor lan Bayu langsung ngegas.
(Take 5) Angkringan
Naya lan Ellin gek omong omongan nang angkringan, biasalah malem minggu
Elin: “Lah koe ke malming malah karo aku ngarap tugas, pacarmu kui nandi? Ra tanggung jawab
tenan”
Naya: “Huduk pacarku, kae ki wong sibuk, makane aku ngajak koe sek pengangguran”
Ellin: “Kie aku wes apikan arep ngancani koe loh malah diunekke”
Naya: “Iyo iyo nyuwun ngapunten nggeh ndoro”
Elin: “Iyoo biso wae ngejilate, omong-omondi PACARMU kerjane opo? Kok sampe ngunekke
aku penggangguran”
Naya: “Koe rasah koyo ngono, dene ratau omong sih nang aku kerjane opo, tapi apikan banget
moso ya....”
Elin: “UWESS STTTT........” *Tangane Elin ngawe mingkep mulute Naya
Elin: “Aku wes muak tentang keapikan kancamu kui, ndang tugase dirampunke”
Naya: “Nggeh Mbak Elin”

(Take 6) Jalan
Lanjutke sek mau Bayu karo Septi, ngowo arit, omonge kerja kelompok malah dadine opo
Septi: “Yo ndang gas mas”
Bayu: “Iyoo sabar to mas”

Malaz benerin take nya, jadi byarin😁

Bayu ngampiri Ucup


Bayu: “Mas mas mas” *terus Yusuf tiba-tiba wae diantem karo Bayu,
Septi: “Bay uwes bay, raapik ngono kui”
Yusuf diantem nganti teturon nang dalan. Dompete lan barang berharga laine dijupuk kabeh.

(Take 10) Sekolah


Seng terakhir kali Yusuf ndelok mung raine Septi,
Bayu karo Septi sek wes njarah kabeh barang berhagane Yusuf akhire mlayu (ngowo motor si)

(Take 11)
Setelah kejadian wingi bengi, Yusuf ngelapor nang kancane sek bisa dibilang pentolan sekolah
(Fery).
Fery: “Lah koe ke wingi kok bisa dadi korban klitih, untung wae tok dijarah”
Yusuf: “Ha iyo fer mogasi, jenenge musibah yo raono seng ngerti”
Fery: “Nek nang koe jenenge huduk musibah tapi ngolek masalah, uwong endi sek lewat jalan
sepi pas motore mogok”
Yusuf: “Ha aku ke mikir nek dalan kono ke luwih cepet tekan omah kok”
Fery: “GOBLOK koe arep njaluk mati opo pie?”
Yusuf: “Iyo fer uwes, enggko bali sekolah sida nang tempat kejadian ? Mumpung aku ijeh
kelingan rupane”
Fery: “Koe awas wae nek pas bali sekolah wes lali karo mukane klitih”

TRINNGGG
Yusuf: “Wes muni fer, ayo melbu kelas
Fery karo Yusuf mlebu kelas

(Take 11) Sekolah


Septi metuk kancane nang sekolah, ngenteni nang ngarep gerbang
Naya: “Weh kok aku wes dipetuk, koe mlaku dewe rapopo ya”
Elin: “WEGAH, ndi duit gek aku gelem”
*Naya ngerogoh saku terus ngekei duit 5rb nang Elin
Naya: “NYA! Pek no rono”
Elin: “Nah ngono, matursuwun uwong apikan”

(Take 12)
Naya: Karo duit wae cepet.

(Take 13)
Naya wes duduk nang honda
Septi: “Uwes durung ki?”
Naya: “Uwiis ayoo”

(Take 14)
Yusuf: “LAH FER KAE FER SEK WINGI NGANU AKU”
Fery: “Kae uwonge? Koe ra salah to? Nek salah aku kie sek isin”
Yusuf: “IYO TENAN FER”
Fery: “Yowes njo diampiri”

(Take 15)
Fery lan Ucup ngampiri Septi

(Take 16)
Fery: “Mas koe ndak tasih kelingan karo raine kancane kulo?”
Septi: “Pundi nggeh mas?”
Yusuf: “Kulo mas, arep priye sampeyan?”
Naya: *Naya turun seko motor “Waduh enten nopo niki, mending rembugan mawon”
Yusuf: “REMBUGAN OPO, AKU WAE DIGEBUKI”
Fery: “Uwes uwes, niki lo mbak*nunjuk septi* Uwong iki wes gebuki karo njarah barang kanca
kulo, muga dewe arep njaluk keterangan kalihan mas iki nang kantor polisi”
(Septi seng ngerungu kata kantor polisi akhire langsung ngegas motore)
WUSHHH
Fery: “Wah Cup oyak cup, cepet!”
Naya: “AKU MELU TO, AKU NGERTI NEK WAE ENGGKO BERGUNA”
*Ucup karo fery tatap-tatapan
Fery: “Cup enggko boncengke de e”
Yusuf: “Ha ayo cepet melu aku”

(Take 17)
Fery karo Ucup oyak-oyakan karo Septi, nang belokan gang Ucup karo Fery wes ra weruh
motore Septi
Fery: “Jal mbak, cepet weruhi dalane omah e”
Naya: “Oh iya, kae tinggal lurus terus........”

(Take 18)
Akhire Yusuf,Fery,Naya mangkat nang omahe Septi. Mikir nek Septi bali nang omahe.

(Take 19)
Akhire Tekan omahe Septi
Putri: “Aduh enten nopo niki kok rombongan koyo ngono”
Fery: “Assalamualaikum buk, Septi enten teng ndalem nggeh?”
Putri: “Oalah kancane Septi to, mrene mrene melbu ndisik nunggoni Septi bali”
Yusuf,Naya,Fery tatap tatapan
Yusuf: “Ha yowes njo melbu ndisik”

(Take 20)
Putri mempersilahkan Naya,Fery,Yusuf

(Take 21)
Farrel: “Enten nopo buk, kancane Septi po? Arep kerja kelompok”
Putri: “Iyo nek e pak”
Fery: “Mangsud kulo lan kanca kanca badhe nyuwun panjelasan”
Farrel: “Pangjelasan nopo nggih le?”
Putri: “Uwes mrene lungguh ndisik”
(Take 22)
Fery,Naya,Yusuf,Putri,Farrel akhire lungguh.
Fery: “Dados ngeten pak buk…..”

(Take 23)
Nang tempat e Septi saiki gek ngowo honda arep nang omahe Bayu
(Take 24)
Putri: “Masya Allah Septi…. Ibu ra percoyo”
Farrel: “SAIKI NANDI ANAK E?”
Naya: “Pak Buk tenang rumiyen nggeh, kulo njlentrehaken alon alon”

(Take 25)
Septi wes tekan omahe Bayu,
Septi: “BAY NANDI KOE BAY”
*Septi ndobrak lawang omahe Bayu palah ndelok Ellin gek nyekek Bayu
Ellin: “MAS! SAMPEYAN KE NBIYEN MUNINE AREP TOBAT, SAIKI WES RA NEPATI
JANJI MALAH NGE BEGAL UWONG”

*Septi sek weruh uwong gek berantem refleks misaNGEBEG


Septi: “Uwes to kie ke ono opo?”
Ellin:” OHHH KIE KANCANE EMAS SEK MELU NGEBEGAL?”
Septi: “Opo maksudte”
Ellin: “Alah wes rasah pura-pura, aku wes males nang kene, rono cah loro arep opo”

(Take 26)
Septi wes nang njero omahe Bayu, ndelok Bayu sek gek bengong

(Take 27)
Bayu: “Oh sampeyan to mas”
Septi: “Iyo iki aku, koe gek di golekki karo uwong uwong, mending pasrah wae”
Bayu: “Iyo mas aku wes ngerti sampeyan arep omong ngono, padahal ketokke huduk aku sjng
salah, sampeyan kan sing manipulasi kulo, tapi rapopo mas.”
Septi: “Ha-“
Tok tok tok (suara ketukan pintu)
(Take 28)
Tiba-tiba suara lawang muncul

(Take 29)
Nang ngarep omah ono, Farrel, Putri,Yusuf,Fery.
Naya: “Weh Sing jenenge Bayu endi?”

Septi bukakke lawang terus nyuruh kabeh mlebu ndisik

(Take 30)

Yusuf seng wes mlebu omah ndelok Septi Karo Bayu.


Yusuf: “NAHHH KAE UWONG SENG NGEBUKI AKU WINGI” *Yusuf nunjuk Bayu
Fery langsung marani Bayu terus nyekel tangane.
Fery: “Mending saiki koe melu aku nang kantor polisi, jelaske nang kono kabeh”
*Bayu digowo Yusup karo Fery nang kantor polisi

(Take 31)
Septi: “Lah aku ra melu digowo?”
Naya: “Alah mbok uwes, mau wes tak jelaske karo bapak ibumu yoan”
*Septi ndelok bapak ibune
Putri: “Le….”
Farrel: “Bapak ra nyanka nbiyen koe dadi klitih, untunge saiki wes ora ya le, mau pas mas-mas
kae njelaske koe dadi klitih ibukmu wes shok banget”
Septi: “Oalah tentang kui to”
Naya: “Mending lungguh rumiyen”

(Take 32)
*Pada lungguh
Septi: “Koe cerita opo wae emange?”
Naya: “Sek biso diceritakke lah”
Septi: “Yo ceritane tentang opo wae ngono lo”
Naya: “Wes tak omongii”
Putri: “Hush uwes, mau Mbak Naya ki cerita tentang……
(Flashback)

(Take 33) Flashback mau nang take 22


Kanaya: “Leres sing dibicarakke Mas mas niki, menawi Septi klitih. Tapi niku masa lalu, tapi
kulo yakin sing gebuki mas niki nboten Septi”
Fery: *nabok bahu Yusuf “Kae cup tenan ora? De e kan sok rajelas, sing ngebuki koe pancen
Septi opo ono wong liya?”
Yusuf: “Aku ra rerti sebenere, soale sing terakhir tak delok tok Septi, tapi ono wong liya si”
Fery: “De e ke ngisin-ngisini, nganti wes diparani nang omahe lo”
Naya: “Nahkan bener, soale wingi Septi ijin arep ngawe story ig ngowo arit, ketokke kui diajak
kancane mas, nbiyen ke Septi melu koyo ngono gegara diajak kancane. Jenenge Bayu nek
rasalah”
Putri: “Ya Allah aku ra ngerti nek Septi nbiyen pernah salah pergaulan”
Farrel: “Lah terus nek nbiyen salah pergaulan kok saiki bisa dadi tobat”
Naya: “Nah niku enten cerita liyane, nek enten wektu kulo kapan-kapan cerita”
Fery: *nyenggol Yusup “Kui suf arep prie de e”
Yusuf: *Garuk-garuk tengkuk
TRINGGG (suara telfon)
Naya: “Eh telfonku *angkat
Naya: “Halo lin pie”
Ellin “Nay aku ra nyangka banget masku ternyata klitih loh, pie jal nay, aku kepingin nangis tapi
wes rabiso”
Naya: “Iyo lin sabari ndisik, aku mrono sedilit maneh”
Ellin: “Iyooo cepet ya aku wes mumet banget ki”
Naya: “Pak buk kulo ijin wangsul nggih, kok kanca kulo mas e ketawan dadi klitih.”
Fery: “Eh dewe melu, enggko nek pelakune pada karo sek njarah barang Ucup”
Farrel: “Kulo kalih ibuk melu nggih”
(Flashback end)

(Take 34)
Naya: “Nah ngono kui, aku arep marani Ellin ndisik. Ketokke Ellin gek mangkat nang kantor
polisi”
Septi: “Yowes rono”
Naya: “Pak buk kulo pamit rumiyen nggeh”
Putri, farrel: “Ati ati ya”

(take 35)
Nang njero omah, hening
Farrel: “Le… koe tenan wes tobat to?”
Putri: “Yo tenan lah pak, moso ngapusi”
Septi: “Nggeh buk pak kulo pun nboten”
*Farrel nepuk bahu Septi “Ha yowes nek npun tobat, sesok ojo koyo ngono maneh”
Septi: “Nggeh kulo nyuwun ngapura”
Putri: “Iyo pada pada ya le, Ibu ya ra bisa njaga koe seko pergaulan sing elek”
****Berpelukan

(Take 36)
Nang kantor polisi
Bayu: “Aku tenan mas, ora rerti opo-opo, nek sing ngebuki sampeyan pancen aku, tapi awale aku
tok diajak ngawe video, mbok tenan mas. Sumpah”
……..
Ellin Naya teko
Ellin: “Awale kan pancen ngono tapi akhire opo? Malah gantemi anak uwong karo colongi
barang e”
Bayu: “Demi Allah dek, masmu iki ora ngapusi, aku koyo di hipnotis. Sak bandel bandele
masmu iki… tetep ora mungkin ngingkari janji, aku ke ndue harga diri”
Ellin: “Lah tapi faktane opo? Koe ngingkari janji, UWES LAH RONO. WES KETAWAN
TETEP WAE NGAPUSI”
*Ellin lunga nangis tersedu-sedu
Naya: “LIN LIN”
Bayu: “Ya Allah dek…”

Akhir
Ya pokokmen kamerane muter muter
Septi: “Hahaha rencanaku ternyata berhasil, ra sia sia aku manfaatke bocah. Aku kapan kapan
kudu nyuwun ngapura karo Bayu karna wes dimanfaatke.”
The end.
Moral value
Ojo terlalu percoyo karo kanca, bisa wae kancamu sing paling cepak sing paling pertama
berkhianat.

Uwong sing wes tobat pancen apik, tapi rung tentu tobat tenanan.

Anda mungkin juga menyukai