Anda di halaman 1dari 16

Paraga

1. Sas futriani dewi (selyn, ora Manut nasihat ortu)

2. Airlangga rahmad dwi Syahputra (ayah, pemarah)

3. Shofi Aulia Hamidah (lisa, peduli)

4. Aulia kunthi kinali raharjenh(lia, ceplas ceplos)

5. Aldo octaviani (ando, ora iso diatur)

6. Izza Fauzah Nisaa' (ibuk, boros)

7. Rikky darmawan (reno, gk peduli aturan, ora iso diatur)

8. Aldy yusuf kurniawan(dian, suka ikut ikutan)

9. Vina rahayu (rhea, dewasa, bijaksana)

10. Hafiz nuril huda(alvi, ramah)

11. Satriya arya arjuna (Tian, semaunya sendiri)

12. Muhammad arif yulianto (yudha, pendiam)

Babak 1

Paraga : ayah, ibuk, shelyn

Setting : esuk, omahe putri (meja mangan)

esuk iku kabeh kaya biasane ,kabeh anggota kulawarga nikmati sarapane karo patuh tanpa ana pacelathon
babar pisan, mung krungu swara dentingan sendok lan piring. katon 2 wong kang umure luwih tuwa iku
mung sibuk karo HP ne dewe dewe. katon anak bontote kang mung sibuk karo sarapane tanpa ana niatan
kanggo mbuka pacelathon. si mbontot uga sempet mikir menawa percuma kanggo ngajak wong tuwane
ngomong. Pasale wong tuwane iku ora peduli karo apa wae kang dialami putri bontote kasebut.

Ibu : "mas..aku butuh dhuwek kanggo kebutuhan mene. "

ayah : "loh minggu wenge bukane wis takkei. "

Ibu : "yah... tapi kan kebutuhan liya iku prelu . dhuwek minggu wenge iku wis entek gawe belanja. Wes
pokok e aku njaluk dhuweke mas...."
Ayah : " tapikan awakmu isa hemat. sabenere awakmu arep tuku apa sih... "

Ibu : "aku iku karepe ngrawat awak, arep nang salon, kesel ngurusi anak karo penggawean omah terus....
"

Ayah : "ohhhh awakmu kesel ? kesel endi karo aku, aku sibuk mrana mrene gawe golek dhuwek kanggo
awakmu lan arek-arek."

Bapake shelyn uga wiwit kesal karo tingkah-laku bojone

Ibu : "ya tapikan ijik pegelan aku lah mas, bendina ngurusi omah, masak, ngurusi arek-arek.... lah
awakmu ngunu tok"

ayah : "awakmu iku samesthine ngerti karo keadaanku ...."

weruh kahanan kang wiwit memburuk putri mung bisa menghela napas nagas dawa melihatmelihatmelihat
menyang 2 wong tuwane ribut . tansaya suwening wong tuwane dadi dadi nganti nggawe putri ora tahan lan
pungkasane putri menggebrak meja mangan.

Babak 2

Paraga : lisa, shelyn, yuda

Setting : esuk-sore, warkop

Shelyn menyang warkop sing biasane kumpul kanca-kancane dolanan. Tekan warkop shelyn langsung
salaman karo kanca-kancane karo salaman siji-siji

Shelyn : " wes ngenteni suwe ta rek? Sorry yo jek ket teko. "

Lisa : " ogak kok shel... kene ae jek kaet teko. "

Yuda : " ayo kene shel gabung ae. Wong tuo mu tukaran mnh ta? Asem ngunu rai mu."

Shelyn : " iyoo tukaran mnh, sng ditukari yo gk penting." (Ambegan)

Shelyn : "kurang duwek kerjo dewe kono, perkoro duwek ae tukaran.

Sauntara kanca-kancane mung padha pandeng-pandengan krungu omongane Sas sing lagi bosen karo
keluargane. Alesane, dheweke sibuk banget karo apa wae, sanajan perkara sing sepele. Saben uwong
nduweni tingkat egois sing dhuwur lan ora pengin nyerah.

Lisa : " yo ws lah shel , kon rene yo cek gk sumpek nng omah. Pesen o sek kono loh, dibayari yuda, duwek
e kan uaaakehh." (Ambek ngguyu)

Yuda : "diporoti trs ae aku,awakmu enak garek ngomong,lah aku rugi nek ngene terus."
Kanca-kancane padha ngguyu ndeleng praupane Wisdom sing katon kusut amarga kanca-kancane padha
dikon mbayari panganan. Nanging, dheweke milih ora nanggapi lan nerusake dolanan ml kanthi diiringi kopi
sing tansah dadi pesenane. Lisa lan shelyn terus gosip apa wae.Ora krasa awan wiwit sore, siji-siji, para
pengunjung warung katon rada sepi.

Lisa : "Eh gak kroso y wes ate sore.... Ayo padha moleh engkok malah digoleki wong tuwane kene."

Yuda : "oh iyo aku lali,aku mau isuk dikongkon ibuk tuku minyak goreng...Waduh gawat,iki mesti dilokno
ibu. "

Yuda muleh, langsung numpak sepedha

Lisa : " eh shel..... Kenak apa awkmu gk moleh.Awakmu mesti dilokno wong tuwamu kan?"

Shelyn : " Gak kok aku mari ngene ate moleh. "

Lisa : "yakin ate moleh?Apa nginep nang omahku ae. "

Shelyn : " ogk lis. Malah aku engkok digebleki ayah nek gak moleh."

Lisa : "oh yo wes nek kayak unu." ( Ninggal shelyn dewean karo perasaan sing kecewa )

Babak 3

Paraga : ayah, ibuk, shelyn, Rhea

Setting : sore, omahe shelyn, kamare selyn

tekan ngomah

Shelyn : "assalamu'alaikum... "( Ambek delok kiwa tengen )

Lan dumadakan bapake shelyn teka

Ayah : "Lapo ae awaku kaet mau,metu-metu gak pamitan.Pancen anak sing gak duwe sopan santun.Nek
gedhe atene dadi opo?"

Shelyn : " Ngapunten Yah kula mau wonten acara mendadak."

Ibu : " Awakmu teko endi ae."( ambek moreng-moreng campur kawatir)

Shelyn : " Ngapunten Bu niku mau wonten acara mendadak."

Ayah : " Awakmu iku mesti alasan ae,pancen didikane ibukmu gak becus."

Ibu : " enak ae,awakmu iku gak becus."


Shelyn : " Sampun Buk,Yah.Sampean aja tukaran terus,sirah kula mumet."

Wong tuwane uga pengin protes, nanging putri langsung mlayu menyang kamar ora nggatekake protes wong
tuwane

Drt... Drttt.... Drtt...

Hp Shelyn muni

Shelyn : "halo... Sopo iki. "

Rhea : "moso gak eroh, aku iki mbak mu lo. "

Shelyn : "oh mbak rhe..."

Rhea : "shel mene aku moleh,awakmu njaluk oleh oleh opo... Engkok tak tukokno. "

Shelyn : Aku gak pingin opo-opo( cuek Shelyn)

Rhea : Awakmu yakin gak gelem opo-opo.

Shelyn : iyooo... Mbak..( Shelyn kesel )

Rhea : awakmu onok masalah apa shel ... Cobak cerita nang aku ( Rhea kawatir )

shelyn : enggak gak nok masalah.Tak tutup telpone ya bye.

Rhea uga curiga karo obahe adhine akhir-akhir iki dheweke ngrasa yen adhine wis ganti malah katon adhem
marang sapa wae.

Rhea : haduh aku terus kawatir . Apa keadaane shelyn apik-apik ae gaknok aku.Aku wedi nek shelyn ana
apa-apa ( Rhea kawatir )

Babak 4

Paraga : ayah, ibuk, Rhea, shelyn

Setting : sesuk, omahe shelyn

Sesuk Rhea bali saka kampuse ing Bandung... ko

Tok tok tok...

Rhea : assalamu'alaikum... Pak, Bu Shel.....aku wes moleh.

Ayah : loh Rhea anak kesayangane ayah... Kapan awakmu moleh,kena apa kok gak. ngabari ( ayah mbek
Ibu nyambut tekone Rhea )
Rhea : heheheh...ngapunten yah kula kesupen.Loh adik pundi Bu?

Ibu : Gak ngerti.Paling areke turu

Ora let suwe sang putri katon nganggo klambi rapi, arep mlaku-mlaku karo kancane

Shelyn : He dek, Aku kangen loh...awakmu gak kangen aku ta. ( Ngrangkul Shelyn )

Rhea : Sek ta awakmu ate nangdi kok gopoh?

Shelyn : Ate metu mbak,ana urusan mbek kanca.

Rhea : Awkmu gak sarapan dhisik ta?

Shelyn : Aku gak nafu,tak budhal ae.

Shelyn pamit marang keluargane

Ibu : ohh ancen anak gak diuntung.

Rhea: Sampun buk. Yen menawi Shelyn wonten tugas utawi tindhak kale kanca-kancane. Ibu mboten usah
ngamok tasih enjing.

Ibuk: Oh saiki awakmu mbelo adikmu? Awakmu gak ngerti kelakuan adikmu. Adikmu iku senengan e
kelayapan moleh bengi.

Rhea: Ngge ibu kudu nyukani raos prihatin kale Shelyn

Ibu: Wes awakmu gak bakal ngerti rasane ngurusi duwe anak koyok adikmu iki. Ibu wes pegel

Rhea: Buk kula ngerti yen mboten pareng wani marang ibuk. Kula tasih wonten tata krama. Ibu sami mawon
mbanding aken Shelyn kale kula. Shelyn badhe raos ibu mboten raos kale Shelyn

Ibu: Wes vin, ibu ngerti kudu lapo.Timbang debat koyok ene awakmu turu ae. (Ibu nang pawon )

Rhea mung ngguya-ngguyu karo nekad ibune. Dheweke ora bisa mandheg mikirake ibune sing tansah kaya
ngene. Nanging, Rhea mutusake kanggo istirahat sedhela ing kamare sanajan dheweke isih kuwatir karo
Shelyn sing durung sarapan. Sakwise nyelehke tas sing digawa mulih, Rhea banjur lungguh ing kasur sedhela
banjur nelpon Shelyn liwat chatting. Dheweke, duwe niat ngelingake adhine supaya ora nglewati sarapan.

Babak 5

Paraga : shelyn, Reno, Lia, Tian, Alvi, Dian

Setting : esuk, siyang, sore,taman

Ing papan liya, ana rombongan remaja sing padha ngumpul ing taman, padha seneng guyon lan ngobrol

Reno : Sayang awakmu wis mangan durung?


Shelyn : Durung aku gak sempet mangan ing omah mau.

Reno : Yowes ayo tak tukokno jajan ndek ngarep

Shelyn : Gak papa ta.

Alvi : Gak pa.Santuy ae awkmu milih opo ae sakarep... Engkok Reno sing mbayar

Dian : Oh okay suwon lek ngunu. Aku milih iki ae

Tian : Awakmu iku lapo , sing ditawani Shelyn lapo awakmu sing njawab?

Dian : Yo gak po lah, masa karo konco dewe medit.

Tian : Oh iyo yo, aku yo arep iku engkok awakmusing mbayar.

Reno : Kenaken tuku dewe.

Dheweke uga padu karo njaluk suguhan saka Reno...

Shelyn : Wes ah aja debat ae, aku ae sing mbayari kabeh.

Alvi : Gak gak Shelyn, kene mek guyon tok

Dian,Aldo : Iyo Shel..,

Kabeh padha sibuk mangan dhewe-dhewe, nanging dumadakan Alvi kandha

Alvi: Oy bro yaapa rasane wingi? Enak gak?...

Tian : Iyo rasane enak men nggarai awak enteng

Reno : Aku gurung njajal gak sempet, engkok tak njajal

Shelyn : awakmu kabeh mbahas apa seh?

Dian : Igak, iki loo mbahas tugas sekolah

Dian nyenggol tangane Reno

Reno : Heem mau iku kene kabeh diutus nggawe olahan pangan teko buah, lah kene diutus njajal rasa buah
e ...

Sanadyan katon mangu-mangu kang dituduhake dening putri, pungkasane Shelyn percaya karo omongane
pacare.

Shelyn : Ohhh

Babak 6
Paraga : Reno, Lia, Dian, Tian, alvi, shelyn, Lisa

Setting : bengi, omahe Dian

Reno mung ngonfirmasi omongane sas karo ngguyu kikuk. Sakwise tuku panganan, dheweke bali menyang
papan ngumpul biasane, tepate ing omahe Dian. Amarga padha mikir mung siji

Lia: Nang ndi ae see suwe menn. Sido ta gak? Awakmu durung njajal Ren.

Lia spontan takon tanpa ndeleng kahanan yen ora ngerti maksude kancane. Lia sing ngerti anane Shelyn
amarga Reno nggawa dheweke kumpul bengi iki rada kuwatir.

Reno: Sido kok. Aku durung njajal panganan e wingi.Jek ana sisa kan?

Reno mesem lan menehi kode mripat supaya Aulia ora ngomong babagan apa sing bakal ditindakake.

Lia: Ooo iyoo Ren aku lali panganan sing dadi percobaan wingi wes entek (Lia nyoba ngguyu supaya gak dadi
canggung)

Tian: Ya wes gak gelem lungguh ta? Mangan ae sek aku wes lesu kaet mau.

Dian: Perasaan awakmu iki mangan terus.

Tian: yaa kudu lah, sek terus urip ( ambek mangan )

Dian sing weruh Aldo keluwen mangan panganane mung ngguyu alon-alon. Dheweke nglirik Lia sing lagi sibuk
ngobrol karo dheweke.

Dian: eh No, awakmu yakin gak keruan sas? (Bisik bisik)

Reno: ya nek awakmu meneng ya gak keruan.Ajak ngajak Sas sing aneh-aneh!

Dian: Lah awakmu dewe ae nglakoni sing igak-igak.( nyenggol tangan Reno )

Reno: halah kayak awakmu bener ae. ( Mbales nyenggol )

Dumadakan swara hp muni.... Kring kring kring

Shelyn : eh sory iki ana telpon, aku izin ngangkat sek ya?

Alvi : iyh Shel

Shelyn : hallo sof ana apa?

Lisa : Awakmu nangndi ae,kaet mau awkmu ditelfon mbakmu terus.Hp mu mbok pateni ta?

Shelyn heheheh sepurane ket mau HP ku tak mode silent, jadi gak ngerti nek mbakku nelfon?

Lisa : alesan, cepet moleh kono, awakmu iku digoleki terus ambek mbakmu, pegel aku di telfon mbek
mbakmu terus.
Shelyn : ck... Iyah iyah iki aku moleh

Lisa : iyh cepatan ( mateni sambungan telepon)

Shelyn : eh...rek aku moleh dhisik ya.Rik aku moleh saiki gapapa kan?

Reno : iyh gak apa apa kok,tak terno moleh gelem ta?

Shelyn : Ogak wes omahku cidek kok,tak moleh dewe ae.

(Reno mek manthuk-manthuk tok )

Lia : yowes ati ati yo

Babak 7

Paraga : ayah, ibuk, shelyn, Rhea

Setting : bengi, omahe selyn, mbale

Tekan omahe Shelyn , dheweke langsung diadhepi karo wong tuwa lan adhine sing wis nunggu dheweke ing
ruang tamu.

Ayah : Awakmu lapo moleh nang omah, lapo gak mesisan gembel ae nang dalam ( Ayah kesel )

Ibu : Ohh ancene arek kok,gak koyok mbakmu iku rajin terus pinter sisan.

Rhea : ibu..... Sampun Bu mesakke Shelyn.

Nanging, bapak lan ibune putrine banjur ora nggatekake omongane Rhea

Ayah : awakmu iku kudune niru ayah, aja kaya ibumu, sing Iso e seneng ngentekake dhuwit wae

Ibu : hey iku kabeh Merga sampeyan yah, sampeyan wae sing nggk mampu nggawe menuhin kabeh
kebutuhan awak dhewe,

Ayah : awkmu...

Shelyn : wis cukup, kula kesel merhatekno kalihan Padha tukar padu terus, baik kalihan pengen kula metu
saka omah iki, sak Niki pisan kula Arep metu ( Shelyn pun langsung mlayu ningglake omah)

Rhea : cukup ayah ibu, kalihan wes keterlaluan, andai wae kula nggawa Shelyn melu Karo kula iso wae Kabeh
iki ora arep tau kedadeyan ( nesu Rhea)

Wong tuwa 2 diarani mung meneng, kabeh kabeh wiwit Feeling point of regret Ing myself the kabeh...

Babak 8

Paraga : shelyn, Lia, Reno, Alvi, Dian, Tian


Setting : bengi , omahe Dian

Shelyn wes ora tahan maneh karo uwong tuwane,dekne pengen banget nangis ing sakdawane dalam nanging
ora isa. Shelyn Mutusake kanggo budhal nemuni pacare, riki. Ndean isih ing panggone aldy, pikir Shelyn.
Suwe mlaku ndewean lan malam iku cukup adem. Nggawe Shelyn terus mengusap-usap lengane kanggo
Sathitik luweh anget. Sesampaine ing panggone aldy, ndekne nemukno Reno karo kanca sakliyane Sing wis
kaya wong mabuk. Shelyn Tamtu sangat karo sesawangane iki, dekne mandheg sedhela sakdurunge mlebu.

Tekan gerbang panggone. Shelyn tamtu kaciwa karo tingkahe pacar lan kancane iku, pasle sawise mlebu lan
Nyedheki dheweke kabeh sing wis ora sadarkan dhiri, Shelyn ora bodho kanggo rumangsani Menawa Kanca
lan pacare iku nggawe narkoba.

Shelyn : Awakmu lapoan rek? ( Nesu Shelyn)

Reno : oh aku jek seneng-seneng,lapo awakmu nang kene? (Riki jek mabuk)

Shelyn :( Shelyn ngirwakake pitakone Reno) awkmu ero apa sing awkmu lakoni iku gak apik, yaapa nek
awakmu kecekel polisi.

Tian : oh ayolah pisan ae, rasane mubazir nek gak dienggo.

Alvi : awakmu arep put, kene gabung?

Shelyn : nggk awakmu kabeh apa apa an sih, Buwang iku cepat...

Dian : oh ayolah, Ndang cepetan nyoba ae. Iki narkoba rasane enteng kanggo awak, awakmu kan sak Iki akeh
masalahe

Dian narik tangan sas lan menehake sabu-sabu Sing isih kaengah. Shelyn ngambil lan weruh narkoba jenis
sabu-sabu iku.

Reno : iyh ayo Kene sayang

Merga rayuane Reno, Shelyn kegodha lan kepingin nyoba. Dhèwèké natap suwi-suwi lan ngedum-edum
pandelenge siji-siji marang kanca-kancané sing ora sadar.

Shelyn : Apa oleh Rik,lah nek kecekel polisi yaapa?

Reno : tenang ae polisi gak eroh.

Shelyn enggal-enggal nyobi uga, dheweke wis tekan kene kanggo nenangake dheweke saka tekanan wong
tuwane sing tansah nyalahke kabeh babagan dheweke. Dheweke tansah kesel kaya mangkene. Shelyn mikir,
dheweke kepengin nglalekake masalah sedhela. Nekat langsung nggunakake barang kasebut, Shelyn
ngrasakake euforia sing durung nate dirasakake. Rasane kaya kabeh bobote ilang kanthi efek ngambang.
Dheweke ora peduli apa-apa maneh. Dheweke kesel lan saiki Shelyn mung pengin istirahat kanggo nglalekake
masalahe sedhela, sanajan kanthi cara sing salah.
Babak 9

Paraga : Rhea, shelyn, ayah, ibu

Setting : esuk, omahe selyn

Esuke Rhea golek anak wadon amarga wingi bengi ora diijini golek anak wadon karo wong tuwane. Esuk-esuk
dheweke metu nggoleki adhine. Rhea wis ngontak kabeh kancane Shelyn nanging ora ana sing ngerti. Rhea
nyengir amarga wis ora ngerti maneh arep nggoleki Shelyn. Dene shelyn dhewe isih ana ing omahe Dian lan
mung bakal mulih sawise wis sadar. Shelyn duwe niat mulih tanpa pamit marang kanca-kancane sing isih
padha turu. Nanging ing dalan dheweke ketemu karo sedulure kanthi kebetulan. Rhea sing weruh Shelyn
mlaku dhewe ing dalan mulih langsung marani Shelyn lan langsung ngrangkul Shelyn amarga kuwatir banget.

Rhea : Lha awakmu nang ndi ae, aku kuwatir nemen nek wenge gak moleh. Ayo mulih.

Shelyn: Moh, engkok ibuk mbek ayah nyalakno aku neh.Lapo repot-repot moleh.

Rhea: Wes ta tak belani. Ibu mbek ayah sing salah sampek awakmu diusir kayak ngene.

Shelyn mung meneng lan nuruti panjaluke adhine supaya mulih. Wong loro mau banjur mulih lan tekan
ngomah nemu wangsulan sing ora kaya imajinasine sang Shelyn. Wong tuwane katon ora perduli nalika
weruh putrine mulih lan nerusake aktivitase dhewe-dhewe. Ibu lagi masak lan bapak lagi maca koran ing
ruang tamu karo kopi.

Rhea: ayo mlebu kamarmu,ndanga adua maringunu sarapan.

Shelyn: iya mbak

Rhea uga menyang kamare sing uga arep adus. Esuk mau padha sarapan ing swasana kang rada ora
nyenengake. Amarga ibu lan bapake katon medeni Shelyn.

Ibu: anak wedok kok gak moleh.Arep dadi opo awakmu? Apa jare tangga nek awakmu kayak ene?arep dadi
preman?

Ayah: Wes eroh wayahe moleh malah dolen teros.Kanca-kancamu iku gknok kegiatan tah.Awakmu ya lapo
niru kayak kancamu.

Shelyn: kan ayah kaliyan ibuk ingkang ngusir kula.Punapa nyalahno kula?

Ibu: Awakmu iku diomongi ya! Aja ngebantah terus! Awakmu ora isa dikandani! ( menggebrak meja)

Rhea: Ibu kaliyan ayah sampun keterlaluan? Ibu kan mboten tau maringi perhatian dateng Shelyn? Ayah
nggeh kan ingkang ngusir Shelyn? Shelyn mboten salah, punapa Shelyn ingalang disalahno?!

Ayah: Vina awakmu menengo! Awakmu wes mulai durhaka kayak Putri.Awakmu wani ngelawan wong tuwa.

Ibu: Deloken iku, ini iku salahmu! Mbakmu seng bien meneng saiki niru wani kayak awakmu.
Rhea : mboh!! wis! Aku yo ga pengin koyo ngene. Aku ora arep nglawan ibu lan bapak. Nanging iki wis nemen
banget!

Rhea nyurung kursi kuat lan milih ninggalake meja makan. Shelyn kaya ngono, dheweke yo milih marani
kanca-kancane. Shelyn ngubungi kanca-kancane liwat chatting arep dolanan. Kebetulan dino iki, dino Minggu,
wong-wong mau langsung nyarujuki ajakane Shelyn dolanan. Shelyn teka dhisik ing papan sing biasane
kumpul.

Babak 10

Paraga: Reno, shelyn

Setting : bengi, dalan deso

sedino iki Shelyn dolan karo kanca-kancane. Bengi iku dee mutusake nemoni Reno, kate njaluk obat maneh.
Dee ketemu Reno ning cedek dalan desa sing sepi.

Reno: Shelyn, sampeyan pengin luih akeh? piye carane sampeyan seneng? Sampeyan ketagihan nggo iki.

Shelyn : Iya, nanging mengko yen kecekel bisa dilaporno?. (takon Shelyn)

Reno : kowe wis ketagihan, lagi mikir apa? nek sampeyan nggawe meneng, sampeyan ora bakal ngerti.

Shelyn: mboh! Oke ng endi.

Reno : lha, kate gawe ning endi?

Shelyn : hmm.... Ayo karo bocah-bocah liyane

Reno : Sesuk karo bocah-bocah liyane, soale sabu kristal wis entek.

Shelyn : nek entek piye? Apa sampeyan ora bisa nindakake maneh?

Reno : Ojo kuatir, mengko Dian digawa nang bakul.

Shelyn: oh aku weruh, oke. Ayo podo metu, ngendi kita arep nindakake iki bareng. Aku males mulih.

Reno : Loh, ayo, sing terakhir ditinggal, pas awake dewe. podo pacaran ing wayah wengi

Babak 11

Paraga : Shelyn, ayah, ibu

Setting : esuk, omahe shelyn


Shelyn ngguyu krungu Reno ngomong ngono. dee mantuk mantuk lan nyekel tangane Reno sadurunge ana
sing weruh. Shelyn ora mbalik ng wayah wengi ambek mulih isuk. pas mulih, dee ketemu ro.bapake ng
ngarep lawang.

Bapak : Lah wingi bengi ora mulih. Kowe teko endi? Dolan karo kancamu sg salah maneh?! arek" ora ngerti
sampeyan! Wingi diijini mulih, saiki ora mulih?! Kowe ilang kabeh!!

Shelyn mung ngadeg nyawang mudhun. Dheweke uga wedi karo bapake nalika nesu kaya ngene. Nanging sas
ora perduli yen dheweke nindakake kabeh sing dikarepake, amarga dheweke mikir yen dheweke ora dirumat
dening ol.

Shelyn: Ayah kale ibuk mboten tau prihatin kale kula. Kenapa kalian prihatin kale kula mboten undur?
Mboten usah repot-repot prihatinin kula. Mboten butuh kula, biasane ngge sami.

Shelyn mung ngadeg nyawang mudhun. Dheweke uga wedi karo bapake nalika nesu kaya ngene. Nanging
Shelyn ora perduli yen dheweke nindakake kabeh sing dikarepake, amarga dheweke mikir yen dheweke ora
dirumat dening ol.

Ibu: Metu kowe. Ora usah moleh maringene. Dolan ae karo koncomu. Kono minggato!

Babak 12

Paraga : Shelyn, Dian, Ando, Lia, Reno

Setting : esuk, omahe Dian

Ibune Shelyn nguncalake tas lan nyurung Sas metu. Panjenenganipun nutup lawang hard. Shelyn ora ngira
yen dheweke bakal diusir. Dheweke langsung budhal nggawa tas lan marani Dian.

Dian: He wes ngenteni suwe ta? (Sapa Dian)

Andi: Oh igak kok, jek ket teko kok.

Dian: Ndi barang e? Iki duwekke (masrahake sawetara dhuwit)

Andi: Awas keruhan wong wongmu yo. (Menepuk pundak Dian)

Dian: Yoi tenang ae. Suwun yoo

Andi: Yo! Aku dhisikan yo.

Dian: Oke.

Sawise iku, Dian mulih karo Shelyn. Banjur dolan karo kanca-kanca liyane yaiku Reno lan Lia.

Babak 13
Paraga : Rhea, ibu, ayah

Setting : omahe shelyn

1 sasi mengko, kahanan wiwit owah, adhine Rhea, sing wiwitane anget

Ibu : Mas aku kangen karo Shelyn, aku nyesel mas ngelokno Shelyn koyok ngunu,

Ayah : Padha dek, mas yo nyesel ngusir Shelyn tekan omah

Ibu : Piye lak kene takon nang kanca-kancane utawa Rhea. Paling ngerti keberadaane Shelyn

Ayah : Yowes tao cobak e sek...

Tutt... Tutt... Tutt...

Ayah :ora aktif e buk.... Yo op iki

Babak 14

Paraga : Rhea, Yuda

Setting : esuk, jalan

Ing papan liya, ana bocah wadon sing bingung nggoleki adhine, ora nyerah lan nyoba ngubungi kancane
kangmase, sing kebeneran njaluk nomer telpon.

Rhea : assalamu'alaikum... Hallo

Yudha : waalaikumsalam.... Niki sinten nggih

Rhea : apa iki bener jeneng e Yudha

Yudha : enggih niki sinten nggih

Rhea : oh aku iki mbak e Shelyn, aku kajange takon, apa Shelyn ono ing omahmu?

Yudha : mboten e mbak... Enten nopo mbak?

Rhea : oalah. ... Ngene loh Shelyn wis sue gak mulih mulih, aku kawatir arek e saiki nandi

Yudha : loh... Terus mbak yo nopo

Rhea : awakmu ruh gak... Sapa eruh Shelyn duwe kenalan laine kayak pacar ngunu

Yudha : emmmm... Oh nggih mbak kulo eling Shelyn gadha kanca jaler, niku mboten salah pacare Shelyn, yah
nopo sampean coba tangglet tiyang e

Rhea : oh iyh... Terus arek e omah e ndek ndi


Yudha : griya ne niku ten.....

Rhea : okay suwun Yud

Yudha : enggih mbk sami sami....

Rhea : aduhhh... Pegel e aku, awakamu nandi seh put. Lapo gak mulih mulih, aku kangen loh karo awakmu.

Babak 15

Paraga: Rhea, Lia, Shelyn, Reno, Ando, Dian,

Setting : esuk, omahe Reno

Rhea tumuju omahe pacare anake. Tekan omahe pacare Shelyn.... Rhea inisiatif takon nanging dheweke
kaget kok omahe sepi lan keprungu wong akeh sing padha pesta. Rhea langsung thothok-thothok lawang

Tok....... Tok..... Tok...

Rhea : assalamu'alaikum...

Lia : loh sopo iku seng celuk celuk, awakmu krungu gak

Andi : oh iyo weh... Koyok e ono uwong

Reno : sek sek tak dilok e, kowe kabeh resik ono barang mu ojo sampe ono seng ketelesot....

Andi : yoe... Siap

Setelah itu

Rhea : assalamu'alaikum....misi

Reno : enggeh sekedap. .. Niki kulo bukak aken

Reno : loh mbak enten nopo sampean ten mriki

Rhea : sampean koncone adik ku Shelyn yah.. ( tanya Rhea langsung) .

Reno : enggih mbak aku kanca e Shelyn, enten nopo nggeh mbak

Rhea : aku mrene kajange takon, opo Shelyn ono ing rumah mu op igak

Reno : oh... Shelyn....

Dumadakan Shelyn katon

Shelyn : lapo mbak sampean mrene, ( ngegas Shelyn)


Rhea : (kaget) aku mrini iku kajeng e ngejak awakmu muleh, kabeh sing ndok omah podo kangen karo
awakmu, ayo Shel kene mulih

Shelyn : ogah lapo yoan aku mulih, percuma aku ae wes di usir teko omah, lapo aku mulih

Rhea : Shel ayok mantuk bareng mbk, tenan ae kabeh wes sadar saiki bapak ibuk podo nyesel..... Ayo mulih
Shelyn

Malah Shelyn tetep ora gelem, Rhea ora nyerah lan tetep meksa Shelyn mulih kanthi narik lengene Shelyn.
Dumadakan... Pluk.... Keprungu swara barang tiba saka kanthonge Shelyn. Rhea sadar lan njupuk obyek
kasebut.

Rhea : apa iki, lapo barang iki ono ndok sakmu, jawaben mbak mu iki ojo meneng ae

Kabeh kanca-kancane Shelyn padha metu ndeleng sapa sing rame ing ngarep omahe Riki

Andi : mbk stop mbk... Yo nopo sampean mlebet rumiyin, sungkan mbk di tingali tangga tangga....

Rhea :( ambegan )Yh wis ayo...

Rhea : ayo jelasno maksude iki opo,

Shelyn : anu... Mbak iki duk pada kayak sing sampean pikir mbak...

Rhea : hah... Maksudmu jelas jelas iki koyok ngene... Wes cepet elok aku mulih,gak usah nolak mbak cepet?!

Shelyn : Iya mbak

Shelyn wedi amarga sepisanan weruh adhine ngamuk

Rhea : teros gae awakmu kabeh ( ndudingi kanca kanca e Shelyn) awas mok baleni neh, nek aku eruh
awakmu kabeh gae ngunu mau, tak laporno polisi. Gelem gak!

Kanca-kancane putri malah kompak geleng-geleng

Rhea : ayo mulih.....

Babak 16

Paraga : ayah, ibu, Rhea, Shelyn

Setting : esuk, omahe shelyn

Tekan omahe wong tuwane Shelyn

Rhea : assalamu'alaikum... Buk pak... Panjenengan wonten pundi?


Ayah : ono op toh vin... Lapo celuk celuk bapak

Ibu : iya lapo Rhea... Loh, Shelyn, astagfirullah nak awakmu nandi ae , aku kangen nak, ibuk nyesel wis ngusir
awakmu.

Ayah : ayah pisan , sepurane yo nak

Rhea : heh ( buang nafas kasar)...ibuk bapak panjenengan semerap a.... Gegara panjenengan Shelyn kayak
niki... Shelyn sakniki bejat....

Ayah : maksude nak, bapak ora ngerti

Rhea : sakniki Shelyn kecanduan narkoba, niku sedaya salah panjenengan, seumpama aku ngajak Shelyn melu
aku, jelas iki gak bakal dadi... (Rasa sesal dan kecewa menjadi satu)

Bapak lan ibu kaget banget lan rumangsa salah karo anak sing ragil...

Ibu : nak maafno ibuk yah nak

Ayah : bapak pisan nak bapak nyawesel

Shelyn sedhih ngrangkul wong tuwane

Shelyn : Aku sing kudune njaluk ngapura tinimbang ibu lan bapak,

Ayah : ora nak kudune kita seng salah, (sambil menggeleng kan kepala)

Rhea : sampun kabeh sedaya niku seng salah

Shelyn : enggih mbak aku uga nyuwun sepura...

Rhea : iyo Shel,aku pisan jauk sepurane, tapi sing penting awakmu kudu iso berubah , ngerti

Shelyn : enggih mbak, Aku janji bakal ngganti menyang mboten ndamel bapak lan ibu kuwatir

Kabeh padha mesem bungah lan rangkulan.... Kulawargane putri wis bali kaya kabeh kaya kulawarga umume
sing tresna lan ngrawat

Anda mungkin juga menyukai