Anda di halaman 1dari 1

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakaatuh.

Innal hamda lillahi, nahmaduhu wa nasta’iinuhu wa nastaghfiruhu, wa


na
Udzu billahi min suruuri anfusinaa wa min sayyiaati a’maalina, man
yahdihillahu falaa mudlilla lah, wa man yudhlil falaa haadiya lah, wa
asyhadu al laa ilaaha illallah wahdahuu laa syariika lah, wa asyadu
anna muhammadan ‘abduhuu wa rosuuluh.

Ingkang kulo Hormati, Bapak Kiai/ustadz ……..


Ingkang kawulo hormati ugi poro jamaah yasinan malam Jum’at
Dusun ……

Sepindah, monggo bapak ibu kulo dereaken muji syukur dumateng


Allah Subhanahu wa Ta’aala ingkang kanthi kathah nikmat
barakahipun kito sedoyo saget kumpul wonten ing acara yasinan rutin
wekdal sakmeniko ing gubug kawulo.

Sholawat soho salam dumateng penutup poro Nabi, Muhammad


sollallahu ‘alaihi wa sallam ingkang dados conto lan panutan umat
Islam ingkang dipun tenggo tenggo syafa’atipun ing dinten
pembalasan.

Nomer kalih, kawulo aturaken sugeng rawuh dumateng poro jamaah


yasinan , kawulo ngaturaken panuwun ingkang sanget ndumuheni
pepanggihan sae ing dalu puniko wonten ing papan panggenan kulo
sekeluarga.

Ingkan nomer tigo, mbok bilih anggen kulo nyambut, nyiapaken


papan panggenan ugi sak mangkih unjukan kalebet ubo rampenipun
wonten ingkang kirang nyeceki dumateng panjenengan sedoyo,
kawulo sekeluarga sanget sanget nyuwun longgaripun manah poro
rawuh kerso maringi pangapunten.

Mbok bilih cekap semanten sambutan saking kawulo, wonten kathah


klenta klentunipun atur, kawulo nyuwun pangapunten. Akhirul kalam,
wa billahi taufiq wal hidayah,

wassalaamu’alaikum wa rahmatullaahi wa barakaatuh.

Anda mungkin juga menyukai