Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BAHASA JAWA TEMA”SUMPAH PEMUDA”

NAMA:Adiel toraya sambolinggi


KELAS:XI SIJA 1
NO.ABSEN:03

“Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Ketua Pemuda Kampung Klayaran
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kampung Klayaran ingkang sampun rawuh

Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya

Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi ing wekdal
menika kita taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten
acara pengetan dinten Sumpah Pemuda kanthi pinaringan karaharjan. Kula
Amarila, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang
sampun rawuh ing pawiyatan menika.
Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi
bilih rikala 28 Oktober 1928, para pemuda Indonesia nglaksanakaken Sumpah
Pemuda. Para pemuda saking kathah wilayah saking Indonesia ngaturaken
sumpah kagem niteni menawi para pemuda ugi gadhah semangat kagem njagi
NKRI. Sumpah Pemuda ingkang kawujud deklarasi dados tanda menawi
semangat njagi kesatuan NKRI mboten namung wonten tiyang sepuh
kemawon, nanging ugi tiyang nom. Isi sumpah pemuda inggih menika:

“1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa
Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air
Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan,
bahasa Indonesia”
Mugi-mugi isi sumpah pemuda menika saged dados diamalke kagem
Indonesia ingkang luwih becik. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten
kalepatan, kulanyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.”

Anda mungkin juga menyukai