Teks Pembawa Acara Tahlilan Dalam Bahasa Jawa
Teks Pembawa Acara Tahlilan Dalam Bahasa Jawa
Allohumma sholli 'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum
biihsaninilaa yaumiddin.qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi minashaitonirrojiim,
bismillahhirrohmaanirrohiim :amma ba'du :
almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini
sepuh,ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,wabil khusus shohibul bait,
shohibul hajat, Bapak ..........sekeluargaalhamdulillah,
monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi
ucapanAlhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan
dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi
jamaah rutinwonten dalemipun Bapak ...... kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten
rubedomenopo-menopo,
Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian AllahSWT dadoso
amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X
sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng
nabiMuhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad...ingkang sampun paring
pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupiagami Islam, Mugi2 dalu
menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepiagami Islam, lan mbenjang
wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipunMuhammad ingkang angsal
syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal'alamin ...
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .... kagungan
hajatinggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :