Anda di halaman 1dari 1

CERKAK BASA JAWA

“Macan Didukani Semut”

Ing wayah awan dina iku ana Semut, kewan cilik ing kawasan hutan Rimba. Semut biasa direcoki
menawa diapusi lan digoblok-gobloki nanging uga semut nora tau kena goda amarga nduweni
kapinteran. Ing hutan Rimba kathah sanget kewan kang akeh jinise lan dipimpin kalih si raja hutan
utawi macan. Sakwayah macan terkenal amargi kopong utekke nanging mung gede ngaum e. Beda
kalih semut kang kaprah terkenal pinter banget. Nganthi si merak, lan manuk gereja nggumun
menyang kapinterane Semut. Sak kabehe penghuni hutan mikir minangka macan kudune nduweni
kapinteran kaya ta Semut. Nanging kepriye maneh yen jalarane kaya mengkana, kabeh nora wani
menga amarga wedi kena amukan sang macan.

Nganthi wektu itu penghuni hutan digegerake kalih rame-rame kang keprungu grusah-grusuh.
Bebasan macan coba nginceng ana apa kasunyatane, Si macan kaget banget nalika dheweke
nyawang ana para manungsa. Jalarane kaya arep nebang hutan-hutan kanggo digundhuli pawitane.
“Cilaka iki! Banjur kepriye yen kita ora nduweni omah maneh,” Kandhane Macan. Sak njenggirat
macan prasasat ancik-ancik pucuking eri. Niatane arep nerkam wong-wong kuwi mau banjur
diendhek dening semut. “Huss..! Macan! Macan! Apa sing arepe dilakoni kuwi? Percuma yen anane
nerkam, mengkono uga awakmu malah kena tangkep”. Wangsulane Semut, nanging macan anane
malah ngguyu. “Oalahh mut semut.. Ora mungkin yen aku si raja hutan iki kena tangkep!” Semut
tetep ngeyel jumbuh kepriye amrih Macan ora nerkam.

“Sik mandheko dhisik.. Tak omongi, mengkana yen awakmu kena tangkep banjur taring, kulit lan
dagingmu kena dol karo manungsa kepriye?” Pitakone semut, “Wus saiki dipikirke kanggo utek
adem. Aja sok nesu”

Macan ngaum sak banter-bantere amarga rumangsa nesu ora bisa mikir apa sing badhe dilakoni
kanggo ngusir manungsa-manungsa ala kalawau. Banjur macan ngaum maneh.

GRUSUK GRUSUK! GDEBUG!

Keprungu suara ceblokan ing lemah, uga suara rame-rame mau sithik mulai ngilang. Macan isih
bingung apa kang saknyatane kedaden. Nanging semut nangkep dhisik kedaden nyata ingkant jiktas
kedaden. Dheweke ngguyu kemekelen amarga ngerteni yen manungsa-manungsa mau mlayu
amarga keprugu suara auman saka macan. “Can Macan! Suaramu sajake kok medheni banget
nganthi manungsa-manungsa mau mlayu kabeh..” Macan kang baru nangkep anane kedaden iki mau
banjur melu ngguyu. “Matursuwun Mut, amarga awakmu aku nora dadi kewan sing gegabah. Pesti
iki mau pungkasane beda yen aku nuruti kekarepan ing ati!” Semut mung mesem nuruti
omonganipun Macan banjur nimpali, “Wus sepatute kita saling ngelingake.”

Anda mungkin juga menyukai