Anda di halaman 1dari 2

Legenda Kota Surabaya

Jaman mbiyen, ing lautan sering kedadean tukaran antarane iwak hiu Sura lan Buaya. Kabeh
kuwi tukaran ngrebutne mangsa. Kelorone pada-pada kuat, pada-pada tangkas, pada-pada
cerdik, pada-pada ganas, lan pada-pada rakus. Uwis ping bola-bali kuwi kabeh tukaran
hurung pernah ana kang menang utawa sing kalah. Akhire kuwi kabeh ngadakne
kesepakatan.
“Aku bosen terus-terusan tukaran, Buaya,” Jare iwak Sura.
“Aku ya, Sura. Apa kang kudu dhewe lakoni ben dhewe ora tukaran?” takon Buaya.
Iwak Hiu Sura kang uwis nduweni rencana kanggo menghentikan tukarane kanggo buaya
cepet nerangke.
“Kanggo nyegah tukarane ing antarane dhew, sebaike dhewe mbagi wilayah kekuasaan dadi
loro. Aku berkuasa sepenuhe ing njero banyu lan kudu golek mangsa ing njero banyu,
sedangkan kowe berkuasa ing pinggiran lan mangsa kudu golek ing pinggiran. Kanggo batas
antarane pinggiran lan banyu, dhewe tentukne batase, yaiku tempat kang dicapai oleh banyu
laut ing waktu pasang surut!”.
“Apik aku setuju karo gagasanmu kuwi!” Jare buaya.
Karo enek’e pembagian wilayah kekuasaan, skiki ora ana tukaran maneh antarane Sura lan
Buaya. Kelorone uwis sepakat kanggo ngehormati wilayahe dhewe-dhewe.
Nanging ing wayah dina, Iwak hiu Sura golek mangsa ing sungai. Hal kuwi dilakokne karo
meneng-meneng men Buaya ora ngerti. Mula-mula hal iki ora ketahuan. Nanging ing wayah
dina Buaya ngerteni kelakuan iwak Hiu Sura iku. Ngerti wae Buaya nesu weruh iwak Hiu
Sura nglanggar janjine.
“He Sura, ngapa kowe nglanggar peraturan kang uwis dhewe sepakati? Ngapa kowe wani
mlbu sungai kang wilayah kekuasaanku?” pitakone Buaya.
Iwak Hiu Sura kang ora ngrasa salah tenang-tenang wae.
“Aku nglanggar kesepakatan? Apa ora sungai iki ana banyune. Aku kan wis ngomong nek
aku penguasa banyu? Nah sungai iki’kan ana banyune, dadi iki termasuk daerah
kekuasaanku,” Jare Iwak Hiu Sura.
“Apa? Kali kuwi kan nggon ing pinggiran, apa maneh daerah kekuasaanmu kuwi ing segara
dadi kali kuwi daerah kekuasaanku!”Buaya ngotot.
“Ora bisa. Aku ora ngomong nek banyu ora mung laut, nanging ya kali,” Jawab ikan Hiu
Sura.
“Kowe sengaja golek gara-gara Sura?”
“Ora! Tak pikir alasanku cukup kuat lan ing pihak kang bener!” Jare Sura
“Kowe sengaja ngakali aku. Aku ora bodo kaya sing mvuk pikir!” Ngomonge Buaya karo
nesu.
“Aku ga gagas kowe bodo apa pinter, sing penting banyu kali lan banyu segara iku
kekuasaanku!” Sura tetep ga gelem kalah
“nek ngna kowe pancen ndwe maksud ngapusi aku? Yawis perjanjiane dhewe batal! Sapa
wae sing nduwe kekuatan kang paling elok, ya kae sing dadi penguasa tunggal!” Omonge
Buaya.
“Tukaran maneh, sapa sing wedi!” Nantang Sura karo kendele.
Pertarungan antarane iwak Hiu Sura lan Buaya kedadean maneh. Tukaran iki tambah seru lan
dahsyat. Pada-pada nyakiti, pada-pada nyokot lan njotosi. Ing wayah kuwi, banyu ing sanding
dadi abng amarga getih kang metu saka luka-luka keloro kewan kuwi. De’e kabeh terus
tukaran paten-patenan ora leren blas.
Ing pertarungan dahsyat kuwi, Buaya oleh cokotan saka iwak Hiu Sura ing buntut. Sakwise
buntut kuwi kecokot kepekso buntute mbengkok. Nanging iwak Sura iya kecokot buntute
ngasi ameh pedhot terus iwak Sura bali nyang segara. Buaya puas uwis bisa mbalekne
daerahe.
Pertarungan antarane iwak Hiu kang nduwe jeneng Sura karo Buaya iki berkesan banget ning
ati masyarakat Surabaya. Merga kuwi peristiwa iki terus-terus digatok-gatokne karo jeneng
Surabaya. Saka peristiwa iki dikanggokne lambing Kota Madya Surabaya yaiku gambar iwak
Sura lan Buaya.
Sakwise, saka dina peristiwa kemenangan Raden Wijaya dadi dina jadi Kota Surabaya.
Ing jaman sakiki, pertarungan ngrebutne wilayah banyu lan pinggiran terus kedaen. Ing
musim udan teka kadang banjir nguasai kota Surabaya. Ing musim ketiga kadang tempat-
tempat genangna banyu dadi daratan kering. Ya kuwi Surabaya.

Anda mungkin juga menyukai