Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillahil ladzii an’amanaa bini’matil iimaan wal islaam. Wanushalli wanusallimu ‘alaa khairil
anaam, muhammadin wa’alaa aalihii wasohbihi aj-ma’iin, amma ba’du.
Artinya: "Segala puji bagi Allah yang telah memberi sebaik-baik nikmat berupa iman dan islam. Shalawat
dan doa keselamatan terlimpahkan selalu kepada Nabi Agung Muhammad Saw beserta keluarga dan
para sahabat-sahabat Nabi semuanya"
Ingkang kawula hormati Bapak Ketua RT Sarto segenap jajaran kepengurusan ipun...
Ingkang kawula hormati Bapak ketua masjid Ar-Rochman
Ingkang ugi kawula hormati, bapak/ibu sdr sedoyo warga RT 18/04, Wonosari
sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah, kanthi rahmat hidayah ipun kito
saget makempal wonten acara pertemuan rutin RT menika, ing Balai Pertemuan Kanti sehat wal Afiat
mboten manggihi alangan Satunggal punopo - punopo
mboten kata lumpen salawat ugi salam kaaturaken dumateng junjungan Kito nabi Muhammad SAW
ingkang dados uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun wonten ing dinten Yaumil
khiyama.
Wonten ing mriki Kawula badhe maosaken acara pertemuan ing wedal ndalu menika :
1. Sepindah, pembukaan.
2. Kaping kalih, dzikir Tahlil
3. Kaping tigo laporan kas keuangan RT.
4. Nomer sekawan, laporan keuangan kas masjid Ar-Rochman
5. Acara lain - lain.
6. Penutup
mekaten acara ingkang bade kalampahan ing wekdal ndalu puniko
Monggo, kito nukak acara ingkang setunggal inggih puniko pembuko.pramilo Monggo Kito buka acara
punika kanthi waosan basmalah sesarengan...
Acara ingkang ongko kalih, inggih punika Tahlil ingkang dipun pimpin Bapak ...., wekdal ugi panggenan
Kawulo sumangga Aken sakcekapipun. Menika acara tahlil sampun kalampahan.
Salajengipun acara kaping tigo, sambutan saking Bapak ketua RT
Acara ingkang ongko sekawan, laporan keuangan kas masjid Ar-Rochman.wekdal Kawulo sumangga
Aken
Acara ingkang ongko gangsal,inggih puniko laporan keuangan kas Rt,wekdal Soho Sasono Kawulo
sumangga Aken
Acara ingkang ongko enem inggih puniko lain lain.mbok bilih wonten saran ugi usulan saking warga.
Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT, kasumanggaaken. Acara saran,
usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, keputusan usul LAN saran sampun lumampah Mugi2 sageto
dados lingkungan Kito meniko sageto SAE LAN ngremboko guyub rukun sesami.acara lain2 sampun
paripurna.
Inggih mekaten acara demi acara wonten ing dalu puiko sampun kalampahan, mugi-mugi saget
ndadosaken Suko lan renoning penggalih Dateng Kito sami.
Acara pungkasan inggih puniko penutup. Mbok bilih anggen kulo matur lan mandu wonten ipun acara
ingkang ndalu puniko mboten Trapsilo ugi kurang pas,LAN mboten mrarani penggalih kulo nyuwun
angunging pangarsami.
Sumangga, sareng-sareng kito tutup acara pertemuan RT ing dalu puniko kanthi waosan hamdalah.
Wabillahi Taufik wal hidayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wa Baraka tuh