Anda di halaman 1dari 2

Pembukaan Hajatan 40 hari

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

‫ َو الَّص َالُة َو الَّسَالُم َعلَى َأْش َرِف الـُم ْر َسِليَن َو َعلَى آِلِه َو َص ْح ِبِه‬، ‫ َو ِبِه َنْسَتِع ْيُن َع َلى ُأُم وِر الُّد ْنَيا َو الِّديِن‬، ‫اْلَحْم ُد ِهَّلِل َر ِّب اْلَع اَلِم يَن‬
‫ َأَّم ا َبْعُد‬، ‫َأْج ـَم ـِع يَن‬

Fadilatal muhtaromin para alim, para ulama sedayoa ingkang tansah kaula
mulyaaken, wabil khusus panjenenganipun KH Edi Bakhtiar Bakhir, Mag

ingkang tansah satuhu kinurmatan,

Para sepuh pinisepuh sedaya ingkang tansah dahat kinabekten. Dumaten


bapak.....ingkang tansah Kulo hurmati, selaku Shohibul bait

para rawuh para lenggah sedaya ingkah tansah kaula mulyakaken

minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kita tansah ngaturaken


raos puji tuwin syukur wanten ngasanipun Allah swt biqaulina alhamdulillah
wa syukrulillah, ingkang sampun kersa maringaken rahmat, taufiq, hidayah
saha inayahipun dumateng kita sedaya seingga wanten wekdal dalu menika
kita saget sesarengn ngrawuhi undanganipun bpk Fulan kanti kawontenan,
kawilujengan sehat walafiyat nir ing sambekala,

sholawat saha salam monggo tansah kita kunjukaken dumateng junjungan


kita nun inggih kanjeng nabi muhammad saw, biqaulina allahummah sholli ala
sayyidina muhamaad waala ali sayyidina muhammad

kanti pengajeng ngajeng mugi mugi kita sedaya saget pikatuk syafaatipun
benjing wonten ing yaumul qiyamah amiin.

para adi lenggah para rawuh sedaya ingkang tansah kaula mulyakaken

wonten ngriki, kula minangka sesulih saha talanging atur sangking keluarga
bpk fulan
ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh sugeng pepanggihan marhaban
ahlan wasahlan bihudurikum, mugi mugi pepanggihan menika saget kacatet
dados amal silaturrahim amin yra

ingkang saklajengipun bpk fulan ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa


upami dumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi
menapa ingkang sampun dados undanganipun bpk fulan sekeluarga, bpk
fulan boten saget paring piwales menapa menapa namung saget dedunga
jazakumullah ahsanal jaza,

kosok wangsulipun, menawi anggenipun bpk fulan sekeluarga anggenipun


nampi karawuhan panjenengan sedaya menapa dene anggenipun paring
papan pahurmatan dumateng panjenengan sedaya, wonten perkawis
perkawis ingkang kirang sekeca menggah penggalihipun panjenengam
sedaya, lumantar kaula bpk fulan nyuwun pangapunten ingkang sak katah
katahipun.

wondene hajatipun bpk fulan ngaturi rawuh panjenengan sedaya nun inggih
bade kintun barokah dumaten para arwah ingkang sampun sami katimbalan
wonten ngarsanipum Allah, khususon dumaten arwahipun almarhum bpk
fulan ingkang sak menika sampun angsal 40 (sekawan doso) dinten
anggenipun sowan dateng Allah. pramila sangking menika para rawuh
sedaya kasuwun paring doa kanti waosan dzikir tahlil ingkang bade dipun
imami kalian bpk fulan.

cekap semanten atur kaula, sedaya kalepatan kula wiwit awal dumugi akhir
nyuwun angunging pangapunten,

Billahi Taufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai