Anda di halaman 1dari 1

TANDURAN SALAK

1. SALAK
Salak kuwi uwit lan woh saka tanduran sing klebu golongan palma kanthi woh sing
bisa di pangan. Uwit lan woh iki uga di kenal minangka sala dan.Jroning diarani salak
utawa snake fruit,sauntara jeneng ilmiahe yaiku Salacca zalacca. Wohe kang bunder
padha karo endhog nangin rada lancip ing sisih dhuwur,kulit coklat tuwa. Woh iki uga
disebut snake fruit amarga kulite mempersisik ula. Rasane sepet nanging saiki wis
dibudidayakake jenis unggulan.

Salak lokal
Salak pondhoh
Salak Bali
Salak gadhing

Lan liyane.
2. CARANE NANDUR
Saiki nandur salak wis tansaya maju. Olehe nandur ora ndadak ndhedher
kenthos.Carane luwih gampang lan cepet yaiku kanthi nyangkok nganggo pring utawa
botol plastik lan saben dina kudu sregep nyirami. Menawa wis metu oyode dikethok
banjur ditandur.
Sadurunge ditandur lemahe di dhudhuk dhisik banjur diwenehi rabuk. Dienteni
nganti sawetara wektu lagi cangkokan salak mau ditandur.Yen wis metu ketheker
digolekake kembang salak lanang sing banjur digepyokake ing ketheker lan iki sing
diarani kawin silangtumrap salak. Wiwit kembang,geyol nganti dadi salak mateng umure
sesasi.

Anda mungkin juga menyukai