Anda di halaman 1dari 2

PRANATA ADICARA

BUKA BERSAMA
Assalamualaikum Wr.Wb

Kula aturaken puji syukur dumateng Allah swt. ingkang sampun paring rahmat
lan hidayah sahingga kita saged mlampah ing acara Buka Bersama. Shalawat
sarta salam kita aturaken dening Nabi Muhammad saw. ingkang kita tenggatengga safaat ing Yaumul Qiyamah menika.
Kula aturaken panuwun dening Bapak/Ibu lan para hadirin sedaya ingkang
sampun dating ing adicara menika.
Kula wonten ing mriki dados pranata adicara badhe maosaken rantamaning
adicara menika:
1. Pambuka
2. Waosan ayat suci Al-Quran
3. Atur pangandikan saking Ketua Panitia
4. Pengajian saking Ustadz Reza
5. Buka Bersama
6. Doa lan Panutup

Menika wau rantamaning adicara menika,gegandhengan wekdal sampun


ndungkap dalu, monggo pepanggihan menika enggal kita awiti. Menggah acara
waosan basmalah sesarengan.
.
Adicara kaping pindo waosan ayat suci Al-Quran saking sedherek
Fatimah,wekdal saha papan kula sumanggaaken.

.
Kula aturaken panuwun dumateng sedherek Fatimah, mugi-mugi amal
sae panjenengan pikanthuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah swt.
Amin.
Adicara kaping tiga inggih menika atur pangandikan dumateng Ketua Panitia,
wekdal saha papan kuola sumanggaaken.
.
Matur nuwun dumateng Ketua Panitia ingkang sampun paring
pangandikan.
Adicara kaping sekawan inggih menika pengajian, ingkang dipun wiwiti saking
Ustadz Reza, sumonggo wekdal saha papan kula sumanggaaken.
.
Matur nuwun dumateng Uatadz Reza ingkang sampun wiwiti pengajian
menika. Mugi-mugi kita sedaya saged mendhet hikmah saking pengajian
menika.
Adicara kaping gangsal inggih menika Buka Bersama. Monggo para hadirin
sedaya daharan saha unjukkan sampun cepakaken. Sakdherengipun monggo
kita waosan doa Buka Bersama sesarengan.
.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sakdeherengipun kula ing
mriki dados pranata adicara menawi wonten kathah kalepatan kula nyuwun
pangapunten agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Monggo acara
menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan.
.

Wabillahi taufik wal hidayah


Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai