Anda di halaman 1dari 4

pidato bahasa jawa "17 agustus"

.


.






.


.
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo sakmeniko nglahiraken raos
puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soko
Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam
rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik
Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhipun kulo lan panjenengan meniko dipun
catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soko poro ahli keluarga lan
sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun
paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal
meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah
sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran











Ingkang artosipun :
Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng
dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun
proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka,
meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah
dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah
cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di
tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh
SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa
Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken
poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia
memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi
kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening
Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil
makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh.
Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Quran surat Ibrahim ayat 7









Ingkang Artosipun :
Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun
nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko
saktemene sikso-Ku iku banget .
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan
poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge
merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak
kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses
merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh,
dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten
akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin
yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito
berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan
melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan
ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten
berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan
Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang
diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang
sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti
menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita
mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin..









Ingkang Artosipun :
Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasaake marang jasa lan
satemene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan
jasa kito.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !


Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito
arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi
penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa
Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng
pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro





KEMERDEKAAN INDONESIA

Assalamualaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirrobbilalamin, asholatu wassalamu ala asrofil ambiyaI wal mursalin,
saidina wamaulana muhammadin, waala alihi wasohbihi ajmain, amma badu.
Para Bapak lan Ibu Guru ikngkang kula hurmati, saha rekan-rekan sebangsa lan
setanah air ingkang kula tresnani.
Saderengipun sumangga kula lan panjenengan sedaya samiha nglahiraken raos puji
syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, taufik saha
hidayah dating kula lan panjenengan sedaya. sehingga wonten ing majelis munika, kagem
mengiti dinten kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 68, mugi-mugi kerawuhan
kula lan panjenengan sedaya dipun catet dining Allah SWT minangka dados amal sholeh kula
lan panjenengan. Aamiin
..
ingkang kaping kalih,, mugiha tambahipun rahmat lan salam bahagia Allah tetep
dipun limpahaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, saha para ahli
keluarga lan sohabat ipun.
Kaping tiganipun, kula matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang
sampun paring wekdal dating kita kanggo mengisi wontenipun acara menika mugi-mugi
wekdal menika saget kula ginakaken ingkang sak sahe-sahe nipun.
Para rawuh ingkang kula hurmati
Allah SWT sampun paring nikmat dating para kawulanipun menika sampun katah
sanget , sehingga mboten saget kita itung.
Para rawuh,,!! dene termasuk salah stunggalipun nikmatipun Allah ingkang ageng
dipun paringaken kita bangsa Indonesia, inggih menika nikmat kemerdekaan ingkang dipun
plokamiraken tanggal 17 Agustus 1945. Ngantos dinten menika kita peringati.
Para rawuh ingkang kula hurmati..!
menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sak derengipun merdeka, menika
pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa asing, ing Indonesia mboten anggadahi
kebebasan,gih menika dipun jajah dining belanda lan jepang. nagantos pinten-pinten tahun
rakyat Indonesia urip ing ngisore cengkraman kaum penjajah. rakyat Indonesia mboten
anggadahi kebebasan, mesti ditindas lan dipun aniaya dining bangsa asing. sehingga berkat
sifat rahman rohim Allah SWT lan kiat ugi kanti semangat ipun para pahlawan lan para
pejuang bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, pantang mundur, para pejuang kita saget
ngalahaken para kaum penjajah sehingga tepat tanggal 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia
memproklamasikan dinten kemerdekaan Indonesia.
Para rawuh ingkang kula hurmati..!
kngge ngisi kemerdekaan punikaan, kita mingka siswa-siswi Indonesia manga
sesarengan nggadah rasa social dumateng pepadha. rasa social menika saget kiat wujutaken
kados :
1. paring ninuratan wonten gu-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan bangsa kita.
2. sami nlahiraken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking daerah, nggih
kados bahasa jawi menika.
3. njagi kautuhaning persatuan saha kesatuhan bangsa lan negara.
menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda-pemudi bangsa
Indonesia insyaAllah kemerdekaan menika saget dipun raosaken dening sedaya masyarakat
Indonesia. amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwaning
pemuda-pemudi Indonesia mula budaya global ingkang negative punika cepet saget ngrisak
molaring anak negeri. ingkang penting kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami
wonten saindenging nuswantara saha mboten ambeda-bedaaken sedherek-sedherek kita
supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya
punika.
sedherek-sedherek ingkang minulya..
kula kinten sampun cekap ingkang saget kula aturaken. mugi-mugi saget bermanfaat
dhumateng pribadi kawula khususipun lan umumipun dumateng panjenengan sedoyo.
ana manten mangan srikaya, mangan kupat di bumbu santen
cekap semanten atur kawula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai