Anda di halaman 1dari 6

BISMILLAHI AUDZUBIKA YA DZAL WABALI,

dengan nama Allah aku berlindung kepadamu duhai pemilik wabal (yang maha pembalas)

BISMILLAHI AUDZUBIKA YA SYADIIDAL IQAABI,


dengan nama Allah aku berlindung kepadamu duhai yang balasannya sangat keras

BISMILLAHI AUDZUBIKA YA DZAL ADLI WAL QHISTI,


dengan nama Allah aku berlindung kepadamu duhai pemilik keadilan dan pemutus urusan
yang paling adil

BISMILLAHI SHODAQTA SHODAQTA SHODAQTA SHODAQTA SHODAQTA


dengan nama Allah, maha benar Engkau, maha benar Engkau, maha benar Engkau, maha
benar Engkau

YA DZAL WABAL YA DZAL WABAL YA DZAL WABAL.


Duhai pemilik wabal, Duhai pemilik wabal, Duhai pemilik wabal..

Dasar-dasar Falsafah Hidup Kejawen: Hanggayuh Kasampurnaning Hurip, Brbudi


Bawaleksana, Ngudi Sejatining Becik
Perpustakaan pelestarian budaya Yogyakarta

Ketuhanan
1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki
saisine, dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. (Tuhan
itu tunggal, ada di mana-mana, yang menciptakan jagad raya seisinya, disembah
seluruh manusia sejagad dengan caranya masing-masing)
2. Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana pangeran, nanging aja siro
wani ngaku pangeran. (Tuhan ada di mana saja, di dalam dirimu juga ada, namun kamu
jangan berani mengaku sebagai Tuhan)
3. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. (Tuhan itu berada jauh
namun tidak ada jarak, dekat tidak bersentuhan)
4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi. (Tuhan
itu abadi dan tak bisa diperumpamakan, menjadi asal dan tujuan kehidupan)
5. Pangeran iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu Pangeran. (Tuhan itu bisa
mewujud namun perwujudannya bukan Tuhan)
6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora
kasat mata. (Tuhan berkuasa tanpa alat dan pembantu, mencipta alam dan seluruh
isinya, yang tampak dan tidak tampak)
7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane. (Tuhan itu tidak membeda-bedakan
(pilih kasih) kepada seluruh umat manusia)
8. Pangeran iku maha welas lan maha asih, hayuning bawana marga saka kanugrahaning
Pangeran. (Tuhan Maha Belas-Kasih, bumi terpelihara berkat anugrah Tuhan)
9. Pangeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa
murungake. (Tuhan itu Mahakuasa, takdir ditentukan atas kehendak Tuhan, tiada yang
bisa membatalkan kehendak Tuhan)
10. Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran. (Kehidupan berasal dari Tuhan
dan akan kembali kepada Tuhan)
11. Pangeran iku ora sare. (Tuhan tidak pernah tidur)
12. Beda-beda pandumaning dumadi. (Tuhan membagi anugrah yang berbeda-beda)
13. Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya
yen Pangeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka
karsaning Pangeran. (Pasrah kepada Tuhan bukan berarti enggan bekerja, namun
percaya bahwa Tuhan Menentukan)
14. Pangeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo kudu ngurmat biyung ira.
(Tuhan mencipta manusia dengan media ibumu, oleh sebab itu hormatilah ibumu)
15. Sing bisa dadi utusaning Pangeran iku ora mung jalma manungsa wae. (Yang bisa
menjadi utusan Tuhan bukan hanya manusia saja)
16. Purwa madya wasana. (zaman awal/ sunyaruri, zaman tengah/ mercapada, zaman
akhir/ keabadian)
17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pangeran kang murbeng jagad.
(Berubahnya keadaan itu atas kehendak Tuhan yang mencipta alam)
18. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku wis ora ana sing
bisa murungake. (Tak ada kesaktian yang menyamai takdir Tuhan, sebab takdir itu
tidak ada yang bisa membatalkan)
19. Bener kang asale saka Pangeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan
seneng gawe sangsaraning liyan. (Bener yang menurut Tuhan itu bila tidak memiliki
sifat angkara murka dan gemar membuat kesengsaraan orang lain)
20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing
Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa. (Kebenaran di dunia ada dua macam, yakni
benar menurut Tuhan dan benar menurut penguasa)
21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo
benering Pangeran lan kang ora cocok karo benering Pangeran. (Benar menurut
penguasa juga memiliki dua macam jenis yakni cocok dengan kebenaran menurut Tuhan
dan tidak cocok dengan kebenaran Tuhan)
22. Yen cocok karo benering Pangeran iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen
ora cocok karo benering Pangeran iku ateges titisaning brahala. (Kebenaran yang
sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, itu berarti tuhan yang mewujud, namun bila
tidak sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, berarti penjelmaan angkara)
23. Pangeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga
dewa lan manungsa asale saka Pangeran. (Tuhan itu bukan dewa atau manusia, namun
segala yang ada (dewa dan manusia) adanya berasal dari Tuhan.
24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Pangeran. (Keburukan
dan kebaikan merupakan satu kesatuan, semua itu sudah menjadi rumus/kehendak Tuhan)
25. Manungsa iku saka dating Pangeran mula uga darbe sipating Pangeran. (Manusia
berasal dari zat Tuhan, maka manusia memiliki sifat-sifat Tuhan)
26. Pangeran iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding
Pangeran. (Tidak ada yang menyerupai Tuhan, maka janganlah melukiskan dan
menggambarkan wujud tuhan)
27. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe pangira yen
manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran. (Tuhan berkuasa tanpa perlu pembantu,
maka jangan menganggap manusia menjadi wakil Tuhan di bumi)
28. Pangeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa. (Tuhan itu Mahakuasa, sementara
itu manusia hanyalah bisa)
29. Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa. (Tuhan mampu
merubah keadaan apa saja tanpa bisa dibayangkan/perumpamakan)
30. Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan
anyar kang diperlokake. (Tuhan mampu merusak keadaan yang tidak diperlukan lagi,
dan bisa membuat keadaan baru yang diperlukan)
31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pangeran. (Batu dan kayu
adalah milik zat Tuhan, namun bukanlah Tuhan)
32. Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja darbe pangira yen
manungsa mau bisa diarani Pangeran. (Di dalam manusia dapat bersemayam zat tuhan,
akan tetapi jangan merasa bila manusia boleh disebut Tuhan)
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pangeran, mula aja nyembah
titah alus nanging aja ngina titah alus. (Makhluk halus dan makhluk kasar/wadag
semuanya berasal dari tuhan, maka dari itu jangan menyembah makhluk halus, namun
juga jangan menghina makluk halus)
34. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata, dene liyane kalebu
titah alus. (Semua yang tampak oleh mata termasuk makhluk kasat mata, sedangkan
lainnya termasuk makhluk halus)
35. Pangeran iku menangake manungsa senajan kaya ngapa. (Tuhan memenangkan manusia
walaupun seperti apa manusia itu)
36. Pangeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah alus mau. (Tuhan
memberikan pengetahuan kepada manusia tentang eksistensi makhluk halus)
37. Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe ora darbe penyuwun
marang Pangeran supaya titah alus mau ngejawantah. (Makhluk halus tidak bisa
menjadi manusia bila manusia tidak punya permohonan kepada Tuhan agar makhluk halus
menampakkan diri)
38. Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging
minangka utusaning Pangeran. (Siapa yang berani merubah keadaan yang terjadi,
bukanlah sembarang orang, namun sebagai utusan tuhan)
39. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku, ing tembe bakal tampa
kanugrahaning Pangeran. (Siapa saja yang bersedia melaksanakan kebaikan dan juga
mau lelaku prihatin, kelak akan memperoleh anugrah tuhan)
40. Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku
sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo iki ono sing ngatur. (siapa yang belum
paham, lalu menganggap sipat kandel itu sebagai rambu-rambu hidup, yang demikian
itu sesungguhnya belum memahami bila di dunia ini ada yang mengatur)
41. Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran kang Mahakuwasa. (Semua ilmu berasal
dari Tuhan yang Mahakuasa)
42. Sing sapa mikani anane Pangeran, kalebu urip kang sempurna. (Siapa yang
mengetahui adanya Tuhan, termasuk hidup dalam kesempurnaan).
Kebatinan
1. Dumadining sira iku lantaran anane bapa biyung ira. (Lahirnya manusia karena
berkat adanya kedua orang tua)
2. Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran. (Di dalam manusia tedapat sifat-sifat
Tuhan)
3. Titah alus iku ana patang warna, yakuwi kang bisa mrentah manungsa nanging ya
bisa mitulungi manungsa, kapindho kang bisa mrentah manungsa nanging ora mitulungi
manungsa, katelu kang ora bisa mrentah manungsa nanging bisa mitulungi manungsa,
kapat kang ora bisa mrentah manungsa nanging ya ora bisa mrentah manungsa.
(Makhluk halus ada empat macam, pertama ; yang bisa memerintah manusia namun bisa
juga menolong manusia. Kedua; yang bisa memerintah manusia namun tidak bisa
menolong manusia. Ketiga ; yang tidak bisa memerintah manusia namun bisa menolong
manusia. Keempat ; yang tidak bisa memerintah anusia namun juga tak bisa diperintah
manusia.
4. Lelembut iku ana rong warna, yakuwi kang nyilakani lan kang mitulungi. (Makhluk
halus ada dua macam; yang mencelakai dan yang menolong)
5. Guru sejati bisa nuduhake endi lelembut sing mitulungi lan endi lelembut kang
nyilakani. (Guru Sejati bisa memberikan petunjuk mana makhluk halus yang bisa
menolong dan mana yang mencelakakan)
6. Ketemu Gusti iku lamun sira tansah eling. (Bertemu Tuhan dapat dicapai dengan
cara selalu eling)
7. Cakra manggilingan. (Kehidupan manusia akan seperti roda yang selalu berputar,
kadang di bawah kadang di atas. Hukum sebab akibat dan memungkinkan terjadi
penitisan)
8. Jaman iku owah gingsir. (Zaman akan selalu mengalami perubahan)
9. Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mulo iku diarani Gusti iku
bagusing ati. (Tuhan berada di dalam hati manusia yang baik, oleh sebab itu disebut
Gusti (bagusing ati)
10. Sing sapa nyumurupi dating Pangeran iku ateges nyumurupi awake dhewe. Dene
kang durung mikani awake dhewe durung mikani dating Pangeran. (Siapa yang
mengetahui zat Tuhan berarti mengetahui dirinya sendiri. Sedangkan bagi yang belum
memahami jati dirinya sendiri maka tidak mengetahui pula zat Tuhan)
11. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungake kesugihan lan drajat ira, awit
samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-ngisini. (Keadaan dunia tidaklah
abadi, maka jangan mengagungkan kekayaan dan derajat pangkat, sebab bila sewaktu-
waktu terjadi zaman serba berbalik tidak menderita malu)
12. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali
marang sapadha-padhaning tumitah. (Keadaan yang ada sekarang ini tidak akan
berlangsung lama pasti akan mengalami perubahan, maka dari itu janganlah lupa
kepada sesama makhluk hidup ciptaan Tuhan)
13. Lamun sira kepengin wikan marang alam jaman kelanggengan, sira kudu weruh
alamira pribadi. Lamun sira durung mikan alamira pribadi adoh ketemune. (Bila kamu
ingin mengetahui alam di zaman kelanggengan. Kamu harus memahami alam jati diri
(jagad alit), bila kamu belum paham jati dirimu, maka akan sulit untuk menemukan
(alam kelanggengan)
14. Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira mulanga marang wong kang durung
wikan. (Jika kamu sudah memahami jati diri, maka ajarilah orang-orang yang belum
memahami)
15. Lamun sira wus mikani alamira pribadi, alam jaman kelanggengan iku cedhak tanpa
senggolan, adoh tanpa wangenan. (Bila kamu sudah mengetahui sejatinya diri pribadi,
tempat zaman kelanggengan itu seumpama dekat tanpa bersentuhan, jauh tanpa jarak)
16. Lamun sira durung wikan alamira pribadi mara takono marang wong kang wus
wikan. (Bila anda belum paham jati diri pribadi, datang dan tanyakan kepada orang
yang telah paham)
17. Lamun sira durung wikan kadangira pribadi, coba dulunen sira pribadi. (Bila
anda belum paham saudaramu yang sejati, carilah hingga ketemu dirimu pribadi)
18. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi, gelem nyambut gawe.
(Saudara sejati mu tidak berbeda dengan diri pribadimu, bersedia bekerja)
19. Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandang kasangsaran. Pujinen yen sira lagi
nampa kanugrahaning Gusti. (Pintalah Tuhan bila anda sedang menderita
kesengsaraan, pujilah bila anda sedang menerima anugrah)
20. Lamun sira pribadi wus bisa caturan karo lelembut, mesthi sira ora bakal
ngala-ala marang wong kang wus bisa caturan karo lelembut. (Bila anda sudah bisa
bercakap-cakap dengan makhluk halus, pasti anda tidak akan menghina dan mencela
orang yang sudah bisa bercakap-cakap dengan makhluk halus)
21. Sing sapa nyembah lelembut iku keliru, jalaran lelembut iku sejatine
rowangira, lan ora perlu disembah kaya dene manembah marang Pangeran. (Siapa yang
menyembah lelembut adalah tindakan keliru, sebab lelembut sesungguhnya teman mu
sendiri)
22. Weruh marang Pangeran iku ateges wis weruh marang awake dhewe, lamun durung
weruh awake dhewe, tangeh lamun weruh marang Pangeran. (Memahami tuhan berarti
sudah memahami diri sendiri, jika belum memahami jati diri, mustahil akan memahami
Tuhan)
23. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan
diwelehake dening tumindake dhewe. (Siapa yang gemar merusak ketentraman orang
lain, pasti akan dihukum oleh Tuhan dan dipermalukan oleh perbuatannya sendiri)
24. Lamun ana janma ora kepenak, sira aja lali nyuwun pangapura marang
Pangeranira, jalaran Pangeranira bakal aweh pitulungan. (Walaupun mengalami zaman
susah, namun janganlah lupa mohon ampunan kepada Tuhan, sebab Tuhan akan memberikan
pertolongan)
25. Gusti iku dumunung ana jeneng sira pribadi, dene ketemune Gusti lamun sira
tansah eling. (Tuhan ada di dalam diri pribadi, dapat anda ketemukan dengan cara
selalu eling)
Filsafat Kemanusiaan
1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana. (Giat bekerja/membantu
dengan tanpa pamrih, memelihara alam semesta /mengendalikan nafsu)
2. Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane. (Manusia sekedar menjalani apa
adanya, seumpama wayang)
3. Ati suci marganing rahayu. (Hati yang suci menjadi jalan menuju keselamatan jiwa
dan raga)
4. Ngelmu kang nyata, karya reseping ati. (Ilmu yang sejati, membuat tenteram di
hati)
5. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi. (Menghayati perilaku mulia dengan budi
pekerti luhur)
6. Jer basuki mawa beya. (Setiap usaha memerlukan beaya)
7. Ala lan becik dumunung ana awake dhewe. (Kejahatan dan kebaikan terletak di
dalam diri pribadi)
8. Sing sapa lali marang kebecikaning liyan, iku kaya kewan. (Siapa yang lupa akan
amal baik orang lain, bagaikan binatang)
9. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan legawaning ati, darbe
sipat berbudi bawaleksana. (Ciri khas orang mulia yakni, perbuatan dan sikap
batinnya halus , tutur kata yang santun, lapang dada, dan mempunyai sikap wibawa
luhur budi pekertinya)
10. Ngunduh wohing pakarti. (Orang dapat menerima akibat dari ulahnya sendiri)
11. Ajining dhiri saka lathi lan budi. (Berharganya diri pribadi tergantung
ucapan dan akhlaknya)
12. Sing sapa weruh sadurunge winarah lan diakoni sepadha-padhaning tumitah iku
kalebu utusaning Pangeran. (Siapa yang mengetahui sebelum terjadi dan diakui
sesama manusia, ia termasuk utusan tuhan)
13. Sing sapa durung wikan anane jaman kelanggengan iku, aja ngaku dadi janma
linuwih. (Siapa yang belum paham adanya zaman keabadian, jangan mengaku menjadi
orang linuwih)
14. Tentrem iku saranane urip aneng donya. (Ketenteraman adalah sarana menjalani
kehidupan di dunia)
15. Yitna yuwana lena kena. (Eling waspdha akan selamat, yang lengah akan celaka)
16. Ala ketara becik ketitik. (Yang jahat maupun yang baik pasti akan terungkap
juga)
17. Dalane waskitha saka niteni. (Cara agar menjadi awas, adalah berawal dari
sikap cermat dan teliti)
18. Janma tan kena kinira kinaya ngapa. (Manusia sulit diduga dan dikira)
19. Tumrap wong lumuh lan keset iku prasasat wisa, pangan kang ora bisa ajur iku
kena diarani wisa, jalaran mung bakal nuwuhake lelara. (Bagi manusia, fakir dan
malas menjadi bisa/racun, makanan yang tak bisa hancur dapat disebut sebagai
bisa/racun, sebab hanya akan menimbulkan penyakit)
20. Klabang iku wisane ana ing sirah. Kalajengking iku wisane mung ana pucuk
buntut. Yen ula mung dumunung ana ula kang duwe wisa. Nanging durjana wisane
dumunung ana ing sekujur badan. (Racun bisa Lipan terletak di kepala, racun bisa
kalajengking ada di ujung ekor, racun bisa ular hanya ada pada ular yang berbisa,
namun manusia durjana racun bisanya ada di sekujur badan)
21. Geni murub iku panase ngluwihi panase srengenge, ewa dene umpama ditikelake
loro, isih kalah panas tinimbang guneme durjana. (Nyala api panasnya melebihi panas
matahari, namun demikian umpama panas dilipatgandakan, masih kalah panas daripada
ucapan orang durjana)
22. Tumprape wong linuwih tansah ngundi keslametaning liyan, metu saka atine
dhewe. (Bagi orang linuwih selalu berupaya menjaga keselamatan untuk sesama, yang
keluar dari niat suci diri pribadi)
23. Pangucap iku bisa dadi jalaran kebecikan. Pangucap uga dadi jalaraning pati,
kesangsaran, pamitran. Pangucap uga dadi jalaraning wirang. (Ucapan itu dapat
menjadi sarana kebaikan, sebaliknya ucapan bisa pula menyebabkan kematian,
kesengsaraan. Ucapan bisa menjadi penyebab menanggung malu)
24. Sing bisa gawe mendem iku: 1) rupa endah; 2) bandha, 3) dharah luhur; 4) enom
umure. Arak lan kekenthelan uga gawe mendem sadhengah wong. Yen ana wong sugih,
endah warnane, akeh kapinterane, tumpuk-tumpuk bandhane, luhur dharah lan isih enom
umure, mangka ora mendem, yakuwi aran wong linuwih. (Penyebab orang menjadi lupa
diri adalah : gemerlap hidup, harta, kehormatan, darah muda. Arak dan minuman juga
membuat mabuk sementara orang. Namun bila ada orang kaya, tampan rupawan, banyak
kepandaiannya, hartanya melimpah, terhormat, dan masih muda usia, namun semua itu
tidak membuat lupa diri, itulah orang linuwih)
25. Sing sapa lena bakal cilaka. (Siapa terlena akan celaka)
26. Mulat salira, tansah eling kalawan waspada. (Jadi orang harus selalu mawas
diri, eling dan waspadha)
27. Andhap asor. (Bersikap sopan dan santun)
28. Sakbegja-begjane kang lali luwih begja kang eling klawan waspada.
(Seberuntungnya orang lupa diri, masih lebih beruntung orang yang eling dan
waspadha)
29. Sing sapa salah seleh. (Siapapun yang bersalah akan menanggung celaka)
30. Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake. (Bertanding tanpa bala bantuan)
31. Sugih ora nyimpen. (Orang kaya namun dermawan)
32. Sekti tanpa maguru. (Sakti tanpa berguru, alias dengan menjalani laku prihatin
yang panjang)
33. Menang tanpa ngasorake. (Menang tanpa menghina)
34. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. (Yang mengganggu akan lebur, yang
menghalangi akan hancur)
35. Mumpung anom ngudiya laku utama. (Selagi muda berusahalah selalu berbuat baik)
36. Yen sira dibeciki ing liyan, tulisen ing watu, supaya ora ilang lan tansah
kelingan. Yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal
ilang lan ora kelingan. (Jika kamu menerima kebaikan orang lain, tulislah di atas
batu supaya tidak hilang dari ingatan. Namun bila kamu berbuat baik kepada orang
lain hendaknya ditulis di atas tanah, supaya segera hilang dari ingatan)
37. Sing sapa temen tinemu. (Siapa yang bersungguh-sungguh akan berhasil)
38. Melik nggendhong lali. (Pamrih menyebabkan lupa diri)
39. Kudu sentosa ing budi. (Harus selamat ke dalam jiwa)
40. Sing prasaja. (Menjadi orang harus bersikap sabar)
41. Balilu tau pinter durung nglakoni. (Orang bodoh yang sering mempraktekan, kalah
pandai dengan orang pinter namun belum pernah mempraktekan)
42. Tumindak kanthi duga lan prayogo. (Bertindak dengan penuh hati-hati dan
teliti/tidak sembrono)
43. Percaya marang dhiri pribadi. (Bersikaplah percaya diri)
44. Nandur kebecikan. (Tanamlah selalu kebaikan)
45. Janma linuwih iku bisa nyumurupi anane jaman kelanggengan tanpa ngalami
pralaya dhisik. (Manusia linuwih adalah dapat mengetahui adanya zaman keabadian
tanpa harus mati lebih dulu)
46. Sapa kang mung ngakoni barang kang kasat mata wae, iku durung weruh jatining
Pangeran. (Siapa yang hanya mengakui hal-hal kasat mata saja, itulah orang yang
belum memahami sejatinya Tuhan)
47. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah
rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka
iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking. (Bila
anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa
pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu,
anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
48. Sing sapa gelem gawe seneng marang liyan, iku bakal oleh wales kang luwih gedhe
katimbang apa kang wis ditindakake. (Barang siapa gemar membuat orang lain bahagia,
anda akan mendapatkankan balasan yang lebih besar dari apa yang telah anda lakukan)

Anda mungkin juga menyukai