Anda di halaman 1dari 2

Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Kesehatan

Khasiat Mengkudu/Pace

Pace (Morinda citrifolia) kalebu jenise kopi – kopian. Pace bisa urip ono
dataran rendah nganti kedhuwuran lemah 1500 meter ing dhuwur banyu laut.
Pace yaiku tanduran asli saka Indonesia. Tanduran iki nduweni batang ora gedhe
banget, dhuwur tandurane 3–8 m. Godhonge tumpuk undung adep – adepan, dawa
godhong 20–40 cm lan ombo 7–15 cm. Kembange wujud kembang bongkol sing cilik
– cilik werna putih. Wohe werna ijo lan wujud woh buni sing wujud lonjong
nganggo aneka trotol – trotol. Wohe akeh lan cilik-cilik ana ing njero daging.
Umume tanduran pace urip kanthi sakarepe dhewe ing ngalas – alas utawa di
tandur wong ning samping ngomah.

Pace nduweni jeneng lokal : mengkudu (Indonesia), Pace, Kemudu, Kudu


(Jawa); Cengkudu (Sunda), Kodhuk (Madura), Wengkudu (Bali). Woh buni wit pace
sing wis mateng nduweni ambu sing ora enak, nanging nduweni aneka zat kang
manfaate kanggo pengobatan. Zat kang ana yaiku morinda diol, morindone,
morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril lan soran diyiol.Amarga nduweni
zat iku pace bisa kanggo ngobati maneko warna lelara. Tuladhane :
1. Hipertensi utawa darah tinggi
2. Lara kuning
3. Lara panas
4. Lara watuk
5. Lara weteng
6. Ngilangake sisik ing sikil

Anda mungkin juga menyukai