Anda di halaman 1dari 2

Nami : Hilma Bayu Aji

Kelas : XII MIPA 1

No Absen : 10

Geguritan jenis Hymne (Surasane babagan pangalembana marang Gusti) ingkang temanipun
Religi

NYADONG PANGESTUNE ILLAHI


Dening : Hilma Bayu Aji

Duh Gusti kang Maha Suci,


Aku manembah kanthi sayekti,
Tumungkul mitumu mawi ati,
Mantep lan madep marang Gusti.

Duh Gusti kang Maha Agung,


Marang sliramu nyuwun pitulung,
Rina wengi tansah muwun,
Getun marang dosa kang mataun-taun.

Duh Gusti kang Maha Welas,


Kairing sujud kanthi ikhlas,
Ngudi pangestune Illahi,
Mugi Gusti tansah ngijabahi.
Amanat
Amanat ingkang saged kawula lan panjenengan sedaya pundhut saka
geguritan menika, inggih menika kawula lan panjenengan sedaya minangka
manungsa kedah tansah ngeling-eling lan tansah ngluhurake asmane Gusti
Allah, ugi tansah ndonga nyuwun pitulung marang Gusti Allah supados sedaya
dosane kawula lan panjenengan sedaya saged diampura, lan mugi-mugi Gusti
Allah tansah ngijabahi pandongane kawula lan panjenengan sedaya.

Anda mungkin juga menyukai