Anda di halaman 1dari 1

Kidung Pambuka

P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
U : Amin
P : Mugi Gusti tansah manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
P : Bpk Ibu lan Putra2 ingkang kisanasih ing Gusti, sugeng dalu lan Berkah Dalem
Cecala
P : Sumangga kita sami nliti batos lan kekirangan, saha ngaturaken kalepatan lan dosa kita, nyuwun
palimirma kanthi sembayang pamartobat.
P : Kawula ngakeni …..
P : Mugi Allah Hyang Rama ingkang Maha Kuasa karsa paring palimirma lan pangapuraning dosa,
sarta nuntun marang urip langgeng. Amin.
Sembayang Pambuka
P : Swawi sami munjuk
Gusti kawula ngaturaken raos syukur tuwin atur panuwun, dene ing dalu punika kawula sedaya
umat Dalam ing Lingkungan Santo Natanael, kepareng makempal wonten ing griyo mriki, kanthi
wilujeng nir ing sambikala. Gusti ing dalu punika kawula sedaya badhe ngluhuraken tuwin memuji
Asma Dalem kanthi midangetaken Sabda Dalem, saha ngaturaken Sembayang Rosario konjok Ibu
Maria. Gusti mugi kersa rawuh ing tengah-tengah kawula saha paring Berkah supados
sembayangan ing dalu punika lumempah kanthi lancar lan kidmat, lan andadosna rena ing
penggalih Dalem. Sedaya panyuwunan punika kaluwa suwun lantaran sang Kristus Gusti Kawula.
U : Amin
Waosan Injil
Rosario
Sembayang Pasrah dateng Dewi Maria ( Kidung Adi No. 54)
Rama Kawula
Sembayang Panutup
P : Gusti Allah ingkang Maha Asih tuwin langgeng, sepindah malih kawula ngaturaken agenging
panuwun, dene Gusti sampun kersa nenggani anggen kawula sami sembayang saha ngaturaken
reroncen Rosario konjuk Ibu Maria. Mugi-mugi sembayangan ing dalu punika andayanana tumrap
gesang kalula, tansah saget ngluhuraken tuwin nindakaken dawuh Dalem selaras kalian karsa
Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin
Berkah Penutup
P : Mugi Gusti tansah manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
P :

Anda mungkin juga menyukai