Anda di halaman 1dari 1

Cangkriman Bahasa Jawa

1. Urang Sapikul matane pira ?


jawab : ana 6- urang, sapi, kul
2. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ?
Jawab : Salak
3. Dikethok malah dhuwur, apa ?
Jawab : Celana
4. Ana tulisan Arab. Macane saka ngendi ?
Jawab : Saka Alas
5. Ana gajah numpak becak, ketok apane ?
Jawab : Ketok mbujuke
6. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa ?
Jawab : Wong mikul areng
7. Lampu apa nek dipecah metu uwonge ?
Jawab : Lampune toko sing lagi ditutup
8. Pak bomba, pak lawa, pak peyut
Tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut
9. Pitik walik saba kebon, apa ?
Jawab : Nanas
10. Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal gandhul, nek disuduk manthuk manthuk,
apa ?
Jawab : Kembang gedhang = ontong
11. Jenenge Satriya pringgondani iku sapa ?
Jawab : Ya raden Gathutkaca, ya uleg uleg= pring bonggol didandani.
12. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira kira gedhe apane ?
Jawab : Gede omongane
13. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh, apa ?
Jawab : Geni
14. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan
omben cukup, bareng wis satahun kuthuke ilang, menyang endi ?
Jawab : Dadi pitik
15. Ana 5 endoke gajah, ilang 1 dadi pira ?
Jawab : 0 , gajah ora ngendok.

Anda mungkin juga menyukai