Anda di halaman 1dari 2

1.

Jelasna apa kang dimaksud:

No Jisining Artikel Wangsulan


1 Narasi

2 Deskripsi

3 Eksposisi

4 Argumentasi

5 Persuasi

2. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

No Tembung Ukara
panggandheng
1 supaya

2 nalika

3 sawise

4 saupama

5 amarga

3. Ukara ing ngisor iki wenehana tembung panggandheng sing pas!


1) Dhek wingi Banu tuku layangan loro … diulukake ing lapangan.
2) Farhan ora mlebu sekolah … lara.
3) Menawi piyambakipun sampun lulus … badhe dhateng Jakarta.

Wacanen teks crita wayang ing ngisor iki kanthi patitis!

JENENGKU GATHUTKACA
Dening: Davit Harijono

Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapak Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi
kerubuhan gunung. Mengkono uga ana sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman
Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng Punakawan, Uwa Semar, Si Garemng, Petruk,
lan Bagong sing bioyasane cengar-cengir uga melu sedhih.
Weruh ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo aewakku.
Bapak Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa
Puntadewa ora masah. Pasopati lan Arda dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Prabu
kresna mala ngetoake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot.
Bebarengan Bathara Kresna kabeh padha muji donga. Padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akhire
rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Banjur ngutus Paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline
ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya.
“Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye tha yayi?”pitakone Prabu Kresna.
“Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kuntawijaya klentu dipunparingaken Adipati Karna in Awangga. Kula
namung saged ngrebat warangkanipum punika,”
“Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. Wis Jlamprong … coba pedhoten ari-arine ponakanmu!”
Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku
pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh. Warangka sing kanggo gethok ari-
ari mau ilang musna. Uwang Arjiuna bingung lan kagyat. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku
dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora ngerti apa maksud
ngendikane.
Aku digawa mabur, dilebokake kawah Candradimuka. Digodhog bareng gamane para dewa. Aku nangis
nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga
kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang antrakusuma lan ajian suryakantha. Aku bisa
mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca.

No Unsur intrinsik Wangsulan


1 tema

2 amanat

3 plot/alur

4 penokohan a. paraga utama :

b. paraga panyengkuyung :

5 latar/setting c. panggonan :

d. wektu :

e. swasana :

Anda mungkin juga menyukai