Anda di halaman 1dari 7

ATUR SAPALA

Puji syukur Alhamdulillah dateng Dzat ingkang Moho Murah,ingkang paring taufiq lan
hidayah,sahingga kanthi semangat bergairah, penulis sedaya saget ngrampungaken tugas
Bahasa Jawa “Laporan Asil Observasi Gawe Tempe”. Penulis uga ngaturake matur suwun
dening guru basa jawa ingkang sampun mbimbing penulis.
Menawi susunan punika kirang sempurna, kula sedaya nyuwun kanthi ridhoning
amanah di pun leresaken supados genah lan mugiya tugas niki saget manfaat lan ugi Barokah.
Tumrap poro ummah Fiddunya wal akhiroh. Amin

Penulis,
DAFTAR ISI

ATUR SAPALA ……………………………………………………. 1


DAFTAR ISI ………………………………………………………... 2
PAMBUKO …………………………………………………………. 3
ISI …………………………………………………………………… 4
PANUTUP …………………………………………………………… 5
PAMBUKO

Tempe yaiku panganan sing digawé saking fermentasi wiji kedelé utawa wiji-wijian
liyané sing umum digawé tempe. Proses férméntasi iki sing biasané neng masyarakat umum
dikenal karo jeneng ragi tempe.
ISI

Carane Gawe Tempe

Tempe kui panganan murah nanging akih ngandhut protein, yaiku protein nabati.
Bahan pokok kanggo gawe tempe yaiku kedhele.
Carane gawe tempe kui gampang, yaiku:

1. Kedhele diresiki (dibuwangi krikil/watu lan regedan liyane)

2. Kedhele dipesusi utawa dikumbah.

3. Banjur dikum, ngekume bisa ngenthi sewengi. Nanging aja kesuwen, yen kesuwen kedhele
bisa bosok utawa dadi thokolan. Tujuane dikum supaya kedhele bisa mekar lan empuk.
Kanthi dikum, anggone nggodhog ora suwe, gampang anggone mlocoti kulite lan asile dadi
saya akeh. Yen suwe nggodhoge, banjur ngentekake lenga.

4. Sawise dikum, banjur dipesusi maneh kareben luwih resik.

5. Sabubare kui, kedhele sing wis dikum banjur digodhog nganti mateng.

6. Sawise digodhog nganti mateng, banjur dipesusi maneh, kerepe dibuwang kulite. Anggone
mesusi kui padatan karo diidak-idak utawa diusek-usek nganggo sikil supaya kulite
kedhele bisa ucul. Ana saperangan sing ngonceki kedhele sing wis mateng kanthi digiling.

7. Sawise diilangi kulite banjur dibuwangi kulite kanthi dirimbang nganggo banyu mili.

8. Sawise resik saka kulite, kedhele banjur ditus lan diadhemake.

9. Sawise adhem banjur diwenehi ragi utawa laru.

10. Sawise diwenehi ragi utawa laru banjur dicitak.


PANUTUP

Mekaten makalah ingkang kawula damel ,mugi-mugi saget maringi manfaat dening
para pemaos, kirang kawula ngaturaken agunging pangapunten.
LAPORAN ASIL OBSERVASI

“ GAWE TEMPE “

DISUSUN DENING :

1. ALRIZA AULIA T
2. ARSYAD YUDI A
3. HASBY FAJAR P
4. LAILATUL M
5. NANDA NYIMAS D.S
6. ZHAIKA VEGA R

SMP NEGERI 2 NAWANGAN


TAHUN AJARAN 2019/2020

Anda mungkin juga menyukai