Anda di halaman 1dari 2

‫السالم عليكم و رحمة هللا وبركاته‬

‫الحمد هلل والشكر هلل على نعمة هللا الحول وال قوة االباهلل وقال هللا تعالى فى القرأن الكريم‬
‫بسم هللا الرحمن الرحيم وقضى ربك اال تعبدوا اال اياه وبالوالدين احسان صدق هللا العظبم‬
‫امابعده‬.

- Wonteng ing ngarsanipun poro guru ingkang minulya,


- Sedoyo dewan juri inkang kaulo hormati,
- Hadirin hadirot Rohimakumulloh,

Sakderengipun kulo matur, langkung rumiyen monggo kito nglahiraken syukur


dumateng Allah SWT, kanthi Rahmatipun kito saged kempal wonteng ing panggenan
ingkang aji puniko.

Mugi dadoso tambahe manfaat tumerap agami, bongso lan nagari, Aamiin.

Sholawat salam tansah kaaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhamad SAW Nabi
ingkang paring syafa’at wonten dunyo lan akhirot langkung-langkung benjeng wonten
ing dinten kiyamat, Amin.

Sa’ lajengipun kaulo bade matur kanthi tema “ Ngabekti dumateng tiyang sepah kaleh”

Para rawuh ingkang minulya,

Rikolo Nabi Ibrahim AS dereng diparingi putro, panjenenganipun dedungo dumateng


Allah SWT.

Nopo dunganipun Nabi Ibrahim?

Wonteng ingkang pirso?

Nopo Nabi Ibrahim nyuwun putra ingkang pinter? .... Mboten ....

Nopo nyuwun putro ingkang sugeh?..... Mboten ....

Nopo nyuwun putri ingkang ayu, manis tur kenes kados kulo? .... Mboten ....

Lajeng nopo dungonipun Nabi Ibrahim?

Dungonipun Nabi Ibrahim inggih puniko

‫رب هب لى من الصالحين‬
Artosipun : “Duh Gusti Allah, mugi maringi dumateng kulo, keturunan ingkang sholeh”

Sebab nopo nyuwun keturunan ingkang sholeh?

Keranten anak sholeh meniko innsyaAllah pinter lan bekti marang tiyang sepahipun.
Dene anak pinter dereng mesti sholeh. Sampun kathah conto ing lingkungan kito, anak
ingkang pinter tapi mboten gadhah akhlaq dumateng tiyang sepahipun alias pinter
nanging keblinger.

‫نعوذ باهلل ثم نعوذ باهلل‬


Hadirin hadirot Rohimakumullah.....

Anak sholeh meniko anak ingkang bekti dumateng tiyang sepuh, guru lan sanesipun.
Langkung-langkung dumateng ibunipun. Keranten ibu meniko ingkang sampun
ngandut, nlahiraken lan nyusuni kito sedoyo ngantos umur kaleh tahun. Pramilo, naliko
sahabat matur dumateng kanjeng Nabi : “ sinten ingkang kedah dihormati, Ya
Rasulallah? Rasul jawab ngantos kaping tigo “Ibumu, Ibumu,Ibumu”.

Amargi pejuangan ibu mekaten agengipun, ngantos wonten hadis :

‫الجنة تحت اقدام االمهات‬


“Surgo meniko wnten ing delamaan suku ibu”.

Tapi, sedoyo kolowau mboten ngirangi hormat dumateng bapk. Keranten wonten hadis :

‫رضى هللا في رضاالولدين وسخط هللا في سخط الولدين‬


“Ridho Allah ing ridhone tiyang sepuh kalih, lan bendune Allah ing bendune tiyang sepuh
kalih”.

Poro rawuh ingkang minulyo.....

Cekap semanten atur kaulo, mugi-mugi kito sedoyo dados putro putri ingkang sholih
sholihah, saged nglampahi birril walidain sehinggo pikantuk ridho saking Allah, ilmu
ingkang manfaat, rezeki ingkang meningkat, urip ingkang terhormat. Sesuai falsafah
jawi :

“sopo nandur bakal ngunduh”

Sopo kang nandur kabecikantumerap tiyang sepuhipun, mongko mbesuk bakal


diapiki dening anak keturunanipun.

Monggo kito sareng-sareng ndongaake tiyang sepuh kito

‫اللهم اغفرلي ولوالدي وارحمهما كما ربياني صغيرا‬


Wonten pantun saking kulo:

“lungo kaji moro Mekah”

“ojo lali oleh-oleh kurmo”

“yen kepingin uripmu barokah”

“kudu bekti marang wong tuo”

Akhir matur

“Damel arem-arem ora ditaleni, yen pidatoku marem mugo-mugo juara siji”

“Dhahar kupat duduhe santen, sedoyo lepat nyuwun pangapunten”

ُ‫علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َركَاتُه‬


َ ‫سالَ ُم‬
َّ ‫َوال‬

Anda mungkin juga menyukai