Anda di halaman 1dari 2

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Nyuprih Ilmu Agama

Poro hadirin ingkang dimulyaaken Alloh, perlu kito sumerepi bilih menopo setiap khutbah jm’at
puniko poro khotib mesti wasiat supados ningkataken taqwa dumateng kito sedoyo, ittaqulloha
haqqo tuqotih walaatamuutunna illa waantum muslimuningkang artosipun: taqwao siro kabeh
marang Alloh kanti saktemen-temene taqwa, lan ojo mati siro kabeh kejobo mati wonten keadaan
Islam.
Sangking wasiat meniko saget kito pendet kaleh kata kunci, pertama nopo ingkang dipun arani
takwo, lan engkang nomer kaleh, nopo ingkang dipun arani Islam.

Pertama, taqwo, secara umum taqwo iggih meniko wedi marang Alloh, maksudepun wedi marang
ancamane Alloh. Keranten sifat wedi meniko tiyang kolowau selalu berusaha nglampahi sedoyo
perkawis ingkang diwajibaken Alloh lan berusaha ngedohi sedoyo laranganepun Alloh SWT.
Gusti Alloh sampun dawuh wonten surat Al-Baqoroh ayat tigo, alladziina yukminuuna bilghoibi
wayuqiimuunassholata wamimma rozaqnaahum yunfiquun.
Ingkang  artosepun, kang aran taqwo inggih punikoTiyang-tiyang ingkang iman marang kang ghoib
(tegesepun iman dumateng Alloh, Malaikat, dino Akhir, lan qhodlo’qodar), tiyang ingkang ndiriaken
sholat, lan nafkahaken sebagian rizki kang sampon diparingi Alloh dumateng kito, tegesepun aweh
shodaqoh.
Walladziinayukminuna bimaaunzila ilaika wamaa unzilaminqoblika wabil Aakhirotihum
yuuqinuun. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang iman marang kitap Alquran ingkang sampun diturunaken
dumateng kito lan iman dumateng kitap-kitap sederengepun Alquran. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang
yaqin wontene kehidupan akhirot. Menikolah ingkang dipun arani kaleh ittaqulloha haqqo
tuqotih(sejatine taqwo).
Poro hadirin ingkang dimulyaaken Alloh.ingkang Kaping kaleh, Islam. Kata Islam dipendet saking
bahasa Arab salima ingkang artose slamet, sentosa, lan damai. Selajengepun berubah dados
kataaslamaingkang arotose berserah diri, tunduk lan patuh. Mongko sebab meniko tiyang ingkang
berserah diri, taat lan patuh dumateng Alloh dipun wastani kalihan tiyang muslim. Saking pengertian
menikolah kata Islam parek kaleh kata agama ingkang gadahi arti keyakinan, addiinu allughotil
yaqiin (agami secara lughot inggih puniko keyakinan. Dadosipun agomo puniko mung kangge tiyang-
tiyang ingkang yaqin mawon, tegesepun tiyang ingkang iman. Lah tanda-tandanepun tiyang ingkang
iman utawi yaqin inggeh meniko dzikrun katsiir, piambake katah ilinge dumateng Alloh. Semakin
katah anggenipun eleng dumateng Alloh mongko semakin tinggi kualitas iman tiyang kolowau.
Keranten sifat selalu eleng dumateng Alloh menikolah piambake selalu berusaha semaksimal
mungkin anggenipun nglampahi sedoyo perintahepun Alloh lan ngedohi sedoyo laranganepun.
Saking wasiat walaatamuutunnaillaa waantun muslimuun menikolah kito sedoyo dipun wanti-wanti,
di eman kaleh Alloh supados mboten mati wonten ingdalem keadaan mboten Islam. Tegese mboten
iman dumateng Alloh lan mboten ngelampahi sedoyo ingkang sampun disyariataken dining Alloh.
Sehinggo tiyang meniko mati wonten keadaan kafir lan wonten akhirat mboten angsal pitulungane
Alloh SWT, Naudzu billah min dzaliki.
Poro hadirin ingkang dimulyaaken Alloh. Saking menikolah kito diwajibaken Alloh nyuprih ilmu
saking bayi dumugi liang lahat, tegese sampek sedo. Terlebih diwajibaken nyuprih ilmu agama,
keranten kito gesang niki minongko tiyang ingkang wuto kang perlu teken supados mboten kesasar
lan butuh bimbingan saking tiyang ingkang saget dipercoyo supados mboten disasaraken
anggenipun mlampah. Ten mriki ilmu agami minongko teken, lan tiyang ingkang saget dipercados
omongane inggeh puniko dawuhe poro Ulama’. Keranten al ulamaa’u warosatul ambiyaa’I (ulama’
meniko pewaris poro nabi). Dados ilmu puniko mboten ten sekolah-sekolahan mawon, nanging ten
pundi-pundi panggenan. Sopo wonge ingkang demen kaleh Ulama’ berarti tiyang kolowau demen
kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang demen kaleh nabi, berarti demen kaleh Alloh. Mongko Alloh
bakal paring pitulungan dateng tiyang kolowau supados slamet dunyo lan
akhirot. Lan semunu ugo sewalike, sinten tiyang ingkang geting marang
Ulama’ berarti tiyang kolowau geting kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang
geting kaleh Nabi berarti tiyang kolowau geting kaleh Alloh. Mongko
tiyang meniko di jaraken Alloh wonten kesesatan, lan ten akhirat tiyang
meniko mboten angsal syafa’atepun kanjeng nabi, tegese mboten angsal
pitulungane Alloh SWT. Naudzubillahimindzalik.

Poro hadirin ingkang dimulyaaken Alloh, saking meniko kito sampun


mngertosi dununge taqwo, iman lan Islam. Bilih agomo puniko kangge
tiyang ingkang percoyo mawon, tegesepun iman dumateng Alloh. Lah
pengamalan saking iman punikolah ingkang disebut kalian taqwa, yakni beruaha semaksimal
mungkin nglampai sedoyo perkawis ingkang diwajibaken Alloh lan berusaha ngedohi sedoyo
perkawis ingkang dipun larang kaleh Alloh. Supados kito tergolong tiyang ingkang muslim Sejati,
tiyang ingkang slamet kerono angsal pitulungane Alloh ndunyo lan akhirat. Amin amin yaarobbal
aalamiin..

Ja’alallohu waiiyakum minal faaiziin.. ... 

UNTUK KEMBALI KE HALAMAN KAMI,

KLIK DISINI
==========================================
BERSAMA USTAD YUSUF MANSUR - MENUJU 10 JUTA KOMUNITAS
BERJAMAAH MEMBELI KEMBALI INDONESIA

Anda mungkin juga menyukai