No abs : 08
Munggah Pangkat
Pancen, wis sawetara wektu iki kahanane Sugeng cukup mrihatinake. Pragpreg, asring lara lan
mlebu metu rumah sakit. Waras sedhela lan bisa mlebu kerja, bubar kuwi ngerti-ngerti ambruk
meneh lan mlebu rumah sakit. Ngono kuwi bola-bali dialami. Nganti kanca-kanca kantor padha
ngungun dhewe meruhi kahanane Sugeng sing kaya ngOno.
Nyipati kahanane Sugeng sing cukup mrihatinake, lara-laranen lan nganti mlebu metu rumah
sakit, njalari atiku kegugah pengin ngerteni apa saktenane penyakit sing dirasakake. Naiika aku
takon marang anak lan bojone, aku oleh wangsulan yen Sugeng nandhang komplikasi: diabetes,
jantung, lan penyakit liyane.
Ora ateges ora percaya marang critane anak lan bojone ngenani penyakite, aku kepeksa isih
takon meneh marang Sugeng. Kaya-kaya durung marem rasaku yen ora krungu dhewe saka
tembung sing diucapake Sugeng ngenani penyakite.
“Jan-jane apa ta sing mbokrasakake saiki?” pitakonku ing sawijine dina naiika aku nglonggarake
dolan neng omahe.
“Sing dakrasakake ya ngene iki, Mas. Jenenge wae lagi oleh ganjaran" wangsulane Sugeng sajak
angluh.
Krungu tembung sing mentas diucapake kuwi njalari atiku dadi trenyuh dhewe. Durung yen
nyawang kahanane awake sing saiki pancene mrihatinake banget. Awake prasasat kari lunglit,
balung dibungkus kulit.
“Sing dakkarepake, jan-jane apa penyakit sing mbokrasakake saiki?” pitakonku sabanjure.
“Yen manut kandhane dhokter jare diabetes ngono, karo jantungku rada ora beres. Wis, Mas,
aja takon bab kuwi, marai miris aku. Sing dakjaluk mung pandongamu wae, Mas, muga-muga
aku. enggal bisa waras wins lan pulih kaya wingi uni.”
Aku ora mbacutake takon meneh ngenani penyakite. Sabanjure aku mung bisa aweh tembung-
tembung panglipur marang dheweke, sapa ngerti bisa nggedhekake atine jroning ngadhepi
panandhang sing disandhang saiki.
***
WIS suwe aku tepung karo Sugeng. Dadi ora aneh yen aku ngerti piye watak lan lageyane ing
saben dinane. Kuwi merga wiwit biyen, wiwit jaman dadi tenaga honorer lan bayarane ora
sepiraa neng kantor iki, aku karo dheweke prasasat saben dina amor. Wektu semana aku karo
Sugeng padha-padha ditugasake neng bageyan kebersihan, mung bedane aku dadi koordinator
kebersihan lan dheweke kejibah tanggung jawab kebersihan gedhong kantor.
Dakakoni, wiwit biyen Sugeng pancen rada beda karo kanca-kanca tenaga kebersihan liyane.
Yen kanca liyane rata-rata ora akeh guneme lan arang wangsulan yen dikandhani bab gaweyan,
nanging ora ngono tumrape Sugeng. Dheweke klebu sugih gunem lan kadhang kala sok kebat
kliwat anggone omong yen saben-saben dikandhani bab gaweyan. Nanging sokngonoa, sauger
wis didunungake kanthi nalar sing bisa ditampa, wekasane dheweke gelem ngerti lan nandangi
gaweyane kanthi becik lan tumata.
“Gedhungmu kok rupane kaya aku ki piye?” aku mesthi takon ngono angger nyipati gaweyane
Sugeng dakrasa kurang beres.
“Tenang, Bos, rampung-rampung. Tenang wae, Bos,” ngono wangsulane sing pijer kawetu yen
dak saru bab gaweya ne.
“Aja mung tenang Ian rampung-rampung wae. Sing penting gaweyan beres.”
Angger aku wis omong kaya ngono, Sugeng sing saben dinane yen ngundang aku kanthi sebutan
Bos biyasane banjur meneng, ora kumecap meneh. Bubar kuwi terus nutugake gaweyane,
tanpa kudu diprentah.
Critane dadi rada beda nalika sawijining wektu aku lan kanca liyane, klebu Sugeng, diangkat
dadi Calon Pegawai Negeri Sipil (CPNS). Awit, sawise ana pengangkatan CPNS mau, nyambut
gaweku ora amor meneh karo Sugeng neng bageyan kebersihan. Aku dipindhah menyang
bageyan tata usaha, dene tugase Sugeng isih kaya sekawit.
“Aku munggah pangkat utawa ora gumantung sampeyan lho, Bos,” tembung kuwi sing saben-
saben kawetu angger ketemu aku sawise sawetara wektu aku dipindhah neng bageyan Tata
Usaha.
“Kok bisa?”
“TU-ne rak sampeyan.”
Aku bisane mung ngguyu kemekelen dhewe sauger Sugeng among lan ngeyel ora uwis-uwis.
Piye meneh, wong watak lan lageyane kaya ngono ing saben dinane.
JAM setengah enem esuk aku wis mlebu kantor, nyepakake lan nata berkas sing kudu dakgawa
menyang Kantor Pusat Semarang, dina iki uga. Ora ana seprapat jam urusan berkas rampung,
aku banjur nggeblas menyang Semarang karo sopir kantor.
Kira-kira rong jam urusanku neng Kantor Pusat wis rampung. Beres, ora ana masalah, Ora kaya
padatan, angger urusanku wis rampung biyasane aku isih jagongan karo kanca-kanca Kantor
Pusat utawa leren-leren dhisik neng kantin, nanging dina iki ora. Rasane mung pengin selak bali
wae menyang Solo.
“Kun, atiku kok krasa ora kepenak kena apa ya?” tembungku marang Kuncoro sing dina iki
kejatah ngeterake aku menyang Semarang, sawise mobil sing daktumpangi ucul saka gerbang
tol Muktiharjo.
“Lha enten napa ta, Pak,”wangsulane Kuncoro, malah semu takon.
“Embuh aku ra ngerti. Sing cetha atiku dumadakan krasa ora kepenak.”
“Ingkang pirsa rak panjenengan piyambak ta, Pak.”
“Lha kuwi sing aku ora ngerti, ngapa atiku dina iki kok dumadakan krasa ora kepenak ngene.”
Kuncoro ora semaur meneh. Dheweke meneng, konsentrasi anggone nyopir.
Ora krasa lakune mobil wis ucul saka kutha Salatiga. Nengah-nengahi aku milang-miling golek
warung makan kanggo ngisi weteng, dumadakan HP-ku muni, ketoke ana SMS mlebu. HP neng
sak clana dak jupuk, banjur dak bukak :
Sugeng meninggal; lagi wae. Dimakamke dina iki uga jam 4 sore.”
SMS saka Hartono, kanca neng bageyan Tata Usaha kuwi dak jingglengi nganti ora kedhep. Aku
semu ora percaya nampa kabar yen Sugeng saiki wis ora ana, ndhisiki sowan ing ngarsane
Gusti Allah.
“Kun, ora sah mampir warung makan ya. Sugeng ora ana lan dikubur dina iki uga. Ayo rada
banter sithik ben ana wektu longgar kanggo layat, wong .ngubure isih jam papat sore,”
tembungku marang Kuncoro.
‘Innalillahi,” mung kuwi tembunge Kuncoro sing kawetu karo ngidak gas mobil rada kenceng.
Sadawane dalan arah Solo batinku banjur takon-takon dhewe. Apa atiku sing dumadakan krasa
ora kepenak mau ana gegayutane karo Sugeng sing tinggal donya kuwi? Mbokmenawa wae
ngono, dikepriyea wae jenenge kanca sing wis amor puluhan taun suwene.
Karo nyendhekake sirah, angenku bali cumanthel menyang wektu rong dina kepungkur. Nalika
aku ketemu lan crita akeh-akeh karo Sugeng ing wayah sore sadurunge mulih kerja lan bengine
ngerti-ngerti dheweke mlebu rumah sakit.
“Bos, aku arep munggah pangkat,” kandhane alon nanging keprungu mantep ditujokake aku.
“Ngawur wae kowe, Geng"
“Tenan Bos, aku arep munggah pangkat.”
Aku banjur ngguyu kemekelen dhewe, awit aku ngerti yen urusan munggah pangkate Sugeng
minangka pegawe isih lumayan suwe, isih watara rong taun meneh. “Ngarang kok teteg men
kowe kuwi,” kandhaku sabanjure.
“Diaturi kok ra percaya.”
“Sing arep percaya piye, wong sing ngurusi masalah kepegawaian neng kantor iki aku.”
“Wis ta, buktekna wae. Sedhela meneh aku arep munggah pangkat"
Gragap! Aku kaget nalika ngerti-ngerti mobil sing dak tumpangi wis mandheg neng plataran
kantorku. Daklirik jam tanganku, nuduhake jam loro sepraprat. Age-age aku mlebu kantor, selak
kepengin ngerti crita saktenane saka kanca-kanca ngenani Sugeng sing saiki wis tinggal donya.
Sawise oleh crita sing lumayan akeh, aku karo kanca-kanca banjur budhal layat menyang omahe
Sugeng sing ora adoh saka kantor. Karo ngenteni prosesi budhale jenazah, aku lungguh lenger-
lenger ing kursi amor kanca-kanca kantor.
Tembunge Sugeng sing arep munggah pangkat kaya-kaya bali keprungu meneh ing kupingku.
Ora ngertiya tembung kuwi mujudake ngalamat mligi yen dheweke bener-bener arep munggah
pangkat lan sowan ing ngarsane Gusti Allah. Aku ora ngira yen tembung munggah pangkat sing
sadurunge mung dak anggep guyonan dadi tembung pamitane Sugeng ninggalake aku lan
kanca-kanca kanggo saklawase.
(Chutel)
Tegar : Ojo mung tenang lan rampung-rampung wae. Sing penting gaweyan beres.
(Sugeng, Tegar lan kanca-kanca liane diangkat dadi CPNS. Tegar dadi bagian Tata Usaha lan Sugeng
pancet kaya sekawit.)
Sugeng : Aku munggah pangkat utawa ora gumantung sampeyan lho Bos.
Sugeng : Lha piye ta? Pokoke aku munggah pangkat utawa ora gumantung sampeyan, Bos.
(Sore sakdurunge mulih kerjo Tegar lan Sugeng lagi omong-omongan.)
Sugeng : Bos, aku arep munggah pangkat . ( kondone Sugeng mantep)
Tegar : Ngawur wae kowe, Geng.
Sugeng : Tenan Bos, aku arep munggah pangkat.
Tegar : Ngarang kok teteg men kowe kuwi. ( Karo ngguyu kemekelen)
Sugeng : Diaturi kok ra percaya.
Tegar : Sing arep percaya piye, wong sing ngurusi masalah kepegawaian neng kantor iki
Aku.
Sugeng : Wis ta, buktekna wae. Sedhela meneh aku arep munggah pangkat.
(Sawijining dino liyo Tegar njagang sepedha motor ning parkiran banjur mlebu kantor)
Tegar : Waduh wis jam piro iki? (Guneme Tegar karo antri absen lan gage-gage mlebu ruang Tata
Usaha)
Tegar : Wis jam setengah pitu ngene kanca-kanca kok durong teko Har?
Hartono : Lhayo Gar aku yo ora ngerti. (Karo njenggruk ning ngarepe komputer)
Tegar : Hah??? Aku blas ora krungu kabar yen Sugeng mlebu rumah sakit. Awit wingi sore
sadurunge mulih kerja aku isih ketemu lan crita akeh-akeh karo dheweke. Yen
(Tegar menyang omahe Sugeng kepingin ngerti penyakit sing sebenere dirasakake Sugeng)
Tegar : Assalamualaikum
Yati : Waalaikumsalam. Wonten nopo mas Tegar rawuh mriki? Monggo pinarak!
Tegar : Ngeten mbakyu, kulo kepingin sumerap kondisine mas Sugeng. Sebenere loro opo
toh?
Yati : Mas Sugeng komplikasi diabetes, jantung karo penyakit lian-liane.
Tegar : Awit wingi aku ngerti mas Sugeng apik-apik wae tibake lorone wis sampek
komplikasi.
Yati : Sampean dheleng dewe ning kamar kondisine.
(Tegar isih ora percoyo opo sing diucapake bojone Sugeng)
Tegar : Jan-jane opo toh seng mbok rasakake saiki Geng?
Sugeng : Sing dak rasakake yon gene iki Mas. Jenenge wae lagi oleh ganjaran