Anda di halaman 1dari 2

Khuzamah Arahma

XI-IA/17
Keong Mas

Jaman semanten, wonten setunggaling tiyang raja ingkang arif sanget lan bijaksana. Raja nggadhahi
kalih putri. Putri pertami asmame Candra Kirana, lan adhine namine asmane Dewi Galuh. Kalih putri
puniku elok sanget, nanging nggadhahi watak ingkang benten . Candra Kirana sae sanget lan mboten
sombong mila piyambake ditresnani sanget dening rakyate. Sa-wangsule, Dewi Galuh jahat lan
angkuh. Piyambake asring moyoki rakyate mila rakyat mboten ngremeni Dewi Galuh. Setunggaling
dinten, raja ngulemi Candra Kirana. Raja kajeng supados Candra Kirana enggal emah-emah kaliyan
pangeran lnu Kertapati. Candra Kirana remen sanget. piyambake nampi lamaran pangeran lnu
Kertapati. Nanging, Dewi Galuh ugi ngremeni pangeran lnu Kertapati. piyambake kajeng pangeran
lnu Kertapati dados semahe. Dewi Galuh lajeng kesah dhateng griya penyihir. Piyambake nedha
supados penyihir puniku menyihir Candra Kirana dados setunggaling keong. Wanci saweg asyik dolan
ing pasisir, Candra Kirana dipanggihi dening penyihir. Penyihir puniku langsung menyihir Candra
Kirana dados setunggal keong jene. Estu sedhih manah Candra Kirana. "sihir puniku namung ajeng
ical bilih sampeyan manggihake tresna sejatine sampeyan, "seru penyihir. Sawentawis puniku, ing
setunggaling dhusun, setunggaling tiyang embah putri saweg madosi ulam. Wanci piyambake
mendhet jaringe, piyambake manggihake setunggal keong jene. Amargi keong puniku ketingal elok
sanget, embah putri puniku nggih mbektane wangsul. Ngenjing dintene, si embah putri wangsul
madosi ulam. Piyambake tansah nyambut damel saking enjing ngantos sonten, nanging kadang-
kadang mboten angsal arta. Kasihan sanget si embah putri. Wanci si embah putri kesah nyambut
damel, keong jene ebah dados Candra Kirana. Kangge mangsuli budi sang embah putri, Candra
Kirana nggih ngresekake griya embah putri puniku. Piyambake ugi masak tedha ingkang eca kangge
si embah putri. Wanci wangsul, alangkah terkejute si embah putri. Piyambake nyumerepi kathah
tedha ing meja nedha-ne. "Sinten ingkang nglampahake puniki sedaya?" ucap si embah putri.
Wonten kathah tedha ing meja nedha-ne. Piyambake kajeng ngertos, sinten ingkang nglampahake
puniku sedaya. Mila ing setunggaling dinten, piyambake pura-pura kesah nyambut damel.
Piyambake mengintip ing wingkinging jendela. Si embah putri tingal keong jene gadhahe piyambake
ebah dados setunggaling tiyang prawan elok .Embah putri nggih langsung mlebet dhateng griyane.
Candra Kirana kaget, nanging pungkasane piyambake nyriyosake sedayane kalih si embah putri.
Sawentawis puniku, pangeran lnu kertapatih tumut madosi Candra Kirana. Piyambake madosi
dumugi dhateng pelosok dhusun. Wanci saweg kelelahan, piyambake badhe nedha unjuk kalih salah
setunggal wargi. Piyambake ngrawuhu salah satunggaling griya wargi. Lan ing ngrika, pangeran lnu
kertapatih nyumerepi candra kirana. Ndadak kutukan embah putri sihir puniku nggih sirna.
Pungkasane pangeran lnu kertapatih mbekta Candra Kirana wangsul dhateng istana. Embah putri
ingkang menolonge nggih dibekta saha . Lajeng , embah putri sihir ingkang menyihir Candra Kirana,
saha Dewi Galuh di-ukum dening raja. Candra Kirana lan pangeran Inu Kertapatih nggih emah-emah
piyambake sedaya gesang bingah salamine.
Tema : Perjuangan kanggo sabar lan njaga urip amargo dikutuk
Alur : Maju
Paraga :
 Raja
 Candra Kirana
 Dewi Galuh
 Pangeran Inu Kartapati
 Penyihir
 Embah putri
Watak :
 Raja : Bijaksana
raja ingkang arif sanget lan bijaksana
 Candra Kirana : wong becik, penyabar, seneng tinulung, mboten sombong
Candra Kirana sae sanget lan mboten sombong
Kangge mangsuli budi sang embah putri, Candra Kirana nggih ngresekake griya embah putri
puniku
Estu sedhih manah Candra Kirana
 Dewi Galuh : meri, tamak, jahat lan angkuh
Dewi Galuh jahat lan angkuh.
Nanging, Dewi Galuh ugi ngremeni pangeran lnu Kertapati. piyambake kajeng pangeran lnu
Kertapati dados semahe.
 Pangeran Inu Kartapati : baik, setia
pangeran lnu kertapatih tumut madosi Candra Kirana
 Penyihir : ala
Penyihir puniku langsung menyihir Candra Kirana dados setunggal keong jene
 Embah putri : wong becik, penyabar, seneng tinulung, penyayang, pekerja keras
Piyambake tansah nyambut damel saking enjing ngantos sonten
Setting : Kerajaan, Griya penyihir, Pasisir, Griya embah putri, Pelosok dusun
Pamawas : orang ketiga
Amanat :
 Percaya marang gusti yen bakal digampangke urusane
 Apa wae sing sampeyan lakoni bakal diganjar podo karo sing sampeyan lakoni
 Berfikir sebelum bertindak
 Yen dewe apikan marang wong, wong kui bakal apikan marang dewe. Kabeh kui bakal timbal
balik
 Usaha lan pantang menyerah ora bakal menghianati hasil

Anda mungkin juga menyukai