Anda di halaman 1dari 8

KHUTBAH IDUL FITHRI 1442

BENTUK COBAAN MBOTEN NAMUNG KASENGSARAN


ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ
‫الل ُـه‬،‫ الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر‬،‫الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر‬
ّٰ ْ َ ً ْ َ ُ َ ْ َ ُ ّٰ َ ُ ْ َ ْ ّٰ َ ُ َ ْ َ ُ ّٰ َ ُ َ ْ َ ُ ّٰ َ ُ َ ْ َ
‫وال َح ْم ُد ِلل ِه‬،‫ا‬ ‫اللـه اكـبر ك ِبير‬،‫و ِلل ِه الحمد‬،‫اكـبر اللـه اكـبر اللـه اكـبر‬
‫َ َ ْ ُ ْ َ ً َّ َ ْ اًل َ َ ْ َ ُ َ ْ اَل ٰ َ اَّل‬ َ َ ْ ُ َ ْ َ
‫ونشهد أن ِاله ِا‬، ‫هللا و ِبحم ِد ٖه بكرة وا ِصي‬ ِ ‫وسبحان‬،‫ك ِثي ًرا‬
َ َ َ َ ْ َ ‫اَّل‬ َ ‫ُ اَل‬
‫ونش َه ُد أ َّن َس ِّي َدنا َون ِب َّينا ُم َح َّم ًدا َر ُس ْو ُل‬،َ ‫و ن ْع ُب ُد ِا ِإ َّي ُاه‬،َ ‫هللا‬
َ َ َّ ُ َّ َ ُ َ ْ ُ ْ ُ ُ َ ْ َ َ
‫هللا َو َسل َم َو َب َار َك َعلى َس ِّي ِدنا ُم َح َّمد‬ ‫صلى‬، ‫ورحمته الـمهداة‬،‫هللا‬ ِ
َّ َْ ّ َّ َ َ
.‫اه ِر ْي َن‬ َ ْ َ
ِ ‫وعلى ِآل ٖه وأصح ِاب ِه الط ِّـِي ِبين الط‬،ٍ
َ َ
َ َّ ْ ٰ َ َ َ َ ‫ف ُأوص ْي ُك ْم َو َن ْفس ْي ب َت ْق‬، َ ُ ْ َ َّ َ
‫إ َّن ال ُـمت ِق ْين ِف ْي‬:ِ ‫ال ت َعالى‬ ‫ق‬،‫هللا‬ِ ‫ى‬ ‫و‬ ِ ِ ِ ‫أما بعد‬
َ ‫اَل‬ ُُ ُ َّ َ
) 46 – 45: ‫أ ْدخل ْو َها ِب َس ٍم ِآم ِن ْين ( الحجر‬،‫ات َو ُع ُي ْو ٍن‬ ٍ ‫جن‬
Ma’asyiral Muslimin ingkang berbahagia,
Sinahoso saat meniko kito ingdalem mongso pandemic
(pagebluk) nanging alhamdulillah, enjing meniko kito taksih
dipun paringi kesempatan kagem ngrahosaken kebungahan.
Sinahoso saat meniko kito ingdalem mongso ingkang sulit,
nanging alhamdulillah, enjing meniko kito dipun paringi
kekiatan kagem merayakan kemenangan lan kebungahan.
Mugi kito dipun anugrahi umur Panjang sahinggo kito saged
ngrahosaken malih lezatipun ibadah ingdalem wulan
romadhon ingkang bade dateng.

Saudara-saudara ingkang berbahagia,


Katah sanget hikmah, pelajaran lan makna ingkang saged
kito pundut saking mewabahipun covid-19. Ing antawisipun,
kito dipun engetaken supados tansah sabar lan bersyukur
ingdalem situasi kados pundi kemawon. Sabar lan syukur
meniko minongko senjata kagem tiyang mukmin ingdalem
1
nglampahi pagesangan meniko. Menawi kito mboten mahesi
awak kito kanti sifat sabar lan syukur ingdalem kawontenan
kados mekaten, mongko kito mboten bade pikantuk
menopo-menopo kejawi kerisauan, kepenatan, kesusahan
lan kesedihan. Kosok wangsulipun, menawi kito tanamaken
sabar lan syukur ingdalem ati kito, mongko kito bade
pikantuk ridhanipun Alloh lan ganjaran ingkang agung
ingdalem akherat. Mewabahipun virus meniko ugi
ngemutaken bilih kito meniko makhluk ingkang lemah.
Namung kanti makhluk ingkang sanget alit (virus meniko),
katah tiyang ingkang mboten berdaya. Katah ingkang
ngantos sakit bahkan ngantos tilar dunyo. Perkawis meniko
kados-kados mengikis kesombonganipun manungso.
Manungso meniko makhluk ingkang lemah ingkang penuh
keterbatasan. Mboten patut gumede lan kumaluhur.
Nyebaripun virus ugi ngemutaken kito dateng kematian.
Menungso mesti bakal tumekaning pati. Manungso mboten
selaminipun gesang ingdalem dunyo. Sedoyo mesti berakhir
ngalami kematian. Mboten wonten setunggal ipun tiyang
ingkang saged ngajuaken lan ngunduraken sinahoso namung
sesaat. Kematian meniko minongko lawang ingkang mesti
dipun lewati saben-saben manungso. Ajal mboten bade
nyuwun izin dateng piyantun anem ingkang sehat. Maut ugi
mboten permisi dateng tiyang sepuh ingkang sakit-sakiten.
Maut bade menjemput sinten kemawon kanti sak naliko
tanpo wonten pemberitahuan langkung rumiyen. Virus
meniko salah setunggal saking sekian katah penyebab
kematian.Menjalaripun virus meniko ugi ngemutaken
dateng kito babakan pentingipun ilmu agama. Tanpo ilmu
agami kito mboten bade saged mundut hikmah saking
setunggalipun kedadosan. Tanpo ilmu agami kito mboten
bade nglampahi sabar lan syukur kanthi sak mestinipun.

2
Tanpo ilmu agami kito mboten bade mampu menyikapi
musibah sesuai tuntunan syariat Islam.

Hadirin ingkang berbahagia,

Kito patut bersyukur dumateng Alloh kranten kito sampun


dipun paringi anugrah kagem nuntasaken ibadah siyam lan
ibadah lintunipun ingdalem wulan romadhon. Sak
sampunipun ngrampungaken setunggalipun ibadah,
piyantun mukmin ingkang sahe bade ngrahosaken harap-
harap cemas. Berharap ibadahipun dipun tampi wonten
ngarso dalem Alloh SWT. Lan cemas menawi ibadahipun
mboten dipun tampi wonten ngarso dalem Alloh SWT.
Harapan meniko ndadosaken motivasi dateng piyambakipun
supados terus nglampahi ibadah, sahinggo saged
ngempalaken sangu sak katah-katahipun kagem pagesangan
akherat. Wondene kecemasan lan kekhawatiran meniko
saged mendorong supados terus beribadah, kranten
piyambakipun mboten mangertos ibadah ingkang pundi
ingkang dipun tampi deneng Alloh SWT. Menopo ibadah
ingkang sampun dipun lampahi menopo ibadah ingkang
bade dipun lampahi.

Saudara-saudara ingkang berbahagia,

Sak sampun hak-hak ipun Alloh kito tindaaken sak lebetipun


wulan suci Ramadhan kanti ibadah-ibadah ingkang kito
lampahi, sak meniko dumugi wekdalipun kito
tindaaken hak-hak sesami kawulanipun Alloh. Dinten riyadin
meniko salah setunggalipun moment ingkang pas kagem
ngraketaken tali silatutrahim lan memperkuat hubungan
pasederekan antawisipun sesami muslim.

3
Musim pandemi (pagebluk) sampun ngantos ngalang-
ngalangi kito kagem silaturrahim. Kranten silaturrahim saged
dipun leksanaaken kanthi macem-macem cara. Menawi
mboten memungkinkan kanthi pinanggihan, mongko saged
dipun ganti kaliyan papanggihan secra daring. Silaturrahim
ugi saged dileksanaaken kanti coro paring khabar lewat
telepon. Ingdalem musim pandemic covid -19 meniko
pancen dipun anjuraken kagem menjaga jarak fisik.
Ananging jarak sosial mboten pareng renggang. Jarak
pasederekan kedah tetep raket. Jembatan ingkang saged
ngraketaken pasederekan kedah dipun bangun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Wonten kitab Shahih Ibn Hibban saking hadits Abu Hurairah
rodiyallohu anhu, piyambake ngendiko: duh Rosululloh, kulo
aturi paring dawuh dateng kulo perkawis ingkang saged kulo
lampahi mongko kulo bade mlebet suwargo. Lajeng
:Rosululloh paring dawuh َ َ
َّ َ ْ َّ ْ ُ َ َ َ ْ َ ْ ‫َّ اَل‬ ْ َ َ َ َّ ْ
ُ ‫الن‬
‫اس‬ ‫الس َم َو ِص ِل األرحام وقم ِباللي ِل و‬ ‫ش‬
ِ ‫أط ِع ِم الطعام وأف‬
‫َ ٌ َ ُ ْ َّ َ اَل‬
) ‫ام ت ْدخ ِل ال َجنة ِب َس ٍم (رواه ابن حبان‬ ‫ِني‬
Artosipun: “aweho mangan, sebarno salam, nyambungo
silaturrahim, lan lakonono sholat wengi ingdalem mangsane
manungso podo turu, mongko siro bakal manjing
suwargane Alloh kanti slamet” (HR. Ibnu Hibban)

Hadirin yang berbahagia,


Musim pandemic sampun ngantos ndadosaken kito mutus
tali solaturrahmi. Sampun ngantos kito lan kerabat kito,
rumahos kito tinggalaken lan kito abaikan. Sinahoso musim
pandemic, kito kedah tansah njagi hubungan sahe. Kito jagi

4
kanthi paring sabiyantu dateng sederek ingkang
mbetahaken. Kito paring utangan menawi sederek betah
utangan. Kito dugeni kanti ziyaroh menawi mungkinaken.
Sampun ngantos kito ngrantos sederek ziyaroh dateng kito
lajeng kito bales kanti ziyaroh ugi. Sampun ngantos kito
nunggu dipun sopo aruh rumiyin selajeng kito njawab sopo
aruh kolo wau. Prayoginipun kito ngrumiyini kanti hal hal sae
kolo wau. Kranten hal meniko setunggalipun kesahenan
ingkang ageng ganjaranipun. Momggo sami ngawali
perkawis sahe meniko, monggo sami berlomba ingdalem
kesahenan.
Nyambung silaturrahim meniko setunggalipun kewajiban lan
mutus silaturrahim meniko setunggalipun doso ageng.
:Rosululloh dawuh
َ َ َّ َ ْ ُ ْ َ ‫اَل‬
) ‫اط ٌع ( رواه البخاريي ومسلم‬
ِ ‫يدخ ُل الجنة ق‬
Artosipun: “ora bakal manjing suwargo (sesarengan tiyang
ingkang mlebet awal) wongkang mutus tali silaturahim.

Hadirin ingkang berbahagia,


Termasuk amal silaturrahmi inggih meniko paring bantuan
dateng kerabat nalikanipun betahaken. Utaminipun
ingdalem situasi pandemic kados ngaten meniko. Wonten
hadits dipun sebutaken: َ
َ َ ُ ‫َمام ْن ُم ْؤمن ُي َع ّز ْي أ َخ ُاه ب ُمص ْي َبة إاَّل َك َس ُاه‬
‫هللا ُس ْب َحان ُه ِم ْن ُحل ِل‬ ِ ٍ ِ ِ ِْ ٍِ ِ
َ َ َ ْ َ َ َ ْ
) ‫الك َرام ِة يوم ال ِقيام ِة (رواه ابن مجاه‬
Artosipun: “ ora ono sijine wong iman kang paring bebungah
marang sedulure kang lagi nandang musibah, kejobo Alloh
bakal menganggoni marang deweke penganggo kamulyan
ingdalem dino kiamat (H.R. Ibnu Majah)
Sampun ngantos kito nganggep silaturrahim meniko dados
beban. Sampun ngantos berfikir bilih silaturrahim bade
5
nambahi kesusahan ingkang kito raosaken. Malah kosok
wangsulipun, kanti sebab silaturrahim meniko gusti Alloh
bade mengangkat kesusahan saking kito lan jembaraken rizki
kito. Kanjeng nabi dawuh:
ْ َ َ ْ َ ُ ‫َم ْن َس َّر ُه َأ ْن َي ُم َّد‬
‫هللا ِف ْي ُع ْم ِر ِه َو ُي َو ِ ّس َع َعل ْي ِه ِرزق ُه َو َي ْدف َع َعن ُه‬
ْ َ ُّ َ َ ْ
) ‫الس ْو ِء فال َي ِص ِل َر ِح َم ُه ( رواه الحاكم في املستدرك‬ ‫ِميتة‬
"Artosipun: “sing sopo wonge pengen dipanjangne umure, di
loberne rizkine, lan di slametaken saking mati suul khotimah
becik nyambung silaturrahmi marang krabate. (HR. al Hakim
ingdalem kitab mustadrok)
Hadirin ingkang berbahagia,
Dateng lintune kerabat kito ugi lampahi perkawis ingkang
sami. Kito dadosaken riyadin meniko sebagai momentum
ngraketaken pasederekan kito lan tanggi, konco, lan sedoyo
lapisan masyarakat. Saling ngapuro ngapuronan kedah
mahes-mahesi riyadin meniko. Ingkang sampun kelampah
monggo sami dipun ngapunten.
Kito ngapunten kesalahan tiyang lintu dateng kito. Kito
minongko sederek sesami muslim lan putro bongso. Ing
akherat benjing sampun ngantos kito dados tiyang ingkang
beto ganjaran katah saking ibadah sholat, siyam lan lintu-
lintunipun ananging ugi beto doso ingkang katah ingkang
berhubungan kaliyan sesami manungso. Inggih meniko
tiyang-tiyang ingkang sami tumindak dzolim dateng
sederekipun lan dereng sempat nyuwun ngapunten selami
gesangipun. Ganjaranipun tiyang kolowau dipun pundut
dipun paringaken dateng tiyang dipun dzolimi, menawi
dereng cekap mongko dosonipun tiyang ingkang dipun
dzolimi bade dipun pikul deneng tiyang kolowau. Selajeng
tiyang kolowau dipun uncalaken dateng geni neraka.
Na’udzu billahi min dzalik.
6
‫‪Saudara-saudaraku ingkang dirahmati Allah,‬‬
‫‪Mekaten khutbah singkat meniko, mugi-mugi wonten‬‬
‫‪manfaatipun kagem kito sedoyo. Amin‬‬
‫َّ‬ ‫َُْ ُ َْ ْ ٰ َ َ ْ َ ْ ُ َ ْ ََُ ْ َ ْ َ ْ‬
‫َ‬
‫استغ ِف ُر ْو ُه ِ‪،‬إن ُه ُه َو‬ ‫أقول قو ِلي هذا وأستغ ِفر هللا ِلي ولكم‪،‬ف‬
‫ْال َغ ُف ْو ُر َّ‬
‫الر ِح ْي ُم‬
‫‪Khutbah II‬‬
‫َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ َ ْ َ ّٰ‬
‫الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر‪ ،‬الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر الل ُـه اك َـب ُر‪،‬الل ُـه‬
‫َا ْك َـب ُر َا ّٰلل ُـه َا ْك َـب ُر َا ّٰلل ُـه َا ْك َـب ُر َ‪،‬ول ّٰله ْال َح ْم ُد َ‪،‬و َأ ْش َه ُد َأ ْن اَل ا ٰل َه ااَّل ُ‬
‫هللا‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫هللا‬ ‫د‬‫اع ْب ُ‬‫َو ْح َد ٗه اَل َشر ْي َك َل ٗه‪َ ،‬و َأ ْش َه ُد أ َّن َس ـِّي َد َنا َو َنب َّي َن ُام َح َّم ًد َ‬
‫َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِّ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ُ ْ ُ ُ َ ّٰ ُ َّ َ ّ َ َ ّ ْ َ َ ْ َ َ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َ َ‬
‫ورسوله‪،‬فاللهم ص ِل وس ِلم وب ِارك على س ِي ِدنا ون ِب ِينامحم ٍد‪،‬وعلى‬
‫الد ْي ِن‪.‬‬‫التابع ْي َن َل ُه ْم بإ ْح َسان ا َلى َي ْوم ّ‬ ‫ْ َ َ ْ َ َ َّ‬
‫‪،‬و‬‫ن‬ ‫ي‬‫ام‬ ‫ي‬ ‫ـم‬‫ال‬ ‫ه‬ ‫اب‬ ‫صَ‬
‫ح‬ ‫آله َو َأ ْ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِِ‬
‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َّ‬
‫هللا َع َّز َو َج ّل َواتق‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َأ َّم َاب ْعد‪،‬فأ ْ ْ َ‬
‫ُ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬
‫واهللا تعالى‬ ‫وصيكم ونف ِس ْي ِبتقوى ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ‬ ‫َ‬
‫اش ُك ُر ْو ُه َعلى َت َمام ّ‬ ‫َ ْ َ ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ ْ‬
‫الص َي ِام َوال ِق َيام‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِفي هذاال َي ْو ِم الع ِظي ِم‪،‬و‬
‫ُ َ َُ َ‬ ‫ان بص َيام س ّت م ْن َش َ‬ ‫َ َْ ُ ْ َ َ َ َ‬
‫ال‪،‬ل َيك ْون لك ْم ك ِص َي ِام‬ ‫ِ‬ ‫و‬ ‫ِ‪،‬وأت ِبعوا رمض ِ ِ ِ ِ ٍ ِ‬
‫َ َ َ‬ ‫ّ َ‬ ‫َّ ْ َ َ َ ّٰ‬
‫ص ِ ّل الل ُه َّم َو َس ِل ْم َعلى َس ِّي ِدن َاون ِب ِّين ُام َح َّمد‬ ‫الده ِر و‬
‫َ َ َ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َ َ ْ ُ َ ْ َ ّ َّ َ َ َ آَل َ َ ُ ُ َ ُّ َ َ َّ‬
‫صل ْون َعلى النب ّي‬
‫ِ ِ‬ ‫ٍ‪،‬كماأمرتنا‪،‬فقلت وقولك الحق ‪ :‬إن هللا وم ئكته ي‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ص ّل َو َس ّل ْم َو َباركْ‬ ‫َ َ ُّ َ َّ ْ َ َ ُ ْ َ ُّ َ َ ْ َ َ ّ ُ ْ َ ْ ْ ً َ‬
‫ا‪،‬ا ّٰلل ُه َّم َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫يآأيها ال ِذين آمنوا صلوا علي ِه وس ِلموا تس ِليم‬
‫َ ْ َ ّٰ ُ َّ َ ْ ُ ََ‬ ‫َع َلى َس ّيد َنا َو َنب ّي َن ُام َح َّمد َو َع َلى آله َو َ‬
‫ص ْح ِب ِه‪ ،‬وارض اللهم ع ِن الخلف ِآء‬ ‫ِِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِِ‬ ‫ِِ‬
‫َّ ْ َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫الراشد ْي َن أب ْي َبكر َو ُع َم َر َو ُعث َمان َو َعل ّي َ‪،‬و َع ْن َسآئر َّ‬‫َ‬
‫الص َح َاب ِة الص ِال ِحين‪،‬‬ ‫ِِ‬ ‫ِ ٍ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫َّ ِ ِ‬
‫ّٰ ُ َّ ْ ْ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َأْل َ‬
‫ات ا ْح َي ِاء ِم ْن ُه ْم‬ ‫ات والـمؤ ِم ِنين والـمؤ ِمن ِ‬ ‫اللهم اغ ِفر ِللمس ِل ِمي ـن والـمس ِلم ِ‬
‫َّ َ َ ْ ٌ َ ْ ٌ ُ ْ ُ َّ َ َ َ ّٰ ُ َّ ْ َ ْ ْ َ َ ٰ َ‬ ‫َْ َ َ‬
‫ات ِ‪،‬إنك س ِميع ق ِريب م ِجيب الدعوات‪،‬اللهم اجعل ِعيدناهذا‬ ‫واأل ْمو ِ‬

‫‪7‬‬
‫َ َ َ ً َ َ اَل ُ ً َ َ َ َّ ً َ َ َ ُ ً َ ّٰ ُ َ ْ َ ْ َ َ َّ َ ْ َ َ َ َ ْ ْ َ‬
‫ا‪،‬و َبذ َل الخ ْي ِر‬ ‫سعادة وت حما‪،‬ومسرة وتراحما‪،‬اللهم اجع ِل الـمودة ِشيمتن‬
‫َّ َ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ ُ ْ َ‬ ‫ْ َ َ ّٰ َ‬ ‫َّ‬
‫ا‪،‬وانش ِر ال َب ْه َجة ِف ْـي‬ ‫اس َدأ َبنا‪،‬الل ُه َّم ا ِد ِم السعادة على وط ِنن‬‫ِللن ِ‬
‫َ‬ ‫ُّ ْ َ َ ْ‬ ‫ُُ ْ َ َ ْ َ َْ َ ْ َْ َ َْ َ َ َ َْ ْ َ َ َ‬
‫آلخ َر ِة َ‪،‬ر َّبنا‬ ‫بيو ِتنا‪،‬واحفظنا ِف ْي أه ِليناوأرح ِامنا‪،‬وأك ِرمن ِابك َر ِمك ِفي الدنيا وا ِ‬
‫ُّ ْ َ َ َ َ ً َ ْ َ َ َ َ ً َ َ َ َ َ َّ َ ْ َ ْ َّ َ‬ ‫َ‬
‫اب الن ِار َ‪،‬وأ ْد ِخلناال َجنة َم َع‬ ‫آلخر ِة حسنة‪،‬و ِقناعذ‬
‫آ ِتنا ِفي الدنيا حسنة‪،‬و ِفي ا ِ‬
‫َ َّ‬ ‫ْا َأل ْب َرار َ‪،‬ي َ‬
‫اع ِز ْي ُز َياغف ُار‪.‬‬ ‫ِ‬
‫ْ ُْ ْٰ ََْ‬ ‫َّ َ َ ْ ُ ُ ُ ْ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ ْ َ‬
‫ِع َب َاد هللا ِإن هللا يأمركم ِبالعد ِل وا ِإلحس ِان و ِإيت ِاء ِذي القربى وينهٰى ع ِن‬
‫َ‬
‫ْ َ ْ َ َ مْل ُ ْ َ َ ْ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َ َّ ُ ْ َ َ َّ ُ ْ َ َ ْ ُ ُ ْ َ ْ‬
‫هللا ال َع ِظ ْي َـم‬ ‫الفحش ِاء وا نك ِر والبغ ِي‪ ،‬ي ِعظكم لعلكم تذكرون فاذكروا‬
‫َْ‬ ‫َُْ ُ ْ ََ ْ‬
‫هللا أك َب ُر‪.‬‬
‫يذك ْركم ول ِذك ُر ِ‬

‫‪8‬‬

Anda mungkin juga menyukai