Anda di halaman 1dari 3

Pasinaon Basa Jawa

Modhel Teks Pinilih

Wacanen sing tliti!


Plesir Menyang Pantai Marina

Dina Minggu, tanggal 3 Oktober 2021 kepungkur Rini,


Bima, Pak Wibawa, lan Bu Dewi tindak plesir menyang
Pantai Marina. Pantai Marina iku manggon ana ing tlatah
Kota Semarang, Jawa Tengah.
Budhal saka daleme simbah jam 06.00. watara jam
07.00 Pak Wibawa sakulawarga wis tekan pinggire segara.
Bu Dewi banjur menyang loket. Karcis mlebune murah
banget. Mung Rp 3000,00 saben wong. Sakwise nyekel
karcis, kabeh banjur mudhun saka mobil, tumuju menyang
pendhapa sing manggon persis sapinggire segara.
Pendhapane gedhe tur resik. Hawane rada adhem, amarga
angin segara kang sumribit.
Rini banjur ngejak Bima mlaku ngetan, menyang
panggonan pelelangan iwak. Wah... ana prau sing lagi
mbongkar iwak olehe njaring saka segara. Iwake akeh
banget lan werna-werna. Ana sing gedhe lan ana uga sing
cilik. Seneng rasane ndeleng para nelayan ngusung asil
kerjane. Bocah loro nyata kesengsem ndeleng kahanan iku.
Nyata Indonesia iki pancen sugih.
Ora krasa wis jam telu sore. Pak Wibawa banjur
nimbali Rini lan Bima supaya padha tata tata. Jam setengah
papat banjur budhal mulih.

Kawruh sapala
Kepungkur = wingi, yang lalu
Plesir = dolan, rekreasi
Tlatah = wewengkon, wilayah
Tekan = teka ing
Tumuju = menuju
Pendhap = bale, papan kanggo pertemuan
Sumribit = sumilir
Njaring = golek iwak nganggo jaring
Kesengsem = kayungyun, terpesona
Gladhen Mangsuli Pitakon

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!


1. Apa irah irahane wacan ing ndhuwur?

2. Sapa sing plesir?

3. Ana tlatah ngendi papan plesir iku?

4. Kapan olehe padha plesi ?

5. Jam pira olehe budhal saka daleme simbah?

6. Sadurunge mlebu pantai kudu tuku apa?

7. Sawise mudhun mobil, padha tumuju menyang ngendi?

8. Pira regane karcis saben wong?

9. Apa sing narik kawigatene Rini karo Bima ing papan


plesir mau?

10. Jam pira olehe padha mulih?

Anda mungkin juga menyukai