Anda di halaman 1dari 10

P ENDALAMAN MATERI

BAHASA JAWA

KELAS 6 SDN MOJO VIII/227


P ENDALAMAN MATERI
WULANGAN 1

NJAGA LESTARINE ALAM


PM
Muatan
B. Jawa Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang
KD 3.1 dan 4.1 diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara
lisan/tertulis
MATERI : Menjelaskan pengertian teks informasi.

Teks Sesanti
Sesanti/ Slogan isine ngajak lan ngelingake.
Sesanti/semboyan yaiku ukara kang isine pepuji utawa donga, tekad kang
kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan.

Kadhangkala sesanti iku tinemu ing paribasan, nanging ora mesthi sesanti
awujud paribasan.

Miturut isine sesanti/semboyan kaperang dadi telung warna :

1.Isine semboyan kanggo nggedhegake semangat.


Tuladha :
a. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Tegese : sapa bae kang ngalang-ngalangi kekarepane kena disirnakake
(dipateni)

b. Sadumuk bathuk sanyari bumi


Tegese : Nglabuhi pepati marang bebener.
2.Isine donga utawa pepuji pangarep-arep
(harapan)

Tuladha :
a. Jembara kubure, padhanga dalane
Tegese : Donga pangarep-arep supaya gampang anggone
sowan marang GustiKanggone wong sing tilar donya.

b. Adhang-adhang tetesing embun/ ngenteni tetesing embun


Tegese : Njagakake barang mung saolehe bae/ njagakake
barang sing ora mung- Kin klakon.
3. Isine pituduh kanggo tuntunan urip ing
bebrayan.

Tuladha :
a. Yatna yuwana, lena kena.
Tegese : Sing sapa ngati-ngati bakalnemu slamet, sing sapa
ora ngati-ngati bakal Nemu cilaka

b. Wong enom aja wedi ing angel, nanging wedia ing gampang
Tegese : Wong enom iku kudu wedi ngadhepi samubarang
kang angel lan akeh Tantangane sarta aja mung seneng
ngadhepi samubarang kang gam - Pang kelakone.
Tuladhane SESANTI lan TEGESE

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung


Samubarang kang ngalang-ngalangi bakal disingkirake
(Segala yang menghalang-halangi akan disingkirkan)
 
Sepi ing pamrih, rame ing gawe
Nindakake pagaweyang kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
(Melaksanakan pekerjaan tanpa meminta imbalan (ikhlas))
 
Mikul dhuwur, mendhem jero
Njunjung drajate wong tuwa lan nutupi alane
(Menjunjung derajat orang tua dan menutupi kejelekkannya)
 
Sabaya pati, sabaya mukti
Bungah utawa susah, tetep dilakoni bareng; kerukunan kang kanthi tekan pathi
(Senang ataupun susah, tetap dijalani bersama; kerukunan yang dijaga sampai
mati)
 
Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti
Angkara murka bakal sirna dening kesabaran
(Kemarahan dan emosi akan sirna oleh kesabaran)
 
Ber budi bawa leksana
Loma, jujur, lan netepi janji
(Ikhlas, jujur, dan selalu menepati janji)

Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa


Seneng padudon gawe bubrah, dene sing rukun ngraketake paseduluran
(Bermusuhan membuat runtuh, sedangkan kerukunan merekatkan persaudaraan)
 
Aja dumeh
Aja gumedhe
(Jangn besar kepala (sombong))
 
Lamun landhep aja natoni
Elik-elik aja gawe serike liyan
(Ketika berbicara jangan sampai melukai hati orang lain)
Lamun pinter aja ngguroni
Yen pinter aja rumangsa paling pinter
(Jika pintar, jangan merasa yang paling benar)
 
Sapa salah seleh
Sapa sing gawe kesalahan, bakal kalah
(Siapa yang membuat kesalahan, maka ia akan menerima akibatnya)
 
Sadumuk bathuk, sanyari bumi
Pasulayan kanthi dilabuhi tekan pati
(Berjuang habis-habisan sampai mati)
 
Sapa tekun bakal tekan
Sapa sing sregep bisa kelakon cita-citane
 (Siapa yang tekun dan rajin, cita-citanya bisa terlaksana (tercapai))
 
Jer basuki mawa bea
Sakabehe cita-cita mbutuhake pengorbanan
(Semua cita-cita dan keinginan membutuhkan pengorbanan
LEMBAR KERJA SISWA

Pilih ana sesanti ing dukur mau, banjur tulisen seng apik marang
kertas gambar kaya tuladha ing dukur iku!
Wenehi gambar ugi werna ana tulisane supaya dadi bagus!

Anda mungkin juga menyukai