Anda di halaman 1dari 3

NASKAH SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GANJIL

SMA ANTARTIKA SURABAYA


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari/Tanggal : Nama Siswa : ………………….…
Waktu : 90 Menit No. Absen : …………………….
Guru Pengajar : Anike Prarista Putri, S.Pd Kelas : X
Wenehana tandha ping (X) sangarepe abjad sing koanggep bener!
1. Artikel “Rusake Lingkungan Hidup” kalebu ing jinis artikel……HOTS
a. Predhiktif d. Argumentatif
b. Persuasif e. Dheskriptif
c. Eksposisi
2. Artikel yaiku jinising tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining prakara tartamtu.
Artikel mono kapacak ing medhia ngisor iki yaiku….. HOTS
a. Radhio d. Baliho
b. Televisi e. Spanduk
c. Ariwarti, kalawarti, lan medhia online
3. Wujuding artikel kang umume ana ing stasiun utawa ing rumah sakit diarani artikel…. HOTS
a. Artikel entheng d. Artikel ilmiah
b. Artikel predhiktif e. Artikel populer
c. Artikel opini
4. (1) Irah-irahan
(2) Abstraksi
(3) Pambuka
(4) Isi lan panutup
(5) Reaksi
(6) Dudhutan
Perangan iki sing ora kalebu ing struktur artikel yaiku…… HOTS
a. 1-4 d. 1-3-4-6
b. 1-3-4 e. 1-4-6
c. 2-5
5. Irah-irahan artikel “Prediksi asil pertandingan sepak bola” kalebu ing jinis artikel……….. HOTS
a. Predhiktif d. Argumentasi
b. Eksploratif e. Ilmiah
c. Eksplanatif
6. Akeh wong sing seneng panganan pedhes. Ana uga sing mung gelem mangan yen ana sambel. Ning rasa
pedhes sing lumuwih bisa marakake kepedhesen, rasa kaya kobong ing ilat, lan awak kemringet. Rasa
pedhes sebenere sangka dene samubarang senyawa sing ana ning jero kandungan Lombok. Nah, kepriye
cara nambani kepedhesen?
Ukara ing ndhuwur kalebu ing perangan……… HOTS
a. Irah-irahan d. Dudhutan
b. Pambuka e. Tanggapan utawa argumentasi
c. Isi
7. Tembung penggandheng ing ukara “Ning rasa pedhes sing lumuwih bisa marakake kepedhesen, rasa kaya
kobong ing ilat, lan awak kemringet” yaiku………… HOTS
a. Ning d. Kaya
b. Rasa pedhes e. Lan
c. Ing
8. Irah-irahan artikel “Cara nambani kepedhesen” kalebu ing jinis artikel……… HOTS
a. Persuasif d. Eksplanatif
b. Argumentasi e. Eksploratif
c. Ilmiah
9. Wayang ditegesi ayang-ayang utawa……. HOTS
a. Bayangan d. Lukisan
b. Gambaran e. Ayang-ayang
c. Layang-layang
10. Peranan wayang ing masyarakat salah sijine yaiku………………… HOTS
a. Wayang minangka tontonan lan tuntunan
b. Wayang minangka sarana provokasi massa
c. Wayang tontonan rikala jaman semana
d. Waya padha karo aturan umum
e. Wayang minangka sarana mbubarake program pembangunan
11. Ki Yohan wong sing nglakokake wayang, Ki Yohan ingaran……………… HOTS
a. Dhalang d. lurah
b. Cantrik e. Guru
c. Bantik
12. Tugase dhalang ing masyarakat……………. HOTS
a. Minangka tukang ngobahake wayang
b. Minangka wong sing ngongkon sinden nyanyi
c. Minangka guru ngudal piwulang lan nglipur
d. Minangka wong sing ganti-ganti swara
e. Weneh kejutan sarana crita wayang
13. Wayang sing misuwur ing tlatah jawa salah sjjine yaiku……………….. HOTS
a. Wayang klithik d. Wayang purwa
b. Wayang potehi e. Wayang jemblung
c. Wayang menak
14. Paraga yaitu wong sing nindakake crita. Dene tembung pamaragan dasanamane yaiku……….. HOTS
a. Watak d. Tema
b. Kelir e. Plot
c. Setting
15. Dramatisasi geguritan mono sejatine gawe naskah sandiwara saka geguritan lan dipentasake kaya ing
sanyatane geguritan. Bab sing kudu digatekake ing pementasan yaiku kejaba………… HOTS
a. Tata panggung d. Pementasan lan Bloking
b. Properti e. Panitia
c. Kostum lan make-up
16. Urut-urutane struktur teks lakon yaiku………… HOTS
a. Pasulayan-reaksi-koda d. Pasulayan-jejer-pangudhare perkara
b. Jejer-pasulayan-krisis-koda e. Pangudhare perkara-jejer-pasulayan
c. Jejer-pasulayan-pangudhare perkara
17. Gatekna dhialog ing ngisor iki!
Dian : “Dhuwit ning meja mau endi?”
Neni : “Dhuwit apa ta, Mas? Aku ora ngerti.”
Dian : “Ra sah ngapusi! Nang endi dhuwit sing ning meja iki mau?!” (Bentak Dian)
Kepriye carane nyampekake analisis dhilaog Dian………. HOTS
a. Anggone ngucapake guneman kacundhukake karo intonasi, praupan, lan swasana kang ana, yaiku kanthi
sora (banther).
b. Anggone ngucapake guneman kacundhukake karo intonasi, praupan, lan swasana kang ana, yaiku kanthi
ikhlas.
c. Tansah guneman sing migunakake swara ora sora (lirih).
d. Anggone ngucapake guneman kacundhukake karo intonasi, praupan, lan swasana kang ana, yaiku kanthi
pitakonan sing kebak sabar.
e. Guneman antarane Dian lan Neni kebak rasa pingin weruh lan datar bae.
18. Tembung dhuwit ing dhialog nomor 17 kalebu ing jinis tembung…….. HOTS
a. Kriya d. Tembung ancer-ancer
b. Aran e. Tembung sesulih
c. Kahanan
19. Wong sing weneh arahan ing pementasan drama ingaran…… HOTS
a. Sutradara d. Sie make-up
b. Pemain e. Bendahara
c. Sie-kostum
20. Tema minangka punjering pamikir utawa gagasan pokok sing kinandhut ing cerita. Tema dudu irah-irahan.
Ing ngisor iki sing kalebu tema yaiku……… HOTS
a. Kesenjangan sosial.
b. Rusake lingkungan hidup saka rubedaning alam.
c. Tata cara nambani kepedhesen.
d. Asil tetandhingan Bulutangkis Ganda Putri Antarane Indonesia Lan China.
e. Vitamin c nyatane nyudha lara pilek.

Pitakonan ing ngisor iki wangsulana!


1. Coba nggaweya irah-irahan artikel sing narik kawigaten! HOTS
2. Gatekna artikel abasa jawa ngisor iki!

Wujude artikel ana telu yaiku artikel praktis, artikel entheng, lan artikel opini. Kalebu ing wujud apa artikel
ing ndhuwur? Jlentrehna alasane! HOTS
3. Adhedasar artikel ing ndhuwur, Sebutna apa wae langkah-langkah kanggo jaga awake dhewe lan kulawarga
saka virus corona (covid-19)! HOTS
4. Coba nggaweya irah-irahan artikel kanthi nggatekake jinis-jinis artikel ngisor iki!
- Artikel Persuasif (Artikel kang isine mrabawani wong sing maca supaya nindakake apa sing dikarepake
pengarang), HOTS
- Artikel Eksploratif (Artikel niki nuduhake fakta sing miturut pamikiran lan kajian panulisane), HOTS
5. Apa manfaate nonton wayang? Sebutna minimal 3! HOTS
6. Apa manfaate wayang jaman mbiyen lan jaman saiki? HOTS
7. Critakna kanthi ringkes sejarah mula bukane ana aksara jawa nganggo basamu dhewe! HOTS
8. Apa iku unsur-unsur intrinsik drama? HOTS
9. Sebutna unsur-unsur intrinsik drama!
10. Supaya ora nguciwani, tulisen ayah-ayahan sing kudu ditindakake sadurunge pementasan drama! HOTS

-Oleh seneng nanging ora oleh lali kahanan, oleh sedhih nanging ora oleh terus-terusan-
_Anike Prarista Putri, S.Pd_

Anda mungkin juga menyukai