Anda di halaman 1dari 3

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN BLITAR

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II TINGKAT SD


KORWIL PENDIDIKAN KEC. GARUM
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Kelas : 3 (Tiga) NAMA : ………………………………


Mupel /Tema : Bahasa Jawa NOMOR : ………………………………
Hari/Tanggal : SD : ………………………………
Waktu : NILAI : ………………………………

Petunjuk Umum :
1. Tulislah terlebih dahulu nama, nomor, SD, sebelum kamu mengerjakan soal di bawah ini.
2. Kerjakan soal di bawah ini pada lembar jawab yang tersedia.
3. Jangan menggunakan pensil atau spidol, gunakanlah bolpoin warna biru atau hitam.
4. Kerjakanlah soal-soal yang kamu anggap mudah terlebih dahulu.
5. Periksalah kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada pengawas.
~~~ Selamat Mengerjakan ~~~

WACANEN KANTHI PERMATI !

Wacan

Ngirit Energi

Sing diarani ngirit energi yaiku ngatur penganggone energi amrih ora boros. Ngirit energi
iku bisa kanggo ngodot utawa ndawakne umure bumi sing kita panggeni iki. Mulane ayo padha
ngirit energi wiwit saiki ana ing omahe dhewe-dhewe.

Salah siji energi seng penganggone kudu diirit yaiku listrik. Geneya listrik kok kudu
diirit ? Jalaran energi listrik sing digunakake ing omah-omah pendhudhuk kuia asale saka
pembangkit listrik sing mbutuhake bahan tambang. Bahan tambang kuwi yen digunakne terus
suwe-suwe bakal entek. Kejaba kuwi bahan tambang sing digunakne kanggo pembangkit listrik
bakal ngasilake gas karbondhioksidha. Gas karbondhioksidha bisa njalari dumadine pemanasan
global. Pemanasan global bisa njalari owah-owahane mangsa.

Salah siji conto akibat anane pemanasan global yaiku dumadine banjir ing ngendi-endi
dhaerah. Kepriye carane supaya awake dhewe bisa ngirit energi ? Carane mateni alat-alat listrik
ing ngomah nalika ora digunakake, kayata : kipas angin, lampu, TV, radhio, lan liya-liyane.
Ngganteni lampu-lampu ing ngomah sing ngirit strum uga kalebu carane ngirit energi.

Pengiritan utamane listrik bisa dimulai saka awake dhewe ing ngomah. Yen awake
dhewe wiwit saiki wis ngulinakne dhisiplin ngirit energi ateges awake dhewe uga mikirake
nasibe bumi kanggo urip ing tembe mburi.
Bahasa Jawa Kelas 3/PTS II/20-21 ~1~
I. Pilihen aksara A, B, utawa C sing koanggep bener!
1. Apa sing diarani ngirit energi?
A. Ngatur penganggone energi amrih ora boros
B. Ngatur penganggone energi supaya boros
C. Ngatur energi supaya boros
2. Mulai kapan awake dhewe kudu ngirit energi?
A. Mbesuk yen energine mulai enthek
B. Wiwit saiki ana ing omahe dhewe-dhewe
C. Wiwit enek aba-aba saka pemerintah
3. Kepriye carane supaya bisa ngirit energi?
A. Mateni alat-alat listrik ing ngomah nalika ora digunakake
B. Nyetel radio isuk nganti sore
C. Mateni lampu nalika rampung sinau
4. Geneya listrik kok kudu diirit?
A. Jalaran energi listrik sing digunakake ing omah pendhudhuk asale saka bahan tambang
B. Merga energi listrik angel golekane
C. Jalaran energi listrik wis disuda
5. Apa sing njalari anane pemanasan global?
A. Gas Oksigen B. Gas Karbondioksida C. Gas Alam
6. Sebutna contone akibat anane pemanasan global !
A. Dumadine banjir ing ngendi-endi daerah
B. Hawane malih adhem
C. Udane deres
7. Mateni TV nalika ora digunakake, kalebu salah sijine contoh ngirit …
A. Energi B. Tenaga C. Makanan
8. Pengiritan utamane listrik bisa dilekasi saka…
A. Awake dhewe ing ngomah B. Wong liya C. Pemerintah
9. Yen awake dhewe wiwit saiki wis ngulinakne dhisiplin ngirit energi ateges …
A. Awake dhewe uga mikirake nasibe bumi kanggo urip ing tembe mburi
B. Awake dhewe ora mikirake nasibe bumi
C. Awake dhewe ora mikirake wong liya
10. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur?
A. Ngirit energy B. Ngirit banyu C. Ngirit energi listrik
11. Tembung meja, buku, lemari, lan wit-witan iku kalebu jenise tembung …
A. Aran B. Kahanan C. Kriya

Bahasa Jawa Kelas 3/PTS II/20-21 ~2~


12. Sing kalebu tembung aran yaiku …
A. Budi, buku, meja
B. Budi, nyapu, latar
C. Umbah-umbah, nyapu, tas
13. Nulis, maca, nyapu iku kalebu jinise tembung …
A. Aran B. Kriya C. Tanduk
14. Anita sregep sinau, ing ukara iku sing kalebu tembung aran yaiku …
A. Anita B. Sregep C. Sinau
15. Maya korah-korah karo sabun. Korah-korah kalebu tembung …
A. Aran B. Kriya C. Wantah

II. Isenono ceceg ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener!
16. Ngatur penganggone energi amrih ora boros diarani ….
17. Kepriye carane awake dhewe ngirit
energi? Wenehana tuladha 2 wae !
18. Buku, setip, garisan, Evi, sendok kalebu tembung ….
19. Apa wae sing kalebu tembung kriya (kata kerja) iku?
20. Saben bubar sinau ora lali mateni lampu kang kanggo
sinau. Ukara ing dhuwur kalebu ukara .…

III. Wangsulana pitakon iki kanthi bener!


21. Sebutna 3 wae, kepriye carane supaya awake dhewe bisa ngirit energi?
22. Sebutna 3 tembung kriya (kata kerja)!

Bahasa Jawa Kelas 3/PTS II/20-21 ~3~

Anda mungkin juga menyukai