Anda di halaman 1dari 5

Materi teks geguritan

(PANYARTA WAJIB MILIH SALAH SETUNGGAL ADHEDHASAR KATAGORI)

Pilihan Putri

AMUNG SADERMA NYENYUWUN


(Sumono)

Aja ketungkul luru guyu


Ing sangisore mendhung klawu, mitraku
Coba rungokna jerit swara tangis
Kang dumeling ing sangarepe kuping

Tangise pang-pang garing


kang kaprawasa dening angin
Tangise lemah-lemah nela
Jinemparing dening ketiga dawa
Tangise para tani
Katinggal mlayu dening Dewi Sri

Aja ketungkul lagu rayu, mitraku..


Sawangen cebol ngawe-awe
Sambat ngelak among kandheg ing gorokan
Jalaran sumur padhat asat
Kali datan mili
Amung kari tumetes bun-bun esuk wae
Wus entek kanggo ngramasi rambutmu
Kang saben dina tansah kok ore

Mitraku….
Ayo, angkaten tanganmu
Bukaken jendhelane langit
Ilekna banyu udan saka kamare
Papagen playune dina-dina kang utama
Peneken andha pengarep-arep
Kang sumendhe ing tembok-tembok pabrik
Kang dumunung ing beteng-beteng kantor
Kang mancep ing eskalator-eskalator plaza
Kabeh pada bae, aja ndadak milih lan milah
Aja tidha-tidha mitraku
Mumpung angin isih sumilir
Age, jangkahna sikil
Srengenge lan lintang-lintang kae
Bakal ngancani kowe*
GURIT KAGEM IBU
(Mbah Brintik)

Bu, putramu isih kelingan


Pitutur luhur kang tulus saka lathimu
Bu, putra isih kelingan
Nalika ibu medhar sabda
Kaiiring tetesing waspa;

“Ngger, gempalane sukmaku


Mangertiya ngger, dalan kang bakal mbok liwati
Kebak carang lan eri
Nanging aja samar
Selagi kembang mawar ambune isih ngambar-ambar
Aja cilik ati
Selagi kembang mlathi gandane isih amrik wangi

Ngger, yen kowe lagi lungguh kursi gadhing


Dadi jago wiring kuning
Aja ngguyu lakak-lakak, bisa klenggak
Mangertiya ngger,
Wahyu bisa ambyar
Yen kang kedunungan kelangan nalar
Mula sing eling lan waspada
Amrih ora kerangsang Bathara Kala

Ya pitutur kaya mangkono mau


Ora beda kaya banyu windu
Dak grujugake saranduning jiwa ragaku
Ibu, saiki putramu lagi krengkangan golek pandhang
Kanggo ancik-ancik ngranggeh lintang.*
Pilihan putra

GURUKU PAHLAWANKU
(Baerotun)

Pribadhimu kebak tuladha


Dhahar ageman lan solahbawa
Kebeh sarwa prasaja
Ora neka-neka
Ora werna-werna

Jam pitu thet wis aweh tandha


Tandha yen wiwt makarya para dwija wiwit adol swara
Swara-swara kang ngumandhangake
Kabecikan, kaprigelan lan kawasisan
Minangka damar kanggo ngayahi myang bebrayan

Panjenengan pancen tlaten


Pakaryanmu kebak kawigaten
Pantes kinabekten
Nadyan dudu putramu, aku
Kok-gulawenthah tanpa ngetung wayah
Kok-gladhi kanthi gemati
Datan lali panjenengan paring wanti-wanti
Kanggo urip bisa mulya mukti

Aku mung bisa nyuwun marang Gusti


Piwalesan ingkang tanpa upami
Karaharjan kawidadan katentreman
Muga tansah pinaringan
Guruku... pahlawanku*
LAYANGKU NJERIT
(Suryo Ngumbara)

Sajroning sunya wayah dalu


anggawa mendhung kasaput bayu
tiba ing bantala, dadya tetesing banyu
banyu wening saking Hyang Maha Agung
nuwuhke rasa ayem, tentrem, rahayu

daksawang sacarike layang


Arjunawiwaha, Negara Kretagama
Kalatidha , Pustaka Raja Purwa
Padha njerit
kecepit ing dhuwur lemari
swarane kaya thathit
pating clerit ing dhuwur langit
apa layang-layangku padha sakit?
apa layangku padha nangis?
atiku dadi wingit
banjur dakbuka layang-layangku

gumuruh swarane……
"bangsa iki kudu gentur tapa brata
brastha nepsu lan angkara murka"
Kandhane layang Arjunawiwaha.
Negara Kertagama Jumerit
"aja lena, aja ngersula kang ngambra-ambra
ayo tangi, ayo bangkit!!!"
"eling lan waspada"
Kalatidha aweh sasmita
"Gemah ripah loh jinawe
ayem tentrem karta raharja
loh subur tanpa kinira
ora mung dogeng lan carita
nanging kasunyatan kang nyata"
kocape Pustaka Raja Purwa.

Ing jero ati , aku ngucap


Aku kudu maca!
Maca, maca, lan maca!!!!

Wow…Endahe ukaramu
Wow…Manise basamu
kanthi subasita lan ngemu rasa
Sasmitamu aweh pratandha
Piwulangmu luhur
Gegayuhanmu tulus
Memayu hayuning bawana
Tumrap bangsa lan negara

Banjur aku nglamun………


Yen kawruhmu ora digagas
Tuturmu dadi samar, jalaran
pra taruna padha nutup talingan
pra putra padha nutup netra
pra wayah padha nutup nalare
Napa eyang gela lan kuciwa?
Napa eyang gerah manahipun?

Hmm…eyang Kanwa, Seda, Tantular, Ronggawarsita


Kula kangen……
Kangen swantenipun eyang…*

Anda mungkin juga menyukai