Anda di halaman 1dari 2

Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan

"Lomba Cerdas Cermat"


Nalika dina sabtu pas mulih sekolah ono pengumuman babagan arep dienekne LCC
utawa "Lomba Cerdas Cermat", sing arep diadakne dina Senen Ian panggone ing
lantai sing paling dhwuur.
Faiz lan kancane ana neng kelas Ian ngrungokake pengumuman kuwi mau.
"Faiz, piye miturut kowe, kowe opo arep meloni lomba kuwi ora," Dafa ngesem.
"Miturutku lomba mau menarik uga sih", kandhane Faiz, sing mlaku nuju kancane
"Dafa, Lha piye yen kowe melu lomba kuwi? ya ora kanco-konca", Dafa karo Faiz
lungguh “iyo aku karo Mia uga setuju karo usulane Dafa mau", Lisa lan Mia mangsuli
barengan.
"Ehm, yowis, aku tak melu lomba kuwi", Faiz ngesem
Nah yo ngunu, kuwi koncone awake dhewe", Dafa ndelengne Faiz "Eh kanco-konca
awake dhewe arep nang perpustakaan yo", Falz ngajak kabeh kancane “iyo ayo aku
uga pengen moco buku", kabeh koncone mangsuli karo barengan.
Faiz Ian kabehane budhal rnenyang perpustakaan sekolah, neng tengah ndalan
Reza pengen lungo menyang toilet "eh Anis aku arep menyang toilet sedilit yo, oku
wis ora kuwat kie" Reza njalok ijen moron, Anis "hahaha, iyo cepet yo menyang toilet
kono" Anis ngguyuni Reza "nuwun yo",
Reza mlayu cepet nuju toilet, banjur Faiz Ian kancane lungo menyang perpustakann
meneh "akhire teko sisan neng perpustakaane", bolone Dafa, marang kancane
kabeh Ian dheweke banjur nggoleki buku-buku sing arep diwoco .
"Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe disik wae soale aku jek arep nggoleki
buku crito sek cah", Faiz melaku karo nggoleki-golek buku seng lagi digoleki :”iya
aku yo meh golek buku crita dongeng”

Kathok Kolor Marake Isin


Kedadean kang gawe isin Lik Ti wis sakwetara taun kepungkur, nanging yen
kelingan ora bisa digambarake sepira isine. Critane mangkene, Lik Ti iki
pagaweane dadi tukang panggul ana pasar. Sapen isuk udakara jam limanan
dheweke mesthi wis njegreg ana pasar, methuki para langganan kang
nggunakake tenagane. Senadjan wis umur 50 tahun luwih, Lik Ti isih rosa,
pideksa dadi ora nate nulak manggul apa wae.
Sawijining dina sakdurunge budhal atine krasa ora kepenak. Nanging abot-
abot ngopeni anak bojo dheweke tetep budhal kaya adat saben. Kaya biasane
wong desa, panganggone Lik TI Uga kathok kolor karo (nuwun sewu) ora
nganggo celana dalam. Nalika tekan pasar dilalah kolore mau pedhot. Clingak-
clinguk nggolek tali utawa rafia ora nemokake dumadakan dheweke nemu peniti.
Peniti kuwi banjur dienggo nyingseti kathoke. Esuk kuwi dheweke dikon manggul
daging saka mobil menyang los. Sejangkah, rong langkah, telung langkah, ora
ana apa-apa. Bareng patang jangkah dumadakan...”dhel” peniti mau pedhot!
Mesthi wae Lik Ti banjur wuda, babar blas ora ketutupan benang saklembar-
lembara. Lik Ti kaget, wong-wong padha mlongo! Kadung mertarung Lik Ti tetep
mlayu manggul daging menyang los karo mbengok “nuwun sewu-nuwun sewu”.
Wong-wong padha sumingkir. Bareng tekan los, Lik Ti banjur ndheprok
ngono wae. Untung ning los ana sarung, kena dinggo nutupi awake. “Ngimpi apa
aku mau bengi” batine Lik Ti. Bar kedadean iku telung dinanan Lik Ti ora budhal
nyambut gawe.

Wacanen crita pengalaman ing ngisor iki kanggo garap nomor 12-15!
Plesir Menyang Candi Gedong Songo
Nalika dina Minggu, aku lan kulawargaku plesir menyang Candi Gedhong Songo.
Udakara jam 8 aku lan kulawargaku sakdurunge budhal seko Semarang padha
sarapan dhisik.
Udakara jam setengah 9 aku lan kulawargaku budhal menyang Candi Gedhong
Songo. Saurute dalan aku nggatekake kahanan dalanan sing munggah-mudun lan
menggak-menggok. Sawise tekan daerah Bandungan hawane krasa adhem beda
karo kahanan Semarang sing hawane panas.
Jam 11 aku lan kulawargaku wis tekan ing papan panggonan. Sakdurunge mlebu
panggonan wisata ora lali tuku karcis regane siji Rp 15.000,00. Banjur aku lan
kulawargaku muter-muter ing papan wisata Candi Gedhong Songo. Ing kana aku
foto ing ngarep Candi, ing cedhak kebul belerang, lan ora lali kungkum ana banyu
anget. Aku seneng banget nalika ana ing kana.

Anda mungkin juga menyukai