Anda di halaman 1dari 3

SD NEGERI BANYUMANIK 02 Nama :

SUMATIF TENGAH SEMESTER GENAP

TAHUN PELAJARAN 2022/2023 No. Absen :

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : 4 (Empat) Nilai :

Waktu : 90 menit

Tanggal : Kamis, 2 Maret 2023

I. Berilah tanda silang (X) pada huruf A, B, C, atau D di lembar jawab pada jawaban yang benar!
Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomor 1 – 3 !

Bareng wis sawetara wektu, kira-kira olehe padha mangsak daging wis padha mateng, bocah bajang
mau mara ana ing omahe Ki Juru Mathokan njaluk daging. Krungu tembunge Si Bajang, Ki Juru nesu,
kawetu tembunge kasar "Jebul mung arep ngemis bae. Ora melu kangelan melu enake. Kana lunga! Adoh-
adoh saka kene."

1. Watake Ki Juru Mathokan iku ....


A. grapyak
B. medhit
C. loma
D. jujur
2. Tujuwane bocah bajang mara ing omahe Ki Juru Mathokan yaiku ....
A. ngemis dhuwit
B. golek papan dumunung
C. njaluk daging
D. golek kanca
3. Legendha Rawa Pening, iku dumunung ing wewengkon ....
A. Semarang
B. Ambarawa
C. Salatiga
D. Ungaran
4. Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo ….
A. banyu
B. kewan
C. roh lan alam gaib
D. tanduran
5. Fabel iku dongeng sing paragane ….
A. kewan
B. manungsa
C. lelembut
D. setan
6. Ing ngisor iki jinise tembang macapat, kejaba ....
A. campursari
B. Maskumambang
C. Megatruh
D. Pocung
7. Cacahe larikan/baris saben sapada diarani guru ….
A. gatra
B. lagu
C. tembang
D. wilangan

Sumatif Tengah Semester Genap Tahun Pelajaran 2022/2023 Bahasa Jawa Kelas 4

1
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli nomor 8 – 10 !

Gambuh
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur, katula-tula katali,
kadaluarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.

8. Tembang gambuh guru gatrane cacahe ana ....


A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
9. Guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh gatra 3 yaiku ….
A. 7u
B. 10u
C. 12i
D. 8u
10. Guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh gatra 5 yaiku ….
A. 8u
B. 10u
C. 12i
D. 8o

II. Isilah titik-titik di bawah ini dengan jawaban yang benar !


Wacanen dongeng ing ngisor kanggo mangsuli nomor 11 – 13 !
Singa lan Tikus
Ing sawijining alas-gedhe, ana Singa kang lagi turu. Dumadakan ana Tikus kang ora
sengaja mlaku ing pinggire Singa. Nalika sadar, Tikus wedi banjur mlayu sipat kuping. Saking
bingunge, Tikus mau malah mlayu ana ing irunge Singa. Singa sing lagi enak-enak turu banjur tangi.
Singa anyel karo Tikus jalaran wis ganggu anggone dheweke turu. Tikus mau dicekel nganggo
cakare kang lancip, banjur arep dipangan. Tikus jaluk ngapura lan janji yen bakal males budine
Singa, menawa ora sida dipangan. Singa gelem nguwalake Tikus jalaran saktenane Singa ora karep
mangan Tikus.
Sawijining dina, Singa kena kala kang kasebar ana alas. Singa nyakar-nyakar kala mau
kareben uwal saka kaanan kuwi. Nanging kala mau ora bisa pedhot. Sabanjure Singa bengak-
bengok jaluk tulung. Tikus kang wingi ditulungi Singa krungu swarane Singa. Banjur Tikus goleki
papan asal swara kuwi. Meruhi kaanane Singa, banjur Tikus ngrikiti kala kang gubet awake Singa
nganti kala mau uwal. Singa seneng banget bisa uwal saka kala. Singa matur nuwun marang budine
Tikus. Singa lan Tikus banjur kekancan salawase

11. Irah-irahan dongeng kasebut yaiku ….


12. Paraga ing carita ing dhuwur yaiku ….
13. Kang dipocapake Singa sawise ditulungi Tikus yaiku ….
14. Jinise tembang macapat yaiku ana ….
15. Tembang asmaradana duweni watak yaiku ….

Sumatif Tengah Semester Genap Tahun Pelajaran 2022/2023 Bahasa Jawa Kelas 4

2
Gatekna tembang ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15 – 17 !
Samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dingin raga cipta jiwa rasa kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning manon.

16. Tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.


17. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur gatra katelu yaiku ....

III. Jawablah pertanyaan berikut ini !


18. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis !

Manuk Garudha lan Gagak


Ana manuk Garudha, kang cakare medeni, ngiyup nyamber cempe kang lagi mangan, dicangkerem
banjur digawa mabur ing awang-awang, banjur dimangsa. Ora adoh saka kana ana manuk Gagak siji bodho,
weruh kaprawiraning Garudha.
Batine Gagak "Digdaya temen, aku uga bisa anggondhol wedhus kaya dheweke. Sanadyan aku cilik,
cakarku ora nguciwakake." Kaya mangkono batine Gagak. Banjur Gagak nyamber cempe, kaya pratingkahe
Garudha mau. Anyengkerem ing wulune kang gembel. Ananging Gagak ora kuwat, cakare kukuh kagubed ing
wulu. Banjur kesel dhewe, banjur kang angon wedhus marani. Gagak dicekel karo muring-muring. Awit dening
disiya-siya ora suwe Gagak pejah.

Sapa bae paraga dongeng ing dhuwur !


19. Sebutna jinise tembang macapat !
20. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki !

Gambuh
karya Sri Mangkunegara IV

Pamotaning ujar iku


Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawekal legaweng ati
Trima lila ambeg sadu
Weruh wekasing dumados

Tulisna guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut !

Sumatif Tengah Semester Genap Tahun Pelajaran 2022/2023 Bahasa Jawa Kelas 4

Anda mungkin juga menyukai