Anda di halaman 1dari 72

BAHASA JAWA 9

Penerbit & Percetakan

…………………………………………..

PENGURUS MGMP “CENDIKIA”

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Penanggung Jawab :

KAKEMENAG Kab. Ngawi
Alhamdulillahi Roobil’alamiin, segala puji bagi
Allah Rabb semesta alam, yang telah memberikan Penasehat :
segala petunjuk dan rahmat-Nya pada kita semua,
KASI Mapenda Kemenag Kab. Ngawi
sehingga penyusunan buku Lembar Kegiatan
POKJAWAS Kemenag Kab. Ngawi
Siswa ini dapat terselesaikan dengan baik.
Dalam rangka meningkatkan mutu pendidikan Pembina :
dan memberikan kemudahan bagi para siswa dan
Zarkasi, S.Pd
guru dalam kegiatan belajar mengajar, maka kami
Drs. H. Bisri Musthofa, M.Pd
Tim MGMP MTs Kab. Ngawi menghadirkan buku
Drs. Mustafid, M.pdI
Lembar Kegiatan Siswa “CENDIKIA”.
Drs. Solikin, M.PdI
CENDIKIA hadir dengan tampilan yang
sistematis, praktis dan dengan bahasa yang Ketua :
komunikatif, sehingga mudah dipahami para siswa
Drs. Danu Wibowo
dan guru dalam proses belajar mengajar. Buku ini
Drs. Muhibbudin, S.Pd
disusun berdasarkan kurikulum KTSP yang terdiri
atas ringkasan materi, uji kompetensi dan uji Sekretaris :
standar kompetensi.
Maftuh Arfani, S.Pd
Kami menyadari bahwa buku ini masih jauh
Zaenal Abidin, S.Pd
dari sempurna. Untuk itu kami sangat
mengharapkan saran dan kritik yang bersifat Bendahara :
membangun dari berbagai pihak.
Suprapti, S.Pd
Tursiwi Nurijani, S.Pd
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Humas :
M. Alfan Andrianto, S.Pd
Mulyadi, S.PdI
Syaiful Anwar, S.Pd
Ngawi, Juni 2012
Iswahyudi, S.Pd
Sugeng, S.Pd
Tim Penyusun Distribusi LKS :
Sri Utami, S.Ag, M.PdI
Dra. Marita Fauziah
Sri Setiyowati,S.Pd

Penyusun :
Nasirrudin, SS
Ali Suwarno

Editor :
Rusmini, S.Pd

1
BAB I

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : IX
Semester : Gasal
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami rekaman dan dialog wayang.
- Melakukan suluk, janturan dan anta wacana dalam cerita wayang.
- Membaca naskah dialog wayang.
- Menulis isi rekaman dialog wayang yang diperdengarkan.
Materi Pokok : - Rekaman dialog wayang
- Suluk, Janturan dan Antawacana
- Naskah cerita drama dialog wayang
- Gambar Wayang

Indikator :
 Mampu menemukan isi cerita dalam rekaman dialog wayang.
 Mampu melakukan kegiatan suluk, janturan dan antawacana dengan benar.
 Mampu membacakan rekaman dialog wayang dengan artikulasi, intonasi dan gaya tepat.
 Mampu menulis ringkasan isi rekaman dialog wayang yang diperdengarkan.
 Mampu menyebutkan dan membedakan nama tokoh wayang melalui gambar yang tersedia.

A. NGRUNGOKAKE
 Rekaman Dialog Wayang
Wayang sampun wonten nalika zaman prasejarah antawis 1500 tahun saderengipun Masehi.
Masyarakat Indonesia taksih ngenut kapercayan animisme arupi muja roh nenek moyang ingkang
sinebat hyang atau dahyang, ingkang dipunwujudken arupi arca utawi gambar.
Wayang punika seni tradisional Indonesia ingkang mliginipun kathah ngrembaka wonten ing Pulau
Jawa saha Bali. Pagelaran wayang sampun dipunakeni kaliyan UNESCO tanggal 7 November 2003,
dados kabudayan ingkang nengsemaken ing dalem perangan cariyos narasi saha warisan ingkang
endah saha aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Wonten versi wayang ingkang dipunparagakaken dening tiyang ngagem kostum, ingkang sinebat
Wayang Wong, saha wonten ugi wayang ingkang arupi boneka ingkang dipunlakokaken dhalang.
Wayang ingkang dipunlakokaken dhalang punika antawisipun arupi wayang kulit utawi wayang golek.
Dene cariyos ingkang dipunbabar wonten pagelaran wayang punika saking cariyos Mahabharata saha
Ramayana. Wonten malih cariyos Panji saha cariyos Menak (cariyos-cariyos Islam) ingkang kadhang
kala ugi inggih dipunbabar.
Pagelaran wayang wonten ing saben negari nggadhahi teknik saha gaya ingkang benten-benten.
Wayang Indonesia punika damelanipun tiyang Indonesia asli, ingkang nggadhahi cariyos, gaya sarta
dhalang ingkang linuwih.
Wayang tumrapipun para pengajeng negari nggadhahi makna ingkang luhur sanget. Sunan Kali
Jaga saha Raden Patah sanget ageng labuh labetipun wonten ing ndalem ngrembakaken Wayang. Para
Wali ing Tanah Jawi sampun nyekra wayang punika dados tigang perangan, inggih punika Wayang Kulit
wonten ing Jawa Timur, Wayang Wong utawi Wayang Orang wonten ing Jawa Tengah, saha Wayang
Golek wonten ing Jawa Barat. Tiga-tiganipun wonten sambet rapetipun antawis setunggal saha
setunggalipun, inggih punika "Pundi ingkang Isi (Wayang Wong) saha pundi ingkang Kulit (Wayang Kulit)
kedah dipun padosi (Wayang Golek)".
Jinis-jinisipun wayang miturut wujudipun punika wonten : Wayang Kulit, Wayang Purwa, Wayang
Madya, Wayang Gedog, Wayang Dupara, Wayang Wahyu, Wayang Suluh, Wayang Kancil, Wayang
Calonarang, Wayang Krucil, Wayang Ajen, Wayang Sasak, Wayang Sadat, Wayang Parwa, Wayang
Kayu, Wayang Golek / Wayang Thengul (Bojonegoro), Wayang Menak, Wayang Papak / Wayang Cepak,

2
Wayang Klithik, Wayang Beber, Wayang Wong, Wayang Gung (Kalimantan Selatan), Wayang Topeng
(wayang orang menggunakan topeng di Kalimantan Selatan), Wayang Suket, Wayang Gung, Wayang
Timplong, Wayang Arya, Wayang Potehi, Wayang Gambuh, Wayang Parwa saha Wayang Cupak.
Wonten malih jinis-jinis wayang kulit miturut asal dhaerah utawi suku , kadosta, Wayang Jawa
Yogyakarta, Wayang Jawa Surakarta, Wayang Kulit Gagrag Banyumasan, Wayang Bali, Wayang Sasak
(NTB), Wayang Kulit Banjar (Kalimantan Selatan), Wayang Palembang (Sumatera Selatan), Wayang
Betawi (Jakarta), Wayang Cirebon (Jawa Barat), Wayang Madura (sudah punah) saha Wayang Siam
(Kelantan, Malaysia)
BRATAYUDA
Pr. Matswapati : “Wayah ingsun Angger Prabu Puntadewa, banget prihatining penggalih ingsun,
dene Adhi Janaka sarta Adhi Werkudara padha ninggal barisan, amarga nuruti
panantanging mungsuh. Mangkono iku tak kira, mung saka pambudidayane
senopatine kurawa, ya Resi Durna, jalaran mangerteni marang kekuwatane
kadang ira sakloron.”
Pr. Darmakusuma : “Kados mekaten dhawuh paduka, Eyang. Mila eyang, enggal keparenga
menggalih, sampun ngantos kalajeng-lajeng kadheseg mengsah.”
Pr. Matswapati : “Putuku Angger Prabu sarta sira Kaki Senapati Dresthadyumna, sanajan
mangkono kaya-kaya isih ana dalaning Gusti jalaran Prabu Kresna tansah ngawat-
awati perange Adhi Janaka. Nanging Kaki Senopati, apa titah kang wus dititahake
enggal padha dilakoni supaya aja kebacut-bacut kateter dening mungsuh.
R.H Dresthadyumna : “Budidaya ingkang sampun kula tindakaken, Kangjeng Eyang, inggih punika terang
saking keparengipun Kaka Prabu Puntadewa kawula utusan kaki Prabu
Gathotkaca lumampah dhateng pakuwonipun anak mas Angkawijaya supados
andhawuhi dhateng angger Abimanyu supados ngrusak mengsah. Samangke
kantun ngentosi pasowanipun wayah paduka kaki Prabu Gathutkaca kaliyan
Angkawijaya.
Lembar Kegiatan
 Negesi Tembung
Tembung-tembung ing ngandhap punika dipuntegesi!
1. Angger : ........................................................................................................................................
2. Penggalih : ........................................................................................................................................
3. Pambudidaya : ........................................................................................................................................
4. Kadang : ........................................................................................................................................
5. Kadheseg : ........................................................................................................................................
6. Mengsah : ........................................................................................................................................
7. Ngawati : ........................................................................................................................................
8. Terang : ........................................................................................................................................
9. Pakuwon : ........................................................................................................................................
10. Pasowanipun : ........................................................................................................................................
 Wangsuli pitakenan wonten ing ngandhap punika!
1. Sinten kemawon paraga cariyos ringgit wonten ing nginggil ?
Wangsulan : .....................................................................................................................................
2. Punapa ingkang ndadosaken prihatining penggalihipun Prabu Matswapati ?
Wangsulan : .....................................................................................................................................
3. Sinten senopatinipun kurawa ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... ........
4. Sinten ingkang tansah ngawat-awati perangipun Janaka ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... ........
5. Punapa ingkang dados titahipun Prabu Puntadewa dhateng Raden Harya Dresthadyumna ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... ........
 Sasampunipun nggatosaken cariyos ringgit wonten ing nginggil, sumangga siswa nyebataken isi cariyos
ringgit kalawau kanthi migunakaken basanipun piyambak !
Papan kagem nggarap :
................................................................................................................................................................ ........

3
B. MICARA
 Antawacana
Antawacana utawi gineman, inggih punika caturan wayang wonten ing salebetipun adhegan.
Antawacana sami kaliyan dialog wonten ing drama, bentenipun dialog drama dipuncaturaken tiyang
kathah, nanging antawacana dipuncaturaken dhalang piyambak. Kagem antawacana wayang, dhalang
kedah saged ngolah wanda swantenipun supados benten kaliyan caturan antawisipun wayang setunggal
kaliyan setunggalipun. Bentenipun wanda swanten wonten ing basa lesan; kagem basa tulis dipun
bentenaken ngagem nami wayang saha logat caturan panyeratipun.
Tuladhanipun antawacana wayang wonten ing ngandhap punika :
Kresna : “Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki !”
Setiaki : “Kawula, nun.”
Kresna : “Kakang Patih Udawa !”
Udawa : “Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.”
Kresna : “Mara age matura.”
Setiaki : “Inggih ngaturaken pun rayi sembah pangabekti mugiya dipuntampi.”
Kresna : “Sembah Rayi ditampa kanthi tangan kiwa kalawan tengen, disimpen ing ndhuwur embun-
embunan, ngisor ana ing pangkonan, dicathet ing owah lan gingsiring wektu.”
Setiaki : “Matur sembah nuwun, pangestunipun.”
Kresna : “Ana apa, Yayi?”
Setiaki : “Nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan ageng utawi alit.”
Kresna : “Iya. Perkara luput, kuwi wis dak apura menawa yayi nyuwun pangapura.”
Setiaki : “Ngaturaken panuwun ingkang ageng.”
Mila lajeng wonten dhalang ingkang nggadhahi antawacana sae, amargi pancen wonten ing
pagelaran swantenipunnipun ringgit setunggal kaliyan satunggalipun kraos sanget bentenipun.
Ananging ugi wonten dhalang ingkang antawacananipun kirang sae amargi mboten saged
mbentenaken antawisipun swara paraga ringgit setunggal kaliyan satunggalipun.
 Tindakaken antawacana pacelathon wayang wonten ing ngandhap punika !
JEJER PAKUWON KURAWA
Pr. Suyudana : “Putraningsun Kaki Adipati, apa baya wigatine dene jeneng sira sumusul marang
Tegal Kurusetra ? Apa den utus dening ibunira apa muhung karsanira pribadi ?”
R. H Lesmana : “Kula nuwun kangjeng Rama Prabu, wigatosing lampah kula sowan ing ngarsanipun
Rama Prabu punika, mboten sanes inggih badhe ndherek wonten ing madyaning
Bratayuda Jayabinangun. Raosing manah kula wonten ing praja kados dene
kasetrakaken sarta tanpa ayahan satunggal punapa. Paprangan ingkang murih
kuncaraning para Kurawa punika yekti ugi dados kewajibanipun ingkang putra.
Kangjeng ibu malah mboten maringaken menawi kula sumusul ing Rama Prabu.
Nanging saking adrenging manah, kula lajeng tilar praja tanpa pepoyan. Makaten
wau, mbokbilih mboten andadosaken keparengipun Rama Prabu, kula namung
nyadhong duduka.”
Pr. Suyudana : “E, e. Ya Jagad Dewa Bathara, ya jagad pramudita. Mangke ta Paman Prabu ing
Mandaraka. Sakalangkung emeng raosing manah kula, dene wayah Paduka pun
Harya Lesmana Mandrakumara adreng tan keni pinambengan anggenipun kumedah
badhe tumut andon yuda. Kaparenga Paman Prabu paring dhawuh, kadosa pundi
prayoganipun.”
Pr. Salya : “Nuwun Anak Prabu, kawontenan sarta pikajenganipun wayah kula pun Harya
punika kados wonten irib emperipun kaliyan lampahipun rayi jengandika pun Harya
Rukmarata duking ngajeng. Sanget anggen kula ngampah, sampun ngantos tumut
andon yuda, ewadene wekasanipun adreng sumusul datan kenging pinambengan.
Mangka rayi Paduka pun Harya Rukmarata namung kapetang santana kaliyan anak
Prabu. Sareng wayah kula pun Harya Sarojakusuma punika putra ingkang
ginadhang-gadhang anggentosi kaprabon, mila raosipun wayah kula punika
kadosdene mboten purun menawi namung badhe ngundhuh kamukten kemawon.
Lampah makaten wau nama ngenggeni wataking satriya. Mila pamrayogi kula dipun
parengna wayah kula pun Harya tumut andon yuda. Jer menawi wonten parmaning
jawata, anak Prabu tumpang jayanipun mboten sanes inggih pun Harya ingkang
badhe ngraosaken kamukten tuwin kawibawanipun.”
Pr. Suyudana : “Nuwun inggih Paman Prabu, kula amung andherek pamrayoginipun Paman Prabu.
Kajawi saking punika Bapa, Bapa Senapati, keparenga kula nyuwun pirsa kadiparan
kawusananing yudanipun yayi Prabu Bogadenta, Bapa ?”
Dh. Durna : “E... lole, lole, gembor monjor-monjor ... mugi andadosna ing pamirsa Paduka Anak
Prabu bilih rayi Paduka anak Prabu Bogadenta sampun kasambuting yuda,
mengsah kaliyan pun Arjuna, kula nok non.”

4
Pr. Suyudana : “E. . .e, ya jagat Dewa Bathara, teka yayi Prabu Bogadenta tan mangge puliha,
Bapa. Ing mangka kados-kados kadigdayanipun sakalangkung-langkung,
punapadene ginadhuhan pusaka sanjata rante ingkang boten wonten titah ing
salumahing bumi sakurebing langit kawawa nadhahi, teka meksa kaprajaya dening
yayi Arjuna. Lajeng kados pundi Bapa budidayanipun Bapa Senapati murih
ungguling yuda?”
Dh. Durna : “Lha punika ingkang badhe kula aturaken. Kasantosaning Pandhawa punika
estunipun dumunung wonten kekiyatanipun satriya kekalih, inggih punika pun
Werkudara tuwin pun Janaka. Samangsa kakalihipun punika taksih kempal, taksih
saged bantu binantu, tangeh sagedipun Pandhawa kasoran. Mila saking kajengipun
pun bapa, Werkudara kedah kapisahaken saking Janaka.”
Pr. Suyudana : “Kados pundi Bapa, sagedipun kasembadan misahaken adhimas Arjuna saking
adhimas Werkudara?”
Dh. Durna : “Kedah wonten caranipun piyambak. Pun bapa boten kasamaran, jer kakalihipun
punika sami siswanipun pun bapa. Makaten Anak Prabu : Werkudara kedah
tinantang lan sinumbaran kaajaka perang wonten ing tepining samodra ler. Rayi
Paduka Janaka kedah katantang andon yuda ing pinggiring pareden kidul. Pun bapa
wani nemtokake bilih kakalihipun badhe minangkani panantanging mengsah wau, jer
sakalih-kalihipun sirik lamun mboten ngembarana mengsahipun.”
Pr. Suyudana : “Kaluhuran dhawuh Paduka Bapa Senapati. Lajeng sinten ingkang tinanggenah
andon yuda kaliyan adhimas Janaka sarta sinten ingkang kedah ngajoni adhimas
Werkudara.”
Dh. Durna : “Awit saking pamawasipun pun bapa, ingkang saged nandhingi pu Arjuna punika
rayi Paduka saking praja Kasapta, anak Prabu Gardhapati. Dene ingkang
tinanggenah ayun-ayunan kaliyan Werkudara prayoganipun rayi Paduka ing
Parangjara, Anak Prabu Warsaya. Mila Anak Prabu kula aturi miji pasowanipun rayi
Paduka kakalih wau, kula nok non.”
Pr. Suyudana : “Sanget andadosaken sukaning manah kula, Bapa. Dhawuhipun bapa badhe kula
estokaken. Mengko ta paman, paman Harya ing Kapatihan.”
Pt. Sangkuni : “Wonten ingkang pangandika, Anak Prabu.”
Pr. Suyudana : “Manira mundhut pasowane yayi Prabu Gardhapati ing Kasapta sarta yayi Prabu
Warsaya ing Parangjara.”
Tegesipun Tembung
1. Baya wigati : perlu penting 24. Tilar : lunga
2. Sumusul : nyusul, nusul 25. Pepoyan : pamit, omong-omong
3. Tegal Kurusetra : papan perange Baratayuda 26. Nyadhong : njaluk
4. Muhung : mung 27. Duduka :nesu, diseneni, senenan
5. Karsanira : karepmu 28. Pramudita : kabeh
6. Pribadhi : dhewe 29. Emeng : bingung
7. Lampah : laku 30. Tan keni : ora kena
8. Madyaning : tengahe 31. Pinambengan : dialang-alangi
9. Kasetrakaken : kasingkirake 32. Kumedah : kudu
10. Ayahan : gawean 33. Andon yuda : perang tandhing
11. Murih : supaya 34. Irib : padha, memper
12. Kuncara : luhur, kondhang, misuwur 35. Rayi jengandika : adhimu
13. Yekti : nyata, terang, bener-bener 36. Duking ngajeng : nalika semana
14. Adrenging : pepinginan sing kuwat 37. Ngampah : nyegah
15. Wekasanipun : akhire 38. Datan : ora
16. Kenging : kena 39. Santana : prajurit
17. Parmaning : kawelasanipun 40. Jawata : gusti
18. Kadiparan : kepriye 41. Kawusananipun : akhire
19. Kasambuting yuda : mati 42. Tan mangge puliha : ora bisa ngatasi
20. Kadigdayan : kasekten 43. Ginadhuhan : nduweni, nggadhahi
21. Kawawa : kuwat 44. Manira : ingsun, aku
22. Tangeh : ora bakal, ora mungkin 45. Kasembadan : kelakon, kaleksanan
23. Tinanggenah : durung jelas, durung cetha 46. Pamawas : pandhangan
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun nindakaken antawacana wonten ing nginggil, cobi wangsuli pitaken ing ngandhap
punika !
1. Sinten paraga cariyos ringgit wonten ing nginggil, sarta punapa ingkang dipunrembag?
Wangsulan : ..................................................................................................................................... .
...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
5
2. Pripun suwantenipun Prabu Suyudana, Lesmana, saha Durna? Cobi dipunterangaken!
Wangsulan : ......................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
………………………………………………………………………………………………………………
...........................................................................................................................................................
3. Punapa underanipun utawi suraosipun rembag wonten ing Pakuwon Kurawa ing nginggil?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................

…………………………………………………………………………………………………………………
..............................................................................................................................................................
 Janturan
Janturan punika arupi paparan cariyos ngagem basa prosa utawi gancaran dhalang kagem
nyariyosaken jejer utawi adhegan satunggaling negari, kahanan panggonan, watak wantunipun wayang,
saha perkawis ingkang dipunrembag ngagem iringan gamelan.
Tuladhanipun janturan wonten ing ngandhap kapethik saking "Janturan saha Pocapan Ringgit
Purwa" ingkang kaimpun dening Anom Sukatno :

“Swuh rep data pitana. Hanenggih negari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang
sawiji, adi linangkung, dasa sepuluh, purwa marang wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang
sinangga ing pertiwi, kinasongan ing akasa, kinapit samodra racak sami anggana raras, nanging datan
kadya ingkang ginupit ing dalu mangke, ingkang sinebat Negari Hastina, inggih Gajahoya,
Limanbenawi....”

Tegesipun wonten ing basa Indonesia :

“SWUH REP DATA PITANA. Terberitakanlah negara mana yang paling eka adi dasa nama purwa:
eka satu, adi lebih, dasa sepuluh, nama julukan, purwa yaitu permulaan. Walaupun banyak mahluk yang
berdiri di bumi pertiwi, menjulang ke angkasa, dikitari samudra, jauh dari malabencana, dasar negara
Astina ibarat dalam tancapannya, luas wilayah-nya….”
Tindakaken janturan wonten ing ngandhap punika !
Janturan 1
Janturan Jejer Praja Dwarawati
Swuh rep data pitana, anenggih pundi ta nagari ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji adi
luwih dasa sepuluh purwa kawitan. Nadyan kathah nagari ingkang kasongan ing ngakasa, kasangga ing
pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang sami anggana raras, boten wonten kados nagari Dwarawati.
Dhasar nagari panjang-apunjung, pasir-awukir loh jinawi, gemah ripah karta tata raharja. Panjang
dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gunung. Dhasar nagari Dwarawati
nagari angungkuraken pagunungan, ngeringaken pasabinan, nengenaken benawi ngayunaken bandaran
gedhe. Loh tulus sarwa tinandur, Jinawi murah kang sarwa tinuku.
Gemah lampahing para dagang rinten dalu tan ana pedhote, labet tan ana sangsayane margi.
Aripah janma manca praja kang dedunung salebeting nagari, jejel apipit wismanira, bebasan aben cukit,
tepung taritis. Karta tata raharja miwah ing tata tebih ing parangmuka, tan ana tumindak durjana juti,
miwah cecengilan. Kang celak manglung kang tebih tumiyung, samya ngestu datan karana ginebag ing
ajurit. Amung kayungyun mring pepoyaning kautaman.
............................................................................................................................................... .........................
Janturan 2
Janturan Kedhatonan Ngastina
Anenggih kang kacarita, Kenya ing puri Ngastina, gegumanginipun para putri, Sri Narendra garini
kusumaning Ayu Dewi Banowati putri nata saking Mandaraka, ginarwa narendra dahat sinikan ing raka
nata denya saged met prana.
Dhasar putri endahing warni karengga ing busana widagda ngadi sarira. Galak ulat tur raga
karana, ganas genes merak ati, mbesengut saya patut, ambombrong sayu mancorong, yen cinandra
citrane sang putri, pranyata kurang luwih candra warna saking endahe sarira.
Anenggih Rema anyekar bakung ; ameles wilis tur panjang. Athi-athi ngudhup turi, Larapan nila
cendhani, Imba nanggal sepisan, Netra lindri anjait, Idep tumengeng tawang, Grana ngrungik, Lathi
manggis karengat, Uwang nyangkal putung, Jangga nglungid nglunging gadhung, Widhangan nraju mas,
Racikan amucuk ri, Pamulu ambengle keris, Pambayun anyengkir gadhing mencepe kang prasaja,
wonga-wonga gumebyar apindha that-thit, Lambung nawon kemit, Suku amukang gangsir lamun tindak,
kicating pindha gumebyaring that-thit sasanderan, karya kumesaring kang mulat.
6
Sinten ingkang mare ing ngarsa, apan punika putrine Sang Nata Dwita, akekasih kusumaning Ayu
Dewi Lesmanawati. dhasar wanodya sulistya ing warna, luruh tur ta ambeg ngumala rum, marma
anggung dadi kandhanging kidung.
Duk samana, Sri Nata Dwita nuju lenggah ing bale praba suyata, angajari para bedhaya srimpi.
Pradangga anganyut-anyut, surak arebut wirama, keplok imbal angadhasih. Nuju suwuking gendhing,
kapyarsa tengara jengkaring pasewakan, gita sang putri jumeneng methuk konduring raka.
........................................................................................................................................................................
Tegesipun Tembung
Janturan 1
1. Swuh : rusak, lebur 13. Dasa : sepuluh
2. Rep : sirep, surup 14. Purwa : wiwitan
3. Data : tanpa 15 Kasongan : kayoman, kauban
4. Pitana : luhur 16. Ngakasa : awang-awang, langit
5. Anenggih : yaiku 17. Anggana raras : wong wadon ayu, rerasan
6. Eka : siji 18. Kinarya : digawe
7. Adi : luwih 19. Punjung : luhur kawibawane
8. Ngupaya : golek 20. Pasir : samodra
9. Angungkuraken : ing sisih mburine 21. Wukir : gunung
10.Ngeringaken : ing sisih kiwane 22. Loh : tulus kang sarwa tinandur
11.Nengenaken : ing sisih tengen 23. Jinawi : murah kang sarwa tinuku
12.Gemah : lakune dagang awan 24. Karta tata raharja : aman, ayem tentrem
bengi ora ana pedhote 25. Ripah : akeh para manca
sing padha teka 26. Panjang : dawa pocapane
Janturan 2
1. Anenggih : yaiku, diceritakake 46. Ulat : gebyaring pandeleng, mripat
2. Kenya : putri 47. Tur : banjur, nuli
3. Gegumangining : tuladhane, contone 48. Raga : awak, katresnan, brangta
4. Garini : putri, wadon 49. Karana : sebab, jalaran
5. Kusuma : kembang 50. Ganas genes : luwes, patut
6. Nata : ratu 51. Ambombrong : durung dandan
7. Ginarwa : dipek bojo 52. Sayu : saya ayu
8. Narendra : ratu 53. Mancorong : sumunar, katon sumorot
9. Dahat : kang banget 54. Cinandra : dicandra
10. Sinikan : dipuja 55. Citrane : wujude
11. Denya : sahingga 56. Ameles : katon gilap
12. Met : trep, ceples 57. Wilis : ireng
13. Prana : gawe sengsem, ati 58. Panjang : dawa
14. Endahing Warni : ayu rupane 59. Larapan : bathuk
15. Karengga : kapacak, kadandani 60. Imba : alis
16. Busana : klambi, pakaian 61. Netra : mripat
17. Widagda : pinter 62. Grana : irung
18. Ngadi : ngajeni, ngopeni 63. Jangga : gulu
19. Sarira : awak 64. Lathi : lambe, ilat
20. Galak : lirikane 65. Widhangan : pundhak
21. Racikan : driji, jari 66. Akekasih : sing dikasih, aran
22. Pamulu : wujude rai, praen 67. Wanodya : wanita
23. Pambayun : susu 68. Sulistya ing warna : ayu
24. Mencepe : gedhene, kebake 69. Luruh : alus, alon, katon jatmika
25. Prasaja : apa anane 70. Ambeg : watak, duwe bebuden
26. Wonga-wonga : sela-selane susu 71. Ngumala rum : inten, barleyan
27. Gumebyar : sumorot 72. Marma : marga saka iku, mulane
28. Apindha : kaya 73. Anggung : tansah
29. That-thit : konang 74. Kandhanging : omahe, gadhange
30. Lambung : weteng 75. Kidung : tembang rerepen
31. Suku : sikil 76. Duk samana : nalika iku
32. Kicating : lakune, jumangkahe 77. Nuju : lagi
33. Sesanderan : mabur sliwar-sliwer 78. Lenggah : lungguh
34. Karya : gawe 79. Bale : omah
35. Kumesaring : gemesing, penasaran 80. Praba Suyata : omah, gedhong
36. Mulat : nyawang 81. Angajari : marai, mulang
37. Mare ing : mara ing 82. Para bedhaya srimpi : tari bedhaya srimpi
38. Ngarsa : ngarep 83. Pradangga : suara gamelan
39. Apan : bakal ngerti 84. Anganyut-anyut : merak ati, narik ati

7
40. Nata dwita : Prabu Suyudana 85. Surak : muni
41. Arebut : rebutan 86. Tengara : tandha kanggo aweh sasmita
42. Wirama : irama 87. Jengkaring : mangkate, lungane, budhale
43. Imbal : bola-bali 88. Pasewakan : Papan kanggo sowan
44. Suwuking : mandhege 89. Gita : age, enggal
45. Kapyarsa : keprungu 90. Jumeneng : ngadeg
Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitakenan wonten ing ngandhap punika !
1. Janturan 1 punika nggambaraken kahanan wonten ing pundi ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
2. Sinten ratu ing Dwarawati ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
3. Punapa tegesipun Loh wonten ing janturan 1?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
4. Punapa tegesipun Jinawi wonten ing janturan 1 ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
5. Punapa tegesipun “karta tata raharja” wonten ing janturan 1 ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
6. Janturan 2 nggambaraken kahanan wonten ing pundi ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
7. Sinten wanita ingkang dipunkersakaken wonten ing janturan 2 ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
8. Sebataken candra peranganipun badan wonten ing janturan 2 ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
9. Sri Nata Dwita lenggah wonten ing bale nembe punapa ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
10.Punapa tegesipun “nuju suwuking gendhing” ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
 Suluk
Suluk pelungan utawi murwa punika arupi suluk bebuka pakeliran ingkang dipuntembangken Ki
Dhalang wonten ing wiwitan pakeliran. Pelungan kalebet salah satunggaling jinis geguritan pedhalangan.
Suluk Pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, Suluk Murwa dados ciri khas pedhalangan
Jawi Kilen. Pedhalangan Jawi Tengah mboten ngagem Suluk Pelungan utawi Suluk Murwa, bebukane
ngagem Janturan Jejer.
Tuladha Suluk Pelungan Jawi Wetanan wonten ing ngandhap punika pinethik saking "Serat
Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer :
“Sun miwiti andhalang,
Wayangingsun minangka bambang paesan,
kelire jagad dumadi,
larapan naga papasehan,
pracik tapeling jagad gumelar,
yana drojog sangga bawana,
Ligan rajeg wesi,
blencong kencana,
urube luber kadya Hyang Bathara Surya,
Kothaking wayang kayu cendhana sari,
Tutuping dhuwur kadya kusuma,
kepyake gelap angampar....”
Jinis suluk sanesipun inggih punika suluk sendhon, suluk greget saut saha suluk ada-ada. Suluk
Sendhon punika suluk kagem nggambaraken kahanan sedhihing ati. Suluk Greget saut punika suluk
kagem nggambaraken muntabing ati. Suluk Ada-ada punika suluk kagem nggambaraken kahanan
ingkang mirisi utawi nggegirisi.
Tuladha Suluk Murwa Jawa Barat :
Tuladha 1 Tuladha 2
Saur nira tandhana panjang Betet ijo Kepodang ulese kuning
Sinenggih sabda ya uninga lawan Abang manuke wulung kadya wowor
Sabda ya uninga lawan Sandang rawit puter gemeke ya lurik-lurik
Saur nira tandhana panjang sinenggih Dhadhanira kinuwungan ya kinuwungan
Sabda uninga wis mama Kadya bocah ngangge kakalung
Ulun layu dening sekti ala bhakti dening asih Ningsor waringin wulung
Ya ding asih
Wong asih ora katara

8
Tuladha 3 Tuladha 4
Sri tinon ing pasewakan Adam adam babuh lawan
Busana maneka warna Ingkang ngagelaraken cahya nur cahya
Murub mubyar cahayanira Dangiang wayang wayanganipun
Kadya kunang-kunangan Perlambang alam sadaya
Sri tinon ing pasewakan Semar sana ya danar guling
Busana manekawarna Basa sem pangangen-angen
Murub mubyar socanira Mareng ngemaraken Dzat Kang Maha Tunggal
Kadya parada tinabur Wayang agung wineja wayang tunggal
Kadya kunang-kunangan
Sekar wijaya kusuma lawan
Tuladha Suluk Sendhon kloroan Tuladha suluk kanggo mbuka isining pasewakan
Galak ulat, that-thit abareng, kang pandulu, Hanjrah ingkang puspita arum,
alus manis amekung, O...... kasiliring samirana mrih O........
sembada kang, adedeg nandha rangkung, Sekar gadhung kongas gandanya hing ......
agoreh pan, dadya pantes malar hung, O...... Maweh raras renaming driya O......hing....hung....hing
Tuladha suluk kanggo pathetan Tuladha Suluk
Arsa madhangi jagad, Sangsaya dalu raras abyor kang lintang kumedhap
duk mungup-mungup aneng asapucuking wukir, Titi sonya tengah wengi lumrang gandaning puspita
merbabak bang sumurat kena soroting surya, O o o o ....................
mega lan gunung-gunung Karengyaning pudyanira O o o o .....................
Meh rahina semune, Sang dwijawara mbrengengeng
sang hyang aruna kadi netraning, Lir swaraning madubranta O o o o .....................
uga rapuh sabdane kukila ringi hung ...........
ringi kanigara saketer hung............
nibidhuning ageng ...........
Lir wuwusing pini panca hing............
Tegesipun Tembung
1. Sangsaya : saya 10. Puspita : kembang
2. Dalu : bengi 11. Karengyaning : bumi padha, sedaya sami
3. Raras : endah, laras 12. Pudyanira : anyembah ira ( panjenengan )
4. Abyor : katon sumorot akeh 13. Dwijawara : pandhita linuwih
5. Lintang : bintang 14. Mbrengengeng : nyuwara gumrenggeng
6. Kumedhap : kedhip-kedhip 15. Lir : kaya
7. Titi : wektu 16. Swaraning : swarane
8. Sonya : sepi, suwung 17. Madubranta : tawon
9. Lumrang : rata, mratani/ratane 18. Gandaning : ambune
Tugas
Micara babagan sulukan :
 Caranipun, mirengaken sulukan ing salebetipun rekaman kaset utawi CD cariyos ringgit, wongsal-
wangsul dipunputer, kanthi kerja kelompok !
 Ingkang gadhah sedherek utawi rencang dhalang, nyuwun wewarah !
 Ingkang gadhah rencang saking SMKI saged nyuwun supados kersa paring wewarah sulukan !
C. MACA
 Crita Rekaman Wayang
Pethikan layang Baratayuda punika cobi dipunwaos !
Jejer Pakuwon Pandhawa
Prabu Matswapati den adhep dening Prabu Drupada, Prabu Darmakusuma, Senapati Raden
Haryo Dresthadyumna tuwin para putra pandhawa. Ingkang karembag kawontenan pabarisaning
Pandhawa ingkang katilar dening Raden Arjuna tuwin Raden Harya Werkudara ingkang sami mituruti
panantanging mengsahipun andon yuda wonten ing pareden kidul tuwin pesisir ler. Makaten wau sanget
andadosaken prihatosing panggalihipun Prabu Matswapati, ngantos kawiyos dhawuhipun dhateng Prabu
Darmakusuma.
Pr. Matswapati : “Wayah ingsun Angger Prabu Puntadewa, banget prihatining penggalih
ingsun, dene Adhi Janaka sarta Adhi Werkudara padha ninggal barisan,
amarga nuruti panantanging mungsuh. Mangkono iku tak kira, mung saka
pambudidayane senapatine kurawa, ya Resi Durna, jalaran mangerteni
marang kekuwatane kadang ira sakloron.”
Pr. Darmakusuma : “Kados mekaten dhawuh paduka, Eyang. Mila eyang, enggal keparenga
menggalih, sampun ngantos kalajeng-lajeng kadheseg mengsah.”

9
Pr. Matswapati : “Putuku Angger Prabu sarta sira Kaki Senapati Dresthadyumna, sanajan
mangkono kaya-kaya isih ana dalaning Gusti jalaran Prabu Kresna tansah
ngawat-awati perange Adhi Janaka. Nanging Kaki Senapati, apa titah kang
wus dititahake enggal padha dilakoni supaya aja kebacut-bacut kateter dening
mungsuh.
R.H Dresthadyumna : “Budidaya ingkang sampun kula tindakaken, Kangjeng Eyang, inggih punika
terang saking keparengipun Kaka Prabu Puntadewa kawula utusan kaki
Prabu Gathotkaca lumampah dhateng pakuwonipun anak mas Angkawijaya
supados andhawuhi dhateng angger Abimanyu supados ngrusak mengsah.
Samangke kantun ngentosi pasowanipun wayah paduka kaki Prabu
Gathutkaca kaliyan Angkawijaya.
Mangkana saweg eca imbal wacana, bebasan idua durung asat, nginanga durung abang, kasaru
pasowanipun Raden Haryo Gathutkaca sareng ingkang rayi satriya ing Plangkawati Raden Angkawijaya.
Sasampunipun bage-binage ing karaharjan, kawiyos dhawuhipun Prabu Matswapati.
Pr. Matswapati : “Mengko ta, Kaki Abimanyu, sawuse lungguhira prayoga, mula enggal-enggal
ingsun pasrah marang Kaki Senapati, kadiparan anggone bakal nata
pabarisan. Harya, Harya Senapati, samengko pulunanira Angkawijaya wus
sowan, mula enggal-enggal sira tata bakal lakuning kuwajibane para satriya,
dimen enggal bisa rumusak barisaning Kurawa.’
RH Dresthadyumna : “Nuwun inggih dhateng sandika, Eyang. Mengko putraningsun Angkawijaya,
sawuse sira lungguh kang prayoga, terang saka dhawuhe Kaka Prabu
Puntadewa sira kinen minangka cucuking yuda rumusaking wadyabala
Kurawa. Mula saka panemuningsun, gelaring prang wadya pandhawa perlu
den salini, murih rancag rumusaking barisane kurawa.
Mangke ta, Eyang Prabu punapa dene Kaka Prabu Darmakusuma,
sasampunipun kakangmas Arjuna tuwin kakangmas Werkudara tilar
pabarisan, gelaring prang para kurawa sinantunan gelar Cakra ingkang ugi
kawastanan Cakrabyuha. Gelar ingkang makaten wau nuwun inggih
sakalangkung rapet kinubengan dening para manggalaning yuda. Mila awit
saking pamanggih kula, Pandhawa prayogi santun gelar Sapiturang.
Wigatosipun para prawira manggala tansah saged nyumerepi lampahing
mengsah. Ing saben wonten kalamangsa ingkang sae, manggalayuda
ingkang dumunung ing supit kiwa tengen, lajeng saged tumindak ngrabaseng
mengsah. Makaten kalawau kula nyadhong dhawuh paduka kekalih.”
Pr. Matswapati : “Ora liya panjenenganingsun banget nayogyani.”
Pr. Darmakusuma : “Yayi Senapati, pun kakang uga nayogyani. Mula enggal-enggal sira patah
para prawira kang kinarya manggala, jalaran wus katon pandhesege wadya
Kurawa, malah kapara keteter wadyabala ing Pandhawa.”
RH Dresthadyumna : “Nuwun inggih dhateng sandika.”
Kocap Senapati agung Raden Harya Dresthadyumna lajeng andhawuhaken tataning gelar
Supiturang. Ingkang kapatah dumunung wonten ing supit kering Raden Harya Gathutkaca, ing supit
kanan Raden Harya Dresthadyumna. Dene ing susungut Raden Angkawijaya. Ing sirah Raden Harya
Setyaki, lajeng ing wurinipun Prabu Darmakusuma kadherekaken Raden Nakula tuwin Raden Sadewa.
Santuning gelar wau katindakaken kanthi cukat trengginas, saengga tan pantara dangu wus ical
gelar Garuda Nglayang. Kang katon namung gelar Supiturang den manggalani prawira tetiga Raden
Harya Gathutkaca, Raden Harya Dresthadyumna tuwin Raden Angkawijaya.
Lembar Kegiatan
 Mangsuli pitaken-pitaken ing ngandhap punika !
1. Punapa ingkang karembag wonten ing Jejer Pakuwon Pandhawa kasebat ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
..............................................................................................................................................................
2. Pasewakan kalawau mapan wonten pundi, lajeng sinten ratunipun?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
..............................................................................................................................................................
3. Punapa cara ingkang dipunginakaken Pandhawa murih supados mboten kadheseg Kurawa?
Wangsulan : ................................................................................................................................... ......
........................................................................................................................................................ ......
4. Wonten ing Pakuwon Pandhawa sinten ingkang nembe pirembagan ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
....................................................................................................................................................... .......

10
 Negesi Tembung
1. Andon yuda : ............................................ 16. Pulunanira : .................................................
2. Saweg : ............................................ 17. Kinen : .................................................
3. eca : ............................................ 18. Yuda : .................................................
4. imbal : ............................................ 19. Cucuking : .................................................
5. wacana : ............................................ 20. Wadyabala : .................................................
6. Kasaru : ............................................ 21. Rancag : .................................................
7. Bage-binage : ............................................ 22. Sinantunan : .................................................
8. Karaharjan : ............................................ 23. Santun : .................................................
9. Kawiyos : ............................................ 24. Wigatosipun : .................................................
10.Kadiparan : ............................................ 25. Sapiturang : .................................................
11.Sapit : ............................................ 26. Patah : .................................................
12.Ngrabaseng : ............................................ 27. Kering : .................................................
13.Manggala : ............................................ 28. Wurinipun : .................................................
14.Manggalayuda : ............................................ 29. Tan pantara : .................................................
15.Nayogyani : ............................................ 30. Ical : .................................................
D. NULIS
 Rekaman Cariyos Ringgit !
Budhalan Wadyabala Pandhawa
Wus tetela lamun kurawa tan kena ginawe becik, puguh anggenya ngukuhi Negara Astina pratandha
Bharatayuda tan kena den wurungake, mangkana ta pandhawa sigra apacak baris amepak wadyabala
samekta ing yuda nedya ngrabaseng Kurawa ing kurusetra mbelani bebener, bidhal saking alun-alun
Wiratha.
Enjing bidhal gumuruh saking negari Wiratha. Sagunging bala kuswa! Abra busananira, lir surya
wedalira saking Jalanidhi, arsa madhangi jagad. Duk mungup-mungup ing pucuking wukir.
Lah ing kana ta wau, untaping wadyabala Pandhawa saking Wiratha aselur-elur tan ana pedhote,
tinon saking mandrawa pindha sela blekithi, sela-watu, blekithi-semut. Lamun sinawang kadya semut
mlampah ing watu. Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene umbul-umbul kadi werdu
angga sasra. Werdi-lintah, angga-banyu, sasra-sewu. Kadya lintah sewu kumelap ing banyu.
Bengingehing kudha, pangempreting dwipangga, pangeriking kudha, swaraning janma, miwah
kropyaking watang gathik, binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan pindha warsa kinteki.
Warsa-udan, kinteki-wana pejaten, kadi talethoking udan ing alas pejaten. Nyrangaping langkap, bedhil,
tumbak landheyan pindha jati ngarang.
Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh. Kang busana putih kumpul padha seta, tinon
saking mandrawa pindha kuntul neba. Kang busana abang kumpul padha rekta, tinon saking mandrawa
abra markata pindha wukir kawelagar. Wukir-gunung, kawelagar-kobong, kadi gunung kobong. Kang
busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tanem lagya gumadhung. Tanem-tandur,
gumadhung-ijo royo-royo. Kang busana kuning kumpul padha pita, tinon saking mandrawa pindha
podhang areraton. Podhang-wus ngarani aran peksi, areraton-areroyoman. Kang busana ireng kumpul
padha langking, tinon saking madrawa pindha gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.
Baleduging lampah peteng angampak-ampak angendanu pindha mendhung.
Mangkana ta lampahing wadyabala Pandhawa wus prapteng laladan Kurusetra kang minangka dadi
ajanging prang ambrastha dur angkara. Para wadyabala pandhawa sigra makarya yasa pakuwon kinarya
palereman.

Lembar Kegiatan
 Cariyos ringgit wonten ing nginggil cobi dipun serat malih, punapa ta, isi utawi suraosipun, ngagem
basa jawinipun siswa piyambak !
Papan Kanggo nggarap :
…………………………………………………………………………………………………………………….

11
 Negesi Tembung
10.Tetela : Pancen Nedya : arep
11.Tan : ora Ngrabaseng : mbesmi, numpes
12.Puguh : tetep, kukuh Abra : sumorot
13.Anggennya : anggone Busananira : Pakaian, sandhangan
14.Wurung : batal, ora sido Lir : Kaya
15.Sigra : age, enggal Wedalira : metune
16.Apacak : nata, ndandani Jalanidhi : segara
17.Amepak : nglumpukake Arsa : arep
18.Samekta : siap Mungup-mungup : munggah
19.Yuda : perang Wukir : gunung
20.Aselur-elur : sambung Tinon : katon, ketok
21.Mandrawa : kadohan, adoh Kakandha/Gathik : tumbak/pusaka
22.Dwaja : gendera Binarung : bareng
23.Mawurahan : campur, nyampur Wor suh : dadi siji
24.Markata : jamrud, barleyan Areraton : nggrombol
25.Baleduging : bledug Angendanu : mlumpuk
26.Angampak-ampak : kumedhul Prapteng : teka
27.Yasa : gawe Pakuwon : omah-omahan, tendha
28.Kinarya : kanggo Palereman : leren, ngaso
29.Laladan : papan, wilayah
 Paraga Ringgit
Paraga ringgit punika kathah gunggungipun. Kados dene manungsa, nggadhahi keturunan;
kadosta putra, wayah, buyut, canggah, wareng lan sapanunggalanipun.
Paraga ringgit wonten perangan punika amung badhe nggelar saperangan kemawon inggih punika
ringgit ingkang wonten gegayutanipun kaliyan cariyos ringgit Mahabharata. Ingkang nedahaken
gambaran sakeplasan kemawon supados para siswa mangertos paraga ringgit sanajan namung
saperangan.
Gambar Paraga Ringgit Pandhawa :

Kresna Puntadewa Werkudara Arjuna Nakula Sadewa

Antareja Abimanyu Antasena Gathutkaca Wisanggeni Irawan

Drupadi Sembadra Srikandhi Dewi Kunti Arimbi Utari

12
Utara Udawa Dewa Ruci Nagagini Pandhu Pergiwa

Dresthadyumna Matswapati Setyaki Samba Baladewa Abiyasa

Paraga Ringgit
WERKUDARA
Asma sanesipun Raden Werkudara punika Bima, Balawa, Bratasena, Birawa, Dandhung Wacana,
Nagata, Abilawa, Kusumayuda, Kowara, Kusumadilaga, Pandhusiwi, Bayusuta, Sena saha Wijasena.
Bima punika putra Prabu Pandhu raja Negara Astina kaliyan Dewi Kunti putri Prabu Basukunti
kaliyan Dewi Dayita saking negari Mandura, ingkang nomer kalih asring sinebat panenggakipun
Pandhawa,
Bima kagungan sedherek kandhung kalih saking ibu Dewi Kunti, asmanipun Puntadewa saha
Arjuna, sarta sedherek kalih sanesipun saking ibu Dewi Madrim, asmanipun Nakula saha Sadewa.
Bima nggadhahi watak wantu : Gagah, kendel, teguh, kuat, tabah, patuh saha jujur. Bima ugi
nggadhahi kaluwihan ahli olah gada saha sanjata utawi piandel sanesipun, inggih punika : Kuku
Pancanaka, Gada Rujakpala, Alugara, Bargawa (kapak besar) dan Bargawasta. Dene ajian utawi
kasekten ingkang dipun gadhahi inggih punika : Aji Bandungbandawasa, Aji Ketuklindu saha Aji Blabak
pangantul-antul.
Bima ugi gadhah rasukan ingkang nglambangaken kawibawan, inggih punika: Gelung
Pudaksategal, Pupuk Jarot Asem, Sumping Surengpati, Kelatbahu Candrakirana, Setut Nagabanda dan
Kathok Cinde Udaraga. Dene pinten-pinten kanugraha Dewata ingkang dipun tampi inggih punika:
Kampuh Poleng Bintuluaji, Gelang Candrakirana, Kalung Nagasasra, Sumping Surengpati saha pupuk
Pudak Jarot Asem.
Bima nglenggahi wonten ing kadipaten Jodhipati, tlatah negari Amarta. Bima kagungan garwa tiga
saha putra tiga, inggih punika :Dewi Nagagini peputra Arya Antareja, Dewi Arimbi peputra Raden
Gatotkaca saha Dewi Urangayu peputra Arya Antasena.
Wusananipun riwayat, Bima dipuncariyosaken, seda sampurna (moksa) sareng sekawan
sedherekipun sabibaripun purna perang Bharatayuda.
Gambar Paraga Ringgit Kurawa :

Durna Destrarastra Duryudana Dursasana Durmagati Dursala

Karna Kartamarma Kencakarupa Kartapiyoga Kartanadi Aswatama

13
Sangkuni Jayadrata Jungkung Burisrawa Banowati Bogadenta
Mardeya

Brajalamatan Brajadenta Brajamusti Bomanakasura Bomantara Bumiloka

Gardhapati Lesmana Citraksi Citraksa Citragada Citrarata

Paraga Ringgit
DURSASANA
Dursasana punika putra Prabu Drestarasta, ratu negari Astina kaliyan permaisuri Dewi Gandari,
putri Prabu Gandara kaliyan Dewi Gandini saking negari Gandaradesa. Dursasana kagungan sedherek
100 cacahipun ( 99 jaler saha 1 estri ) ingkang asring sinebat Sata Kurawa. Sata Kurawa ing antawisipun,
ingkang dipun mangertosi wonten cariyos pedhalangan inggih punika Duryudana (Raja Negari Astina),
Bogadenta (Raja Negari Turilaya), Bomawikatha, Citraksa, Citraksi, Carucitra, Citrayuda, Citraboma,
Durmuka, Durmagati, Durgempo, Gardapati (Raja Negari Bukasapta), Gardapura , Kartamarma, (Raja
Negari Banyutinalang/Tirtatinalang), Kartadenta, Surtayu, Surtayuda, Wikathaboma, Widhandhini (Raja
Negari Purantara) saha Dewi Dursilawati.
Dursasana kagungan garwa Dewi Saltani, putri Adhipati Banjarjumut. Saking Dewi Saltani,
Dursasana peputra jaler naminipun Dursala. Dursasana badanipun ageng, gagah saha tutukipun amba,
kagungan watak wantu: takabur, sawiyah-wiyah, gedhe ndhase, remen nyepelekaken saha ngina tiyang
sanes.
Dursasana anetra telengan putih, grana dhempak, tutuk gusen. Pawakan gedhe dhuwur.
anggepanipun Korawa, Dursasana punika Wrekodaranipun Astina saha dados imbanganipun Wrekodara
ingkang satemenipun.
Dursasana makuthanipun awujud topeng, ajamang garuda angungkur, angembang kluwih. Kalung
ulur-ulur. gelang, apontoh, saha akeroncong. Rasukan kraton jangkep. Dursasana kagungan pusaka
awujud keris ingkang unggul daya kekiyatanipun naminipun Kyai Barla.
Dursasana seda wonten ing peperangan Bharatayuda kaliyan Bima/Werkudara wonten ing
kahanan ingkang sanget nrenyuhaken. Dhadhanipun dipunbelah ngangge kuku Pancanaka. Getih
ingkang wutah nyemprot dipunwadhahi kaliyan Bima kagem ngugemi sumpah Dewi Drupadi, ingkang
badhe dipun damel kramas saha ngresiki rekmanipun. Perangan badanipun saha sirahipun Dursasana
ancur remuk sak walang-walang, dipunantem gada Rujakpala.
Gambar Paraga Ringgit Punakawan

Semar Gareng Petruk Bagong Limbuk Cangik Bilung

14
Paraga Ringgit
GARENG
Asring sinebat dados putranipun Semar, saha kalebet wonten ing golongan punakawan.
Sejatosipun, Gareng naminipun Bambang Sukskati, putra Resi Sukskadi saking padhepokan Bluluktiba.
Matahun-tahun Bambang Sukskati tapa wonten bukit Candhala supados angsal kesekten.
Sasampunipun rampung tapanipun, piyambakipun lajeng nyuwun palilah dhateng ramanipun
badhe kesah nakluken raja-raja. Wonten ing madyaning lampah Bambang Sukskati panggih kaliyan
Bambang Panyukilan, putra Bagawan Salantara sakingi padhepokan Kembangsore. Amargi sami-sami
angkuhipun saha sami-sami puguh kekarepan, andadosaken paprangan antawis kekalihipun.
Kekalihipun nggadhahi kasekten ingkang imbang, dados mboten wonten ingkang kalah utawi
unggul. Kekalihipun mboten purun madheg anggenipun yuda, sanadyan badanipun sampun sami cacad
mboten kantenan.
Yudanipun nembe mandheg nalika dipunpisah kaliyan Semar (Sanghyang Ismaya). Amargi sabda
Sanghyang Ismaya, wujud kekalihipun dados sanget awon. Badanipun Bambang Sukskati dados cacad.
Mripatipun juling, irung bunder, mboten gadhah gulu, weteng gendhut, sikil pincang, tangan bengkok,
thekle saha ceko. Sanghyang Ismaya maringi nami dadosi Nala Gareng. Dene Bambang Panyukilan
dados Petruk.
Nala Gareng rabi kaliyan Dewi Sariwati, putri Prabu Sarawasesa kaliyan permaisuri Dewi
Saradewati saking negari Salarengka, ingkang angsalipun saking pambudidayanipun Resi Tritusta saking
negari Purwaduksina. Nala Gareng yuswanipun sanget panjang, ngantos jaman Madya.
Kraton, Kasatriyan,Pratapanipun saha Punggawa Paraga Ringgit :
Asma Ratu/Satriya/Pratapan/Punggawa Papan
Prabu Kresna Ratu Dwarawati
Prabu Puntadewa Ratu Ngamarta
Raden Werkudara Satriya Jodhipati
Raden Arjuna Satriya Madukara
Raden Nakula Satriya Bumiretawu/Gumbiratalun
Raden Sadewa Satriya Sawojajar
Raden Antareja Satriya Prathala/Jangkarbumi
Raden Abimanyu Satriya Plangkawati
Raden Gathutkaca Satriya Pringgondani
Raden Wisanggeni Satriya Argadahana
Raden Bambang Irawan Satriya Gambiranom/Yasarata
Prabu Duryudana Ratu Astina
Pandhita Durna Pratapanipun Sokalima
Patih Harya Sengkuni Satriya Plasajenar
Raden Basu Karna Ratu Awangga
Raden Dursasana Satriya Banjarjumut
Raden Kartamarma Satriya Tirtatinalang
Raden Jayadrata Satriya Banakeling
Raden Durmagati Punggawa Astina
Raden Citraksa Punggawa Astina
Prabu Bomanakasura Ratu Trajutrisna
Prabu Drupada Ratu Cempala
Prabu Salya Ratu Mandaraka
Resi Bisma Pratapanipun Talkandha
Begawan Abiyasa Pratapanipun Saptaarga
Raden Dresthadyumna Satriya Cempalareja
Raden Burisrawa Satriya Madyapura
Raden Lesmana Satriya Saroja Binangun
Raden Samba Satriya Paranggaruda
Raden Setiyaki Satriya Lesanpura
Prabu Matswapati Ratu Wiratha
Prabu Baladewa Ratu Mandura
Raden Antasena Satriya Sapta Baruna
Raden Aswatama Satriya Sokalima
Raden Udawa Satriya Widarakandhang
Prabu Jungkung Mardeya Ratu Paranggubarja
Prabu Palgunadi Ratu Paranggelung
Raden Suman Satriya Plasajenar

15
 Istilah Pewayangan
 Istilah pewayangan ingkang wonten gegayutanipun tumrap ubarampe wonten sawijining pagelaran
Ringgit Purwa, inggih punika :
a. Kelir ; kain ingkang dipunbeber sawingkingipun ringgit ingkang dipunjejer. Ugi wonten
ingkang mastani geber. Umumipun werninipun putih pinggiripun dipunparingi
perangan werni abrit utawi cemeng, ugi wonten ingkang werni jene/kuning.
b. Gamelan ; Perangkat gendhing Jawi ingkang damel ngiringi pagelaran ringgit purwa. Gamelan
jinisipun maneka warni, kadosta : Kendhang, Gong, Saron, Demung, Kempul, Centhe,
Kethuk sarta Kenong, Siter, Rebab, Gender, Slenthem, Bonang lan
sapanunggalanipun.
c. Kothak ; Piranti utawi wadhah kagem nyimpen ringgit purwa.
d. Gedebog ; Wit gedhang ingkang ginanipun kangge nancebaken ringgit ingkang dipun jejer sarta
ugi ringgit ingkang dipun lakokaken dhalang.
e. Kepyak ; Logam ingkang dipun wangun segi 6 dipun gantung wonten ing kothak ringgit,
mapanipun wonten sisih kiwanipun dhalang.
f. Cempala ; Wujudipun kayu mawi ukuran mboten ageng ugi mboten alit ginanipun kagem nuthuk
kothak ringgit, damel paring tandha utawi sasmita dhumateng pangrawit menawi
badhe mandheg, alon saha sapiturutipun.
g. Blencong ; Lampu ingkang madhangi kelir pewayangan kanggo nedehaken wekdal siyang
punapa pakeliran ringgit kalawau dipun tindakaken. Mapanipun wonten nginggil
majeng dhateng keli.

 Gambar gamelan saha namanipun

Bonang barung Bonang panembung Bonang penerus

Celempung Engkuk Gambang

Gender barung Gender penerus Gong ageng

16
Kecer wayang Kemanak Kempul

Kendhang ageng Kendhang ciblon Kendhang wayang

Kenong Kenong Japan Kenthongan

Keprak Kethuk kempyang Rebab

Saron barung Saron demung Saron penerus

Saron wayang Siter Slenthem

17
Slentho Suling Bedhug

Tabuh gamelan

Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitaken-pitaken wonten ing ngandhap punika !
1. Punapa naminipun gambar gamelan punika ?
Wangsulan : ...............................................................................................................

2. Punapa naminipun gambar gamelan punika?

Wangsulan : ...............................................................................................................

3. Punapa naminipun gambar gamelan punika?

Wangsulan : ...............................................................................................................

4. Punapa naminipun gambar gamelan punika?

Wangsulan : ...............................................................................................................

5. Punapa naminipun gambar punika ?

Wangsulan : ...............................................................................................................

Uji Kompetensi 1
I. Pilih aksara a, b, c, utawa d ingkang panjenengan anggep leres!
1. Prabu Matswapati ratu ing kraton ....
a. Dwarawati c. Wiratha
b. Amarta d. Astina
2. Ing ngandhap punika paraga ringgit pandhawa lima, kajawi .....
a. Darmakusuma c. Permadi
b. Werkudara d. Samba
3. Putranipun Raden Arjuna inggih punika .....
a. Gathutkaca c. Antasena

18
b. Wisanggeni d. Antareja
4. Sinten asmane paraga ringgit punika ....
a. Raden Werkudara
b. Dewa Ruci
c. Raden Antareja
d. Raden Antasena

5. Sinten asmane paraga ringgit punika......

a. Sengkuni
b. Aswatama
c. Burisrawa
d. Durna

6. Sinten asmane paraga ringgit punika.....

a. Setyaki
b. Irawan
c. Arjuna
d. Wisanggeni

7. Asma sanesipun Prabu Puntadewa …..

a. Prabu Darmakusuma c. Raden Darmayuda
b. Raden Kusumayuda d. Raden Anggayuda
8. Gambar gamelan punika naminipun ….
a. bonang barung
b. Gong ageng
c. Kempul
d. kethuk kempyang

9. Prabu Wersaya ratu ing ….

a. Parang Garudha c. Kasapta
b. Parang Jara d. Gambir Anom
10. Prabu Gardhapati ratu ing ….
a. Parang Garudha c. Kasapta
b. Parang Jara d. Gambir Anom
11. Rema anyekar bakung, ameles wilis tur panjang. Punapa tegesipun wilis …..
a. ireng c. abang
b. putih d. kuning
12. Wadhahipun ringgit menawi sampun dipun ringkes, dipunwastani ….
a. laci c. kothak
b. kamar d. tas
13. Lagu utawi pocapanipun paraga ringgit antawisipun setunggal kaliyan satunggalipun, dipunwastani ….
a. Janturan c. Suluk
b. Antawacana d. Nembang
14. Unen-unen ingkang dipuntindakaken dhalang ingkang suraosipun nyariyosaken satunggalipun kahanan,
nagari, papan panggenan utawi paraga, dipunwastani ….
a. suluk c. antawacana
b. janturan d. dialog
15. Perang antawisipun satriya ingkang dipundherekaken para punakawan mengsah buta cakil, dipunwastani
perang …..
a. gagal c. kembang
b. bharatayuda d. brubuh
16. Perang antawisipun trah Kuru, inggih punika Pandhawa lawan Kurawa, dipunwastani perang …..
a. gagal c. kembang
19
b. bratayuda d. brubuh
17. Suluk pelungan iku dadi ciri khas pedhalangan saka tlatah ngendi ……
a. Jawa Barat c. Jawa Timur
b. Jawa Tengah d. Bali
18. Menawa suluk murwa iku dadi ciri khas pedhalangan saka tlatah ngendi ……
a. Jawa Barat c. Jawa Timur
b. Jawa Tengah d. Bali
19. Sri Kurupati punika paraga ringgit ratu ing negari …..
a. Dwarawati c. Ngastina
b. Paranggarudha d. Dwarawati
20. Raden Gathutkaca satriya ing …..
a. Jodhipati c. Pringgondani
b. Amarta d. Madukara
21. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….
a. Abimanyu
b. Seta
c. Setyaki
d. Irawan

22. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….

a. Kurawa
b. Pandhita
c. Dewa
d. Pandhawa

23. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….

a. Abimanyu
b. Wisanggeni
c. Setyaki
d. Irawan

24. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….

a. Durmagati
b. Dursala
c. Dursasana
d. Duryudana

25. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….

a. Abimanyu
b. Wisanggeni
c. Puntadewa
d. Irawan

II. Wangsuli pitakenan punika kanthi leres!

1. Budidaya punapa ingkang sampun dipuntindakaken Raden Harya Dresthadyumna ?
Wangsulan : .................................................................................................................................... ...............

2. Sebataken paraga ringgit pandhawa lima !

Wangsulan : .................................................................................................................................... ...............
………………………………………………………………………………………………………………………..
3. Sebataken paraga ringgit kurawa gangsal kemawon ?
Wangsulan : .................................................................................................................................... ...............
………………………………………………………………………………………………………………………..
4. Sebataken jinisipun perangkat gamelan Jawa ! Gangsal kemawon.
Wangsulan : …............................................................................................................................... ................
…………………………………………………………………………………………………………………………
5. Punapa tegesipun tembung punika?
a. Mandrawa c. Yuda
20
b. Dwaja d. Pita
Wangsulan : …................................................................................................................................ ...............
…....................................................................................................................................................................
6. Punapa ingkang dipunwastani janturan ?
Wangsulan : …................................................................................................................................ ...............
…....................................................................................................................................................................
7. Sinten asma sanesipun Raden Werkudara!
Wangsulan : …...............................................................................................................................................
…....................................................................................................................................................................
8. Kepriye asal-usule Nala Gareng !
Wangsulan : …...............................................................................................................................................
…....................................................................................................................................................................

21
BAB II
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Gasal
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami isi wawancara singkat.
- Melakukan wawancara kepada orang lain menggunakan prinsip dan
aturan wawancara yang telah ditentukan.
- Membaca teks narasi.
- Menulis prosa narasi dengan tema yang telah ditentukan.
Materi Pokok : - Teks Wawancara
- Cara-cara Melakukan Wawancara
- Teks Wacana Narasi
- Paribasan saha Panyandra

Indikator :
 Siswa mampu menentukan isi pokok wawancara singkat.
 Siswa mampu melakukan kegiatan wawancara sesuai dengan aturan dan etika berwawancara.
 Siswa mampu membaca dan menemukan pokok gagasan masing-masing paragraf.
 Siswa mampu menulis cerita dalam prosa narasi dengan tema yang telah ditentukan.
A. NGRUNGOKAKE
 Teks Wawancara
Gatosaken wawancara wonten ing ngandhap punika !
Santi : “Sugeng sonten, Pak Darman !”
Pak Darman : “Sugeng sonten. Kene-kene, iki mau mung dolan apa ana keperluwan liyane?”
Santo : “Inggih, kula sakanca badhe nyuwun pirsa punapa anak punika kedah bekti dhumateng
tiyang sepuh?”
Pak Darman : “Bener! Dadi anak mono kudu tansah bekti marang wong tuwa, yaiku bapak karo ibu.”
Santi : “Inggih, Pak. Kula menawi wonten griya mbantu nyapu, isah-isah, ngepel, lan sanes-
sanesipun?”
Santo : “Kula malah langkung awrat saking punika, Pak. Pedamelanipun bapak ingkang mabntu
kula, rak langkung awrat, ta?”
Pak Darman : “Iya, iku kabeh pancen dadi kewajibanmu. Iku kabeh aja koanggep abot amarga isih
ana maneh kewajibane anak marang wong tuwa sing kudu ditindakake minangka
tandha bukti yen anak bekti marang wong tuwa, yaiku Mikul Dhuwur Mendhem Jero.”
Joko : “Wah.... nggih mesakaken, Pak, tiyang sepuh kula taksih gesang kok dipunpendhem,
menika kados pundi?”
Santi : “Lha, kula... mboten kiyat mikul, nggendhong kemawon mboten kiyat punapa malih
mikul dhuwur.”
Pak Darman : “Sing dikarepake ora njur bapak ibu dipikul lan dipendhem ngono!”
Joko : “Lajeng kados pundi kersanipun?”
Pak darman : “Ukara “Mikul Dhuwur Mendhem Jero” ing kene ngemu teges entar lan sanepan.”
Santo : “Kula malah babar pisan mboten ngertos punapa ingkang dipundhawuhaken Pak
Darman?”
Pak Darman : “Mikul Dhuwur sing dikarepake ing kene, dadi anak kudu bisa njaga asmane wong
tuwa.”
Santi : “Kados pundi caranipun?”
Pak Darman : “Carane ya nindakake sakabehe dhawuhe wong tuwa kang becik lan ngedohi sakabehe
kang ora dikeparengake. Dhawuhe wong tuwa loro marang putrane iku mesthi kanggo
kabecikane putra. Ora ana wong tuwa kang njlomprongake marang putrane.”
Joko : “Punika punapa mboten ateges taqwa dhumateng Gusti Allah, Pak?”

22
Pak Darman : “Bener. Iku pancen meh padha karo teges Taqwa. Mula pancen ana kang ngarani yen
wong tuwa iku pangeran kang katon.”
Santo : “Liripun kados pundi, Pak?”
Pak Darman : “Tanpa lantaran wong tuwa, aku lan kowe kabeh iki ora bakal ana.”
Santi : “Lajeng punapa ingkang winastanan Mendhem jero?”
Pak Darman : “Mendhem jero iku ora mbukak wadine wong tuwa. Nutupi utawa ngaling-alingi bab-bab
kang kurang becik tumrap wong tuwa. Kabeh mau kabuntel rapet mung kanggo awake
dhewe, banjur sethithik mbaka sethithik dibudidaya amrih becike.”
Joko : “O, mekaten ta! Matur suwun Pak Darman sedaya pituturipun. Sarehne sampun sonten,
kula sakanca nyuwun pamit.”
( Kapethik saking Lebda Basa Jawa kaca 50-51 edisi 2008 )

Lembar kegiatan
 Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Pethilan wawancara wonten ing nginggil mratelakaken babagan punapa ?
Wangsulan : ......................................................................................................................................
2. Sinten ingkang nindakaken wawancara ?
Wangsulan : ......................................................................................................................................
3. Sinten ingkang dipunwawancarai ?
Wangsulan : ......................................................................................................................................
4. Punapa isi wawancara wonten ing nginggil punika ?
Wangsulan : ......................................................................................................................................
5. Kapethik saking buku punapa wawancara ing nginggil ?
Wangsulan : ......................................................................................................................................
B. MICARA
 Wawancara
Tiyang punika mujudaken sumber pawarta, kalebet guru. Guru mujudaken sumber pawarta babagan
ngelmu wonten pawiyatan saha bebrayan, kados ingkang limrah dipunkeratabasa inggih punika “digugu
lan ditiru”. Siswa ngangsu kawruh dhumateng guru, ingkang dipunwastani narasumber. Inggih punika
tiyang ingkang maringi warta/Informasi. Kejawi dhumateng guru wonten pawiyatan, siswa ugi saged
ngangsu kawruh kanthi nindakaken wawancara kaliyan narasumber sanesipun.
Perangan-perangan ingkang kedah dipuntindakaken nalika badhe wawancara, inggih punika :
a. Netepaken tujuan wawancara
Tujuan wawancara kedah nyata/konkret, cetha, gamblang, saha ngemot bab mligi.
b. Netepaken narasumber
Narasumber saged sinten kemawon ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tema wawancara.
Saenipun narasumber dipuncaosi pirsa rumiyin.
c. Nemtokaken dinten saha papan kagem wawancara
Dinten saha papan kagem wawancara kudah semayanan rumiyin kaliyan narasumberipun.
d. Ndhapuk dhaftar pitakenan
Supados ingkang dipuntangkletaken mboten geseh kaliyan tujuwanipun.
e. Nyiapaken piranti cathetan utawi rekaman
Punika wigati sanget, supados sedaya katrangan ingkang baken mboten wonten ingkang kaliwatan.
f. Nindakaken wawancara kanthi sopan saha andhap asor
Tegesipun kudah ngagem subasita saha unggah-ungguh basa ingkang leres.
Tuladhanipun wawancara ingkang prasaja :
1. Asmanipun panjenengan sinten ?
2. Rumiyin nate sekolah wonten pundi kemawon ?
3. Saking semanten jenjang sekolah punika, ingkang nengsemaken sanget wonten jenjang ingkang
pundi ?
4. Punapa karemenan panjenengan inggih sami ?
5. Karemenan ingkang dipun remeni nalika taksih sekolah punika punapa ?
6. Punapa paedah ingkang saged karasakaken kanthi kegiatan punika ?
7. Punapa ngantos sapunika panjenengan taksih remen kaliyan kegiatan kalawau ?
 Teks Wawancara
Ibu Ambar : “Dhik, apa panjenengan wis mireng kabare putrane Bu Dulah?”
Ibu Harni : “Sampun, Mbakyu, malah ibu-ibu saking RT 09 badhe sesarengan nglayat mbenjing
dinten minggu ngajeng.”
Ibu Ambar : “Arep padha tindak Malang? Nitih apa?”
Ibu Harni : “Nyewa kendharaan colt, Mbakyu. Sampun dipun daftar, wonten tirahan panggenan tiga.
Mangga menawi ngersakaken tindak. Rame-rame, ngiras dharma wisata dhateng
Sanggariti. Ugi badhe sowan Bu Putri.”

23
Ibu Ambar : “Wah, ya kebeneran banget. Aku panjenengan daftarke pisan. Karo mantuku pisan,
Ibune Nanik. Panjenengan mau ngendika Bu Putri? Bu putri iku sapa ya, Dhik? Apa aku
wis tepung?”
Ibu Harni : “Mosok inggih dereng pirsa Bu Putri. Sampun lho mbakyu. Menika lho, Bu Putri WKF,
ingkang ngasak Astrologi lan Weca ing Panjebar Semangat. Rak sampun nate sowan
nalika bikak kosultasi ing Kautaripem PS kala rumiyin.”
Ibu Ambar : “Oo..Bu Hajah kae, ta. Ya wis tepung banget. Sowan wae, ta. Ora konsultasi ora apa-
apa, ta?
Ibu Harni : “Inggih saged kemawon. Mesakaken lho, Mbakyu, Bu Dulah menika sampun sepuh putra
namung setunggal ndadak seda pisan. Keunduran, lha tiyang putra sampun gangsal
ndadak mbobot malih. Rupinipun sampun lemah sanget. Ngendikanipun dereng wonten
putra kakungipun. Sakmenika lair putra nomer 6 inggih putri malih, kamangka dipun
kinten kakung.”
Ibu Ambar : “Laki perempuan sama saja. Anak wedok, mbesuk mantune, ya lanang. Rak iya ta, Dhik.
Jaman saiki putra enem iku kalebu manusia langka.”
Ibu Harni : “Kedah dipun lindhungi saha dipun lestantunaken.”
Ibu Ambar : “Aja guyon, lho ??!”
( Kapethik saking Panyebar Semangat No 2, 14 Januari 1995 )

Lembar Kegiatan
 Tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki !
1. Damel kelompok, saben kelompok anggotanipun 5 siswa !
2. Gatosaken teks wawancara ing nginggil, lajeng dipunparagakaken wonten ing ngajeng kelas saben
kelompok !
3. Saben siswa salebeting kelompok kedah mangertosi isi wawancara kalawau !
4. Sasampunipun mangertosi isinipun, lajeng damel cathetan bab pokok-pokok ingkang wigati
gegayutanipun kaliyan wawancara kalawau !
Papan Kanggo Nggarap :

 Wacana Narasi
DUMADINE DESA SUMBERJO
Desa Sumberjo kuwi dumunung ing wilayah Kecamatan Widang, Kabupaten Tuban. Duwe aran
Desa Sumberja amarga ing desa kono akeh tinemu sumber banyu (sendhang cilik-cilik) kang nlecek ing
meh saben pekarangane omah penduduk. Istimewane maneh sumber-sumber mau ora mung sumber
banyu tawa kang bening seger, nanging uga sumber banyu panas. Dadi yen kebeneran dolan menyang
Desa Sumberjo, Kecamatan Widang, Kabupaten Tuban, saliyane ciblon adus banyu sendang kang
bening, uga bisa milih banyu panas utawa anget. Kahanan mangkene iki langka bisa tinemu ing
panggonan liya. Lha anane sumber-sumber alam mau ana dedongengane.
Dhek jaman kuna makuna biyen, para warga Desa ing sakupenge Gumuk Prau rebutan sumber
banyu kang dumunung ana ing pucuke Gumuk Prau mau. Utamane lelakon rebutan banyu mau antarane
rakyat Desa Singget kang dumunung ing sisih kulon Gumuk Prau kang kaeleti ”Gunung Ngimbang” lan
rakyat Dusun Nggalang. Lha sing aneh, nalika jaman kuwi, senengane warga Desa Singget kuwi ngingu
celeng. Dene warga Dhusun Nggalang ngingu Kidang, sing diingu kanthi diumbar kaya pitik.
Wiwitan lelakon rebutan sumber banyu mau amarga nalika nedhenge ketiga ngerak, sumbere mung
metu banyu ngriwik, diangsu genep wong sepuluh wis asat. Kapeksa ngenteni agunge banyu nganti

24
sawetara wektu maneh kanthi cara giliran. Nanging merga sing ngangsu akeh sing padha ora sranta ora
gelem antri gentenan. Wiwit ana sing nakalan nyrobot dhisik. Lha iki dadi sumber padudon, sing maune
mung trima clotehan pisuh padu, suwe-suwe dadi bengkerengan gelut tukaran lan kroyokan antarane
warga Singget lan Nggalang. Kroyokan mau pungkasane mrentek dadi perang tandhing antarane prajurit
Singget lan Nggalang nganti nuwuhake pepati sapirang-pirang, gawe sedhih lan prihatine para
tetungguling desa kekarone. Perang tanding meh saben dina kedadeyan, ora ana sing menang lan ora
ana sing kalah. Suwe-suwe amarga mrihatinake anane korban kang siya-siya, para tetunggul desa
kasebut banjur gawe rujukan kang tanpa ngorbanake nyawa, nanging ora gawe congkrah. Yaiku kanthi
nganakake sayembara ”nglumpati” Gumuk Prau. Sing sapa jagone menang, ya kuwi sing mboyong
sumber banyu kang ana pucuk Gumuk Prau menyang desa dedununge. Gagasan kasebut disarujuki
para wargane.
Tiba dina lan wektu kang wis katetepake, warga desa kekarone uga warga desa liyane padha
mlumpuk ing tepis wiringe Gumuk Prau saperlu nonton lomba kang banget gayeng yaiku nglumpati
Gumuk Prau. Dene jago sing ditandhingake ora liya ya ingon-ingone dhewe. Warga Desa Singget jagone
arupa celeng, dene warga Desa Nggalang jagone awujud kidang. Wiwitan saka Gumung Ngimbang,
mengko mlumpat Gumuk Prau, kanthi rampung ing tepis wiringe Desa Mlangi. Ing babagan pengalaman
lomba iki pranyata tetungguling warga dhusun Nggalang unggul, amarga wis kebak pengalaman, pancen
ora biyen ora sakiki yen melu lomba kudu duwe kalicikan supaya bisa menang.
Nalika panitia uwet nyiapake jago-jago ing garis wiwitan, ana salah sijine warga Nggalang sing
nylinthut ndhelikake ”Kidang Kembar” jagone ing sawenehing grumbul cedhak garis rampung. Mesthi bae
tumindak iki ora ana sing ngonangi.
Titi wancine lomba wis kawiwitan, ketua panitia paring sesorah samadyane, peralatan kenthongan
sing kanggo tengara wis siyaga kabeh. Atine para penonton saliyane bungah uga dhag-dhig-dhug,
nguwatirake yen jagone nganti kalah. Kidang lan celeng wis siyaga ing jero krangkeng ing garis start.
Bareng pas wektune ketua panitia nabuh tengara lawang krangkeng dibukak byak, celeng lan kidang
mlumpat lumayu nggendring nuju pucuking gumuk prau, sarehne sakiwa tengene gumuk ditabuh titir
kenthongan, playune celeng mbingungi, terus ndhesel ndhelik ing grumbul alas, dene si kidang mlayu
pencolotan sipat kuping. Kidang kembaran diculake karo disuraki kanthi muni Nggalang, Nggalang,
Nggalang, Nggalang, Nggalang, kidang kembaran kanthi cukat mlebu ing garis rampung, surak-surake
wong Nggalang ambata rubuh, titir kenthongan saya seru nelakake jagone menang. Manoni
kemenangane kidang duweke warga Nggalang, para tetunggul lan warga Singget sidhem meneng,
nanging ngatokake rasa kuciwa. Kanthi kebak rasa semanak kabeh padha nyalami warga Nggalang,
dene sabubare kuwi rasa mangkele ati disuntak marang ingon-igone sing goblok.
Tekan ngomah, celeng-celeng sing lagi enak-enak ngaso dibalangi, digebugi, sahingga kabeh padha
lumayu mlebu ana ing alas lan ora wani muleh menyang kandange ing desa Singget. Bareng kanthi
resmi ketua panitia ngumumamke yen kidang jagone warga Desa Nggalang menang ing tetandhingan,
ana kaelokan alam, sumber banyu kang ana ing pucuking Gumuk Prau musna, dene sabanjure ing tlatah
Dhusun Nggalang, pating brumbul metu sumber banyu pirang-pirang, kang nganti sakiki sumber-sumber
mau isih tetep lestari. Sing melas banget Desa Singget, nganti sakiki ing Desa kono ora tinemu banyu,
sanajan dikedhuk nganti puluhan meter jerone tetep ora metu banyune. Lha wong wis kalah karo
prajanjen kuwi apa, mung tujune bae kanthi kamurahane Gusti Kang Murbeng Jagad, sanajan mung
wujud sumur cacah siji kang lumayan jerone, dening salah sawijining Wali Sanga warga Desa Singget
ditinggali warisan kang rineksa nganti sakiki.
Merga kidang kuwi kanthi nyata menang ing lomba rebutan nganti sakiki warga Desa Nggalang kang
sateruse ganti jeneng Desa Sumberjo, banget anggone ngurmati marang kidang. Kidang ing Desa
Sumberjo banget dikramatake, ora ana sing wani ngaru biru. Nganti taun 1960-an, kidang ing desa iki
padha lulut, mlebu ngomah, ana ing pawon ora ana sing ngganggu. Mung bae kaanan iki wis langka
sebab ing tengahan tahun 60-an kasebut katentremane kidang diganggu dening wong sangkan kang
dolan mrono. Weruh kidang kok lulut-lulut terus dibacok, tujune luput, kidang ngepret sakala kabeh
kancane mlayu nggendring mlebu ing alas ora wani bali mlebu desa nganti sakiki. Nanging sanajan
mangkono, kidang mau yen ketemu warga Sumberjo katon lulut banget. Nanging yen ana wong liya terus
mlayu, kidang mau ngerti saka gandane awak.
Jaya baya 1 mei 1994

Lembar Kegiatan
 Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Dongeng ing ndhuwur kalebu jenise dongeng apa?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...............................
.................................................................................................................................................... ..........
2. Dongeng sing kok semak ing ndhuwur nyritakake bab apa?
Wangsulan :.........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
3. Apa ingon-ingone warga desa Singget lan Nggalang?
Wangsulan : ........................................................................................................................................

25
.................................................................................................................................................... ..........
4. Kepriye playune celeng nalika nyedhaki garis rampung?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………........................
.................................................................................................................................................... ..........
5. Kepriye tandange warga desa Singget bareng jagone kalah?
Wangsulan : ........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
6. Desa Nggalang nalika diumumake menang lomba kepriye kaanane?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
7. Kepriye kaanane kidang-kidang ing desa Nggalang sakwuse taun 1960-an?
Wangsulan : ........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
8. Kepriye kaanane Desa Singget sakwuse lomba iku?
Wangsulan : ........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
9. Apa sing ditinggalake salah sawijine Wali Sanga ing Desa Singget?
Wangsulan : ........................................................................................................................................
.................................................................................................................................................... ..........
10. Apa irah-irahan cerita dongeng ing ndhuwur ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................
............................................................................................................................................... ...............
 Tembung ing ngisor iki golekana tegese banjur gawenen ukara !
1. Dumunung : ……………………………………………………………………………………………
Ukara : ……........................................................................................................................
2. Nlecek : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
3. Gumuk : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
4. Ngriwik : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
5. Angsu : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
6. Bengkerengan : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
7. Mrentek : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
8. Tepis wiring : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
9. Nyinthut : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
10. Ngaru biru : ................................................................................................................................
Ukara : ................................................................................................................................
 Coba critakna maneh isi crita dongeng “Dumadine Desa Sumberjo” ing dhuwur kanthi cekak, aos lan
cetha !
Papan kanggo nggarap :
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………

26
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………

TOBAT
Wekdal punika wonten salah satunggalipun tokoh masyarakat ingkang merbawani. Wekdalipun
kathah dipun ginakaken kagem tetulung dhateng ingkang mbetahaken pitulungan. Piyambakipun gadhah
putra setunggal ingkang dipun paringi asma Satriya. Sarehne tiyang sepuhipun mboten nggadhahi
wekdal kagem wonten ing ndalem, amung sekedhik-sekedhik anggenipun wonten dalem, mila
ndadisaken Satriya tansah nandang kasepen. Rencang-rencangipun asring dipunajak wonten griyanipun.
Saking kerepipun dolan wonten griyanipun, rencang-rencangipun saya kendel tingkah polahipun wonten
griyanipun Satriya.
Rerencangan kalawau, dangu-dangu tanpa dipun rumaosi sampun dados geng ingkang keblinger.
Sami remen nginum-inum, ngrampas darbekipun liyan, mendem-mendeman saha sanes-sanesipun.
Kahananipun Satriya ingkang makaten kalawau mboten dipun mangertosi kaliyan tiyang sepuhipun
Satriya.
Satunggaling dinten, Satriya nandang sakit ingkang mboten dipun mangertosi sebabipun. Satriya
dibekta dhateng rumah sakit, mboten sadhar saha kaliyan dokter dipun ngendikakaken kritis. Tiyang
sepuhipun sedih sanget, amargi putranipun inggih namung Satriya punika. Sedaya kekiyatan dipun
upados kagem pados usadanipun amrih Satriya saged sehat malih, ananging dereng wonten
kaindhakanipun, malah tansaya nemen.
Dumadakan Satriya dipunpurukii pawongan kalih, gedhe dhuwur, pasuryanipun serem saha
medeni. Suwanten lakunipun kados dentuman bom. Suwantenipun kados mecahaken talingan.
Pawongan kalih kalawau ngendikan, “Ayo ! melu aku !”, suwantenipun kados bledheg nyamber
nggegirisi. Raosipun sedaya balung rontok, ajur mumur, ananging wutuh malih, kahanan makaten
kalawau ambal-ambalan mlampah terus ngantos dumugi wonten satunggalipun panggenan ingkang
panas sanget. Panasipun mboten wonten tandhingipun, aku ora kuwat…..aku ora kuwat….aku ora
kuwat…. Batosipun.
Satriya dipun larak kaliyan dipun lungi wadhah ingkang isinipun nanah wuh, kanthi mrentah ..….,
”Ayo, diombe !!” batosipun jijik sanget, ananging raos ngelak ingkang luar biasa, wekasanipun inggih
dipun unjuk. Bibar ngunjuk, raos ngelakipun tansaya nemen luar biasa ngelakipun mboten saged dipun
empet. Pawongan kalih ingkang wujudipun nggegirisi kalawau nyaosi malih alun-alun ingkang panasipun
luar biasa. Inuman geni, panas ingkang mboten kantenan. Raosipun badan ajur mumur, sakitipun sakit
tiyang sandonya lebur dados setunggal…adhuh…lara banget. Siksa ingkang mboten saged dipun selani.
Satriya taksih dipun kengken ngunjuk malihh, “Iki ombe !?”, kaliyan ngelungaken wadhah. Isinipun
toya ingkang asrep sanget, sasampunipun dipun unjuk badan tansaya tambah sakit. Tinimbang omben-
omben sak derengipun, sakit sanget, mboten wonten ingkang ngedap-ngedapi, nggegirisi, ajur mumur
sedaya balung sumsumipun. Ananging lajeng pulih malih.
Satriya eling dosa-dosanipun, eling tiyang sepuhipun, kepingin nyuwun pangapunten, kepingin
tobat, dumadakan pawongan kalih kalawau ngendikan. “Iki isih isa dislametake”. Lamat-lamat kepireng
tangis tiyang sepuhipun. Dipunobah-obahaken badanipun kepingin ngrangkul ibu, ananging raos
badanipun sakit sedaya, angel dipunobahaken.
“Alhamdulillah anakku …”, tangis ibu sinambi nubruk badanipun Satriya, kenceng sanget ibu
ndhekep badanipun kados mboten badhe dipun uwalaken wekasanipun kapireng menawi dokter sampun
ngendika angkat tangan. “Menawi badhe diasta kondur nggih mangga, pihak rumah sakit sampun
rumaos mboten saguh ngusadani.”
Wiwit dinten punika, Satriya bener-bener tobat, rumaos sampun ngertos raosipun siksa neraka.
Sapunika Satriya tekun angsalipun sinau saha ngibadah.

Lembar kegiatan
 Sasampunipun dipun waos, cobi dipunwangsuli pitakenan ing ngandhap punika?
1. Tiyang sepuh punika saenipun kados pundi ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
..............................................................................................................................................................
2. Mitra rerancangan punika saenipun ingkang kados pundi ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
..............................................................................................................................................................
3. Nginum, mendem saha sanes-sansipun punika nyababaken punapa ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
4. Pripun kedahe tindak-tandukipun tiyang gesang wonten ing ngalam ndonya ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
5. Ngraosaken siksa saged andadosaken Satriya pripun ?

27
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
 Teks wacana narasi wonten ing nginggil, cobi dipun padosi pokok gagasanipun wonten ing saben
padanipun ( paragraph ) !
Papan kanggo nggarap :
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
D. NULIS
 Teks Cariyos Narasi
ANDHE-ANDHE LUMUT
Kala jaman rumiyin mbok randha Karangwulusan gadhah putra sekawan wadon danten. ingkang
tiga putranipun piyambak, asmanipun Klenting Abang, Klenting Wungu saha Klenting Biru. Dene ingkang
putra pupon asmanipun Klenting Kuning.
Klenting tetiganipun nggadhahi watak ala. Benten kaliyan Klenting Kuning, sanajan pasuryanipun
katon ala nanging alus bebudenipun, ngertos tatakrama, tur prigel nyambut damel. Sedulur-seduluripun
sami mboten remen dhateng Klenting Kuning amargi sedayanipun tansah ngungkuli. Klenting Kuning
dipun siya-siya, kinen nyambut damel awrat. Saben dinten dipun dukani, mboten dipun angsali
nyandhang sae, cadhongipun tedhan namung sekedhik tur turahan. Menawi gadhah salah sithik dipun
pulasara saknemenipun.
Kacariyos, Andhe-andhe lumut putranipun mbok Randha Dhadhapan, pasuryanipun bagus sanget.
Kathah para wanita ingkang sami badhe ngunggah-unggahi, ananging dereng wonten ingkang dipun
tampi amargi dereng wonten ingkang cocog.
Klenting tetiganipun sami bidhal ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut. Dene Klenting Kuning
dipun tilapa. Klenting Kuning kinen ngumbah dandang tembaga ingkang wernanipun sampun ireng
sanget. Klenting Kuning dipun wanti-wanti, mboten angsal wangsul menawi dandangipun dereng saged
resik gilap kados anyar malih. Klenting Kuning nangis kelara-lara saha nyenyuwun dhumateng ngarsane
Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Panyuwunipun Klenting Kuning dipun ijabahi, lajeng dipun tulungi Bango
Thonthong ingkang minangka panjelmanipun Dewa. Dandang ingkang werninipun ireng sanalika gilap
malih kados anyar.
Klenting Kuning lajeng wangsul lajeng tumut nyusul ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut.
Dening sedulur-duluripun, Klenting Kuning dipun enyek saha dipun alok-alokaken. Nanging Andhe-Andhe
Lumut saha Mbok Randha Dhadhapan sareng pirsa Klenting Kuning ingkang dugi, rumaos remen saha
cocog kaliyan atinipun. Panglamaripun Klenting Kuning dipun tampi. Sedaya kalawau inggih amargi
tumindakipun Klenting Kuning ingkang tansah sabar, nrima ing pandum, sarta remen manembah marang
Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitaken-pitaken wonten ngandhap punika !
1. Sinten kemawon paraga wonten salebetipun cariyos ing nginggil?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
2. Gadhah putra pinten Mbok Randha Karangwulusan punika?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
3. Sebataken sinten kemawon putranipun Mbok Randha Karangwulusan!
Wangsulan:...........................................................................................................................................
4. Pripun watak putra kandhungipun Mbok Randa Karangwulusan?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
5. Pripun watak putra puponipun Mbok Randha Karangwulusan?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
6. Sinten asma putranipun Mbok Randha Dhadhapan?
28
Wangsulan:...........................................................................................................................................

7. Wonten punapa klenting Kuning dipun tilap?

Wangsulan:...........................................................................................................................................
8. Klenting Kuning dipun utus punapa?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
9. Sinten ingkang paring pitulungan dhateng Klenting Kuning?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
10. Pripun tanggapanipun Andhe-andhe Lumut saha ibunipun dhateng Klenting Kuning?
Wangsulan:...........................................................................................................................................
 Cobi siswa damel karangan arupi crita narasi babagan sanesipun, adhedhasar waosan ingkang nate
dipun waos, utawi crita ingkang nate siswa mangertosi. Bisa ugi asli karanganipun piyambak.
Ngangge basa saha tata tulis ingkang trep !
Papan kagem nggarap :
...................................................................................................................................................................

 Paribasan lan Panyandra
a. Paribasan
Inggih punika tetembungan ingkang ajeg panganggenipun, nanging tegesipun wantah, mboten
ngemu suraos pepindhan.
Tuladha :
 Keplok ora tombok tegese melu seneng nanging ora gelem cucul wragad.
 Ulat madhep ati karep tegese wis manteb banget.
Lembar kegiatan
 Paribasan ing ngandhap punika punapa tegesipun!
1. Kajugrugan gunung menyan.
Tegesipun : ............................................................................................................................
2. Dadia godhong suthik nyuwek.
Tegesipun : ............................................................................................................................
3. Geguyon dadi tangisan.
Tegesipun : ............................................................................................................................
4. Ambuwang rase nemu kuwuk.
Tegesipun : ............................................................................................................................
5. Asu belang kalung wang.
Tegesipun : ............................................................................................................................
b. Panyandra
Inggih punika tetembungan ingkang nggambaraken kaanan ngagem pepindhan.
Tuladha :
 Kulitipun kuning nemu giring.
 Dedegipun pideksa ngringin sungsang.
 Sumbaripun kados saged-sageda mutungaken wesi gligen.
 Bungahe kados ketiban ndaru.
Lembar kegiatan
 Tulis panyandranipun!
Tuladha :
Pangamukipun kados ..........................
Wangsulan : Bantheng ketaton
1. Raden Gathutkaca punika otot ......, balung .......
Wangsulan : ............................................................................................................................
2. Lakune lengket-lengket kados .......
Wangsulan : ............................................................................................................................
3. Antengipun kados ........
Wangsulan : ............................................................................................................................
4. Swaranipun kados ........
Wangsulan : ............................................................................................................................
5. Rukunipun kados ........
29
Wangsulan : ............................................................................................................................

BAB III
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Gasal
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang benar.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami isi materi pembawa acara.
- Bercerita Dongeng ( Mendongeng )
- Membaca teks susunan acara dalam berbagai kegiatan.
- Menulis teks susunan acara dalam berbagai kegiatan.
Materi Pokok : - Rekaman dan Naskah Susunan Acara
- Teks Cerita Dongeng
- Teks Susunan Acara dan Teks Pembawa Acara
- Rekaman Pembawa Acara

Indikator :
 Siswa mampu menentukan pokok susunan acara rekaman materi pembawa acara.
 Siswa mampu menceritakan dongeng dengan menggunakan ide dan bahasa sendiri dengan baik .
 Siswa mampu membaca teks susunan acara dalam berbagai kegiatan dengan unggah-ungguh basa
yang tepat.
 Siswa mampu menulis pokok materi pembawa acara dengan bahasa yang baik dan sesuai.
A. NGRUNGOKAKE
 Tembung Panatacara / Pranata Wicara
Miturut asal-usulipun tembung/(Etimologis), tembung panatacara kedadosan saking tembung
pranata/pranatan ingkang tegesipun aturan, saha wicara sing tegesipun unen-unen utawi tetembungan.
Mranata wicara inggih punika mranata tembung-tembung utawi medalipun tembung supados leres saha
trep miturut aturan basa. Pranatacara/panatacara inggih punika tiyang ingkang padamelanipun nata
lakunipun acara wonten ing patemon utawi pasamuan, pahargyan utawi upacara ingkang sampun
dipunsamektakaken.
Amargi obah mosiking jaman, papan saha kahanan tumrap setunggal lan setunggalipun,
ayahanipun pranatacara lajeng dados ewah, kepara mbetahaken wekdal ingkang mboten sekedhik.
Panatacara ugi nindakaken jejibahan ngaturaken sugeng rawuh, nyandra kahanan, nata mulur
mungkretipun acara, niti priksa ingkang nembe nyambut kardi kagem njumbuhaken kaliyan medalipun
pasugatan, hiburan saha sanes-sanesipun amargi awit saking kahanan.
 Teks Panatacara Adicara Selapanan !
Teks 1
Purwaning Pahargyan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, Lumintuning pudyastawaning Gusti ingkang Maha Asih ambabar daya pangaribawa
ingkang tumanduk dhateng para kawula dasih. Sahingga wonten ing salebeting kalenggahan punika
panjenengan, kula, keparengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, ketentreman, kabagyan sarta
kabagaswarasan.
Langkung rumiyin sumangga sami manungku puja dhumateng ingkang tumeba amasesa, mugi
salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda.
Nuwun, para pepundhen para pinisepuh para sesepuh ingkang anggung mastuti dhateng
pepagaring kautaman, ingkang kinurmatan. Para pangemban pangembating praja, para satriyaning
nagari, pangayomaning para dasih ingkang sinubeng ing pakurmatan. Para trahing sutresna budaya adi
luhung ingkang anggung mawardi mardawaning budya tulus, sumrambah para sanak kadang mitra
patepangan ingkang pantes tampi pakurmatan.

30
Mundhi dhawuhipun ingkang hamengku karsa, Ibu saha Bapak Drs. Suparjo miwah gotrah
kulawarga, keparenga kula anglantaraken lampahing pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu saha
Bapak Drs.Suparjo. “Sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan.”
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu. Keparenga kuawula
angaturaken rantaman rantamaning urutan adicara ing pahargyan samangke punika.
1. Pambagyaharja ( Atur Sugeng Rawuh )
Dening anakmas Jaya Susena, putra Pambayunipun Bapak Drs. Suparjo.
2. Santi Swara Puja Rena ( Iringan Lagu )
Dening paguyuban Santi Swara ingkang dipun dening Ibu Dra. Lilik Werti Wandayawati.
3. Tanggap Sabda ( Sambutan )
Dening sesepuh warga Bapak Drs. Kartono.
4. Beksan Wahyaning Wahyu Wibawa ( Hiburan Joged/Tari )
Dening Bapak Drs. Darmanto tuwin ibu Supadminingsih, SH. Saking paguyuban Bina Wasesa
ingkang kapandhegan dening Bapak H. Susetya.
5. Samkarya Bhakti Puja ( Do’a )
Dipun manggalani Bapak Drs. R.M Toegiya Praja Martana.
Para rawuh, makaten menggah rancangan pepintaning adicara pahargyan pengetan 25 tahun
palakrama Ibu kaliyan Bapak Drs. Suparjo.
Sumangga, keparenga sami ngenut lampahing pahargyan pengetan punika kanthi sekeca saha
kanthi mardika-mardikaning panggalih. Nuwun
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun mirengaken materi panatacara wonten ing nginggil, salajengipun para siswa gadhah
kewajiban ingkang magepokan babagan panatacara ing nginggil, inggih punika nemtokaken isi utawi
underanipun materi panatacara !
1. Cobi dipun padosi isi utawi underanipun panatacara ingkang sampun dimirengaken kalawau ?

Wangsulan:...........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
2. Cobi damel tuladha nyusun adicara khitanan !
Wangsulan:...........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
3. Damel tuladha purwakanipun panatacara wonten ing acara khitanan, ringkes kemawon !
Wangsulan:...........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
4. Damel rantamaning adicara resepsi temanten !

Teks 2
Panatacara Wonten Ing Adicara Selapanan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para tamu kakung saha putri Ingkang kinurmatan,
para kadang wredha tuwin tuma taruna ingkang kula tresnani.
Sumangga panjenengan kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Murbeng
Gesang, ingkang sampun paring kanugrahan arupi kawilujengan, rahmat tuwin hidayah. Pramila dalu
punika saged rawuh wonten papan punika.
Minangkani kersanipun kulawarga Bapak/Ibu Suharjono, kula pun Widagdo kadaphuk dados
panatacara. Inggih awit saking bingahipun penggalih Bapak/Ibu Suharjono pikantuk nugrahaning Gusti
arupi tambah momongan ingkang dipun paringi tetenger Suprayogi. Sekaliyan ing dalu punika ugi inggih
31
hanggadhahi hajat nyelapani putranipun ingkang kekasih Suprayogi. Mangga tansah kita dongakaken
sesarengan mugi lare kasebat sehat wal afiat tebih lir ing sambikala ngantos diwasa dados lare ingkang
sholeh, bekti dhumateng tiyang sepuhipun, agami, bangsa lan nagari.
Salajengipun mboten kesupen sholawat lan salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng junjungan
kita Nabi Muhammad SAW, awit wewarahipun sampun kita adhemi kanthi teguh, satemah paring pitedah
dhumateng margining kaleresan lan kasingkiraken saking margi ingkang mboten dipunidini dening Gusti
Allah.
Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan, murih
rancaging adicara ing kalenggahan punika, saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula
aturaken urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawarga, nun inggih:
1. Kapisan atur pambuka
2. Kalajengaken waosan Ayat Suci Al Qur’an
3. Atur Pambgyaharja
4. Kasambet pengaosan
5. Panutup
Para tamu saha para lenggah mekaten urut reroncening tata adicara ingkang sampun karakit
dening para kulawarga. Murih rahayuning sedya mangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan
lancar lan tinebihaken saking sengkala.
Nuwun, nuwun matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun maos materi adicara wonten ing nginggil, temtokaken isinipun materi panatacara
wonten ing nginggil !
1. Punapa isi pokok underanipun teks panatacara wonten ing nginggil ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
2. Damel tuladha nyusun panatacara wonten ing adicara perpisahan kelas IX !
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
3. Damel tuladha purwakanipun panatacara wonten ing adicara perpisahan kelas IX, ringkes
kemawon !
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
4. Damel rantamanipun adicara perpisahan kelas IX !
Wangsulan : .........................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
B. MICARA
Dongeng
 Teks 1
WONG CETHIL LORO
Ing negara Kupah ana wong cethil. Dheweke krungu warta yen ing negara Balsora ana wong kang
ngungkuli cethile. Wong Kupah mau nemoni wong Balsora.
Bareng wis ketemu, celathune: “Kisanak, kula niki saweg jajal sinau cethil. Kula kepengin mang
wulang, rekane bisane cethil niku pripun?”
Wangsulane wong Balsora: “Enggih ta, prayogi. Engga, sakniki padha teng pasar tetuku.”
Wong loro mau menyang pasar, njujug ing dhasarane wong adol roti. Wong Balsora takon: “Samang
napa adol roti sing eca?” Wangsulane sing bakul roti: “Onten mawon, empuk kaya mertega.” Wong
Balsora celathu marang kancane: “Lho, Dhi, yen ngoten mertega niku luwih becik tinimbang roti, marga
roti sing becik kok dipadhakake mertega, mulane sakniki padha tuku mertega mawon.”
Wong loro mau banjur menyang dhasarane wong adol mertega. Wong Balsora takon: “Kang, ngriki
napa onten mertega sing becik?” Wangsulane: “Onten, eca tur bening kaya lenga selat.” Wong Balsora
celathu: “Kisanak, samang mireng kiyambak, mertega sing becik dipadhakake lenga selat. Yen ngaten
lenga selat luwih becik tinimbang mertega, luwih enak lan luwih pengaji.”
Wong loro mau banjur menyang dhasarane wong adol lenga selat, takon: “Kang, napa samang adol
lenga selat sing eca?” Wangsulane: “Enggih onten niki, bening kaya banyu.” Wong Balsora celathu
marang kancane: “Lho, kisanak, samang krungu dhewe niku yen lenga kalah becik kalih banyu, tandhane

32
lenga sing becik dipadhakake banyu. Engga padha mulih mawon, kula duwe banyu sagenthong, mangke
sampeyan kula suguh.”
Tekan ing omah dhayoh adoh saka Kupah mau sidane mung disuguhi “anggur cap senggot”.
Lembar Kegiatan
 Wacan ing nginggil cobi dipun cariyosaken malih wonten ngajeng, siswa majeng setunggal-setunggal!
 Salajengipun cobi dipun salin ngginakaken basa krama alu!
Papan kanggo nggarap :
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….

 Teks 2
Kancil dados Bango
Wonten ing wana ingkang ayem tentrem, gesangipun Kancil mboten kaganggu Baya utawi Macan.
Kancil gadhah rencang raket inggih punika si Bango. Saben dinten tansah sayuk rukun, samad-
sinamadan saha tulung-tinulung.
Satunggaling dinten si Kancil ngawontenaken kembul bojana andrawina, rencang-rencang
raketipun sami dipunulemi, dene minangka tamu ingkang sanget dipunutamakaken inggih punika si
Bango. Sasampunipun adicara wiwit pambuka ngantos paripurna, nembe sami nedha pasugatan
ingkang dipun suguhaken. Tamu-tamu kalawau anggenipun nedha wonten nampan, ingkang isinipun
suguhan inggih punika duduh sop ingkang taksih kebul-kebul. Gandanipun kemawon saged mencutaken
sinten kemawon kepengin nedha. Sasampunipun dipun sumanggakaken kaliyan ingkang among tamu,
supados enggal nedha pasugatan ingkang dipun samektakaken. Sedaya tamu kanthi srupat-sruput
nedha sop.
Nanging kanggenipun si Bango ingkang nggadhahi cucuk dawa saha lancip, mesthi kemawon
mboten saged nyruput duduh sop kalawau, sagedipun amung nyelupaken cucukipun ingkang pucuk. Mila
saking tamu-tamu kalawau amung suguhanipun si Bango ingkang katon taksih wutuh. Ingkang among
tamu wongsal-wangsul manggakaken supados nedha nanging mboten kalong-kalong. Sasampunipun
adicara kembul bojana ngantos paripurna si Bango amung kados dipun apusi dipunpameri sumubipun
nanging mboten saged ngrasakaken. Raosipun mangkel sanget. Dhasar padharanipun dereng kisenan
punapa-punapa, padharanipun keroncongan.
Sanes wekdal si Bango gantos ngawontenaken kembul bojana., nedha sesarengan kewan saalas.
anggenipun nyamektakaken pasugatan ingkang enak ingkang dipun remeni kewan-kewan saalas.
Minangka rencang raket, Kancil ugi dipun ulemi, dipun papanaken wonten papan ingkang mirunggan.
kados adicara limrah nuli enggal kawiwitan ngantos paripurna. Sasampunipun para tamu wiwit dipun aturi
pasugatan. Kados dene gule daging ingkang ambunipun midit, ndadosaken kumecer ngiler ingkang
mambu, emanipun suguhan kalawau dipunwadhahi kados dene bumbungan utawi kados gendul.
kanggenipun para Bango gampang gampil kemawon nedha ing wadhah punika. Mila kados nasibipun
Bango rumiyin, si Kancil amung keroncongan saha mangkel batosipun. Ananging piyambakipun dados
rumaos menawi sedaya tumindak punika wonten piwalesipun. Nalika sedaya sampun sami wangsul
piyambakipun nembe saged nggetuni saha ngrumaosi sinten ingkang nandur bakal ngundhuh.

Lembar Kegiatan
 Cobi siswa ndamel dongeng, adhedhasar wacan ingkang nate dipunwaos, utawi cariyos ingkang nate
dipunmirengaken. Saged ugi asli karangan panjenengan piyambak. Migunakaken basa ingkang trep!
Papan kagem nggarap :
................................................................................................................................................................ ...

33

 Teks Panatacara Atur Pambagya
Atur Pambagyaharja
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun para pinisepuh sesepuh ingkang tansah kinurmatan. Keparenga kula amurwakani atur,
ingkang langkung rumiyin sumangga, kula saha panjenengan sadaya ngaturaken panuwun saha syukur
konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Agung. Bilih ing wanci siyang punika panjenengan
sedaya saget kempal manunggal wonten ing pawiwahan punika wilujeng kalis saking rubeda tebih ing
sambikala.
Para tamu kakung saha putri ingkang minulya, kula minangka sesulih sarira saking Bapak Joko
Purnomo sekaliyan ibu, ingkang kapisan ngaturaken pambagyaharja rahayu, sugeng rawuh menggah
karawuhan panjenengan sadaya saha sugeng lelenggahan kanthi mardikaning panggalih dumugi
paripurnaning pawiwahan ing kalenggahan siyang punika.
Dene ingkang kaping kalih, panjenengan dipun suwuni donga saha pangestu, anggenipun Bapak
Joko Purnomo sekaliyan ibu hanampi nugraha ingkang agung, inggih punika dhaupaken putra
pawestrinipun ingkang sesilih Rr Prabaningrum kajatu krami kaliyan Bg Sapta Raharja, putra kakungipun
Bapak Purba Sukarno ingkang pidalem saking dhusun Bakalan, Purwantara, Wonogiri. Dene ijab saha
adat upacara panggih sampun kalampahan kalawau kirang langkung tabuh sedasa enjang, saged
lumampah kalis saking rubeda tebih saking sambikala inggih awit saking donga saha pangestu
panjenengan.
Wondene jangkeping atur ingkang angka tiga, Bapak Joko Purnomo ngaturaken agenging
panuwun tanpa pepindhan, dhumateng sanak kadang tangga tepalih saha panjenengan sedaya ingkang
sampun paring eguh pratikel, bau suku ingkang sadaya kalawau saged paring sabiyantu anggenipun
mahargya putra ambhayangkari siwi ing kalenggahan punika. Panjenenganipun Bapak Joko Purnomo
mboten saged mangsulaken darma bhekti panjenengan, namung tansah nyenyuwun mugi-mugi darma
bhekti panjenengan kacatheta dados amal kesaenan panjenengan saha pikantuk lintu ingkang langkung
ageng saking Ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung.
Para tamu kakung saha putri ingkang tansah kinurmatan. Dene anggenipun kagungan kersa
Bapak Joko Purnomo sekaliyan ibu, dangu sampun karancang karakit, katata, parandene taksih kathah
kekiranganipun, mila kanthi andhaping manah Bapak Joko Purnomo sekaliyan ibu nyuwun agunging
samodra pangaksama.
Mboten katalompen dhumateng para sanak kadang tangga tepalih, kadang wredha saha para
kadang taruna, para tamu kakung saha putri hambokbilih panjenenganipun Bapak Joko Purnomo mboten
saged ngaturi suguh kalenggahan panjenengan sedaya, tansah mawantu-wantu dhateng kula nyuwun
agunging samodra pangaksama.
Para tamu kakung saha putri ingkang tansah kinurmatan, peparingipun Bapak Joko Purnomo
hambokbilih para kadang taruna sampun ngaturi unjukan punapa dene dhaharan, kersaa panjenengan
ngrahabi kanthi mardikaning panggalih dumugi paripurnaning pawiwahan punika.
Para tamu kakung saha putri, Bapak Joko Putnomo nyuwun dhumateng panjenengan sedaya,
kersaa njurung donga pangestu saha lelenggahan hangrantos dumugi paripurnaning pawiwahan ing
siyang punika.
Kula minangka sesulih saking panjenenganipun Bapak Joko Purnomo wonten kekiranganipun atur,
kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Lembar Kegiatan
 Gatosaken kanthi permati anggonipun rencang panjenengan pidhato (sesorah), wonten nginggil!
Sasampunipun panjenengan gatosaken pidhato wonten nginggil, tedahaken pundi ingkang kalebet :
1. Salam Pambuka
Wangsulan : …………………………………………………………………...............................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
2. Pambuka Pidhato
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..........................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
3. Isi Pidhato
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….............................

34
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
4. Panutup Pidhato
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………......................

5. Salam Panutup

 Negesi tembung
Tembung-tembung ing ngandhap punika cobi dipun tegesi!
1. amurwakani : ..................................................................................................................................
2. wilujeng : …………………………………………………………………….....................................
3. pawiwahan : …………………………………………………………………….....................................
4. kalis : …………………………………………………………………….....................................
5. rubeda : …………………………………………………………………….....................................
6. sambikala : …………………………………………………………………….....................................
7. kajatu krami : ..................................................................................................................................
8. jangkep : ..................................................................................................................................
9. eguh pratikel : ..................................................................................................................................
10. wredha : ..................................................................................................................................
11. katalompen : …………………………………………………………………….....................................
D. NULIS
 Latihan Nulis Nyusun Adicara Ing Pahargyan.
Saderengipun para siswa saged dados panatacara wonten ing pahargyan utawi pawiwahan,
langkung rumiyin para siswa kedah latihan nyusun utawi gawe urutanipun adicara saha langkung
sampurna malih menawi dipundadoskaken materi teks panatacara.
Mesthi kemawon anggenipun nyusun adicara punika kedah dipunjumbuhaken kaliyan pahargyan
ingkang nembe dipuntindakaken mliginipun wonten sambet rapetipun upacara adat.
Tuladhanipun :
Adicara “Peningsetan”
Rantamanipun :
a. Pambuka
b. Pambagyaharja saka sing kagungan dalem
c. Atur pangandika saka tamu
d. Peningsetan / tengeran
e. Doa
f. Panutup
Saking adicara pokok peningsetan punika, saged dipundadosaken materi panatacara ingkang
kados makaten :
PAHARGYAN PANINGSETAN
Assalamualaikum, Wr. Wb.
Para sepuh, pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur, para sarjana
sujana sujananing budi ingkang sampun lebda ing kawruh, putus ing ngelmu, para tamu kakung miwah
putri ingkang satuhu luhuring budi.
Langkung rumiyin sumangga kita munjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang
sampun paring pinten-pinten kenikmatan, utaminipun kasarasan, ketentreman, kawilujengan lan
karaharjan. Inggih awit saking panguwaosing Gusti mugi kasarira panjenenganipun para tamu sedaya.
Bapak saha Ibu para lenggah sedaya, mugi kalilanana kula mradapa minangkani pamundhutipun
ingkang hamengku gati panjenenganipun Bapak Joko Sasongko. Wondene menggah uru-urutanipun
adicara singsetan ingkang badhe kalampahan inggih punika :
a. Pambuka
b. Pambagyaharja saka sing kegungan dalem
c. Atur pangandikan saka tamu
d. Doa
e. Panutup

35
Mekaten menggah urutaning adicara wonten siyang punika. Pramila saking punika kangge miwiti
adicara singsetan punika sumangga kita buka sesarengan kanthi Umul Kitab, Al- Fatehah, sumangga
kula dherekaken.
Mugi kanthi waosan punika saget mahanani rancagipun adicara singsetan wonten siyang punika
Mekaten punika tuladhanipun cekak wiwit saking adicara pokok ngantos dados satunggaling teks
ingkang saged dipunpraktekaken dening panatacara. Mesthinipun para siswa ugi saged sinau ingkang
kados mekaten punika.
Mila sapuika para siswa nyobi nemtokaken adicaranipun punapa saha susunan adicaranipun.
Latihanipun para siswa wonten ing ngandhap punika, ananging menawi dipunraos mboten cekap papan
garapanipun, saged wonten ing bukunipun piyambak-piyambak.

Lembar Kegiatan
 Cobi siswa ndamel tuladhanipun pambuka panatacara wonten ing adicara kagem perpisahan kelas 3 !
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
 Nggawea reroncening adicara : Resepsi manten.
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………

36
BAB IV
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Gasal
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami isi rekaman cerita wayang.
- Melakukan kegiatan berbicara membawakan acara.
- Membaca kalimat yang menggunakan huruf jawa.
- Menulis kalimat bahasa jawa dengan menggunakan huruf jawa dengan
benar.
Materi Pokok : - Teks Rekaman Cerita Wayang
- Teks Susunan Acara ( Panatacara )
- Kalimat Bahasa Jawa Berhuruf Jawa
- Struktur Kalimat Tunggal dan Kalimat Majemuk
- Aksara Jawa Murdha dan Ejaan Penulisan Aksara Jawa

Indikator :
 Mampu memahami dan menentukan isi rekaman cerita wayang.
 Mampu membawakan acara dengan menggunakan bahasa yang sopan dan benar sesuai dengan
unggah-ungguh basa.
 Mampu membaca kalimat berhuruf jawa dalam wacana dengan baik dan benar.
 Mampu menulis kalimat dengan huruf jawa murdha sesuai ejaan penulisan aksara jawa dengan benar.
A. NGRUNGOKAKE
 Rekaman cariyos ringgit
Rekaman 1
Lairipun Anoman
Prabu Dasamuka kahadhep Raden Kumbakarna, Raden Wibisana tuwin Patih Prahastha. Ingkang
karembag, sang nata tinangisan Raden Indrajit nyuwun kapadosna kadang nunggil rama. Sanesipun
menika, dewa ugi paring wisik bilih wekdal menika badhe tumurun bayu kekiyatan pitu cacahipun, mila
Prabu Dasamuka lajeng mesat nggegana minggah kahyangan badhe nggayuh tumuruning bayu pitu.
Bathara Bayu dipun adhep siswa pitu nenggih Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra,
Bulus Panengrat, Buta Putih Bimamuka, Garuda Kagapati dalah Gunung Maenaka. Para siswa wau
dipun wejang kautaman lajengkadhawuhan tumurun pados panitisan. Ingkang kadhawuhan nunten bidhal
Dewi Anjani tinengga emban Swareh nedheng tapa matirta, Katungka Hyang guru nganglang
jagad nitih lembu Andini. Dupi nulat mangandhap wonten wanodya tapa nyanthoka, Hyang Guru ketaman
dayaning asmara lajeng dhawahaken kama tumetes ing ron kamal. Ron kamal dhawah ing pangkoning
Dewi Anjani gya kadhahar. Tirahanipun kaparingaken dhateng embank Swareh, mila kekalihipun lajeng
nggarbeni.
Dewi Anjani dalah emban Swareh mentas saing tlaga lajeng sami reraosan anggenipun nggerbini
mangka mboten ginepok priya. Ktungka praptanipun Bathara Bayu, paring dhawuh bilih jabang bayi
ingkang kinandhut wau saking Hyang Guru. Bathara Bayu lajeng nyidhikara jabang bayi, sinareng
tandha-tandha lesus lir pinusus tumuruning Bayu Kanetra manjing anggane Dewi Anjani.
Ing madyaning tlaga madirda, Dewi Anjani nulya mbabar putra kakung wujud wanara putih,
kaparingan nami Raden Anoman ingih Senggana. Dene embank Swareh nglairaken putra wanara
cemeng kaparingan nami Kapi Swedha. Jabang bayi kaedus toya gege temah dewasa gya kakanthi
minggah Kahyangan. Dewi Anjani wangsul mring pratapan Grestina.

37
Hyang guru kahadhep Bathara Naradha tuwin Bathara Indra. Ingkang rinembag, Hyang Guru
nalika nganglang jagad nyumerapi kedhaton Purwarengga ing Guwa Windu, asramaning Prabu
Wisakrama, mila handadosaken kirang renaming Hyang guru.
Katungka sowanipun Raden Anoman nyuwun dipunaken putra dening Hyang Guru. Bathara
Naradha gumujeng semu ngina bilih Hyang guru kagungan putra wujud wanara. Rumaos dipungegujeng,
Hyang Guru lajeng nguncalaken ron ila-ila (godhong waru), sanlika dados wanara biru nyamber lilin,
lajeng nyuwun dipunaken putra Hyang Naradha. Bathara Naradha inggih purun ngaken putra,
kanamekaken Jaya Anila. dene kangge njangkepi jejeging adil, Hyang Guru parentah para dewa kinen
muja wanara. Para dewa matur sendika. Bathara Indra muja kapi Sempati. Hyang Brahma muja kapi
Anggeni, Hyang Yama muja kapi Anggada lan sanesipun. Para wanara kadhawuhan suwita Narpati
Sugriwa ing praja Gua Kiskendha, lajeng sami bidhal.
Sapengkeripun para wanara, Hyang guru utusan para dewa kinen mbanjut Prabu Wisakrama.
Prabu Wisakrama kahadhep atmajanipun sesilih Dewi Sayempraba dalah Patih Sendhanggarba.
Ingkang karembag, Dewi Sayempraba wus ginarwa selir dening Prabu Dasamuka, mila badhe mbangun
kedhaton ingkang langkung endah malih.
Katungka praptanipun para dewa Prabu Wisakrama kabanjut dening Hyang Yamadipati dene
kedhaton Purwrengga sineblak angina dening Bathara Bayu. Kantun sanggar pamujan ingkang mboten
kabuncang angina, tinengga dening Dewi Sayempraba.

Lembar Kegiatan
 Gathukna pratelan sisih kiwa lan tengen amrih mathuk!
1. Raja ing Ngalengka ( … ) a. Begawan Wasistha
2. Adhine Raja Ngalengka kang awujud raseksa ( … ) b. Kumbakarna
3. Adhine Raja Ngalengka kang awujud satriya bagus ( … ) c. Narpati Sugriwa
4. Patih Negara Ngalengka ( … ) d. Gajah Situbanda
5. Putrane Raja Ngalengka ( … ) e. Prabu Wisakrama
6. Sing mapan ing Swargamaruta ( … ) f. Bimamuka
7. Siswane Bathara Bayu ( … ) g. Prahastha
8. Sing bisa kapikut Dasamuka ( … ) h. Dasamuka
9. Pandhita ing pertapan Giripurwa ( … ) i. Gunawan Wibisana
10. Ibune Anoman ( … ) j. Bathara Guru
11. Ibune Kapi Swedha ( … ) k. Bathara Naradha
12. Wong tuwane Anoman ( … ) l. Bathara Bayu
13. Wong tuwane Anila ( … ) m. Dewi Anjani
14. Ratu ing Gua Kiskendha ( … ) n. Emban Swareh
15. Sing dibanjut Dewa Yamadipati ( … ) o. Raden Indrajit
Rekaman 2
Prabu Dhestharastra Nolak Peparingipun Resi Wiyasa
“Sinuhun..!”, makaten Sanjaya anggenipun mbukani atur wangsulan. Awit saking Sanjaya nate
mireng dedongengan, ingkang nyariosaken lelampahan kados mekaten. Wonten satunggaling wekdal
para dewa sami kempal wonten kahyangan, dipunsesepuhi Dewa Brama, ngrembag kawontenanipun
mayapada ingkang saweg ketaman ing rupa-rupa bencana. Sakedhap katingal wonten priya, namung
salapan anggenipun nganyer wonten sacelakipun panggenan kalawau.
Lajeng para bathara tambuh pitaken “Pukulun punika wau sinten, nganyer tanpa sabawa sarta
kumecap kok lajeng ical, duka dhateng pundi purukipun ?”.
Bathara Brama paring wangsulan, “Satemene, iku mau jago asal saka kasuwargan, pangayoming
kabeh apa bae kang bener lan kang bakal numpes kabeh kadurakan. Yaiku kang katelah asma Bathara
Wisnu. Dewa kang olehe maujud jalaran saka karsane piyambak. Saiki panjenengane lagi tindak tedhak
nentremake bumi kang lagi gonjang-ganjing. Pancen ngono iku kang dadi tugas kewajibane !”
Mekaten, wiwit wekdal kalawau saben-saben bumi kalimput ing pepeteng, ketaman rubeda, para
dewa lajeng nglempak saperlu nyuwun sanjata pitulunganipun Bathara Wisnu. Dipun sagahi, nanging
kedah akanthi Bathara Basuki. Bathara Basuki inggih sagah, namung imbanganipun kalih Bathara Wisnu
kepareng ambelah raga dados kalih. Perangan ingkang tengen dados Bathara Narayana, dene ingkang
kiwa dados Resi Nara. Bathara Basuki katambah kekiyatanipun klawan klempaking tenaga ingkang
kapendhet saking para dewa sedaya. Senadyan sampun makaten, kekiyatanipun Bathara Narayana
taksih kemawon nglangkungi kekiyatanipun Bathara Basuki.
Sasampunipun mirantos, dewa kekalihipun lajeng sami tedhak ing ngarcapada. Namung,
saderengipun, Bethara Basuki manjalma dados Balarama inggih sang Baladewa. Dene Bethara
Narayana manjalma dados Sri Kresna, Resi Nara dados Arjuna. Arjuna punika wujud agni, ingkang
mulat-mulat. Sri kresna punika panasipun. O, Sinuhun, ing wekdal punika Sri Kresna -panasing latu-
sampun manunggal kaliyan Arjuna (latunipun). Kekiyatan ingkang kados makaten wau ingkang badhe
dipun tumpes dening para putra paduka Prabu Anom Duryudana…punapa kiyat ?”

38
“Dhuh, Suta, anak Yamawidura adhiku, atur kang tharik-tharik mau pindha sembilu kang ngiris-iris
atine pun uwa, rasane perih, perihhh banget. Penggalihku dadi peteng ndhedhet. Pengarep-arep, sithik-
sithik pun uwa ing sisaning urip isih bisa ngincipi kamulyan sarta kabagyan, saiki sirnaaaa….!”
Sawise ngudarasa kaya ngono Prabu Dhestrarastra banjur unjal ambegan, sauntara iku waspa
darodosan mili ing paras kang wis ora alus maneh jalaran dikereg umur kang saya kathah.
Sanjaya, pun uwa suwuna pamit marang para sesepuh, para leluhur, para satriya, lan liya-liyane
kang padha merlokake rawuh ing pakuwon iki. Njur, pun uwa tuntunen ngger munggah ing sanggar
pamujan, minta nugrahaning Bathara, supaya diparingi kekuwatan lair lan batin ngadhepi panandang
kang ora entheng iki!”
Sanjaya menyat, banjur nyandhak astane Prabu Destharastra tinuntun klawan sareh lan sabar
tumuju ing papan kados ingkang dipunkersakaken kalawau.
Sekarbumi
 Tegesipun Tembung
1. Mayapada : kahyangan 11. Ngarcapada : bumi, jagad
2. Saweg : lagi 12. Manjalma : malih
3. Nganyer : ngadeg 13. Agni : geni
4. Tambuh : ora weruh, padha 14. Kalimput : kasaput
5. Sabawa : swara 15. Uwa : pakdhe
6. Purukipun : paranipun, lunganipun 16. Ngudarasa : pangrasa, panggagas, pamikir
7. Katelah : sinebut, kasebut 17. Waspa : luh, banyu tangis
8. Tedhak : mudhun, turun 18. Menyat : mangkat age mara ngadeg
9. Rubeda : bebaya, alangan 19. Mirantos : ngenteni
10.Latu : mawa 20. Dikereg : dipangan
 Lembar Kegiatan
1. Sinten ingkang minangkani sesepuh dewa, ingkang sami kempal wonten kahyangan ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
2. Wonten ing cariyos ringgit ing nginggil, Bethara Wisnu nembe punapa ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
3. Sinten Bathara Wisnu punika ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
4. Syarat punapa ingkang dipun suwun Bathara Wisnu nalika penjenenganipun nyagahi
panyuwunanipun para dewa ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
5. Sinten ingkang manjalma dados geni saha panas ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
6. Prabu Dhestarastra ngudarasa pripun ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
7. Sinten ingkang nyuwun kanugrahanipun Bathara ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
8. Sinten ingkang nuntun Prabu Dhestarastra tindak dhateng papan ingkang dipunkersakaken ?
Wangsulan : .......................................................................................................................................
9. Punapa ingkang dados irah-irahipun cariyos ringgit wonten nginggil ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
10.Sinten ingkang nganggit cariyos ringgit wonten nginggil ?
Wangsulan : ...................................................................................................................................... .
B. MICARA
 Sesorah Utawi Pidhato Panatacara Pahargyan
Sesorah wonten Basa Indonesia dipunwastani pidhato, inggih punika medharaken gagasan mawi
lesan kanthi tetembungan ingkang katujokaken dhateng tiyang kathah. Sesorah ugi dipunwastani
medhar sabda, medhar tegesipun ngandharaken, sabda tegesipun ngendikan.
a. Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah, inggih punika :
1. Persiapan pidhato kedah mateng.
2. Swara, wirama, pocapan kedah leres saha kedah dipunsarengi solah bawa saha tata krama
ingkang nengsemaken.
3. Kedah saged milih metodhe pidhato ingkang cundhuk kaliyan tema ingkang dipunwedharaken.
Metodhe pidhato wonten 4, inggih punika :
- Metode naskah ; inggih punika pidhato kanthi maos naskah ingkang sampun dipun serat.
Tuladhanipun : pidhato-pidhato resmi bab pemerintahan.
- Metode impromptu ; inggih punika pidhato dumadakan, mboten ngagem persiapan langkung
rumiyin.
- Metode apalan ; inggih punika pidhato ingkang dipunrancang langkung rumiyin dipun serat
jangkep lajeng dipun apalaken.

39
- Metode ekstemporan ( tanpa naskah ) ; inggih punika pidhato tanpa ngginakaken naskah
jangkep, nanging amung arup pokok pikiran utawi cathetan penting. Metode punika nggadhahi
sifat luwes ; maksudipun saged dipunlarasaken kaliyan kahanan.
4. Sikap, solah bawa ingkang sae dipunlarasaken kahanan punapa ingkang badhe dipunwedharaken.

b. Rantaman Sesorah utawi teks pidhato

1. Salam pambuka ; suraosipun atur salamdhateng para rawuh, kawiwitan tembung nuwun, kula
nuwun utawi salam sanesipun.
2. Purwaka/Pambuka ; suraosipun paring pakurmatan saha atur panuwun dhateng para rawuh utaw
puji syukur dhumateng Gusti Allah supados adicara ingkang kaleksanakaken
saged lancar, mboten wonten rubeda.
3. Surasa/isi ; suraosipun ngaturaken punapa ingkang dados sedyanipun.
Upamanipun ngaturaken pambagyharja supitan, temanten, syukuran utawi
ngandharaken ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lan
sapanunggalanipun.
4. Dudutan ; suraosipun nyuwun donga pangestu supados sedya utawi bab ingkang
dipunkersakken saged kaleksanan kanthi sae utawi wigatinipun atur wonten
ing pidhato.
5. Panutup ; suraosipun atur panuwun saha nyuwun pangapunten menawi wonten
kaluputan saha kekirangan anggonipun sesorah. Saha dipunpungkasi
kanthi atur nuwun utawi salam.

 Teks Pidhato
UPACARA ADAT
( PAHARGYAN )
Purwaning Pahargyan
Nuwun Assalamualaikum, wr. Wb.
Para pepundhen, para pinisepuh, sesepuh ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning
kautaman, ingkang satuhu pantes pinundhi. Para pangembating praja, para satriyanning praja, minangka
pandam-pandoming para kawula dasih, ingkang pantes kinurmatan. Para tamu kakung sumawana putri,
inggih baraya agung trah ingkang satuhu hambeg berbudi darma, saha ingkang satuhu pantes sinu
darsana.
Keparenga hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara duwaraning kandha. Nun inggih awit
saking keparengipun Bapak Prasojo sekaliyan garwa ingkang hamengku karsa, ing siyang punika kula
mradapa kapitedhan sinaraya ingkang parikedah hanjejeri minangka pranata adicara.
Saderengipun kula hangaturaken menggah reroncening tata adicara ingkang sampun karancang,
langkung rumiyin sumangga kula sesarengan manungku puja miwah puji syukur ngersanipun Gusti
ingkang Maha Kuasa inggih awit saking lumunturing barokah saha rohmat satemah hambabar daya
pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasih, sahingga ing salebeting kalenggahan
punika, panjenengan sedaya dalasan kula, taksih kepareng kempal manunggal kanthi karaharjan tebih
ing sambikala.
Nun inggih keparenga pambiwara hamurwani lekasing sedya. Inggih punika enggal badhe binuka
lampahing wiwahan kanthi hangaturaken reroncening adicara, ingkang sepisanan pambuka,
kalajengaken sowanipun sri atmaja temanten putri lumarap ngarsa para pepundhen, para pinisepuh saha
para rawuh sedaya anglenggahi sasana rinengga. Ing salajengipun temanten kakung lumebet ing sasana
pawiwahan. Saderengipun panggih kapurwakani rumiyin adicara lung tinampen. Sasampunipun lung
tinampen kalajengaken dhaupipun temanten, kalajengaken krobongan saha upacara adat.
Sasampunipun upacara adat, kasirep sawatawis saperlu mirengaken waosan ayat suci Al Qur’an,
kalajengaken adicara mapag besan, lajeng sungkeman, kalajengaken atur pambagyaharja, kirap
kanalendran kirap kasatriyan, kalajengaken sabdatama ( do,a ), panutup.
Paripurnaning sedya, hambok bilih penganten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga,
tumuju wiwara ngajeng, tanda yekti pawiwahan sampun paripurna.
Para tamu saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya, mekaten reroncening tata adicara,
ingkang punika purwa madya wusananing sedya, mugi para tamu wantena suka lelaning penggalih,
tansah paring pudyastuti ngantos dugi paripurnaning pawiwahan.
Nuwun.
Lembar Kegiatan
 Cobi siswa nindakaken sesorah teks panatacara wonten ing nginggil kanthi migunakaken basa saha
unggah-ungguh ingkang trep !
 Damel tuladha sesorah/pidhato kanthi milih salah setunggal tema ing ngandhap punika, lajeng
dipuntindaken!
1. Adicara pelantikan pengurus OSIS minangka wakil pengurus OSIS.

40
2. Adicara tanggap warsa (ulang tahun) dinten kamardikan R.I kaping 66 minangka ketua panitia.
3. Adicara pengetan Isra’ Mi’raj Nabi Muhamad SAW minangka ketua panitia.
4. Adicara sukuran klebet ing MTs.

C. MACA
 Teks Wacana Mawi Aksara Jawi
?xmB|lnHnFfri.
?ai=tnCebi=lzitHi=sisih[wtnKtizlChym[nCo[r=o,a[vo[rotisw/nni=[mgXlpisn\
s[w[nh[wonTenHi=k=ab]i[tM[rh[m[rh, [wonTenHi=k=je[nsepuhk[fosMsSin=li=,
[wonTenHi=k=kpurnT,sa[wonTenHi=k=peqkMem\pLk\k[fosK[fosMin=ksumBe/aslLi=[so[rotWausfy,je/
skiwtezenNipunKtizlCeq[zgL,tnDbilihp[nCnPunikwaus[asT|ai=k=vtsukppd=,sukXj/
ai=mnhdt_[sokSinTenNai=k=purunZ`[aosSkenDt_ [anFh[afini=bwn.
?punptai=k=anJlri[wonTenNipunChy[afh[afimrktmktenPunik.
[botenS[nsHi=gihpunikb[djumedlLipunS=sitxsMi,jmedulH=XxsiwulnPu/nm.syskedikSyfzupsu/
ynNipunS=aY=bf]syktizlZ[llwethceq[wl[wlanFefelM|mB|l\skedpSkedpKsputTi=[mgswtwis\
ktizlSuxmSuxmHfmelLmLmMi=mnh.sx=[mgai=k=nutupiwaukbunC=ai=smirnaris\
s=aY=wulnKtizlSumebLkM[nCo[r=omdzijgfRy,a=gel/p]b,chynipunMnC|/sumirt\
k[fosK[fosH=ge[nTosSikX=ghanNipunS=aY=p]pT=gptiai=k=ne[mB[km[wonJ_k/sumiXmHi=ds/
ri=bumiai=aimB=p]cim.
Lembar kegiatan
 Wacana mawa aksara jawa ing ndhuwur, wacanen banjur salinen migunakake tulisan aksara latin !
1. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
2. Bab apa wae kang dicritakake wacan ing ndhuwur ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
3. Ing sisih wetan ana apa ? Lan ing wayah apa ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
4. Molah-malihing mega iku merga apa ? Megane katon pirang werna ? Aranana !
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
5. Apa sebabe dene rembulan iku sok katon ngegla, lan sok katon surem-surem ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
6. Yen wong gelem ngrasakake endah edining cahya rembulan banjur kepriye ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......
7. Rembulan ing kene dikandhakake nggentosi kalenggahan. Kalenggahane sapa ? Apa sebabe
dicandra mangkono ?
Wangsulan : .................................................................................................................................. .......
....................................................................................................................................................... .......

 Maca Ukara Mawi Aksara Jawi

 Ukara-ukara mawi aksara Jawi ing ngandhap punika punapa waosipun!
1. ?murifM|rifKefhtnShsgefZ[jnNi[tiy=sepuh.
Wangsulan : .........................................................................................................................................
2. ? tnF=tnF|kKipunKefhtnShnDemenNken\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................
3. ?se[kolh[mBote[nKzi=ske[pnkiKpunPiymBk\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................
4. ?[sok\mLebet\[so[mBoten\[sok\[mBo[losPinuju[f[r=wekflLipunW=sul\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................
5. ?wekFlSmPunsixpKefhsmi[l[rn\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................
6. ?sum=gprsisWsmis}gepSinau.
Wangsulan : .........................................................................................................................................

7. ?wekFlPmul=znKefhsmimid=zetTken\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................

41
8. ?f[fosisWmektenTnShnJgikluhu/ran\,
Wangsulan : .........................................................................................................................................
9. ?[zelM|punikkl[konNipunknQilku.
Wangsulan : .........................................................................................................................................
 Paramasastra
Ukara lamba lan Ukara camboran
Ukara miturut wujud saha caranipun ndhapuk kaperang dados 3:
1. Ukara lamba (ganep)
2. Ukara elip (mboten ganep)
3. Ukara camboran/rangkep (majemuk)
Perangan ukara wonten ing nginggil ingkang badhe dipun jlentrehaken namung ukara lamba saha
ukara camboran.
a. Ukara Lamba
Ukara lamba ugi dipun wastani ukara tunggal utawi ganep inggih punika ukara ingkang amung
nggadhahi jejer saha wasesa tunggal utawi ganep. Ukara lamba sadged ugi dipunjangkepi ngagem
lisan saha katrangan. Wujudipun ukara tunggal utawi ganep, inggih punika:
a. Jejer + Wasesa
b. Jejer + Wasesa + Lesan
c. Jejer + Wasesa + Lesan + Katrangan
Tuladha : 1. Joko Sinau 3. Budi Sinau Basa Jawi wonten Perpustakaan
J W J W L K
2. Joko Sinau Basa Jawa
J W L
Bakunipun ukara lamba punika amung nggadhahi jejer saha wasesa tunggal ( siji ).
b. Ukara Camboran
Ukara camboran ugi dipun wastani ukara rangkep (majemuk = Indonesia). Tegesipun ukara
ingkang nggadhahi jejer saha wasesa kalih.
Wujudipun ukara camboran:
1. Jejer + wasesa + jejer + wasesa + lesan + katrangan.
2. Jejer + wasesa + lesan + jejer + katrangan.
3. Jejer + wasesa + lesan + wasesa + katrangan.
Uger wonten jejer saha wasesanipun kalih utawi jejer kalih wasesanipun setunggal ugi sampun
saged dipun wastani ukara camboran.
Wujudipun ukara camboran punika wonten 3, inggih punika :
a). Ukara Camboran Sadrajat ( setara )
Inggih punika ukara camboran ingkang ukara lamba ingkang ngajeng mboten dados
katranganipun ukara lamba ingkang wingking.
Ukara camboran punika karakit migunakaken tembung panggandheng : dene, nanging, apa, lan.
Tuladhanipun :
 Bapak maos koran dene ibu masak.
 Bu Guru mucal Sejarah nanging Pak Guru mucal Basa Jawi.
 Rita dhateng pasar, rayinipun ngisi kolah.
b). Ukara Camboran Raketan ( gandheng renteng )
Inggih punika ukara camboran ingkang antawisipun ukara lamba setunggal saha
setunggalipun wonten sesambetan rapet. Tegesipun ukara lamba setunggalipun dados katrangan
ukara lamba sanesipun.
 Buku punika sae, nanging emanipun kula nembe mboten mbejta arta.
 Sawise kowe lulus SMP, arep nyambut gawe apa arep nerusake ing SMA.
 Siman mbeleh pitik, siman sing mbubuti.
c). Ukara Camboran Susun.
Inggih punika ukara camboran inkang ukara lamba ngajeng dipunterusaken ukara lamba
ingkang wingking, amargi ukara kalawu kalebet ukara andharan utawi crita. Tegesipun ukara
setunggalipun mujudaken katrangan saking ukara sanesipun.
Titikanipun ukara camboran susun inggih punika migunakaken tembung panggandheng :
 Katrangan wektu : sawise, sadurunge, satengahe, lsp
Tuladha : Budi budhal sekolah sawise adus.
 Katrangan sebab : jalaran, awit, saka, amarga lsp.
Tuladha : Budi budhal sekolah esuk banget jalaran nduweni tugas piket harian.
 Katrangan syarat : yen, mbok menawa, menawa lsp.
 Katrangan akibat : nganti, temah, wusana, entek –entekane.
 Katrangan tujuwan : supaya, kareben lsp.
 Katrangan pambanding : kaya, pindha, lir, kadya lsp.

42
Lembar Kegiatan
 Damel tuladha Ukara Lamba saha Ukara Camboran !
a. Tuladha Ukara lamba, 10 kemawon :
1. ...................................................................................................................................................
2. ...................................................................................................................................................
3. ...................................................................................................................................................
4. ...................................................................................................................................................
5. ...................................................................................................................................................
6. ...................................................................................................................................................
7. ...................................................................................................................................................
8. ...................................................................................................................................................
9. ...................................................................................................................................................
10. ...................................................................................................................................................
b. Tuladha Ukara Camboran, 10 kemawon :

 Aksara Jawi Murdha ( Aksara Ageng )
Aksara murdha punika cacahipun amung wolu, dene sanesipun aksara wolu kalawau dipun tulis
punapa limrahipun.
Aksara 8 kalawau, inggih punika :
Na :! Ka : @ Ta :# Sa :$
Pa :% Ga : & Ba :* Nya : ^
Tuladha :
- Suparno lunga menyang Kalimantan : ?$p/[noluzmev=@limnTn\,
- Garudha Pancasila lambangipun Negari : ?&rud&%vCsillmB=zipun!egri.
Lembar Kegiatan
 Tulis kanthi ngginakaken aksara Jawa, gatosaken panulisan aksara murdhanipun!.
1. Bagiyo adol Gabah 75 kilo.
Wangsulan : ……………………………………………………………………….....................................
2. Kapan Sliramu Bali.
Wangsulan : ……………………………………………………………………….....................................
3. Budi Nyangking emBer kiwa Tengen.
Wangsulan : ……………………………………………………………………….....................................
4. Narto tuku Gedhang raja.
Wangsulan : ……………………………………………………………………….....................................
5. Sampun duGi Sedaya Para Tamu.
Wangsulan : ……………………………………………………………………….....................................
6. Taman makam Pahlawan ing Surakarta.
Wangsulan : ………………………………………………………………………………..........................
7. Prabu Puntadewa Putra pamBarep pandhawa.
Wangsulan : ………………………………………………………………………………..........................
8. Gajah iku Gedhe Banget awakke.
Wangsulan : ………………………………………………………………………………..........................
9. Karmanto Golek gaweyan neng Batam.
Wangsulan : ………………………………………………………………………………..........................
10. Kanjeng ratu Kencana nembe Nandah duhkita.
Wangsulan : ………………………………………………………………………....................................

Uji Kompetensi 4
A. Pilih wangsulan a, b, c utawi d ingkang paling leres !
1. Sinten ingkang dados sesepuh para dewa wonten kahyangan .....
a. Dewa Indra b. Dewa Syiwa c. Dewa Brahma d. Dewa Brata

43
2. Lajeng para bathara tambuh pitaken “Pukulun punika wau sinten, nganyer tanpa sabawa sarta kumecap
kok lajeng ical, duka dhateng pundi purukipun?”. Sabawa tegesipun ....
a. omong b. rame c. seru d. banter
3. Sinten jago ingkang asalipun saking suwarga, pangayom sedaya kemawon ingkang leres saha ingkang
badhe numpes sedaya kadurakan.....Bathara Wisnu....
a. Bathara Brahma b. Bathara Indra c. Bathara Syiwa d. Bathara Wisnu
4. Sinten ingkang nuntun Prabu Dhestarastra tindak dhateng papan ingkang dipun kersakaken ....
a. Arjuna b. Sanjaya c. Puntadewa d. Yamawidura
5. Sinten ingkang ngripta cariyos ringgit ing ngajeng .....
a. Paser Bumi b. Empu Sedhah c. Sekarbumi d. Empu Panuluh
6. Panulisipun aksara jawi murdha Ka, inggih punika .....
a. k b. @ c. ! d. $
7. Aksara Jawi Murdha punika gunggungipun pinten ….
a. 8 b. 7 c. 6 d. 5
8. Ing ngandhap punika putranipun kandhung Mbok Randha Karangwulusan, kajawi ….
a. Klenthing Abang b. Klenthing Wungu c. Klenthing Biru d. Klenthing Kuning
9. Ing ngandhap punika kalebet metode pidhato, kajawi ….
a. Metodhe Naskah b. Metodhe Apalan c. Metodhe Ngarang d. Metodhe Impromtu
10. Nuwun para pinisepuh sesepuh ingkang tansah kinurmatan. Keparenga kula amurwakani atur, ingkang
langkung rumiyin sumangga, kula saha panjenengan sadaya ngaturaken panuwun saha syukur konjuk
wonten Ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Agung, perangan punika kalebet ….
a. Salam pambuka b. Pambuka Pidhato c. Isi Pidhato d. Panutup
B. Wangsulana kanthi patitis !
1. Punapa irah-irahanipun cariyos ringgit anggitanipun Sekarbumi ?
Wangsulan : …............................................................................................................................... ................
2. ?*gusPut]nipun\%[kJo[ko.
Tulisan Jawi punika maosipun ?
Wangsulan : …................................................................................................................................ ...............
…....................................................................................................................................................................

3. Punapa tegesipun ?
a. amurwakani b. wilujeng c. kalis d. jatu krami
Wangsulan : …................................................................................................................................ ...............
…....................................................................................................................................................................
4. Sebataken perangan ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah!
Wangsulan : …...............................................................................................................................................
…....................................................................................................................................................................
5. Damel rantamanipun sesorah utawi teks pidhato !
Wangsulan : …...............................................................................................................................................
…....................................................................................................................................................................

44
BAB V
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Genap
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami tembang macapat Dhandhanggula.
- Menyanyikan tembang macapat Dhandhanggula.
- Membaca Teks Paragraf berhuruf jawa.
- Menulis kreatif tembang macapat Dhandhanggula
Materi Pokok : - Teks Tembang Macapat Dhandhanggula
- Wangsalan
- Teks Paragraf berhuruf Jawa
- Paugeran Tembang Macapat Dhandhanggula saha Purwakanthi

Indikator :
 Mampu menyebutkan isi dan ciri-ciri tembang macapat dhandhanggula yang diperdengarkan.
 Mampu menyanyikan tembang macapat dhandhanggula.
 Mampu membaca teks paragraf berhuruf jawa dengan benar.
 Mampu menulis kreatif tembang macapat dhandhanggula sesuai dengan aturan.
A. NGRUNGOKAKE
 Mirengaken tembang macapat ngisor iki!
Dhandhanggula 1
Carang wreksa ingkang jamang tambir,
ora gampang wong mengku negara,
baligo amba godhonge,
kudu sentoseng ing kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg trang ing cipta,
sendhang niring ranu,
45
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.
Dhandhanggula 2
Dhedhep tidhem prabawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa mamanise
Menggep srinateng dalu
Sinewaka sanggyaning dasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngalangut
Prandene kabeh kebekan
Saking kehing taranggana kang sumiwi
Warata tanpa sela
 Negesi tembung
 Dhandhanggula 1
1. Carang : pang, pang pring 11. Jamang : rerenggan kanggo sirah
2. Wreksa : kayu, wit 12. Tambir : gilig, mblengker
3. Mengku : nguwasani 13. Baligo : labu
4. Kalbu : ati 14. Andheging : mandhege
5. Tengareng : tandha/sasmita 15. Sendhang : belik gedhe
6. Niring : tanpa, ora ana isine 16. Ranu : banyu, toya
7. Riris : grimis 17. Seta : putih
8. Cipta : gagasan, angen-angen 18. Munggwing : manggon ana ing
9. Kasang : kanthong (sing dicangklong) 19. Palagan : papane perang
10. Seta : putih 20. Kewirangan : kisinan
 Dhandhangula 2
1. Dhedhep : sepi, nyenyet 11. Sanggyaning : kabehe, sakabehi
2. Tidhem : sirep, surem 12. Dasih : kawula, becik, lintang
3. Prabawaning : panguwasaning 13. Aglar : gumelar
4. Ratri : bengi 14. Cakrawala : langit
5. Sasadara : mbulan 15. Winulat : sumunar, praupan
6. Manjer : ing tengah-tengah 16. Ngalangut : katon sedhih
7. Kawuryan : katon 17. Prandene : ewa dene
8. Menggep : katon pantes, patut 18. Kebekan : kekebaken, katutup
9. Srinateng : ratuning 19. Taranggana : lintang
10. Sinewaka : mara, metu 20. Sumiwi : ngadhep, seba
Cathetan :
 Kagem mangertosi suraosipun tembang Dhandhanggula1 wonten nginggil cobi dipun waos seratan
ingkang kaserat miring.
Lembar Kegiatan
 Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
a. Tembang dhandhanggula 1 wonten nginggil paring pitutur punapa ?
Wangsulan : ................................................................................................................................... .
...................................................................................................................................................... ...
b. Tembang dhandhanggula 2 nyariyosaken babagan punapa ?
Wangsulan : ....................................................................................................................................
.........................................................................................................................................................
c. Pripun paugeran tembang macapat Dhandhanggula wonten nginggil ?
Wangsulan : ................................................................................................................................... .
........................................................................................................................................................ .
 Wangsalan
Wangsalan inggih punika unen-unen utawi tetembungan ingkang memper cangkriman, ananging
batanganipun sampun dipunsebataken. Namung anggenipun nyebat batanganipun mboten kanthi melok,
cetha saha jelas namung dipunsebataken sawanda utawi luwih. Wangsalan kedadeyan saking tigang
perangan, inggih punika cangkriman, batangan, saha tebusan.
Tuladha :
1. Jenang gula, kowe aja lali. (gulali)
Cangkriman : Jenang gula
Tebusan : lali
Batangan : gulali
46
2. Sekar aren, sampun dangu-dangu. (dangu)
Cangkriman : Sekar aren
Tebusan : dangu-dangu
Batangan : dangu
3. Kendhal jeram, kula nyuwun kepareng. (areng)
Cangkriman : Kendhal jeram
Tebusan : kepareng
Batangan : areng
4. Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh. (aren)
Cangkriman : Njanur gunung
Tebusan : kadingaren
Batangan : aren
5. Mbalung klapa, geleme ethok-ethokan. (bathok)
Cangkriman : Mbalung klapa
Tebusan : ethok-ethokan
Batangan : bathok
Lembar Kegiatan
 Tembang Macapat Dhandhanggula 1 wonten nginggil cobi dipunpadosi wangsalanipun, kalebet
perangan cangkriman, batangan saha tebusanipun !
1. Carang wreksa ingkang jamang tambir, ora gampang wong mengku negara
Cangkriman : ..................................................................................................................................
Tebusan : ..................................................................................................................................
Batangan : ..................................................................................................................................
2. Baligo amba godhonge, kudu sentoseng ing kalbu
Cangkriman : ..................................................................................................................................
Tebusan : ..................................................................................................................................
Batangan : ..................................................................................................................................
3. Tengareng prang andheging riris, den teteg trang ing cipta
Cangkriman : ..................................................................................................................................
Tebusan : ..................................................................................................................................
Batangan : ..................................................................................................................................
4. Sendhang niring ranu, sasat ana ing palagan
Cangkriman : ..................................................................................................................................
Tebusan : ..................................................................................................................................
Batangan : ..................................................................................................................................
5. Kasang toya menyan seta munggwing ardi, yen apes kawirangan
Cangkriman : ..................................................................................................................................
Tebusan : ..................................................................................................................................
Batangan : ..................................................................................................................................
B. MICARA
 Nyekar Tembang Macapat Dhdhanggula
Dhandanggula
Pigunanae olah raga kuwi
Kanggo njaga awak amrih waras
Kathah tuladhanipun
Mlaku-mlaku senam lan nglangi
Bal-balan pingpong kasti
Voli basket mlayu
Tinju karate lan silat
Tolak pluru loncat tinngi lempar lembing
Balap motor sepedha
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun tembang macapat dhandhanggula wonten ing nginggil, cobi sapunika ngrampungaken
garapan wonten ngandhap punika !
Olahraga iku wigati banget kanggo awak, gunane kanggo (1) …… Ora mung waras lair nanging
(2) …… Jumbuh karo unen-unen mensana (3) …… sing tegese awak kang sehat (4) …… Akeh
banget tuladhane wiwit sing tanpa ragad yaiku (5) …… nganti sing paling larang ragade yaiku (6) ……
Ana Olahraga sing bisa ditindakake dhewekan, yaiku (7) ……. Ana uga sing kudu ditindakake
bebarengan karo regune tuladhane (8) ……. Nindakake olahraga iku prayogane kanthi (9) …….
jalaran yen wis kadhung lara kudu enggal mertamba menyang (10) ……..

47
 Sigeg Anteb lan Sigeg Ampang/Entheng ( b.p ).
Sigeg b kalebu sigeg kang antep, dene sigeg p klebu sigeg kang entheng.
Tuladha : Sigeg anteb b Sigeg entheng p
1. Sabab 1. Manap
2. Rebab 2. Lalap
3. Ijab 3. Kasep
4. Abab 4. Sarap
5. Ajab 5. Sregep
sing kalebu sigeg entheng iku pancen beda ucapane karo sigeg antep. Sigeg antep pangucapane luwih
abot tinimbang sing entheng.
Golekna tuladha sigeg ante plan sigeg entheng liyane iki!
Tuladha : Sigeg antep g Sigeg entheng k
1. Cocog 1. Nyepak
2. Mapag 2. Salak
3. Judheg 3. Melek
4. Kreteg 4. Tekek
5. Ceceg 5. Cagak
Lembar Kegiatan
 Tembung ing ngisor iki ucapna sing bener, banjur sing diucapke antep tengerane tandha (V) lan sing
entheng tengerne tandha (X).
1. Kothak punika badhe dipun beta dhateng pundi Pak?
2. Wis begjane anakmu, dadi kowe kudu tawaduk.
3. Bocah iku angop terus.
4. Bocah iku nganggo jilbab.
5. Bapak nggarap sawah.
6. Adhik tuku menthog.
7. Ani ngajak nguleg sambel.
8. Aku tetep ngrembug bab iwak kutuk.
9. Ana bocah kelelep ing kali brantas.
10. Kangkung iku enak dikulup.
C. MACA
 Maos Paragraf Aksara Jawi!
?grgr.
?sem/metunemB=,bvJ|/[ao[m=oznK[robutckil\[aorbisrmPu=metug[r=m/gficelukSem/.
?g[r=temB=znK[ro[jo[gtTnBx=lnB|tckil\[aorrmPu=,g[r=zunF=[pt(k\ teru[sPt(kZ|f=b[g=o;kyai=zxp\
augfismBinemB=,fibcutT[k[ao[m=o[ao[m=ozn\,[ao[m=oz[n[aorrmPu=,fiterusS[k[ao[m=oz[nckilLnSt]iy.
[wo[sS[aor[anT|[kYnLku[nst]iyfiterusS[k,liwtZl[sKo[no.am/gaikuwew_[ko[nbutckilMau.st]iy[n[nkfFfipsulyn\
but[nklh,
?st]iy,sem/,g[r=,[pt(kLnB[g=o[ao[m=o[ao[m=ozn\terus\mBcutT[klku[n.
Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitaken-pitaken wonten ngandhap punika!
1. Cobi waosan mawi aksara Jawi wonten nginggil dipun serat ngagem aksara latin!
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
2. Sinten paraga cariyos ringgit “Gara-gara” wonten nginggil ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
3. Punapa kersanipun Cakil dhateng Satriya ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
4. Perang antawisipun Satriya ingkang dipundherekaken punakawan kaliyan Buta Cakil dipunwastani
perang punapa ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
5. Punapa ingkang dipuntindakaken Semar ing wiwitan!
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
D. NULIS
 Tembang Macapat Dhandhanggula
Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang Jawa kang nduweni paugeran. Paugeran mau ana 3, yaiku :
1. Guru gatra : Cacahe gatra ( baris ) saben sapada ( bait ).
2. Guru wilangan : Cacahe wanda ( suku kata ) saben gatra ( baris ).
3. Guru lagu : Tibaning swara ing pungkasaning gatra/dhongdhing.
Tembang macapat kang nduweni paugeran cacahe ana 11, yaiku :
1. Pocung paugerane : 12u, 6a, 8i, 12a
2. Maskumambang paugerane : 12i, 6a, 8i, 8a
48
3. Gambuh paugerane : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
4. Megatruh paugerane : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
5. Kinanthi paugerane : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
6. Asmaradana paugerane : 8i, 8a, 8e, 8a,. 7a, 8u, 8a
7. Mijil paugerane : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
8. Pangkur paugerane : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Durma augerane : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
10.Sinom paugerane : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11.Dhandhanggula paugerane : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Purwakanthi
Purwakanthi ateges unen-unen kang runtut swara, tulisan lan tembung-tembunge.
Purwakanthi kaperangdadi 3 werna :
1. Purwakanthi Swara
Tegese unen-unen kang runtut swarane.
Tuladha : - ana dara sanga padha saba ana ara-ara.
- Siti wingi bengi tangi diparani memedi.
- Banu tuku buku telu regane limang ewu.
- Karminah wegah sekolah ana ngomah.
- Samijan awan-awan dolan ana lapangan.
2. Purwakanthi Sastra
Tegese unen-unen kang runtut tulisane ( konsonan )
Tuladha : - Sluman slumun slamet
- Bobot bibit bebet
- Saben setu sore Siti sowan simbah
- Kala kula kelas kalih, kula kalih kanca kula, kilak kalung kilen kali, kalung kula keli, kula
kelop-kelop, kelangan.
3. Purwakanthi Basa
Tegese unen-unen kang runtut tembunge ( ana tembung kang dibaleni )
Tuladha : - Ana gula ana semut
- Desa mawa cara, Negara mawa tata.
- Sapa nandur ngundhuh, sapa gawe nganggo.
- Omah dara, dara mabur ing pasar Pon
- Sapu meja, mejane coklak sulak kuning.
Wonten ing nginggil punika perangan paugeran tembang macapat, perangan tembang macapat
ingkang cacah 11 saha purwakanthi. Perangan ingkang badhe dipun gladhi wonten kegiatan punika,
inggih punika ngripta utawi damel tembang macapat Dhandhanggula ingkang dipuncundhukaken kaliyan
paugerannipun saha purwakanthinipun ing salebeting tembang supados endah suraosipun.
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun nggatosaken paugeranipun tembang macapat wonten ing nginggil, siswa kasuwun
damel tembang macapat Dhadhanggula miturut paugeran ingkang sampun kaserat!
Papan Kagem Nggarap :
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..

49
BAB VI
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Genap
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan dan memahami Gendhing/lagu Jawa.
- Menyanyikan Gendhing/lagu Jawa dengan Bawa.
- Membaca Tembang Macapat Dhandhanggula.
- Menulis paragraph menggunakan huruf Jawa.
Materi Pokok : - Teks Gendhing/Lagu Jawa
- Bawa Gendhing/Lagu Jawa
- Teks Tembang macapat Dhandhanggula.
- Teks Paragraf Berhuruf Jawa.

Indikator :
 Mampu menyebutkan unsur-unsur yang terkandung dalam gendhing/Lagu Jawa.
 Mampu menyanyikan gendhing lagu jawa dengan bawa dengan baik.
 Mampu menemukan isi pesan dalam tembang macapat dhandhanggula.
 Mampu menulis paragraph dengan menggunakan huruf jawa dengan benar.
A. NGRUNGOKAKE
 Gendhing Lagu Jawa
Caping Gunung
Saben wengi nyawang konang
Yen memojang mung karo janur kuning
Kembang wae meton gunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan-panas udan aling-aling caping gunung
Nadyan waton sarta lanang
Lamunane banyu bening
Dhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang,
Biyen tak openi, njur saiki ana ngendi,
Jarene wis menang, keturutan sing digadhang,
Biyen ninggal janji, gek saiki apa lali,
Neng gunung, tak cadhongi sega jagung,
Yen mendhung, daksilihi caping gunung,
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja,
Dene ora ilang, nggone padha lara lapa
Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitakenan wonten ngandhap punika!
1. Punapa irah-irahanipun gendhing/lagu jawa wonten ing nginggil ?
Wangsulan : ..................................................................................................................................... ....
2. Tembang ing nginggil nyariyosaken kahanan wonten pundi ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
3. Tembang ing nginggil nyariyosaken ing wekdal punapa ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
4. Pundi bukti ingkang nelakaken wekdal kasebat ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
50
5. Punapa ingkang diagem aling-aling nalika panas saha udan ?
Wangsulan : ....................................................................................................................................... ..
6. Tembang ing nginggil nyariyosaken tiyang sepuh ingkang kemutan dhateng sinten ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
7. Ukara pundi ingkang nelakaken menawi tiyang sepuhipun mboten ngertos papan ingkang
dipunpadosi ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
8. Saderengipun kesah putranipun ninggal punapa ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
9. Kahanan wonten gunung sapunika sampun kados pundi ?
Wangsulan : .........................................................................................................................................
10. Wonten gunung dipuncadhong punapa ?
Wangsulan : ........................................................................................................................................ .
B. MICARA
 Gendhing Lagu Jawa
Ngidham Sari
Upama sliramu sekar melathi
Aku kumbang ngidham sari
Umpama sliramu margi, wong manis
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku, semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthl ing netra, rinasa
Karasa-rasaning driya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise, adhuh
Dadi ati selawase
Nalikanira ing wengi, atiku
Lam-lamen si Rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali
Hla kae lintange mlaku
Lembar Kegiatan
 Negesi Tembung
Cobi dipun padosi tegesipun tembung wonten ing ngandhap punika!
1. Sekar : …………………………… 6. Driya : ……………………………….
2. Margi : …………………………… 7. Midera : ……………………………….
3. Cidra : …………………………… 8. Wukir : ……………………………….
4. Sineksen : …………………………… 9. Nalikanira : ……………………………….
5. Netra : …………………………… 10. Jampi : ……………………………….
 Wangsuli pitakenan wonten ing ngandhap punika!
1. Punapa ingkang mbentenaken gendhing jawa kaliyan campursari?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………...
2. Punapapa sababipun sami milih tembang campursari katimbang gendhing jawa?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………...
3. Wonten lelagon Ngidham sari ing nginggil punapa ingkang dipundadosaken paupaman?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………...
4. Punapa ingkang kaanggep dados seksi tumrap janji katresnan punika?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………...
5. Migunakaken alat pengiring punapa kemawon lelagon gendhing jawa punika?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………...
C. MACA
 Tembang Macapat
Dhandhanggula
Wonten adat tata cara jawi
Wilujengan putra pitung wulan
Tedhak siti sebutane
51
Pitu urutanipun
Kang sepisan niku nyirami
Kalihnya midak jadah
Menek tebu wulung
Dikurung ingkang kaping pat
Udhik-udhik ubarampe kacepaki
Sesaji kang pungkasan
Lembar Kegiatan
 Sasampunipun tembang macapat wonten ing nginggil dipun waos, cobi dipun padosi punapa isi utawi
suraosipun tembang macapat dhandhanggula kalawau !
Papan Kagem nggarap :
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
 Tembang macapat dhandhanggula wonten ing nginggil cobi dipun gancaraken!
Papan Kagem nggarap :
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………

 Paragraf Aksara Jawi
Paragraf punika cobi dipun salin ngagem aksara jawi kanthi trep!
Tumitahe Widadari
Kacarita Sang Hyang Bathara Brahma ana ing kahyangan kadewatan sumedya nitahake widadari.
Kabeh pepethingan candraning estri sulistya, kakumpulake dadi siji, kawujudake reca, banjur diwenehi
urip. Makaping-kaping Sang Bathara Brahma anggone nitahake pawestri banget angeram-eramake.
Minangka atur panuwun anggone padha pinaringan kanugrahan urip, para Kenya kang sarwa
sulistya mau abayak-bayak ngubengi Sang Hyang Brahma, padha atur panuwun lan atur saliring
pakurmatan. Bathara Brahma sansaya sengsem jroning panggalihe. Mung nganti kedhep tesmak
anggone ngulati marang para widadari, sing mentas dititahake.
Satemah Sang Hyang Brahma duwe sedya bisaa terus tanpa kendhat angone nyawang marang
wewujudan kang endah banget. Ananging sarehne rumangsa ora pantes tumrape Sang Dewa linangkung
yen pijer anolah-noliha, mula Sang Hyang Bathara Brahma sanalika nganggo rai papat, sing supaya ora
nganti kekilapan marang ing saparipolahing para widadari.
Papan Kagem Nggarap :
………………………………………………………………………………………………………………………….

52
…………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………………….

BAB VII
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Genap
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan Tembang/Lagu Jawa.
- Membawakan Pidhato dalam upacara adat dan umum.
- Membaca Wacana Persuasi.
- Menulis Wacana Persuasi.
Materi Pokok : - Teks Tembang/Lagu Jawa
- Saloka
- Teks Pidhato dalam upacara adat dan umum
- Teks Wacana Persuasi

Indikator :
 Mampu menyebutkan jenis tembang/lagu jawa.
 Mampu membawakan acara dalam upara adat dan umum.
 Mampu menemukan isi wacana persuasi yang dibaca.
 Mampu menulis wacana persuasi dengan baik dan tepat.
A. NGRUNGOKAKE
 Tembang Macapat/Lagu Jawa
Dhandanggula
Pakolihe kaduwe sang Aji
Ambumboni karahayoningrat
Lawan ta yayi malihe
Ambecik analurung
Myang marga ring jaban kitheki
Rehen pedhakna toya
Sumber sendhang setu
Pancur-pancuran telaga
Urut marga wehana bale sayekti
Weh santoseng lumampah
Lembar Kegiatan
 Rampungna pakaryan ing ngisor iki !
a. Negesi Tembung
1. Pakolihe : ..........................................................................................................................
2. Ambumboni : ..........................................................................................................................
3. Karahayoningrat : ..........................................................................................................................
4. Analurung : ..........................................................................................................................
5. Myang : ..........................................................................................................................
6. Ring : ..........................................................................................................................
7. Kitheki : ..........................................................................................................................
8. Rehen : ..........................................................................................................................
9. Pedhakna : ..........................................................................................................................
10. Sayekti : ..........................................................................................................................
 Saloka
Saloka inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan,
ingkang dipunpindhakaken tiyang, watak utawi kahananipun.
53
Tuladha : - Asu belang kalung wang tegese Wong ala nanging sugih
- Kandhang langit kemul mega tegese Wong kang ora duwe papan panggonan
- Njagakake ndhoge blorok tegese Njagakake barang kang durung mesthi
- Ngalasake Negara tegese Ora manut prantane Negara
- Ancik-ancik pucuking eri tehese Tansah kuwatir
 Ukara punika cobi padosi salokanipun ingkang sampun cumawis!
1. Wong njangka kang tangeh lamun klakon.
Salokanipun : …………………………………………………………………………………..........
2. Wong melu-melu manut grubyuk, nanging ora weruh rembug.
Salokanipun : …………………………………………………………………………….................
3. Wong kang kumudu kudu ditakoni.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………….............
4. Wong ala pinercaya rumeksa barang kang dadi kekaremane wusanane ngentek-ngenteke.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………….............
5. Wong kang nemu cilaka amarga guneme dhewe.
Salokanipun : …………………………………………………………………………………..........
6. Kegedhen kekarepan nanging ora sembada.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………..................
7. Wong cilik didadekake wong gedhe.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………….............
8. Perkara cilik dadi gedhe.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………..................
9. Nemu kabegjan gedhe banget.
Salokanipun : …………………………………………………………………………………..........
10.Wong asor nanging sugih kapinteran.
Salokanipun : ……………………………………………………………………………..................
a. Petruk nunggu bara f. Kriwigan dadi grojogan
b. Tekek mati ulone g. Kere munggah bale
c. Gong lumaku tinabuh h. Kegedhen empyak kurang cagak
d. Ketapang grangsang gunung i. Kejugrugan gunung menyan
e. Belo melu seton j. Bathok bolu isi madu

B. MICARA
 Teks Pidhato 1
Pidhato Perpisahan Kelas IX
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Pengurus Komite Sekolah ingkang
tansah kinurmatan, Bapak saha Ibu Guru tuwin sedaya karyawan Tata Usaha ingkang kinurmatan, Kanca
siswa kelas IX tuwin kadang siswa kelas VII ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat
sarta hidayah. Dene kula tuwin panjenengan sami saged makempal wonten aula punika kangge ngadani
adicara perpisahan kanthi bagas waras mboten wonten rubeda punapa-punapa.
Bapak/Ibu Guru tuwin para rawuh ingkang kinurmatan. mboten katalompen kula minangka
wakilipun siswa-siswi kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit kemirahan
keikhlasan tuwin sih katresnan Bapak saha Ibu Guru anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa,
pramila saged ngrampungaken sedaya ayahan ingkang sampun kaparingaken sadangunipun tigang
tahun, kanthi pikantuk Surat Keterangan Hasil Ujian ( SKHU ), Surat Tandha Lulus tuwin Ijazah .
Sadangunipun tigang tahun, kula ngangsu kawruh wonten pawiyatan punika, awit lair batos Bapak
tuwin Ibu guru nggulawenthah, pramila ngantos wonten tali batos katitik kula sakanca karengkuh kados
dene putra putrinipun piyambak.
Bapak saha Ibu guru tuwin adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang tansah kula tresnani. sakedhap
malih kula sakanca badhe nilaraken pawiyatan punika ingkang satuhu awrat anggen kula saha sakanca
pisah, pramila sinaosa kula sakanca kedah pisah saking ngriki nanging bekti lan tresna kula tetep wonten
ing pawiyatan punika. Pawiyatan punika sarana kula tuwin panjenengan ngecaki lampah pasinaon,
wonten pawiyatan punika kula tuwin panjenengan pinanggih miwiti pasinaon, lan ing wanci punika ugi
pinanggih mungkasi. Sedaya punika jumbuh kaliyan takdiripun Gusti, wonten pepanggihan temtu wonten
pepisahan. Pramila mbok bilih anggen kula sakanca kathah tindak-tanduk tuwin atur ingkang mboten
leres kaliyan tata krami kula sakanca tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Salajengipun kula tuwin sedaya siswa kelas sanga nyuwun donga pangestu dhumateng Bapa/Ibu
Guru supados kula sakanca saged pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pepinginan ingkang kapilih,
makaten ugi kula ugi dedonga kanthi pepuji mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan VIII saged kasil ngangsu
kawruh kanthi asil ingkang langkung sae, lan tambah saya majeng sekolah kita punika.

54
Wasana mangga sami apepuji donga dinonga sasampunipun pepisahan punika kula tuwin
panjenengan sedaya tansah pinanggih karahayon lan pikantuk rahmating Gusti.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah cewet kuciwaning atur, tuwin kirang tata trapsila
mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Lembar Kegiatan
 Wangsuli pitaken-pitaken wonten ngandhap punika !
1. Dhumateng sinten kemawon pakurmatan punika dipunaturaken?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
2. Kenging punapa ingkang sesorah tansah miwiti sesorah kanthi raos puji syukur marang Gusti?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
3. Atur panuwun dipunaturaken dhumateng sinten?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
4. Kenging punapa ingkang pidhato ngaturaken panuwun?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
5. Punapa bukti anggenipun sinau wonten pawiyatan sampun purna?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
6. Ukara pundi ingkang nedahaken antawisipun siswa saha guru wonten tali batos?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
7. Punapa ingkang njalari siswa kelas IX awrat ninggalaken pawiyatan?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
8. Punapa donganipun siswa kelas IX marang siswa kelas VII lan VIII?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
9. Punapa panyuwunanipun donga kelas VII, kelas VIII, saha Bapak tuwin Ibu guru kagem kelas IX?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….........................
10.Pepuji punapa ingkang pungkasan dipunsuwun?
Wangsulan : ……...……………………………………………………………………………......................
 Teks Pidhato 2
Pidhato Tanggap Warsa
( Wakilipun Ingkang Rawuh )
Assalamu’alaikum wr. wb.
Dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu Samijo minangka rama ibunipun Mas Bagus Suseno
ingkang kinurmatan. Dhumateng Bapak/Ibu ingkang kapernah sedherek Mas Bagus Suseno wiwit eyang,
pakdhe, ngantos paklik ingkang kinurmatan. Para kanca sedaya ingkang sami rawuh ingkang
kinurmatan.
Sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat hidayah lan kawilujengan dhumateng
kula tuwin panjenengan, pramila ing sonte punika saged mekempal sesarengan saperlu paring berkah
pangestu dhateng kanca kula Mas Bagus Suseno.
Saderengipun kulo nyuwun agunging samodra pangaksami, awit anggen kula kumawantun ngadeg
wonten ngarsa panjenengan, kepara kapeksa munggel anggen panjenengan sedaya nembe wawan
pangandikan, jalaran awrat ngemban dhawuhipun para kanca kadang kaneman ing dusun punika lan
sedaya ingkang rawuh, saperlu matur dhumateng Mas Bagus Suseno mliginipun sumarambah kulawraga
Bapak/Ibu Samijo.
Ingkang sepisan kula sedaya ngaturaken sugeng tanggap warsa ingkang kaping wolulas, kanthi
pepuji, mugi-mugi panjang yuswa, tansah pikantuk rahmating Gusti Allah arupi kesarasan, kapinteran, lan
tambah bekti dhumteng tiyang sepuh, guru, nusa bangsa tuwin agami.
Ingkang kaping kalih kula sedaya ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dene sampun
katimbalan sesarengan, ingkang ndadosaken raket lan caketipun anggen ula sedaya kekadangan kanthi
makaten bingah lan sisah saged karaosaken sesarengan.
Ingkang kaping tiga, mbok bilih anggen kula sakanca kathah tindak-tanduk ingkang nalisir saking
tata krami, wonten tutur lan ginem ingkang ndalem mboten renaning penggalih, mawantu-wantu kula
tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Minangka pungkasaning atur mbokbilih anggen kula matur kathah cewet kuciwaning atur, kula
tansah nyadhong deduka ingkang kathah. Matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Lembar Kegiatan
 Wangsulana Pitakon ing ngisor iki!
1. Sinten ingkang nembe tanggap warsa?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………….
2. Anggenipun tanggap warsa punika kaping pinten?
55
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………….
3. Sinten asmanipun rama ingkang nembe tanggap warsa?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………….
4. Ingkang sesorah punika minangka wakilipun sinten?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………….
5. Sinten kemawon ingkang dipunaturi pakurmatan?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
6. Amargi punapa para rawuh sami dipunajak muji syukur ?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
7. Amargi punapa ingkang pidhato saderengipun nyuwun pangapunten?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
8. Punapa suraosipun pidhato ingkang sepisanan?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
9. Punapa suraosipun pidhato ingkang kaping tiga?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
10. Punapa suraos pungkasanipun pidhato?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
C. MACA
 Wacana Persuasi
Lomba Cipta & Maca Geguritan
Piala Gubernur Jatim
Tingkat SMP/MTs Total Hadiah Rp. 7.000.000,00
Biro Mental Spiritual Pemprov Jawa Timur sesarengan kaliyan Majalah PS ngawontenaken lomba
cipta saha maos geguritan kangge tingkat SMP/MTs. Se-Jawa Timur ngrebat Piala Gubernur Jawa
Timur. Dene bebananipun Juara I Rp. 3.000.000,00; Juara II Rp. 2.000.000,00; Juara III Rp.
1.000.000,00; sarta Juara Harapan 1 saha 2 setunggal-setunggalipun nampi Rp. 500.000,00.
Seleksi Tahap setunggal, asil karya geguritan dipunkirimaken dhateng Panitia Lomba Baca Cipta
Puisi Jawa. Penyerahanipun wiwit wara-wara punika dipunumumaken saha dipuntutup tanggal 15
Januari 2011. Naskah ingkang klebet bakal dipun biji saha dipunpilih ingkang sae, kathahipun cacah
sekawan dasa. Penggurit naskah ingkang sae-sae cacah sekawan dasa wau ingkang bakal tumut
Seleksi Tahap II, dipun undang maos geguritanipun wonten ngajengipun Dewan Juri tanggal 27-28
Januari 2011. Dene papanipun lomba wonten ing Taman Budaya Jawa Timur. Transportasi akomodasi
dhateng saha wonten ing papan lomba dipun tanggung Panitia.
Syaratipun tumut lomba, siswa SMP/MTs. Negeri saha Swasta ing Jawa Timur, naskah geguritan
asil karyanipun piyambak, dereng nate dipun pacak wonten ing Koran utawi majalah. Naskah ingkang
dipunkirimaken kedah dipunmangertosi Guru Pendamping utawi Kepala Sekolahipun. Siswa setunggal
namung angsal ngirimaken asil karya setunggal. Naskah dipun kirim dhateng Panitia Lomba Baca Cipta
Puisi Jawa d/a Redaksi Panjebar Semangat Jl. GNI No. 2 Surabaya 60174.wonten ing pojok kiwa
nginggil amplop dipuntempeli kupon Lomba LBCP. Ampun kesupen kinanthenan data pribadi peserta
(asma, tempat tanggal lahir, alamat, telepon, SMP, alamat SMP, nama orang tua, alamat/telepon, Guru
Pendamping/telepon).
Sumangga gregut tumut lomba!!! Kangge ngisi liburan ngiras pantes ngukur ing babagan susastra
Jawa.
Lembar Kegiatan
 Wangsuli Pitakenan wonten ing ngindhap punika!
1. Lomba cipta saha maos geguritan wonten ing wacana ing nginggil ngrebataken piala punapa?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
2. Pinten hadiah ingkang dipunsedhiyakaken dening panitia?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
3. Lomba cipta saha maos geguritan dipunwontenaken kagem siswa tingkat punapa?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
4. Ngantos kapan naskah geguritan saged dipunkirim?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………….
5. Lomba cpta saha maos geguritan wonten ing wacana nginggil dipunwontenaken dening sinten?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
6. Punapa syaratipun tumut lomba?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
7. Wekdal punapa lomba maos geguritan dipunleksanaken?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
8. Panitia nanggung punapa kemawon tumrap para peserta?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
D. NULIS
56
 Wacana Persuasi
Sasampunipun maos wacana persuasi wonten ing nginggil, sumangga siswa nulis wacana
persuasi kanthi tema bebas kanthi nggatosaken tata caranipun nulis arupi karangan. Inggih sepindhah
damel cengkorongan utawi kerangka tulisan. Setunggal malih ingkang kedah dipungatosaken inggih
punika mangertosi punapa pangertosan wacana persuasi kangge ancer-ancer damel cengkorangan
supados mboten klintu ingkang dipunkarepaken.
Cobi sapunika dipun tindakaken !
Papan Kangge Nggarap :

Jenis-jenis ukara
Miturut jinisipun ukara wonten basa Jawi kapilah dados 5 , inggih punika :
1. Ukara crita 4. Ukara sambawa
2. Ukara pakon 5. Ukara sananta
3. Ukara pitakon
Keterangan :
1. Ukara Crita
57
Ukara crita ; inggih punika ukara ingkang suraosipun nyariyosaken utawi ngandharaken
satunggaling perangan.
Tuladha : a. Mau bengi Bapak kondur saka Yogyakarta ngasta oleh-oleh.
b. Rikala Bapak tindak Yogyakarta dalane macet
2. Ukara Pakon
Ukara pakon ; inggih punika ukara ingkang suraos prentah dhateng tiyang sanes supados
nindakaken pakaryan miturut punapa ingkang dipunparentahaken.
Tuladha : a. Sinaua sing mempeng amarga dina rebo ana wulangan nulis Jawa.
b. Supaya bukumu rapi sesok samakana.
3. Ukara Pitakon
Ukara pitakon ; inggih punika ukara ingkang suraosipun nyuwun katrangan punapa kemawon
dhateng tiyang sanes.
Tuladha : a. Kapan laire Ki Hajar Dewantara iku?
b. Apa sababe tanggal 2 Mei iku dadi pengetan Hari Pendidikan Nasional?
4. Ukara Sambawa
Ukara sambawa ; inggih punika ukara ingkang nggadhahi teges pangarep-arep, senajan lan
umpama.
Tuladha : a. Sore iki udana sing deres, supaya tanduranku thukul.
b. Duwea dhuwit sak karung yen pancen sifate boros suwe-suwene entek.
5. Ukara Sananta
Ukara sananta ; inggih punika ukara ingkang suraosipun niyat utawi kekarepanipun piyambak,
nanging dereng dipuntindakaken.
Tuladha : a. Yen ana wektu, aku arep tuku buku.
b. Yen aku lulus, bakal sowan menyang simbah ing Sidoarja
Lembar Kegiatan
 Ukara-ukara ngandhap punika sebataken kalebet jenisipun ukara punapa?
1. Nganggoa sepatu yen arep budhal sekolah
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
2. Pesawat Adam air jeblok ing perairan Makasar
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
3. Bung Karno Bapak Proklamator
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
4. Yen arep dolan menyang omahku tulung cangkingna sandalku sing kari ing omahmu!
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
5. Tulung tukokna obat ana ing Apotik Bima
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
6. Apa kowe wis tau ing menyang Guwa Gong ing Pacitan?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
7. Yen kesel lerena Dhi
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
8. Sesuk esuk aku arep budhal menyang Surabaya.
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
9. Pasar kuwi arep dibangun pamarintah daerah supaya apik.
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
10. Adhimu papaken rada esuk, jalaran gurune rapat.
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................

58
BAB VIII
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX
Semester : Genap
Standart Kompetensi : - Mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan sastra dan nonsastra
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan secara
lisan dalam berbagai ragam kegiatan berbicara dan berdialog bahasa
Jawa dengan unggah-ungguh basa yang bear.
- Memahami ragam teks sastra dan non sastra dengan berbagai
cara membaca dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jawa.
- Mengung pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai
bentuk tulisan ragam sastra dan non sastra ragam bahasa jawa sesuai
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar : - Mendengarkan Dialog Wawancara Singkat.
- Melakukan wawancara singkat.
- Membaca Teks Cerpen Berhuruf Jawa.
- Menulis Wacana Persuasi dengan huruf jawa.
Materi Pokok : - Teks Wawancara singkat
- Wawancara
- Paribasan, Bebasan lan Saloka
- Teks Cerpen berhuruf Jawa
- Wacana Persuasi berhuruf Jawa

Indikator :
 Mampu menemukan isi wawancara singkat yang diperdengarkan.
 Mampu melakukan wawancara singkat dengan orang lain.
 Mampu membaca teks cerpen berhuruf jawa dengan baik.
 Mampu menulis cerita prosa persuasi menggunakan huruf jawa dengan baik dan tepat.
A. NGRUNGOKAKE
 Teks Wawancara Singkat
Teknologi Informasi Handpone
Sawijining dina, Erni entuk tugas saka gurune supaya nindakake wawancara bab teknologi. Erni
banjur mertamu menyang omahe Mbak Setyowati. Mbak Setyowati iku sawijining mahasiswa Universitas
Erlangga. Wawancarane kaya ing ngisor iki.
Erni : “Mbak, wis suwe panjenengan manggon ing Surabaya?”
Setyowati : “Suwe! Kira-kira watara setaunan. Ya, wiwit awal kuliah biyen nganti saiki.”
Erni : “Mbak Setyo kagungan Handpone ( HP ) apa ora?”
Setyowati : “Duwe! Lagi wae dipundhutake ibu udakara telung wulan kepungkur.”
Erni : “Dakdelok, rata-rata mahasiswa duwe HP, lagi ngetrend ya, Mbak?”
Setyowati : “Lo, Dik! Duwe HP iku dudu kanggo trend-trend-an, nanging kebutuhan!”
Erni : “Apa bener kebutuhan? Soale kanca-kancaku padha gaya nggawa HP-ne wong tuwane.
Angger enak-enak ngrungokake piwulange guru, ana swara that-thit, that-thit. Wusanane
buyar kabeh konsentrasine.”
Setyowati : “Wah, iku kleru banget, Dhik! Yen ing kampus, bapak ibu dosen ngajab mahasiswane
supaya saben HP dipateni dhisik sawetara. Mengko yen kuliahe wis bubar, lagi entuk
diaktifake maneh. Dadi, kabeh mahasiswane bisa konsentrasi maksimal.”
Erni : “Apik yen ngono! Aku nate mbayangke, ruang kuliah kang isi udakara patang puluh
mahasiswa, banjur mahasiswane nggawa HP kabeh, terus muni genti-genten. Wah ….
Mendah kacone ruang pekuliahan.
Setyowati : “Iku ora bakal dumadi! Dosen wis maringi rambu-rambu marang mahasiswa.”
Erni : “Apa sing panjenengan karepake HP iku kebutuhan?”
Setyowati : “Miturut aku, HP mujudake kebutuhan semi primer tumrape mahasiswa. Sing jenenge
mahasiswa umume rak adoh omahe. Contone kaya aku iki. Omahku ing Pasuruan.
Kuliahku ing Surabaya. Mokal ta, yen aku bola-bali. Wusanane aku indekos. Sarehne aku
kos, otomatis adoh karo wong tuwa. Yen kepengin ngerti kabare wong tuwaku utawa wong
tuwaku arep ngecek kahananku, nah.. ing kene HP dibutuhake.”

59
Erni : “Hlo Mbak, senajan ora nganggo HP, rak bisa ta, mawa telpon?”
Setyowati : “Bener, bener banget! Ananging kurang efektif, Dhik!”
Erni : “Ing babagan apa?”
Setyowati : “Rak, cetha, ta! Yen aku nggunakake jasa telpon, aku kudu metu menyang wartel. Iya yen
wartele cedhak, hla yen adoh, rak butuh wektu lan tenaga. Terus upama ing kosku ana
telpone, durung mesthi aku entuk nganggo. Yen mung nampani bae, Insya Allah ya ora
apa-apa wong ora kena beya.”
Erni : “Apa ta Mbak, keunggulane HP, yen katandhingake karo telpon?”
Setyowati : “Sepisan, pengirim bisa langsung tumuju sasaran. Upama, ibuku ngebel aku. Aku bisa
nampani langsung tanpa perantara. Yen telpon ora mangkono! Bisa wae sing nampani ibu
kosku utawa kanca-kancaku. Dadi, ora bisa langsung tumuju sasarane.”
Erni : “Keunggulan liyane apa?’
Setyowati : “HP bisa digawa menyang ngendi-endi.”
Erni : “Yen digawa menyang pucuk gunung?”
Setyowati : “Ya bisa ta, dhik! Mung wae, ing kono ana sinyal apa ora? Yen ana sinyal cetha bisa
dienggo kontak karo sapa wae.”
Erni : “Liyane maneh apa, Mbak?”
Setyowati : “Kaunggulan liyane bisa kena kanggo kirim surat.”
Erni : “Karepe piye, Mbak?”
Setyowati : “Iku kanggo SMS-an! HP iku rak ana layare. layar kasebut kena ditulisi. Lumayan lho,
biayane luwih murah tinimbang ngebel.”
Erni : “Oh iya, Mbak! HP iku rak larang regane lan kudu ngisi pulsa pisan!”
Setyoawati : “Pancen, asil teknologi iku larang regane. Pacoban lan panelitene wae kudu ngetokake
wragad kang ora sithik. Mulane, sawise ditemokake, ya mesthi kudu dituku lan ora gratisan
ngono wae. Jane sing banget mbutuhake HP iku bisnisman. Para bisnisman luwih
diuntungake, lho.. dening piranti kang aran HP kasebut. Kowe mbesuk bakal bisa
ngrasakake keuntungane samangsa kowe ambyur ing jagade bisnis.”
Erni : “ Ya wis, Mbak. Matur nuwun katrangane!”
Setyowati : “Ya, padha-padha. Muga-muga sukses gegayuhanmu!”
Lembar Kegiatan
 Pitakenan wonten ing ngandhap punika cobi dipunwangsuli!
1. Sinten paraga pacelathon wonten ing nginggil?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………….....................
2. Punapa ingkang dipun rembag wonten ing pacelathon nginggil?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
3. Setyowati punika asalipun saking kitha pundi?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
4. Punapa keunggulanipun teknologi HP manut pacelathon wonten ing nginggil?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………….
5. Punapa sebabe HP dipunwastani kagem kabetahan?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
 Negesi Tembung
Tembung-tembung ing gisor iki terangna tegese banjur gawenen ukara!
1. Handphone, tegesipun ……………………………………………………………………….......................
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
2. Ngetrend, tegesipun ………………………………………………………………………………………
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
3. Konsentrasi, tegesipun ……………………………………………………………………………………….
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
4. Diaktifake, tegesipun .………………………………………………………………………………………
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
5. Dosen, tegesipun ….……………………………………………………………………………………
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
6. Perkuliahan, tegesipun ……………………………………………………………………………………….
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
7. Semi Primer, tegesipun …………………………………………………………………………...………..
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………
8. Indekos, tegesipun ……………………………………………………………………………………….
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
9. Efektif, tegesipun ……………………………………………………………………………………….
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………..
10. Wartel, tegesipun ……………………………………………………………………………………….

60
Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………

B. MICARA
 Wawancara / Pacelathon
Wawancara/pacelathon inggih punika sapatemon antawisipun tiyang kalih utawi luwih kanthi
pangajab saged ndhudhuk sakehing katrangan ingkang awujud kanyatan (fakta) utawi panemunipun
pawongan kagem tujuan tartamtu.
Jinisipun wawancara kados wonten ing ngandhap punika :
1. Wawancara bebas inggih punika wawancara ingkang sawetara pitakenipun dipunrumusaken langkung
rumiyin.
2. Wawancara kapimpin inggih punika wawancara ingkang sawetara pitakenipun sampun
dipunrumusaken langkung rumiyin.
3. Wawancara tinarbuka inggih punika wawancara ingkang mboten winates utawi mboten kaiket.
4. Wawancara katutup inggih punika wawancara ingkang wangsulanipun winates utawi kaiket.
5. Wawancara individual inggih punika wawancara ingkang dipuntindakaken antawisipun pewawancara
kaliyan informan.
6. Wawancara kelompok inggih punika wawancara ingkang dipuntindakaken kaliyan saperangan
(kelompok) wonten ing salebetipun wekadal sesarengan.
Supados asiling wawancara cocok kaliyan data ingkang dipunbetahaken mila saderengipun
wawancara, saenipun damel daftar pitakenan wawancara ingkang dipunjumbuhaken kaliyan pokok
masalahipun. Caranipun damel pitakenan kedah runtut (urut). ingkang kedah dipuntindakaken inggih
punika :
1. Netepaken tujuan wawancara ( konkret, cetha, saha ngemot bab mligi)
2. Netepaken nara sumber (nara sumber dipunparingi ngertos rumiyin)
3. Nemtokake dinten saha papan kagem wawancara. (manut longgaripun wekdal nara sumber)
4. Ndhapuk dhaftar pitakenan. (kagem ngarahaken supados mboten wiyar)
5. Nyiapaken buku cathetan utawi piranti kagem ngrekam. (supados katrangan ingkang baken mboten
ngantos kaliwat)
6. Nindakaken wawancara kanthi sopan saha andhap asor. ( ampun ngantos nyinggung perasaan).
 Tindakaken miturut prentahipun!
1. Wacan wawancara “Teknologi Informasi Handphone” wonten ing perangan ngajeng minangka
tuladhanipun wawancara, mila gatosaken! Sapunika siswa kedah nindakaken wawancara kaliyan
satunggaling nara sumber!
2. Siswa saged milih piyambak, sinten ingkang badhe dipundadosaken nara sumber (tiyang sepuh,
guru, petugas koperasi, petugas perpustakaan, petugas PMR, UKS, dhokter, petani utawi
sanesipun).
3. Ingkang kedah dipun emut, tema wawancaranipun teknologi. Dados, menawi siswa wawancara
kaliyan petugas koperasi upaminipun, sanes bab aset utawi untung ruginipun koperasi ingkang
dipun tangkletaken nanging bab piranti ingkang kagem ngetung artanipun ingkang kedah siswa
tangkletaken (punika namung satunggaling tuladha).
4. Wonten ing sekolahan kathah ta asil teknologi modern, kados ta OHP, Handy Came, Laptop, LCD,
kamera digital, lan sapanunggalanipun. Sinten ingkang kajibah saha tanggel jawab barang-barang
kalawau? Pawongan kalawau ingkang saged siswa dadosaken nara sumber!
5. Supados runtut punapa ingkang badhe dipuntangkletaken dhateng nara sumber, saenipun
nyiapaken rumiyin pitakenan ingkang gegayutan kaliyan asil teknologi kasebat!
6. Ampun kesupen, bab-bab wigati ingkang gegayutan kaliyan asil teknologi kalawau kedah
dipuncathet, lajeng damel dudutanipun saha laporan kanthi basa ingkang komunikatif.
Lembar Kegiatan
 Cobi siswa damel daftar pitakenan kanthi tema teknologi ingkang kedah dipunitangkletaken kaliyan
nara sumber!
Wangsulan :
No Daftar Pitakon Daftar Jawaban

1 ……………………………………………….. ………………………………………………...........
……………………………………………….. ………………………………………………...........
2 ……………………………………………….. ………………………………………………...........
……………………………………………….. ………………………………………………...........
3 ……………………………………………….. ………………………………………………...........
……………………………………………….. ………………………………………………...........
4 ……………………………………………….. ………………………………………………...........
61
……………………………………………….. ………………………………………………...........
5 ……………………………………………….. ………………………………………………...........
……………………………………………….. ………………………………………………...........

 Paribasan, Bebasan lan Saloka

Unen-unen ingkang awujud paribasan, bebasan, saha saloka, miturut wujudipun unen-unen
kalawau wonten bentenipun yaiku :
1. Paribasan ; inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar, nanging
mboten ngemu suraos pepindhan.
Tuladha :
a. Ana catur mungkur : ora seneng ngrungokake rerasa
b. Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging wis kepingin sing ora-ora.
2. Bebasan ; inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar, ngemu suraos
pepindhan, ingkang dipunpindhakaken kaananipun utawi sifatipun tiyang.
Tuladha :
a. Aji godhong dami aking : ora duwe aji
b. Cebol nggayuh lintang : nggegayuh samubarang sing ora bakal klakon.
3. Saloka ; inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar, ngemu suraos
pepindhan, ingkang dipunpindhaken tiyangipun.
Tuladha :
a. Kutuk marani sunduk : wong kang marani bebaya
b. Kebo nusu gudel : wong tuwa sing njaluk wulang marang anak.
Lembar Kegiatan
 Garap miturut parentahipun!
1. Cobi pados tuladha 3, ingkang kalebet paribasan!
2. Cobi pados tuladha 3, ingkang kalebet bebasan!
3. Cobi pados tuladha 3, ingkang kalebet saloka!
 Punapa tegesipun paribasan, bebasan saha saloka wonten ngandhap punika!
1. Iwak klebu wuwu
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
2. Mburu uceng kelangan dheleg
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
3. Nguthik-uthik macan turu
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
4. Ngobok-obok banyu bening
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
5. Gajah ngidak rapah
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
6. Asu belang kalungan wang
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
7. Rubuh-rubuh gedhang
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
8. Palang mangan tandur
Wangsulan : ……………………………………………………………………………...........................
C. MACA
 Teks Cerpen
Timbangan
Dening : Ca Pung
Esuk mruput Mbok Jayeng wis nata dagangane. Sinambi ngenteni wong sing arep tuku, Mbok
Jayeng nonton kiwa tengene. Kanca-kancane dodolan ya wis padha teka. Pasaran Paing ngene iki pasar
Inpres kono kuwi rame, lan meh kabeh bakul mbukak tokone. Beda karo dina-dina biasane sing mung siji
loro. Yu Mariyem sing duwe warung ana sisihe rada adoh, ujug-ujug mara, “Yu Jayeng, aku mbok disilihi
timbangane siji. Timbanganku kelalen ana ngomah. Arep dakjupuk mengko gek kawanen, lak sida blaen
ora oleh apa-apa. Oleh ya Yu, ya?”
“Kowe ki piye ta, Mar, kaya dodolan lagi wingi sore wae. Timbangan kok isa lali iku, lho?” Mbok
Jayeng maido.
“Embuh, Yu, iki. Kakehan mikir bojo bek’e. Wis sesasi Yu, olehe dadi kembang amben …”
kandhane Yu Mariyem sing katon suntrut praupane.
“Kae lho ana pojok, ngisor wadhah beras. Jupuken sing abang. Sing biru tak enggone dhewe,”
prentahe Mbok Jayeng karo ngedoli sawijining ibu-ibu sing tuku beras.
“Wis ya Yu, tak gawane. etungane mengko bar pasaran wae,” karo nggawa timbangan, Yu
Mariyem nuli mbalik menyang warunge dhewe.
62
Sapungkure Yu Mariyem, Yu Jayeng terus mbatin-mbatin lelakone kancane dodolan kuwi. Lha iya,
Mariyem kok ya elek nemen ta nasibe. Setaun kepungkur omahe gedhong ambles separo. Ora udan ora
angin, omah sing apik dhewe sak kampung iku bengkah-bengkah temboke.
“Yu Jayeng aku njaluk endhoge, Yu. Sak kilo, ya,” sawijining ibu-ibu langganane Yu Jayeng
ngagetake anggone Yu Jayeng nglamunake Yu Mariyem.
Lan durung rampung anggone ngedoli endhog ibu-ibu mau, tukang karcis pasar wis teka njaluk
setoran.
“Dingaren kok esuk temen nggonmu nariki, ta?” Yu Jayeng nyapa Parto si tukang karcis iku
kanggo abang-abang lambe.
“Iya, Yu, mumpung lagi gelem kok. Mengko kari leyeh-leyeh ana kantor karo nggodhani bakul sing
ayu-ayu kae. Kareben awet enom!”
“Wo, sida tak omongke bojomu, To. Tuwek-tuwek kok saya ora duwe duga,” Yu Jayeng mrengut
rumangsa sapepadhaning wanita diremehake.
“Aja, Yu, aja. Sida perang Bratayuda tenan, aku mengko ana ngomah,” Parto ngakak karo
nglungani Yu Jayeng.
Ora krasa wis wayahe mulih. Srengenge wis mentiyung ngulon. Kira-kira jam siji awan ketarane.
Siji mbaka siji blabag-blabag kayu tutup dirapetake urut nomer sing ditulis ana ing waliking blabag mau.
Nalika arep ngunci warunge, Yu Jayeng kelingan timbangane sing isih durung dibalekake Yu
Mariyem. Batine, ah, ya wis ben dibalekake sesuk wae. Selak awan aku iki mengko, wong durung gawe
sayur barang. Selak bapake bocah-bocah ngumeng iki mengko. Arep madhang durung ana jangane. Yu
Jayeng nggremeng dhewe terus mulih. Nalika ngliwati warunge Yu Mariyem, warung iku uga wis tutup.
Sesuke dina pasaran Pon. Yu Jayeng tekane rada awan, amarga biasane yen dina bar pasaran
Paing ngono kuwi mesthi sing menyang pasar ora akeh. Nalika ngliwati warunge Mariyem, warung iku
kok ya durung buka.
Kira-kira rada awan sithik, Yu Jayeng malah terus menyang warunge Yu Mariyem arep njupuk
timbangane. Sebab, bareng dirasak-rasakake, dodolan nganggo timbangan mung siji kok ya rada
ngrepotake. Nanging bareng tekan kono, warunge kancane iku meksa durung bukak. Takon menyang
warung ing sisihe, entuk wangsulan yen Yu Mariyem dina iki malah ora dodolan. Jare merga sikile aboh
sesisih sawise kejeglong got sing ana pinggir dalan ngarep omahe.
Esuke temenan, Yu Jayeng menyang warunge Yu Mariyem saperlu njupuk timbangane. Tekan
kono pancen bener, warunge wis bukak lan ditunggoni keponakane Yu Mariyem. Lan sawise, timbangan
iku dijupuk, banjur digawa menyang ing warunge dhewe.
Tekan warung, Yu Jayeng nyelehake timbangan iku ana ing meja, nanging kok aneh. Jenenge
timbangan, ning kok ora imbang. Kok njengat abot separo kaya ngene. Iki apa rusak ya, batine Yu
Jayeng maneh. Kenemenen, wong lagi oleh telung sasi iki olehe tuku, batine Yu Jayeng maneh.
Krasa ana sing kurang beres, timbangan iku banjur digawa metu saka warunge sing isih peteng,
amarga blabag-blabag tutup ngarep durung dibukaki. Tekan njaba, ing papan padhang, bareng diteliti
kira-kira endi sing rusak, meksa ora ketemu apane sing rusak.
Tanpa dinyana-nyana Yu jayeng malah nemu sawijinimg bungkusan isi wesi sing diselipake rapi
ana ing ngisore wadhah kanggo barang-barang sing ditimbang kae. Lha bareng bungkusan mau dijupuk,
timbangane sanalika malih dadi imbang maneh.
Wah, saiki Yu Jayeng lagi rumangsa. Wiwit ngreti temenen marang akal-akalane Yu Mariyem
anggone ngapusi timbangan. Mangkane, sasuwene iki bola-bali ana wae wong sing padha rerasan yen
jarene gula apa beras sing dituku saka warunge Yu Mariyem iku kerep ora jangkep timbangane.
Nganti wayahe mulih saka pasar, ing batine Yu Jayeng isih terus wae cumithak wewayangane
timbangan sing miring separo mau. Dumadakan mak lap, Yu Jayeng banjur kelingan marang omah
gedhong magrong-magrong duweke Yu Mariyem sing ambles lan miring ndhisik kae. Terus montor
andhongane sing miring merga bane mbledhos terus nabrak wit klapa. Terus bojone Yu Mariyem sing
lumpuh sesisih. Lan sing keri dhewe, sikile Yu Mariyem sing kejeglong sesisih balunge rengat-rengat
separo….
Ah., iku aja-aja ana gandheng cenenge karo timbangane Yu Mariyem sing sajake wis suwe, wis
wiwit ndhisik olehe ora imbang kae, Weh ….
Kapethik Saka : Jaya Baya No. 47/2003
Lembar Kegiatan
 Tindaken pakaryan wonten ngandhap punika !
a. Cariyosaken suraosipun crita cekak wonten nginggil kasebatt migunakaken basa krama!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….......................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
..............................................................................................................................................................
b. Padosi saha tedahaken saking crita cekak “Timbangan” !
1. Paraganipun : ........................... 6. Kahananipun : ...........................

63
2. Papan panggenanipun : ........................... 7. Tema : ...........................
3. Wekdal kedadosanipun : ........................... 8. Watakipun tukang karcis : ...........................
4. Watakipun Yu Mariyem : ........................... 9. Liding crita ( pepeling ) : ...........................
5. Watakipun Yu Jayeng : ........................... 10.Pengarangipun : ...........................

D. NULIS
 Wacana Persuasi Mawi Aksara Jawi
KI HAJAR DEWANTARA
Ki Hajar Dewantara dilairake ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Wektu isih timur asmane
Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Sawise ngrampungake pasinaone sekolah dasar, Ki Hajar Dewantara
banjur nerusake menyang STOVIA ing Jakarta. Ananging Ki Hajar Dewantara ora nganti tutug.
Ki Hajar Dewantara sabanjure nyambut gawe dadi wartawan. Nalika umure ngancik 23 taun,
bebarengan karo Douwes Dekker lan dhokter Cipto Mangunkusuma, Ki Hajar Dewantara ngedegake
pakumpulan sing jenenge Indische Partij. Yaiku sawijining pakumpulan sing gegayuhane mbudidaya
amrih bangsa Indonesia uwal saka regemaning kaum penjajah. Mesthi bae pamarintah Walanda ora
seneng marang tumindake Ki Hajar Dewantara. Wusanane Ki Hajar Dewantara sakancane dipidana lan
dibuwang menyang negara Walanda.
Dhasar tekade Ki Hajar Dewantara wis gilig mbela nusa lan bangsa. Sanajan ana ing pambuwangan
panjenengane tetep mrihatinake nusa lan bangsane. Ing pambuwangan wektune digunakake kanggo
ngangsu kawruh ing babagan pendidikan. Sawise kondur saka nagara Walanda, Ki Hajar Dewantara
gedhe banget lelabuhane ing babagan pendidikan. Mula tanggal 3 Juli 1922 panjenengane ngedegake
Sekolah Taman Siswa. Akeh sandhungane, nanging Ki Hajar Dewantara ora nate ngresula apa maneh
mundur.
Sawise Indonesia mardika, Ki Hajar Dewantara nate diangkat dadi Menteri Pendidikan sing wiwitan.
Kanggo memundhi lelabuhane sing gedhe, pamarintah Republik Indonesia aweh pakurmatan arupa gelar
Pahlawan Kemerdekaan Nasional, Bapak Pendidikan Nasional, lan netepake dina wiyosane tanggal 2
Mei minangka dina gedhe yaiku Hari Pendidikan Nasional.
Ayo para generasi mudha padha cancut tali wanda ngleksanake apa kang wis dadi cita-citane Ki
Hajar Dewantara murih kabeh bisa kasil apa kang dadi panjangkane amarga nindakake pasinaon kanthi
greget lan temen-temen.

Lembar Kegiatan
 Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Ki Hajar Dewantara dipunlairaken wonten ing pundi, saha tanggal pinten?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
2. Sinten asmanipun wekdal taksih timur Ki Hajar Dewantara?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
3. Pripun riwayat pendidikanipun Ki Hajar Dewantara?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
4. Ki Hajar Dewantara pernah ngedegaken pakempalan punapa kagem mbudidaya supados uwal
saking penjajah?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
5. Sinten kemawon ingkang ndherek pakempalan punika?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
6. Punapa sababipun Ki Hajar Dewantara dibucal dhateng negari Landa?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
7. Punapa kemawon lelabetanipun Ki Hajar Dewantara dhateng nusa lan bangsanipun?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
8. Kapan panjenenganipun ngedegaken Sekolah Taman Siswa?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
9. Punapa kemawon lelabetipun Ki Hajar Dewantara wonten ing babagan pamarintahan?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
10. Punapa sababipun tanggal 2 Mei katetepaken dados Hari Pendidikan Nasional?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………................................
 Wacana wonten ing nginggil cobi dipun tulis mawi aksara jawi !
Papan kanggo nggarap
...................................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................................
...................................................................................................................................................................
64

Uji Kompetensi
Ulangan Akhir Semester Gasal dan Genap
A. Pilih aksara a, b, c utaw d ingkang dipunanggep wangsulan paling leres !
1. Ing ngandhap punika paraga cariyos ringgit “Bratayuda” wonten ing ngajeng, Kajawi ....
a. PrabuPuntadewa c. Prabu Matswapati
b. Raden Werkudara d. Raden Haryo Dresthadyumna
2. Prabu Matswapati ratu ing kraton ....
a. Dwarawati c. Wiratha
b. Amarta d. Astina
3. Penggalihipun sinten ingkang prihatin wonten ing cariyos ringgit “Bratayuda” ing ngajeng....
a. PrabuPuntadewa c. Prabu Matswapati
b. Raden Werkudara d. Raden Haryo Dresthadyumna
4. Sinten asmanipun senopati kurawa ing cariyos ringgit Bratayuda ing ngajeng ....
a. Basu Karno c. Sengkuni
b. Dursasana d. Durna
5. Sinten ingkang tansah ngawat-awati perangipun Raden Janaka ....
a. Prabu Kresna c. Raden Werkudara
b. Prabu Baladewa d. Prabu Darmakusuma
6. Ing ngandhap punika paraga ringgit pandhawa lima, kajawi .....
a. Darmakusuma c. Permadi
b. Werkudara d. Samba
7. Putranipun Raden Haryo Werkudara inggih punika, kajawi ....
a. Gathutkaca c. Antasena
b. Wisanggeni d. Antareja
8. Sinten asmane paraga ringgit punika ....
a. Raden Werkudara
b. Dewa Ruci
c. Raden Antareja
d. Raden Antasena
9. Sinten asmane paraga ringgit punika......
65
a. Sengkuni
b. Aswatama
c. Burisrawa
d. Durna

10. Sinten asmane paraga ringgit punika.....

a. Setyaki
b. Irawan
c. Arjuna
d. Wisanggeni
11. Punapa tegesipun “mikul dhuwur”.....
a. Saged njagi asmane tiyang sepuh c. Mbudidaya supados inggilipun tiyang sepuh ketingal
b. Mikul ingkang nginggil d. Tansah nginggilaken punapa ingkang dados kerepotane
tiyang sepuh
12. Adicara atur pambagyaharja pahargyan selapanan mapan wonten ing ....
a. madyanipun pahargyan c. wasananipun pahargyan
b. purwanipun pahargyan d. Punkasanipun pahargyan
13. Para rawuh, mekaten menggah rancangan adicara pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu
kaliyan Bapak Suharjono. Sumangga sami ngenut lampahing pahargyan pengetan punika kanthi
sakeca saha mardika.
Unen-unen ing nginggil kalebet peranganipun .....
a. pambuka b. Isi c. panutup d. dudutan
14. Panatacara inggih punika .....
a. Tiyang ingkang nata acara c. Tiyang nata saha nglakokaken acara
b. Tiyang ingkang ngaturaken acara d. Tiyang ingkang damel acara
15. Lakunipun lengket-lengket kados.....
a. Jaran luwe b. Keong c. Singa luwe d. Macan luwe
16. Punapa tegesipun “Mendhem jero” .....
a. Saged nutupi awonipun tiyang sepuh c. Mbikak awonipun tiyang sepuh
b. Tansah madosi awonipun tiyang sepuh d. Rekadaya awonipun tiyang sepuh
17. Salebetipun wawancara kudah ndhapuk daftar pitakenan supados ingkang dipuntangkletaken .....
a. geseh kaliyan tujuwanipun c. mboten geseh kaliyan tujuwanipun
b. menarik d. runtut
18. Pacelathon Santi, Santo, Joko saha Pak Darman ngrembag babagan ....
a. Mikul dhuwur c. Mendhem jero
b. Bekti dhateng tiyang sepuh d. Kewajibane bocah
19. Punapa tegesipun paribasan “bathok bolu isi madu” ....
a. Tiyang asor nanging bodho c. Tiyang asor ingkang tansah ngapusi
b. Tiyang asor nanging sugih kapinteran d. Tiyang asor ingkang tansah gumedhe
20. Sinten ingkang ninggal pabarisan perang amargi mituruti panantanging mengsah …..
a. Prabu Matswapati c. Raden Arjuna
b. Prabu Kresna d. Raden Gathutkaca
21. Sinten asmanipun sanes Prabu Darmakusuma …..
a. Prabu Puntadewa c. Raden Arjuna
b. Raden Werkudara d. Raden Abimanyu
22. Gambar gamelan punika naminipun ….
a. bonang barung
b. saron penerus
c. kenthongan
d. kethuk kempyang
23. Prabu Wersaya ratu ing ….
a. Parang Garudha c. Kasapta
b. Parang Jara d. Gambir Anom
24. Prabu Gardhapati ratu ing ….
a. Parang Garudha c. Kasapta
b. Parang Jara d. Gambir Anom
25. Rema anyekar bakung, ameles wilis tur panjang. Punapa tegesipun wilis …..
a. ireng c. abang
b. putih d. kuning
26. Wadhahipun ringgit menawi sampun dipun ringkes, dipunwastani ….
a. laci c. kothak
b. kamar d. tas
66
27. Lagu utawi pocapanipun paraga ringgit antawisipun setunggal kaliyan satunggalipun, dipunwastani ….
a. Janturan c. Suluk
b. Antawacana d. Nembang
28. Urut-urutan bakenipun cariyos wonten ing satunggaling pagelaran ringgit, dipunsebat ….
a. pakem c. primbon
b. kamus d. kitab
29. Unen-unen ingkang dipuntindakaken dhalang ingkang suraosipun nyariyosaken satunggalipun
kahanan, nagari, papan panggenan utawi paraga, dipunwastani ….
a. suluk c. antawacana
b. janturan d. dialog
30. Perang antawisipun satriya ingkang dipundherekaken para punakawan mengsah buta cakil,
dipunwastani perang …..
a. gagal c. kembang
b. bharatayuda d. brubuh
31. Perang antawisipun trah Kuru, inggih punika Pandhawa lawan Kurawa, dipunwastani perang ….
a. gagal c. kembang
b. baratayuda d. brubuh
32. Hanjrah ingkang puspita arum, kasiliring samirana mrih o...o....o.....o.....
Sekar gadhung kongas gandanya hing ......
Maweh raras renaning driya o..............hing.........hung........ hing ............
Unen ing nginggil kalebet tuladha …..
a. Suluk c. Antawacana
b. Janturan d. Tembang Macapat
33. Duk samana, Sri Nata Dwita nuju lenggah ing bale praba suyata, angajari para bedhaya srimpi.
Pradangga anganyut-anyut, surak arebut wirama, keplok imbal angadhasih. Nuju suwuking gendhing,
kapyarsa tengara jengkaring pasewakan, gita sang putri jumeneng methuk konduring raka. Gita
tegesipun…..
a. Enggal c. Mara
b. Arep d. Nyedhak
34. Prabu Matswapati ratu ing ……
a. Ngastina c. Dwarawati
b. Amarta d. Wiratha
35. Sri Kurupati punika paraga ringgit ratu ing negari …..
a. Dwarawati c. Ngastina
b. Paranggarudha d. Dwarawati
36. Gambar gamelan punika naminipun ….
a. bonang barung
b. gong ageng
c. gender
d. gambang
37. Raden Arjuna satriya ing …..
a. Jodhipati c. Pringgondani
b. Amarta d. Madukara
38. Gambar ringgit punika kalebet gambaripun para ….
a. Kurawa
b. Pandhita
c. Dewa
d. Pandhawa
39. Punapa tegesipun Karta tata raharja .....
a. semanak, grapak c. rame banget
b. aman, ayem tentrem d. ngepenakake
40. Ingkang dipun padosi Arya Sena wonten ing cariyos “Anteping Tekad Marganing Kamulyan” inggih
punika ....
a. Banyu putih c. Toya marta
b. Toya wening d. Toya pethak
41. Wonten Gunung Reksamuka Arya Sena campuh prang kaliyan danawa kalih. Danawa tegesipun ....
a. Buta c. Kebo
b. Bantheng d. Dewa
42. Ingkang ngutus Arya Sena supados madosi toya marta, inggih punika ....
a. Kresna c. Darma Aji
b. Puntadewa d. Resi Drona
43. Dipunwangsuli bilih toya punika wonten telenging samodra. Telenging tegesipun ....
67
a. Jroning c. Pinggiring
b. Tengahing d. Tepining
44. Aran sanesipun Arya Sena, inggih punika ....
a. Darma Aji c. Bratasena
b. Dananjaya d. Pandhu putra

45. Wayang kulit dipun wastani ugi ringgit .....

a. madya c. Purwa
b. purwa d. pambayun
46. Punapa irah-irahanipun wacana aksara jawi ing ngajeng ….
a. Panutaning Pamulangan c. Panataning Pamulangan
b. Sregep Sinau d. Pranataning Pamulangan
47. ?murifM|rifKefhtnShsgefZ[jnNi[tiy=sepuh. Tulisan Jawi punika punapa wacanipun ….
a. Murid-murid kudu tansah bisa ngajeni tiyang sepuh
b. Murid-murid kedah tansah saged ngajeni tiyang sepuh
c. Murid-murid kedah tansah bisa ngajeni wong tuwa
d. Murid-murid kudu bisa ngajeni tiyang sepuh
48. Sinten ingkang ngalami kedadosan wonten ing cariyos “TOBAT” ing ngajeng ….
a. Satriya c. Joko
b. Bagus d. Arya
49. Ukara miturut wujud saha caranipun ndhapuk kaperang dados tiga, kados wonten ing ngandhap punika,
kajawi ….
a. Ukara Lamba c. Ukara Elip
b. Ukara Camboran d. Ukara Tanduk
50. Sinten ingkang dados sesepuh para dewa wonten kahyangan .....
a. Dewa Indra c. Dewa Brahma
b. Dewa Syiwa d. Dewa Brata
51. Lajeng para bathara tambuh pitaken “Pukulun punika wau sinten, nganyer tanpa sabawa sarta
kumecap kok lajeng ical, duka dhateng pundi purukipun?”. Sabawa tegesipun ....
a. omong c. seru
b. rame d. banter
52. Sinten jago ingkang asalipun saking suwarga, pangayom sedaya kemawon ingkang leres saha ingkang
badhe numpes sedaya kadurakan.....Bathara Wisnu....
a. Bathara Brahma c. Bathara Syiwa
b. Bathara Indra d. Bathara Wisnu
53. Sinten ingkang nuntun Prabu Dhestarastra tindak dhateng papan ingkang dipun kersakaken ....
a. Arjuna c. Puntadewa
b. Sanjaya d. Yamawidura
54. Sinten ingkang ngripta cariyos ringgit ing ngajeng .....
a. Paser Bumi c. Sekarbumi
b. Empu Sedhah d. Empu Panuluh
55. Panulisipun aksara jawi murdha Ka, inggih punika .....
a. k c. !
b. @ d. $
56. Aksara Jawi Murdha punika gunggungipun pinten ….
a. 8 c. 6
b. 7 d. 5
57. Ing ngandhap punika putranipun kandhung Mbok Randha Karangwulusan, kajawi ….
a. Klenthing Abang c. Klenthing Biru
b. Klenthing Wungu d. Klenthing Kuning
58. Ing ngandhap punika kalebet metode pidhato, kajawi ….
a. Metodhe Naskah c. Metodhe Ngarang
b. Metodhe Apalan d. Metodhe Impromtu
59. Nuwun para pinisepuh sesepuh ingkang tansah kinurmatan. Keparenga kula amurwakani atur, ingkang
langkung rumiyin sumangga, kula saha panjenengan sadaya ngaturaken panuwun saha syukur konjuk
wonten Ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Agung, perangan punika kalebet ….
a. Salam pambuka c. Isi Pidhato
b. Pambuka Pidhato d. Panutup
60. Pak Ali ora sido tindak-tindak. Ukara kasebut nganggo basa .…
a. ngoko lugu c. krama alus
b. ngoko andhap d. krama madya
61. Eyang kula nyuwun ngampil kagunganipun Bu Brata. Ukara punika ngginakaken basa .…
a. ngoko lugu c. krama alus
68
b. ngoko andhap d. krama madya
62. Sepatune Bayu rusak. Ukara kasebut kalebu ukara …
a. lamba c. tanduk
b. camboran d. tanggap
63. Kowe bae mangkata, awakku lagi ora kepenak. Basa krama inggilipun …
a. Panjenengan kemawon dakaturi bidhal, awak kula lagi ora kepenak.
b. Sampeyan mawon mangkat, awak kula nembe mboten kepenak.
c. Sampeyan kemawon kula aturi tindak, badan kula lagi mboten kepenak.
d. Panjenengan kemawon kula aturi tindak, badan kula nembe mboten sekeca.
64. Ing ngandhap punika ukara ingkang wujudipun basa ngoko alus, inggih punika ….
a. Punapa bapak badhe siram?
b. Mas, panjenengan ora tindak saiki?
c. Pak sampeyan punapa sakit?
d. Pak, kula badhe nyuwun priksa.
65. Tiyang ngendikan dhateng tiyang sanes kedah nggadhahi pangemut-emut …
a. Betahipun ngendikan
b. Sinten ingkang dipun ajak ngendikan
c. mboten nyawang ingkang dipun ajak ngendikan
d. nginggil andhapipun jabatan
66. Ukara ingkang dumadi saking jejer saha wasesa langkung saking setunggal, dipunwastani ukara ….
a. lamba c. tanduk
b. camboran d. tanggap
67. Gunung Brama wonten ing Probolinggo. Gunung dasanamanipun ….
a. Giri c. tirta
b. Bantala d. Weka
68. Gina saha paedahipun olahraga inggih punika .…
a. amrih sarira dados kiyat c. amrih sarira dados saras
b. amrih sarira dados ageng d. amrih sarira dados merit
69. Olahraga ingkang saged katindakaken tanpa wragad, inggih punika .…
a. mlajar (jogging) c. bal-balan
b. badminton d. catur
70. Ingkang kalebet olahraga atletik, inggih punika .…
a. lempar lembing c. nglangi
b. bal-balan d. karate
71. Tembung wonten ngandhap punika ingkang kalebet sigeg mantep, inggih punika .…
a. kasep c. langsep
b. salep d. rebab
72. Tembung wonten ngandhap punika ingkang kalebet sigeg entheng, inggih punika .…
a. sebab c. Ijab
b. rebab d. karep
73. Unen-unen ingkang ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan, dipunwastani .…
a. saloka c. camboran
b. lingga d. saroja
74 Asu belang kalung wang. Saloka punika nggadhahi teges .…
a. Wong awor tur mlarat c. Wong asor nanging sugih
b. Wong dhuwur nanging sugih d. Wong dhuwur nanging mlarat
75. Wonten ing ngandhap punika kalebet golonganipun saloka, kajawi …
a. Tumbu oleh tutup c. Jati ktlusupan ruyung
b. Tigan kaapit ing sela d. Nututi layangan pedhot
76. Tiyang ingkang kumedah-kedah dipun tangkleti, salokanipun .…
a. Ketapang nggrangsang gunung c.Gong lumaku tinabuh
b. Kebo kabotan sungu d. Ketlusupan ruyaung
77. Ukara ingkang tembung-tembungipun angsal panambang a nggadgahi teges sanajan, upama, saha
muga-muga, dipunwastani .…
a. Ukara sambawa c. Ukara Camboran
b. Ukara Agnya d. Ukara Lamba
78. Ukara ingkang tembung-tembugipun pikantuk panambang a ingkang ateges prentah utawi akon,
dipunwastani …
a. Ukara sambawa c. Ukara Camboran
b. Ukara Agnya d. Ukara Lamba
79. Sedaya ingkag kaserat wonten ngandhap punika ateges paprangan,kajawi .…
a. sasadara c. waranggana
b. pabaratan d. palagan

69
80. Pak Udin punika gesangipun kados unen-unen .… amargi pedamelanipun mbecak ngragati putra wolu.
a. Kebo kabotan sungu c. Nututi layangan pedhot
b. Kebo nusu gudel d. Macan turu
81. Panulisipun pada pangkat ingkang lepat wonten ing ukara …
a. sp;21 c. [r[ti;21aiji
b. [r[ti;21;aiji d. sp;2;1
82. Basa krama punika taklim utawi basa ingkang ngajeni. Dene kanggenipun, kajawi …
a. Tiyang enom dhateng tiyang sepuh c. Ngendikan sasami-sami ingkang sampun kulina
b. Putra dhateng tiyang sepuhipun d. Murid dhateng guru
83. Udana sing deres ben adhiku ora enggal bali. Panambang a wonten ing tembung udana nggadhahi
teges ….
a. sanajan udan c. muga-muga udan
b. umpama udan d. ngakon supaya udan
84. Dhumateng …. Bapak Ibu Joko Widodo minangka rama ibunipun Mas Bagus Harjanto.
a. sampeyan b. sampeyanipun c. panjenengan d. panjenenganipun
85. Kula tuwin kanca sedaya …. kasugengan dhumateng Bapak Joko Widodo sakulawarga.
a. maringaken b. ngaturaken c. nyukani d. maringi
86. Nggadhahi kapinteran nanging dipun pameraken, paribasanipun .…
a. Yitna yuwana lena kena c. Adigang adigung adiguna
b. Busuk ketekuk pinter keblinger d. Rawe-rawe rantas malang-mlang putung
87. Punapa dasanamane lemah .…
a. bantala c. surya
b. kartika d. baskara
88. ingkang mboten kalebet tembung dasanama, inggih punika .…
a. manungsa, wong, janma, jalmi c. srengenge, surya
b. gajah, hasti, liman d. angin, banyu, kartika, toya
89. Ukara ingkang dumadinipun saking jejer saha wasesa, dipunwastani ukara .…
a. lamba c. tanduk
b. camboran d. tanggap
90. Sepatunipun Bayu rusak. Ukara kasebat kalebet ukara …
a. lamba c. tanduk
b. camboran d. tanggap
91. Kowe bae mangkata, awakku lagi ora kepenak. Basa krama inggilipun …
a. Panjenengan kemawon dakaturi bidhal, awak kula lagi ora kepenak.
b. Sampeyan mawon mangkat, awak kula nembe mboten kepenak.
c. Sampeyan kemawon kula aturi tindak, badan kula lagi mboten kepenak.
d. Panjenengan kemawon kula aturi tindak, badan kula nembe mboten sekeca.
91. Wonten ngandhap punika ukara ingkang wujudipun basa ngoko alus, inggih punika ….
a. Punapa bapak badhe siram?
b. Mas, panjenengan ora tindak saiki?
c. Pak sampeyan punapa sakit?
d. Pak, kula badhe nyuwun priksa.
92. Ngendikan dhateng tiyang sanes kedah nggadhahi pangeling-eling kasebat wonten ngandhap punika,
kajawi …
a. Sinten ingkang ngendikan
b. Sinten ingkang dipun ajak ngendikan
c. Panggenan, wekdal, kahanan anggonipun sami ngendikan
d. dhuwur endheke jabatan
93. Kaleresan dalu punika malem tanggal 1 Sura 1940 utawi 1 Muharam 1427 kula kaliyan panjenengan
kempal kangge tirakatan. Pratelan kasebut kalebet .…
a. Pambuka c. isi
b. Purwaka d. Panutup
94. Salam pambuka wonten ngandhap punika ingkang mboten trep, inggih punika .…
a. Assalamu’alaikum wr. wb.
b. Nuwun, kawula nuwun
c. Mugi kasugengan tansah tumanduk dhumateng kula tuwin panjenengan
d. Wassalamu’alaikum wr. wb.
95. Suraosipun pambuka pidhato …
a. atur pakurmatan marang sing padha rawuh
b. atur panuwun awit karawuhan para tamu
c. atur panuwun awit pambiyantu lan dongane para tamu
d. Nyuwun pangapura yen ana kaluputane tembung
96. Kula ajak lenggahan saha caturan endahipun kitha gudheg. Pratelan kasebat nggambaraken kitha …

70
a. Surakarta c. Yogyakarta
b. Surabaya d. Jakarta
97. Sajatine gampang digoleki
sranane teteki
Bisane ketemu apa sing digoleki kasebut sranane .…
a. sinau c. ngibadah
b. nyambut gawe d. takon
98. Manuk emprit mangan pari, dadi murid kudu .…
a. pinter c. taberi
b. sregep d. teliti
99. Aksara rekan saking basa Arab ingkang bakenipun wonten .…
a. 5 c. 7
b. 6 d. 8
100. Wujudipun aksara rekan, inggih punika .…
a. kh, f/v, gh, dz, lan z c. kh, f/v, dz, lan z
b. kh, f/v, gh, dz, dl, lan z d. kh, f, dz, lan gh
101. Suryadi pancen bocah lantip. Lantip kosok wangsulipun…
a. pinter c. weden
b. kendel d. bodho
102. Fitrah menawi kaserat ngagem aksara Jawi …
a. p+t]h c. p+ti]h
b. p+it]h d. pu+t]h
103. Dzikir wengi menawi kaserat ngagem aksara Jawi …
a. f+iki/wezi c. kiki/wezi
b. s+iki/wezi d. diki/wezi
104. Tembung wonten ngandhap punika ingkang kalebet sigeg mantep, inggih punika .…
a. kasep c. langsep
b. salep d. rebab
105. Tembung wonten ngandhap punika ingkang kalebet sigeg entheng, inggih punika .…
a. sebab c. Ijab
b. rebab d. karep
106. Unen-unen ingkang ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan, dipuwastani .…
a. saloka c. camboran
b. tembung lingga d. tembung saroja
107. Bobote 75 kilo. Inggih punika ….
a. [bo[bo[t;75;ki[lo c. [bo[bo[t 75;ki[lo
b. b[bo[t;75;ki[lo d. [bo[bo[t;75ki[lo
108. Dhuwure pager iku 11 meter. Menawi kaserat ngagem aksara Jawi, inggih punika ….
a. duwu[rpge/aiku;11[mte/ c. duwcu[rpge/aiku11;[mt/e
b. duwu[rpge/aiku;11;[mte/ d. duwu[rpge/aiku;11;[mte
109. Tembang Dhandhanggula punika sasmitanipun, inggih punika .…
a. tuwa c. manis
b. mudha d. kingkin
110. Tembung ingkang panyeratipun sarta pangucapipun sami ananging nggadhahi teges benten
dipunwastani ….
a. homofon c. hipernim
b. homograf d. homonym

111. Urutan atur pakurmatan wonten ing pidhato pepisahan kelas IX ingkang leres .…
a. Kepala Sekolah, Guru, Karyawan TU, Para Siswa, Komite Sekolah
b. Kepala Sekolah, Guru, Karyawan TU, Komite Sekolah, Para Siswa
c. Kepala Sekolah, Komite Sekolah, Guru, Karyawan TU, Para Siswa
d. Komite Sekolah, Kepala Sekolah, Guru, Karyawan TU, Para Siswa
112. Wakilipun siswa kelas IX ngaturaken panuwun dhumateng bapak saha ibu guru, amargi …
a. kamurahane, kaeklasane sih katresnan diparengake anggone nggulawenthah putrane dhewe
b. bisa ngrampungake ayahan sing diparingake kanthi lancar sajrone 3 taun
c. wis entuk Surat Keterangan Hasil Ujian lan Surat Tandha Lulus
d. kamurahane kaeklasane sih katresnan diparingake anggone nggulawenthah para siswa
113. jk#rub\ , yen diwaca latin unine ….
a. Jaka Carub c. Jaka Turab
b. Jaka Tarub d. Jaka Curut
114. Bapak/ibu Guru anggone nggulawenthah para siswa nganti tuwuh talining batin, jalaran …
71
a. para siswa dianggep kaya dene putrane dhewe
b. para kanca kaanggep kaya dene siswa dhewe
c. para kanca kaanggep kaya dene putra dhewe
d. para putra kaanggep kaya dene kanca dhewe
115. Kancil dados Bango punika tuladha dongeng …
a. fabel c. legendha
b. mithe d. cerkak
116. Ingkang nggadhahi teges ‘karo’ sarta ’lan’ wonten ing ngandhap punika, inggih punika .…
a. pakurmatan c. katuran
b. sagunging d. sumawana
117. Manawi tamu rawuh ingkang trep dipunturi . …
a. Sugeng siyang c. Panuwun
b. Sugeng rawuh d. Sugeng kondur
118. Kula nyuwun pangestu mugi anggen kula makarya saged rancag. Tembung makarya tegesipun ….
a. kesah c. wisata
b. nyambut damel d. manggel
119. Pindhahipun griya amargi nampi ayahan saking pamarintah punika nedahaken menawi pedamelanipun
punika …
a. Wiraswasta c. PNS
b. Camat d. Guru
120. Griya ingkang dipuntilar pindhah papan saenipun .…
a. dipunkendelaken c. dipunbebasaken
b. dipuntitipaken d. dipunsade
121. Yen pasaran Paing mekaten punika rame, benten kaliyan dinten-dinten sanesipun amung setunggal
kalih. Pasar kasebat rame saben … sepindhah.
a. 3 dina c. 5 dina
b. 4 dina d. 7 dina
122. Raden Nakula satriya ing …..
a. Sawojajar c. Kendhalisada
b. Ngalengkadiraja d. Amarta

72

Anda mungkin juga menyukai