Anda di halaman 1dari 2

Kelompok 6:

1. Aldi anggoro/2
2. Maulana Muhammad/20
3. Muhammad Nabil/23
4. Riska amalia/29
5. Rizkiana bella/30

Analisis Cerkak "Produser Peteng"


1. Judul: Produser Peteng
Panganggit: Oyos
2. Tema: Sosial
3. Latar:
Papan :
 Jawa Cafe (Ing meja nomer 3, Mujiono lungguh ijenan. Ing meja liyane ya ana
wong ngopi, nanging ora patiya akeh. Kepara akeh kursi sing kothong.
Mujiono diparani pramusaji. Njur diulungi buku menu. Ora neka-neka.
Mujiono mung pesen kopi Aceh, gedhang coklat, lan rokok Marlboro abang.)
 Pasar Kewan (“Yo, kiri poll!” pangabane tukang parker ing pasar kewan
Dimoro, Blitar. Saka kadohan Mujianto wis nyetitekake sopire nyetel lagu
dhangdhutpopuler. Aku Cah Kerja.)

Wektu: Awan
(“Ora!Satus skeet!” rumangsa esuk mau wis oleh penglaris, Mujianto rada jual
mahal.)

Swasana:
 Ayem, tentrem (Pas adu panyawang, kakange diawe. Mujianto mara. Salaman
banjur ngabarake bab keslametan.)
 tegang ( “Angkat tangan!” . Wong-wong lagi sadhar yen wong telu kasebut
sejatine pulisi namur laku. Nanging ora ngerti perkarane, kena ngapa
dheweke nodhongake pistul marang Mujianto. Pikire wong-wong dikira
pengedhar narkoba.)
 Sedih (“Dhuh Gusti….., umpama manut kandhane Jono aku rak slamet,”
pangrintihe Mujianto.)
4. Alur: Maju (Lagi wae nyruput wedang, mripate nyipati kakange thingak-thinguk
inglawangan. Pas adu panyawang, kakange diawe. Mujianto mara. Salaman banjur
ngabarake bab keslametan. Sapatemon kakang adhi wengi kuwi wose Mujiono utawa
AKP Mujiono kang njabat Kapolsek Kota Tulungagung kepengin kakange makarya ing
dalan kang bener. Sasuwene pesen rombonge mie, Mujianto panggah makarya
bakulan flash disk. Dudu flash disk kosongan, nanging kang wis diisi lagu-lagu mp3
utawa video lagu mp4. Bathine tikel pindho. Dumadakan priya pidegsa rambut
gondrong ditutwuri kancane loro ngrangseg nyedhaki Mujianto karo nodhongake
pistul, “Angkat tangan!” “Kami sudah melakukan pengamatan dua minggu
belakangan ini, bahwa kamu melakukan apembajakan lagu-lagu yang merupakan Hak
Karya Cipta orang lain,” kandhane. Mujianto lemes. Otot bebayune kaya dilolosi.
5. Paraga lan Watak:
 Mujiono 》 Wicaksana (“Anu, Mas, pamrayogaku lerenana pakaryan kuwi.
Arep ana operasi,”kandhane Mujiono. “Bakulan mie maneh ae Mas. Tak
modhali. Ning mengko dhaptarna neng Grab. Saiki ora usum bakulan
konvensional kuwi. Ketinggalan jaman. Wis ta, tak jamin, ala waleh-waleh
promosi neng medhia sosial, wong ya gratis ae lho! Sinauwa nyang wong-
wong kang sukses dodolan online, takjamin bakal katut sukses"
 Mujianto 》 Licik (Mujioanto ora saulu. Dirasak-rasakne bener kandhane
adhine. Mujianto wiwit ayem krungu addhine gelem menehi modhal. Najan
sejatine, mujianto ki ya sugeh dhuwit. “Kami sudah melakukan pengamatan
dua minggu belakangan ini, bahwa kamu melakukan apembajakan lagu-lagu
yang merupakan Hak Karya Cipta orang lain,” kandhane.)
 Pramusaji 》 Sopan dan melayani pelanggan dengan ramah. (Watara 10
menitan pramusaji wis bali nggawa pesenane Mujiono. Rampung diseleh
meja, pramusaji matur sopan,”Mangga, Pak.”)
6. Akhir Crito: Sedih (Mujianto nuli diglandhang menyang mobil pulisi kang parkire
sengaja rada adoh. “Dhuh Gusti….., umpama manut kandhane Jono aku rak slamet,”
pangrintihe Mujianto.
7. Piwulang: Aja nyambut gawe kanggo entuk bathi sing akeh lan njupuk sing dudu
duweke, amarga iku ora berkah.
8. Sudut pandang: orang 1 (“Dhuh Gusti….., umpama manut kandhane Jono aku rak
slamet,” pangrintihe Mujianto.)
9. Sumber: Majalah (Panjebar Semangat No 32, tanggal 7 Agustus 2021)

Anda mungkin juga menyukai